Anda di halaman 1dari 1

P Ternak jangrik alasan

Kang......
ertamane, sing de siapna jelas wadahe kang...
nah, sing keloro indukan jangrike...
ketelu, gari milih lanangan karo wadonane...
kanthi tetengere kue menawa wadonan jangkrik diwasa ana
wuluuunee...tur ana kaya entupe sing gunane nggo nyuntikna
ndog utawa nginjeksi basa menterenge, maring pasir...
Banjur milih winih lanangane kanthi tenger ana wuluuunee tapi
ora ana sing kaya entup kaya sing wadon....Wis di siapna kabeh
wadah karo winihe banjut gari nyiapna pasir sing sedurunge di
kumbah supayane bersih utawane ilang kandutan lemahe...
Pasir kue mau diwadahi baki sing amba njur lebokna maring
wadah utawa kotak jangkrik sing wis isi winih jangrik...
Gari di enteni kirane wektu seminggu, baki sing isi pasir
dijukut njur dirambang karo banyu ben ndog karo pasire
misah...ajaa keelaaaleeeen luur...banyu buangane disaring karo
saringan santen...angger ana ndog jangkrik sing kegawa dadi
tibane maring saringan santen....
Sewise di saring gari nyiapna petilan triplek sing wis de
sarapi karo tisu...njur ndoge di suntek maring triplek kue mau
njur tutupi ndog jangkrik kue mau karo tisu maning njur de
semproti banyu supaya mandan teles maksude angger ana angin
tisu sing nang nduwure endog ora mabur....

Anda mungkin juga menyukai