Anda di halaman 1dari 2

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina
muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main ama bakdu. amiin

Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati,

dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati,

dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati,

dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.

Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh
SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami,
sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi
pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun
dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.

Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina
Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu –
antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin

bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !

Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah, ngaturaken agunge panuwun
dumateng sagotrah tamu undangan. amargi panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul
arsy saking tuan rumah.

Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih
anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami.
gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun
ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana. sepindah
malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.

Poro rawuh ingkang minulyo

selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih puniko
Bapak……. nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking Bapak ……., pinongko walinipun
temanten putri. nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo
mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan

saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng
rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun
piyambak – piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo. amiin.
sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah
lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.

kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai