Anda di halaman 1dari 1

Anak Thekek kang Dialembana dening Kucing

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning
pawon. Dheweke weruh ana Anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing
dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi
modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi. Kucing rumangsa isa
ngrebut empal saka Anak Thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Anak Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis
kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Anak Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke
meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning
njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Anak Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki
iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Anak Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok
kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari
sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si Anak Thekek.

"Hai Anak Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu
wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi.
Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba
mau, banjur ngajak Anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika
dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati

NAMA : KALLISTA ZAHRA NURA FITRA

NO : 15

KELAS : VIII-C

Anda mungkin juga menyukai