Anda di halaman 1dari 2

Asma : Dani Ahmad Nugraha (15)

Kelas : XI IPS 3

Pameran Seni Rupa UST


Indonesia ngrupakne salah sijining negara sing nduwe akeh kesugihan, becik kuwi
kesugihan alam maupun kesugihan budaya. Budaya neng indonesia beragam sanget, saka mulsi
sing arupa, norma, jogedan, adat lan lain lain, tentu wae perkara iku uga arep nyurung njedule para
seniman kanggo mbanjurke lan neruske pengembangan budaya awake dhewe, luwih-luwih ing
kaitane kearifan lokal. Neng jogja para pangrupa Taman Siswa (Pangrupa UST) ngenekake acara
pameran seni rupa, becik kuwi lukisan, patung, lan liya liya sing panggonane neng Gedung
Perwakilan Daerah neng DIY. Neng kono ana akeh sanget seni rupa sing dipamerkan, klebu uga
25 karya lukisan seni sing digae karo para seniman, yaiku karo para mahasiswa lan dosen UST
(Universitas Sarjanawiyata Tamansiswa).

Kajaba karya seni arupa, dikana uga ana akeh sanget peragaan budaya liyane, kaya tarian
(jogedan), musik lan uga klambi adat sing wis dikembangke padha zaman. Ana dene jogedan sing
neng tampilake, salah sijine sing paling akeh peminat lan penontone yaiku joged bali sing
didolananke karo penari tuna rungu. Dekne kabeh njoget karo kebak penghayatan supaya para
penonton isa njupuk jarwa sing ing padha saka jogedan iku.

Kajaba kuwi para penari iku uga macakne beberapa geguritan lan sastra liya. Geguritan -
geguritan iku bebas, ora mung karya saka lemah jawa wae nengo siji indonesia oleh nyumbangke
geguritane kanggo kawacakne. Wektu langsunge pameran iku, para pengunjung isa sinau beragam
budaya neng kono, dekne kabeh diolehake nggunakne kabeh abrag kebudayaan sing dekne kabeh
arep, foto - foto karo lukisan utawa patung, lan melu berpartisipasi ing nembang utawa pun maca
geguritan.

Acara pameran kebudayaan iki, pameran seni rupa, ditutup karo ndelok joged lan
tembangan khas jawa yaiku ‘Campur Sari’ lan musik liyane. Sakwise tunjuk seni musik bubar, ana
beberapa seniman sing ngayo awak kanggo maju kengarep guna menehi pitutur supaya budaya
awake dhewe tetep jaga lan entuk dilestarekne, salah sijine yaiku dosen kebudayaan UST. Sakwise
kuwi, disambung karo nembangna tembang ‘Indonesia Raya’ dados simbol kedemenan
(Nasionalisme) awake dhewe dadi bangsa Indonesia lan perwujudan saka makna ‘Bhineka
Tunggal Ika’.

Mangkana acara pameran seni rupa sing neng gelar saben taune karo para pangrupa Taman
Siswa (Universitas Sarjanawiyata Tamansiswa). Acara lan pameran iki neng anakne guna
ningkatake rasa kesijen lan saben sijen awake dhewe dadi rakyat lan bangsa Indonesia. Sing
diharapke saka acara iki yaiku kanthi anane pameran iki, seluruh bedan isa dadi komponen sing
mbeciki Indonesia awake dhewe.

Anda mungkin juga menyukai