Anda di halaman 1dari 5

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH MUHAMMADIYAH

SMK MUHAMMADIYAH 2 NGANJUK


BIDANG KEAHLIAN : BISNIS DAN MANAJEMEN
Program Keahlian : 1. Administrasi Perkantoran, 2. Akuntansi
Alamat : Jl. Veteran I / 15 Telp. 0358 – 322273 E-mail : smkmuh2_ngk@telkom.net.
KABUPATEN NGANJUK 64412

NASKAH SOAL
PEKAN PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL
TAHUN PELAJARAN 2018/2019

Nama : ......................................... Hari/Tangal : Jum’at, 30 Nopember 2018


No. Ujian : ......................................... Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas / Program : X /Semua Program Waktu : 60 Menit (10.15-11.15 WIB)

A. PETUNJUK UMUM
1. Bacalah do`a terlebih dahulu sebelum memulai mengerjakan soal.
2. Bacalah soal dengan seksama,kerjakan semua soal pada lembar jawaban yang tersedia.
3. Kerjakan dengan menjunjung tinggi kejujuran,tidak menerima atau memberikan jawaban pada
siapapun,tidak melihat buku/catatan dalam bentuk apapun.

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganti trep!

1. Panulise artikel manawa kaudal manut strukture yaiku … .


a. Dudutan, isi, lan pambuka
b. Isi, dudutan, lan pambuka
c. Dudutan, pambuka, lan nisi
d. Pambuka, dudutan, lan isi
e. Pambuka, isi, lan dudutan
2. Ing jaman saiki, kandhane Arie, noken ora mung dienggo dening masarakat Papua. Wong saka nagara
manca uga akeh sing kesengsem tas noken. Ora gumun yen akeh wong ing sanjabane Papua sing
nganggo noken sanadyan cara nggawane ora disunggi kayata masarakat Papua asli.
Cuplikan artikel ing dhuwur iku kalebu … .
a. Pambuka
b. Isi
c. Pambuka lan isi
d. Dudutan
e. Dudutan lan isi
3. Artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake sawijine pakarya sahingga ora kliru
utawa salah anggone nindakake, kasebut artikel … .
a. Ekploratif
b. Deskriptif
c. Preskriptif
d. Predikatif
e. Eksplanatif
Gatekake artikel ing ngisor iki gawe mangsuli pitakon nomer 4 – 5!

Noken lan Simbol Budaya Papua


Noken kalebu salah sawijining krajinan tradisional Papua. Tas tradisional iki biasane digunakake
kanggo nggawa barang-barang kayata asil tetanen ing kebon, dagangan pasar, lan sakpiturute.
Sanadyan mengkana, tas iki nduweni tenger sing beda karo liyane, yaiku nggawane kanthi cara
disunggi.
Amarga cara nggawane sing kalebu aneh iku, noken banjur kalebu warisan kabudayan donya asli
Indonesia sing ditetepake pepanthan internasional The United Nations Educational, Scientific and

PAS SMK MUH 2 NGANJUK | 1


Cultural Organization (UNESCO) ing tanggal 4 Desember 2012. Sabubare iku, tanggal 4 Desember
banjur ditetepake minangka Hari Noken Dunia.
Nimpuna saka Balai Pelestarian Nilai Budaya Papua, Arie Januar, nate gawe makalah babagan
noken kanthi irah-irahan Fungsi, Makna, dan Eksistensi Noken Sebagai Simbol Identitas Orang Papua.
Ing makalah kasebut dijlentrehake menawa noken ora mung kanggo wadhah barang. Nanging uga dadi
simbol kabudayan ing Papua, mligine ngenani wong wadon.

4. Kena ngapa noken dadi symbol kabudayan ing Papua?


a. Amarga tas iki biasane digunakake kanggo nggawa barang-barang kayata asil tetanen ing kebon,
dagangan pasar, lan sakpiturute.
b. Amarga tas iki salah sawijining krajinan tradisional Papua.
c. Amarga cara nggawane sing kalebu aneh.
d. Amarga tas iki nduweni tenger sing beda karo liyane.
e. Amarga tas iki biasane digunakake kanggo nggawa barang-barang dagangan pasar
5. Tema artikel ing dhuwur yaiku … .
a. Kabudayan Indonesia
b. Kerajianan Papua
c. Tradisional Papua
d. Pariwisata Papua
e. Cindra mata Papua

Gateke teks ing ngisor iki gawe mangsuli pitakon nomer 6 – 10 lan 22!

