Anda di halaman 1dari 5

Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.

Sandale adhine emang wis bodol lan


wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine,
merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja
dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.

“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep
nangis.

“Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo
adhine.

Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger
kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.

Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep
rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing
dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang
sing pada mekar.

Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong
sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk
siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja
mereki Eka.

“Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,”
ngendikane bapake Eka.

“Nggih pak,kula ajeng usaha,”

Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng
sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake
SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.

“Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget

mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.

“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.

“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal
anyar.

Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya
sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna
orange sing apik.

Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune
pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo
amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah
gole ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”

“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.

“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”

“Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane
ibune sing sumringah lan bangga.

Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
UNSUR INTRINSIK CERPEN

1. Tema
Ekonomi
2. Tokoh
- Eka
- Rina
- Bapake
- Ibune
3. Watek
Eka :
- Penyayang. Bukti : “Eka sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…”
- Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing
kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.”
- Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane.”
- Gelem usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,”
Rina :
- Nerima. Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.”
- Pengerten. Bukti : “Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang
apa maning tuku sandal.”
Bapake :
- Kerja keras. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.”
- Duwe pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake
pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
Ibune :
- Penyayang. Bukti : ““Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring
kowe.”
4.Latar
Panggonan :
- Ing pasar. Bukti : “Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.”
- Ing omahe Eka. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya
gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.”
- Ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah.”Wektu :
- Wayah wengi. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.”
- Esuk-esuk. Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo
neng sekolah.”
Kahanan :
- Rame ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah.
- Sumringah. Bukti : “Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.”

5. Alur
Maju
6.Sesawangan
Wasana Purusa (wong ketelu)
7. Amanat
- Senajan kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging dewek harus duweni ilmu
sing bisa nduwurke derajat.
- Ing kehidupan harus usaha lan pantang menyerah
- Dadi wong harus kerja keras aja ngandalake wong liya.
NILAI-NILAI ING CERPEN
Pendidikan
Pantang putus asa ing mewujudake cita-cita.
Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan
pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
Budaya
Ngormati wong tuwa
Bukti : “…..,Pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.”
Moral
Angger pingin duweni sesuatu apike nganggo jerih payahe dewek.
Bukti : “Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.”
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan
putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih
menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati
kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken
kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak
wonten wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana

kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados

konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten
angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu
lampahipun Jaka Tarub boten manggih.

Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana.
Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka
Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka
Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning
tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking
pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing
tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram
lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala
wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih
pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken.
Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari.
Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-
reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami
Nawang Wulan.

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka
Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang
Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-
manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen
Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa
amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan
punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados
satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.

Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi
kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa,
piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun
apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem
rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen
kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang
Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados
widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan
boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan
nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun
Nyi Roro Kidul.

Beri Nilai