BABAK 1 :
Bejo : “Ora ero cak, Ora onok jaringan nang kene. GPSku mati.”
Pangeran : “Loh kuwi kok ana omah cilik nanging luwih gede teko gubuk, tapi kaya villa.”
Pangeran : “Nyuwun sewu, kula badhe tangglet niki daerah nopo nggeh?”
Pangeran : “Kula nyasar kale kanca kula mbok, badhe nginep ten mriki mboten nopo-nopo
ta mbok?”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Piye lek kowe tak dadekno anak le?”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Kowe tak celuk Ande-Ande Lumut yo le, Terus kancamu kuwi jeneng e sopo?”
Mbok Rondho Dhadhapan : “oh iyo, kowe wes duwe calon ta dorong le?”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Jo Bejo, tolong gawekno saembara gawe nggolekno garwane Ande-Ande Lumut
yo.”
BABAK 2
Klenting Abang : “He... piye se, kowe nyapu kok ora resik blas”
Klenting Ijo : “Bojomu brengosen kapok lo!”
Klenting Ijo : “Aku iki arep mangan gak onok piringe, Piye iki?”
Mbok Rondho Klenting : “Oala yowes lek ngunu,kowe iki pancen aneh dadi menungso.”
Klenting Abang : “Mbok aku iki ayu ya?” (karo ndelok wajah e dewe ning koco)
Mbok Rondho Klenting : “Anak-anak e mbok iki pancen ayu-ayu, pantes gawe melu saembara.”
Klenting Ijo : “Yo mboten iso mbok, aku iki sing paling ayu.”
Klenting Abang : “Yo aku talah, wong aku iki mbakyu mu.”
Mbok Rondho Klenting : “Wes talah ora usah tukaran, meluo kabeh mbok iki ngerestui kowe. Yowes saiki
kowe macak sek sing ayu.”
Mbok Rondho Klenting : “Arep matur opo kowe?, wes mari ta kora-koramu?”
Mbok Rondho Klenting : “Gawe opo toh! Kowe iku gak pantes! Gak salah ta?”
Mbok Rondho Klenting : “Oh yawes rinio kowe, tak pacaki sek”
Mbok Rondho Klenting : “Wes meneng o! Iku pacakan sing pantes gawe kowe.”
Mbok Rondho Klenting : “Se ndeloki! Wong klambi sek rusuh kabeh ngene! kono mbalik o maneh
ngumbah klambine. Tapi nang kali ae ojok ning kene!”
Mbok Rondho Klenting : “Muga-muga sing ditrima dadi garwane Ande-Ande Lumut yaiku salah sijine
anak-anakku, duduk Klenting Kuning Hahaha........”
BABAK 3
Klenting Kuning : “Duh gusti, urip kula kok ngeten niki.. kula niki salah napa.”
Widadara : “Aku iki Widadara, kowe rausah wedi.. aku iso mbantu kowe”
Widadara : “Aku arep menehi kowe pusaka sing sakti mandraguna. Aku iki ngerti yen kowe
susah, gawanen ae pusakane.”
Widadara : “Kowe iso melu saembara iku, mengko kowe ing dalan iku ketemu karo Yuyu
Kangkang. Terus pusakane kuwi iso mateni Yuyu Kangkang”
(Klenting Kuning ngaleh tekan kali lan nggawa pusaka sing diwenehi widadara)
BABAK 4
Yuyu Kangkang : “Hohohoho.... kae ono bocah ayu-ayu, arep lapo yo kiro-kiro?”
Klenting Abang : “Yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tulung sebrangke aku lan adikku
lewat kali iki…”
Yuyu Kangkang :“Wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah ayu….enek imbalane.”
Klenting Abang :“Imbalane apa ta… mbayar nganggo duwit?? Wah kowe iki mata duwitan!”
Klenting-Klenting : “Prett…”
Klenting Abang : “Apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki mbok
ambungi??hiiiii”
(Yuyu kangkang nyebrangke klenting Abang lan Ijo biru kanthi giliran)
Yuyu Kangkang : “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..”
Klenting Kuning : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek yuyu
kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne
aku.”
Yuyu Kangkang : “Aku wegah… wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar wong wadon elek.”
Klenting Kuning : “Yawis yen iki karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
BABAK 5 :
(Ing omahe mbok rondho dhadhapan)
(mbok rondho lagi nyapu ing omahe, ujuk-ujuk teko klenting Abang lan Ijo).
Klenting-Klenting : “Assalamu’alaikum…”
Klenting-Klenting : “Badhe melu saembara supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut mbok…”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Sek ya tak omongke ande-ande lumut, mlebu siji-siji ya!”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang unggah-unggahi… putrine
ngger sing ayu rupane… Klenting abang iku kang dadi asmane.”
Ande-Ande Lumut : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten medun.. najan ayu sisane
si yuyu kangkang.”
Klenting Abang : “Wah kurang ajar kowe… aku ayune ngene diarani sisane yuyu kangkang.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putri kang unggah-unggahi…
putrine ngger sing ayu rupane.. klenting ijo iku kang dadi asmane.”
Ande-Ande Lumut : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten medun… najan ayu
sisane si yuyu kangkang.”
( Klenting abang lan klenting ijo nesu, klenting kuning teko mara ing omahe mbok rondho dhadhapan)
Klenting Kuning : “Kula klenting kuning mbok…badhe melu saembara supaya bisa dadi garwane
ande-ande lumut.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta kowe iki?”
Klenting Abang : “Laiya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak kok apa maneh
kowe?”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putri kang unggah-unggahi…putrine
kang ala rupane… klenting kuning iku kang dadi asmane.”
Ande-Ande Lumut : “Duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe medun…najan ala
menika kang putra suwun.”
Ande-Ande Lumut : “Mboten mbok…niki sampun dadi pilihan kula, nyuwun pangestune panjenengan
mbok.”
(Klenting-klenting kusak-kusuk)
Mbok Rondho Dhadhapan : “Oh… yen iki pilihanmu le, simbok manut wae mugi-mugi uripmu bagya mulya.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Rupamu kuwi sakjane kenapa ta nduk? Se kene tak resiki sek”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Sepurane yo nduk yen simbok maeng ngenyek kowe”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Walah ternyata rupamu ayu yo nduk,atine apik sisan.Ora salah yen ande ande
lumut milih kowe”
Ande-Ande Lumut : “Mbok, kula badhe ngomong jujur ngenani ati dirine kula.”
Ande-Ande Lumut : “Mbok, kula niku sakjane yogane sultan Hamengkubuwana XXX ingkang
mangembara golek pengalaman lan sisihing urip.”
Widodara : “Sing ayu raine durung tentu ayu atine sing elek rupane durung tentu elek pisan
atine, yen kowe gelem usaha opo wae sing dikarepno pasti isok terwujud sejatine
hasil kuwi ora ngehianati usaha”