MAHASISWA :
Kula nuwun Pak, sugeng siang kula saking STIKES badhe nyuwun pirsa bab tata cara
penelitian
DIKLAT :
Sugeng siang, tepangaken kula agus, ingkang mandhegani bab diklat wonten ini RSUD Ir
Soekarno Sukoharjo ... saking STIKES pundi?
MAHASISWA :
STIKES BINA ILMU
DIKLAT :
Oo nggih dados mekaten tata caranipun penelitian :
Sepindah : Panjenengan nyuwun serat pengantar saking kampus ingkang katujokaken dumateng
Bapak Direktur RSUD, babagan serat inggih punika penyuwunan ijin penelitian lan sampun wonten
seserah bab punapa ingkang badhe dipun teliti, menawi penelitian ngagem metode eksperimen
panjenengan ugi kedhah padhos serat ingkang dipun wastani ethical clearance
Kaping kalih : Serat menika penjenengan caosaken dateng bagian umum, saksampunipun mekaten
kalih dinten malih panjenengan dugi RSUD kagem ngurus kelajenganipun
Kapiing tiga : Kula damelaken serat pengantar kagem Ketua KSM utawi unit ingkang wonten
kaitanipun kalih penelitian panjenengan supados pikantuk persetujuan.
Kaping sekawan : mbok bilih sampun pikantuk persetujuan, lajeng kula damel serat pengantar
saperlu nyuwun rekomendasi wonten ing Dinas PMPTSP
Kaping gangsal : menawi sampun pikantuk rekomedansi DPMPTSP, panjenengan tindak diklat malih
saperlu ngurus administrasi saklajengipun, inggih menika biaya administrasi ingkang dipun
bayaraken dateng kasir ngajeng bank Jateng, lan administrasi sanesipun inggih menika surat
pernyataan kode etik penelitian ugi serat pengantar dateng unit utawi instalasi ingkang katuju.
Kaping enem : Dangunipun penelitian menika namung sewulan, sainggo menawi dereng rampung
kedah ngajukaken tambahan wekdal dumateng Diklat kanthi bayar administrasi dateng Kasir.
Kaping pithu : menawi penelitian sampun paripurna, panjenenga nyuwun keterangan saking
pimpinan unit mratelaaken menawi penelitian panjenengan sampun paripurna. Lajeng serat menika
penjenengan kintun dateng diklat, kagem dasar damel serat keterangan purna penelitian.
Kaping wolu : Asil penelitian ingkang sampun dipun jilid lan diasmani penguji dicaoskaken dateng
RSUD cacah 1 jilid.
Mahasiswa :
Ooo mekaten nggih
Diklat :
Nggih ... Wonten ingkang badhe dipun tangletaken? Menawi mboten kula ingkang paring pitakenan
... rekomendasi ingkang dipunbetahaken kagem proses penelitian didamel sinten?
Mahasiswa :
Dinas PM dan PTSP
Diklat :
Leres, menawi sampun paham monggo enggal2 dipun lampahi prosesipun