Semar Mbangun Kahyangan


Kocap kacarita ing negara Amarta, Prabu Yudistira, ya Prabu Puntadewa, bebarengan karo sedulur-
sedulure, ngrembug alesan kegagalane mbangun negarane sing geleg ngalami tanah longsor lan
bencana, dumadakan tumeka Raja Dwarawati yaiku Betara Khresna sing nakonake alasan Semar sing
ora tau teka ing istana Amarta lan nyatakake yen tumindake Semar sing mengkana iku dadi penyebab
kegagalan kasebut. Mula iku panjenengane Prabu Khresna ngutus Arjuna nimbali Semar saka
Karangkabuyutan supaya enggal ngadhep ing Amarta.

Nanging durung sempet anggone Arjuna ngadeg, Petruk wis tekan ngadhep ing patemon kasebut,
ngabarake yen dheweke kapréntahake dening Semar supaya ngajak kalima Pendawa menyang
Karangkabuyutan kanthi nggawa telung pusaka kerajaan kanggo mbantu Semar mbangun Kahyangan.

Sawise krungu, Kreshna paring larangan marang para Pandawa supaya ora menyang
KarangKabuyutan, saengga dadi perdebatan antarane Khresna lan Petruk sing mung minangka utusan
ora gelem bali menyang Karangkabuyutan, dheweke mung gelem bali yen dheweke wis entuk titah
saka Pandawa. Pungkasan Petruk diutus supaya ngenteni ing njaba Paseban kanggo nunggu keputusane
para Pandawa.

Khresna enthuk murka saka Semar amarga minangka raja dheweke ora waspada lan tumindak tanpa
mirsani perkakarane dhisik.

Malah Semar uga murka marang Betara Guru saengga dheweke lunga menyang Suralaya, lan ngobrak-
ngabrik Suralaya. Tan ana gaman sijio kang bisa ngalahake Semar. Betara Guru lumayu menyang
Karangkabuyutan, nanging murkane Semar ora bisa kabendhung maneh. Ing ngendi wae Betara Guru
ndhelik, Semar mesti bisa nemukake. Pungkasane Betara Guru njaluk pitulungan dening Pandawa lan
njaluk ampun marang Semar, kanggo kabeh kesalahane.

Sauwise murkane Semar kasil kaleremake lan ngapura Betara Guru, panjenengane Batara Guru bali ing
Suralaya.

