Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para pinisepuh, Pangemban – pangembating projo satriyaning negri ingkang

bangkit tinulad tinulodo mring sesamining tumitah ingkang pantes kinurmatan.

Datan katalumpen Bopo / Ibu dewan juri ingkang kinurmatan ugi.Monggo

langkung rumiyin sami sareng – sareng ngunjukaken pujo pudyastuti syukur kunjok ing

ngarsaning gusti ingkang murbeng dumadi / Allah SWT ingkang sampung paring sih

katentreman karahayon mewah kasarasan.

Wonten ing swasana ingkang kebak ing raos kabingahan puniko keparenga

kulo badhe matur, ngengingi kados pundi sumbangsih PKK saklebeting mujudaken

program klaten bersinar. Kasinggihan sanget peran ibu – ibu ing saklebeting paguyuban

PKK, mboten saged kito pisahaken kaliyan program pembangunan ing nagari kito.

Secoro mirunggan, ing wewengkon kabupaten klaten. Kito kedah cawe – cawe, kados

pundi supados sedoyo program ingkang wonten saged kawujud. Kados ingkang dados

program kabupaten klaten kanthi klaten bersinar, peran ibu – ibu saklebeting PKK

kedah tekun, ngudi supados program meniko saged mawujud saestu. Kanthi coro

nyipto papan lan swasono ingkang resik, endah, nyaman, aman lan rapi meniko saged

kito awiti saking tataran ingkang paling andap. Nggih meniko, saking keluwargo, RT,

RW, ing saklajengipun ing tataran desa / kelurahan. Kanthi coro meniko program

ingkang kitho gayuh saged kaleksanan.

Sepisan maleh kulo ngajak dhumateng panjenengan sami sampun “mendo

saliring panggodo tan mundur sakehing geguntur”. Berjuang terus klaten bersinar saged

mawujud.

Cekap semanten, sedoyo atur ingkang pinanggih kirang, nyuwun

pangapunten. Maturnuwun

Akhirukalam

Wasalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai