Anda di halaman 1dari 2

LAKON WAHYU ARJUNA

Prabu Suyudana ngutus Adipati Karna, lan Patih Sengkuni saha para Kurawa
menyang Gunung Kutarunggu utawa pertapan Duryapura kanggo golek mahkuta Sri
Batara Rama utawa Wahyu Makuta Rama. Makuta iku diincer akeh para kesatria
amerga nduweni manfaat kang linuwih. Menurut para rama, sopo wong kang
duweni makuta rama bakal dadi wong sekti soho bisa nurunake raja-raja ana ing
tanah jawi lan ugo bisa dadi raja ana ing tanah jawi.  

Ana ing gunung Kutarunggu Anoman lan Kesaswasidi manggon ugo nguwasani
wilayah kasebut. Adipati Karna sawektu teko ana ing Kutarunggu banjur sowan
marang Anoman ugo ngendikaake maksud lan tujuan dewe’e menyang kutarunggu.
Ngerteni tujuan saka Adipati Karna Anoman ora wenihi ijin marang Karna kanggo
golek Makuta Rama ana ing tlatah Kutarunggu. Mergo iku banjur kedadean
peperangan antara Anoman dan Karna. Merga kalah kuat Karna ngetokake senjata
pamungkase yaiku panah Wijayadanu kanggo manah Anoman, ananging kasekten
Anoman iseh bisa nglawan kasekten panah Wijayadanu sainggo bisa nangkap panah
iku lan digawa ana ing tlatah Swelagiri.

(pada cerita wayang bahasa jawa Arjuna dengan lakon Wahyu Makuta Rama


selanjutnya akan menceritakan peperanggan yang terjadi antara Arjuna dan Bala
Kurawa)

Ana ing Swelagiri kasunyatan Arjuna uga golek Makuta Rama, panjenenganipun
dateng wonten Swelagiri kanti niat pados Makuta Rama, ana ing Swelagiri Arjuna
kepanggih kalian Begawan Kesaswidi lan nerangake maksud tujuan dugi wonten
Swelagiri.  Mireng menapa kang dipun aturake dening Arjuna, Begawan Kesaswidi
banjur njelasake yen Makuta Rama niku saktemene ora kawujud barang kang bisa
di gujeng, di delok, ugo di duweni. Ananging kang disebut Makuta Rama iku
saktemene arupa ngelmu becik kang luhur dadi tindak tanduk kanggo raja kang
sempurna. Makuta Raja iku saktemene sebutan saka ngelmu kang disebut ngelmu
Astabrata. 
Sang Begawan nglajengaken pituture kagem Arjuna, piambakipun caos ramalan yen
ana ing jaman kang arep teko putu saka Begawan Kesaswidi kanti jeneng Parikesit
bakal dadi raja kang nguwasani tlatah Jawi. Sawentara Anoman kang ana kunu
anggawa panah Wijayandanu ugo dipun paringi wejangan supaya piyambake
nerusake anggone tapa ana ing Kendalisada, sesok ana tekane Prabu Jaya Purusa
ana ing tlatah Kediri piyambake bakal  diangkat munggah suwargo.

Singkat cerita panah Wijayadanu dipun caosake denig Arjuna lan Arjuna
nglanjutake nggawa panah iku kanggo diparingake dining Adipati Karna.

(Peperangan Baratayudha dalam cerita wayang bahasa jawa Arjuna dengan lakon


Wahyu Makuta Rama dapat disimak di bawah ini)

Sawentara iku ana ing liya papan, Dewi Subadra binggung anggoleki lelungane
Arjuna kang ora liya yaiku bojone. Ana ing ndalan Dewi Subadra kepanggih dining
Batara Narada kang banjur weneng busana priya kangem Subadra. Sawise Subadra
ngagem busana iku banjur Batara Narada dawuh supaya dewek’e ganti jeneng kanti
Bambang Sintawaka lan lunga menyang tlatah negeri Kurawa kanggo mbantu
ngelawan Arjuna.

Bima lan Gatotkaca ugo bingung anggoleki lungane Arjuna, ana ing ndalan Bima lan
Gatotkaca pepanggian dining Kumbakarna. Saka wejangan Wibisana kang dawuh
yen Kumbakarna kudu njelma ana ing Bima mangka Bima banjur mlebu ana ing sikil
kiwa saka Bima kanggo ngelawan Kurawa.

Sakwektu Kurawa kang dibantu saka Bambang Sintawaka ketemu Arjuna banjur
Kurawa nantang Arjuna kanggo perang. Perang banjur kedadean demenanan,
anangin amergo Arjuna bisa ngenali Bambang Sintawaka iku bojone, banjur
Sintawaka berubah ana ing wujud asline yaiku Dewi Subadra. 

Bala Kurawa banjur nglawan Arjuna saha Dewi Subadra, ana ing pungkasane perang
teko Bima lan Gatotkaca kang bisa mbantu Arjuna ngalahake Bala Kurawa.

Anda mungkin juga menyukai