Anda di halaman 1dari 2

====================== Alang alang kumitir ======================

AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

SULUK SASMITANING SANJATA CIPTA

Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan


Pakubuwana kaping III.

DHANGDHANGGULA

۞۞ Pada 01۞ ۞

Sun amurwa ing tembang ngartati, sasmitanya purwa ningkang


jagat, denka/wruhana mulane, kriyeke watang putung, awor lawan
kukus ing bedhil, apetak mring gagana, mega wor sumaput, lindhu
bentar kang pratala, gunung guntur segara mumbul wiyati, dene
arebat karsa.

۞۞ Pada 02 ۞ ۞

Salang deleng datan ana kongkih, kagiri-giri dennya kotbuta, lwir


grah kapitu swarane, wor lawan ririsipun, makirtya ring kanang
palupi, asru dennya murcitra, welahe lir tugu, akeh kenyut ing
pakeyan, den kukudang jasmani den lingling-lingling, tandhane yen
kabandhang.

۞۞ Pada 03 ۞ ۞
Den kukudang ragane den lingling, endi silih kang liyan punika, den
luhuraken ragane, jatine Suksma tuhu, nyata amba wite dumadi,
miwah isining jagat, iku suking ingsun, wus katampan saking
ngamba, kang den-aken kanyatahan ing Hyang Widdhi, iku
tetebengana.

۞۞ Pada 04 ۞ ۞

Ingsun iki yekti wus linewih, kang ngaduwe swarga naraka, saking
ngamba pinangkane, nora ngulati ingsun, Al[l]ah iku nyata ing
ngilmi, / uripira waluya, tan ana pakewuh, aja muji aja nembah,
apuwasa ing wulan Ramelan kaki, pan sampun apuwasa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1


====================== Alang alang kumitir ======================
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

۞۞ Pada 05 ۞ ۞

Jakat pitrah iku sampun dadi, atilara sakeh ingkang ngamal, tata
krama ing jenenge, alam punapa iku, jenengira pan sampun lair, tan
ana pringga baya, sabarang pakewuh, siksa kubur saking sira, nora
genti pan bareng wijining jati, tan ana ingkang liyan.

۞۞ Pada 06 ۞ ۞

Den gegema den angati-ati, ujar iku aja sumambrana, den ulati
salawase, aja amuji iku, duk semana sampun amuji, puwasa ing
Ramelan, apan wis pitekur, ingkang ngawal balenana, sira iki nora
Islam nora kapir, nyateng jatining Suksma.

۞۞ Pada 07 ۞ ۞

Wong ngangetang-etang iku pangling, lawan amaca Kur’an tilawat,


punika jakat pitrahe, tan ana sawabipun, tingalana jagat wis sepi,
anging sira kang ngana, asale ing makluk, ping ngillolah sipattolah,
gih puniku witing puji wit ing bekti, sira jatining / sembah.

۞۞ Pada 08 ۞ ۞
Iku poma agemen kang becik, lamun ana janma ingkang ngrunjang,
akena sembahyang mangke, den bisa ngambil sanggup,
ngecanana lan tata krami, asanget lunganana, tibanira iku, kaki ilang
yektinira, wis kuwasa muluk sabanira nglangit, nyateng sampun
wisesa.

۞۞ Pada 09 ۞ ۞

Nora dadi sembayange kaki, yen tan wruha patitising sembah, dadi
sembah buh gawene, aja kaya weregul, gebyar-gebyur saba ing
warih, aywa kaya likasan, aywa kaya tugu, lan aywa kaya maesa,
wong ngamuji yen tan wruha kang pinuji, yen mati mati bongka.

Kapethik saking Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

Anda mungkin juga menyukai