6. Tokoh utama sing duwe sifat antagonis ana cerita ing dhuwur, yaiku … .
a. Semar
b. Betara Guru
c. Khresna

PAS SMK MUH 2 NGANJUK | 2


d. Petruk
e. Arjuna
7. Alur sing ana cerita ing dhuwur yaiku … .
a. Campuran
b. Mundur
c. Maju
d. Flas back
e. Mundur - maju
8. Struktur cerita ing dhuwur yaiku … .
a. Pambuka, orientasi, pasulayan, resolusi
b. Orienasi, pasulayan, komplikasi, resolusi
c. Pambuka, pasulayan, resolusi, koda
d. pasulayan, komplikasi, resolusi, pangudharing prakara
e. Orientasi, komplikasi, resolusi, pangudharing prakara, koda
9. Amanat kang bisa dijupuk saka cerita ing dhuwur kaya ana ing ngisor iki, kajaba … .
a. Dadi pemimpin iku kudu sing waspada lan bijaksana.
b. Pemimpin sing ala bakal nyebabake bencana.
c. Yen tumindak salah kudu enggal sadar lan age-age nyuwun pangapura.
d. Rakyat cilik ora duwe hak gawe mrotes pemimpin sing salah.
e. Dadi wong ngerti kudu bisa ngelingake kanti cara sing tepak yen meruhi ana sing tumindak salah.
10. Kaitan kedadeyan ana cerita ing dhuwur karo kanyatan urip saben dinae, yaiku … .
a. Ananing gambaran nafsu atawa pepinginan kang tanpa ukuran kang kaperan dening tokoh Petruk
b. Nggunggoni watak durangkara kang kaperan dening tokoh Semar
c. Ananing gambaran kang dhemen njejegne adil kang kaperan dening tokoh Semar
d. Ananing gambaran nafsu atawa pepinginan kang tanpa ukuran kang kaperan dening tokoh Betara
Khresna
e. Ananing gambaran seneng gawe perkara kang kaperan dening tokoh Pandawa.
11. Pagelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral sing cocok lan trep. Jalaran … .
a. Tuntunan lan wulangan ing pagelaranlakon nduweni sifat doktriner kang meksa.
b. Tuntunan lan wulangan ing pagelaranlakon ora nduweni sifat doktriner kang meksa.
c. Kanthi lumantar nonton, ngrungoke, lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa
rumesep lan kajiwaraga.
d. Kanthi lumantar nonton, ngrungoke, lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral nduweni
sifat doktriner kang meksa.
e. Kanthi lumantar nonton, ngrungoke, lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa
meksa rumesep lan kajiwaraga.
12. Lakon kagelar kanthi wujud drama prasaja. Kaarani prasaja jalaran … .
a. Isine ora goroh utawa mbujuk
b. Tanpa rerenggan tata artistic
c. Mung nduweni ancas kanggo sesuluh
d. Mung magepokan karo fenomena social
e. Tanpa ngetokake prabeya akeh
13. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks lakon diarani … .
a. Jejer (orientasi)
b. Pasulayan (Komplikasi)
c. Pangudhare prakara (resolusi)
d. Pungkasaning crita (koda)
e. Owahing crita (resolusi)
14. Sadurunge lakon kagelar, scenario kudu didhudah lan dibabar supaya … .
a. Sutradara bisa milih para parag kacundhukake karo wewatake tokoh ing sajeroning teks
b. sutradara bisa milih lan ngatur samubarang wiwit sadurunge nganti sarampunge pagelaran
c. Gambaran kasar ngenani swasana lakon sajerone naskah kasebut bisa kabayangake.
PAS SMK MUH 2 NGANJUK | 3
d. Sutradar bisa milih pirantining pagelaran
e. Sutradara bisa milih lan netepake irah-irahan sing arep kagelar lan bisa andum gawe
15. Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka … .
a. Tokoh, bait, baris, swasana, lan pituduh laku
b. Tokoh, paragraph, swasana, lan pituduh laku
c. Bait, baris, paragraph, lan antawacana
d. Tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku.
e. Paragraph, swasana, antawacana, lan pituduh laku
꧃pepli꧃
?pepliaugfiarnlr=znHutwawisS[nN8[zrn\,mesDi[nk=kXbuawisS[X8[zrnHikua[
khbzet\,k=bklKxm|Bg|M=guhai=[k[nmu=s[pr=zn\yaikuan;5.
?lr=znKpisniYku;ajnemBhsliy[n8u$iAlLh,tege[sS,kit[portenp]cyap[f[nvem
Bhapw[akjbmu=mr=8$iAlLh.am/gymu=8veBnez[nNk=azuwsnijgfSaisi[n,kniDkwi
ckSnnLnKeaflLn\,augffisumBe/[rarip\,
16. Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku ... .
a. Pepali
b. Piala
c. Larangan
d. Awisan
e. pahlawan
17. Adhedhasar wacan ing dhuwur, sing dikarepake larangan kuwi, larangane sapa?
a. Guru
b. Gusti Allah
c. Wong tuwa
d. Polisi
e. negara
18. Larangane Gusti Allah mono akeh, nanging sing karembung ing wacan mung saperangan. Tegese
tembung karembug ing ukara kasebut yaiku ... .
a. Dipengini
b. Ditakokake
c. Disinaoni
d. Dirasani
e. diseneni
19. Larangan kapisaen yaiku ... .
a. Aja manembah sakliyane Gusti Allah
b. Aja memangan kang gawe rusake jiwa raga
c. Aja ngumbar syahwat
d. Aja nerak angger-anggere praja
e. Aja padha cecongkrahan

20. ꧃ Kang kasebut ing ngarep iku aran lan gunane yaiku ... .
a. Pada guru kanggo miwiti nulis layang
b. Pada adeg-adeg kanggo miwiti ukara
c. Pada pangkat kanggo matesi gatra ing ukara
d. Pada pacak kanggo mungkasi ukara
e. Pada andhap kanggo sangarepe layang saka wong enom

C. Wangsulana kanti patitis!


21. Apa bedane ukara lamba lan ukara camboran? Gawea tuladha ukara lamba 1 lan ukara camboran 1!
22. Sebutke 3 unsur ekstrinsik kang ana ing crita wayang “Semar Mbangun Kahyangan”! (teks wayang
ana ing soal pilihan ganda)
Gateke teks ing ngisor iki gawe mangsuli pitakon nomer 23 – 24!

PAS SMK MUH 2 NGANJUK | 4


Dumadakan ana swara bledheg. Putri Purbasari njerit. Kabeh padha nyawang Si Utung. Bledheg iku
nyamber pas ing awake Si Utung kang langsung dikebaki asap.
Purbasari isih njerit-njerit berusaha nggoleki Si Utung ing satengahe asap mau.
Ana kedadeyan kang ajaib!ing papane Si Utung ngadeg mau, ana priya gagah kang ngedap-edapi, kang
amarga gagahe nganti ora bisa digambarake kanthi tetembungan. Para kawula padha ndlongop. Putri
Purbasari kaget lan bingung, dheweke isih tetep lingak-linguk nggoleki Si Utung.
Si Utung : “Sapa sing kokgoleki, Putri?”
Purpasari : “U…Utung, Utung nan di??” (putri nangis sesenggukan)
Si Utung : “Aku na kene Putri, iki aku … si Utung!” (karo nuding ing awake)
Purbararang : “He Kisanak, aja sembrana kowe. Lunga saka papan kene. Akuk enggal arep ngukum
pancung Purpasari amarga dheweke wis kalah ing perlombaan iki!”
(Bocah gagah kuwi isih tetep ing papan panggonan sinambi njaga Purbasari saka Purbararang)
Si Utung : “Yaw is, aku bakal nepungake awakku! Jenengku Guru Mindha. Aku iki sawijining
Dewa kang lagi nandhang ukuman lan didhawuhi mudhun ing bumi. Nanging aku
dikutuk lutung. Kutukan iku bakal ilang menawa ana sawijining wanita kang kanthi
ikhlas nampa dheweke dadi pasanganku.”
(Guru Mindha nyawang kawula kang padha ribet-dhewe-dhewe)
Si Utung : “Coba saiki pilihen, sapa kang luwih bagus lan gagah, Pangeran Indrajaya apa aku?”
Para kawula : “Guru Mindha….!!! Guru Mindha….!!!
(Putri Purbararang nangis lan lungguh ngiemprek, tanpa daya)
Purbasari : “Kakang mbok Purbararang…. (Purbasari ngrangkul lan ngekep Purbararang) aku ora
bakal ngukum mbakyuku dhewe, kakang mbok oleh tetep dadi ratu, nanging kanthi
syarat, kakang mbok kudu janji mimpin rakyat kanthi becik.”
Purbararang : “Purbasari …. Kok kaya ngono apike atimu iku, aku sing kudune kena ukuman
pancung, malah kanthi gampang kowe gelem menehi pangapura marang aku. Kowe
pancen pantes dadi ratu ing kene Purbasari, aku lagi sadhar menawa mahkota iki ora
pantes ana ing sirahku … aku njaluk ngapura Purbasari …” (Purbararang nganggokake
mahkota kerajaan ing sirahe Purbasasari)
Sawise disahke dadi ratu, Purbasari banjur nikah karo Guru Mindha lan mimpin kerajaan kanthi becik.
23. Kepriye basa kang digunakake ing teks lakon kasebut ing dhuwur?
24. Tulisna tuladha 3 ukara kang ngemot basa lisan saka teks lakon ing dhuwur!
25. ?t=gl\;17;AgusT|s\;1945;I[nDo[nsiyhm/fik.
Ukara kasebut tulisen Latin!
D. Wangsulan
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………

PAS SMK MUH 2 NGANJUK | 5

Anda mungkin juga menyukai