Ing sawijining dina, Rafi ,Nina ,lan Tia arep gawe tugas bareng ning omahe Tia.
Rafi, Nina : “Assalamualaikum.”
Tia : “Waalaikumsalam. Jam semene kok lagi teka.” Rafi : “On time si iki?” Tia : “On time apane. Wis telat iki.” Nina : “Wis wis rak sah ribut. Mau dalane macet.” Tia : “Yowis. Ayo do mlebu.” ... Tia : “Mbok…. Mbok Parni… tulung gawekke ngombe kanggo kanca-kancaku yo.” Mbok Parni : “Beres…Sekawan njih ndoro.” Tia : “Yo... cepet yo.” Nina : “Walah raksah repot repot.” Rafi : “Jajane ojo lali lho…” Nina : “Heh kowe ki..” Tia : “Haha. Rak apa-apa kok. Mengko ben ditukokke karo Mbok Parni.” Rafi : “Lhah ngono. Nek ana jajane kan dadi semangat gawe tugase.” Nina : “Kowe ki jajan wae.” Mbok Parni : (teka seko pawon) “niki unjukane kalian jajanipun ndoro.” Nina, Rafi : “Matur nuwun mbok.” Mbok Parni : “Iyo. Iki meh do gawe opo sih?” Rafi : “Meh gawe tugas sekolah mbok.” Mbok Parni : “Lhah ngono. Aja dolan terus.” Nina : “Iyo mbok.” Mbok Parni : “Yo wis, aku tak ngasahi sek yo.” Nina : “Iyo mbok.” ... Rafi : “Iki tugase kon piye to?” Nina : “Koweki malah rak ngerti. Kuwi lho, kon gawe teks drama basa jawa.” Rafi : “Wah gampang kuwi. Golek wae ning google akeh si?” Tia : “Tapi tugase kan kon gawe, orak kon golek?” Rafi : “Halah rak apa-apa, mengko diganti sitik-sitik. Paling Bu Guru yo rak ngerti kok. Paling yo Pesbukan gurune. Rak ngerti nek dhewe iku nggolek ning internet.” Nina : “Ojo ngono Fi. (nepuk pundake Rafi) Yo wis. Aku tak golek sek seko hp yo.” Tia : “Aku tak golek sisan.” …… Rafi : “Piye wis nemu durung?” Nina : “Kowe ki orak golek malah ngomong wae.” Rafi : “Iyo iyo, aku tak goleki sisan.” Nina : “Lhah ngono.” Rafi : “Lho Ya, kowe kok malah twitteran?” Tia : “Hehe, nyambi sitik orak apa-apa to.” Rafi : “Yo wis lah. Sing penting entuk mengko.” Nina : “Nah wis nemu ki aku. Judule ‘Tresna Agung Kagem Esti’.” Tia : “Wah koyoke apik kuwi. Piye Ceritane?” Nina : “Dadi Agung karo Esti kuwi kanca sak kelas. Saben dina bocah 2 kuwi digasaki, diece terus karo kanca-kancane. Banjur akhire cah 2 kuwi jadian.” Rafi : “Wah apik kuwi. Mengko digantini meneh. Ben rak ngetoki nek golek ning google.” Nina : “Yo wis, sing gantini kowe yo?” Rafi : “Siap, tak gawane aku.” Tia : “Nah nek wis nemu ngene kan ayem.” Nina : “Wah wis sore iki. Ayo mulih ndisik fi.” Rafi : “Iyo. Ya aku karo Nina bali sek yo. Tia : “Iyo, ati-ati.”
********
Bengine, Budi lagi kebingungan golek jam tanganne.
Budi : “Aduh, jam ku ning endi yo. Gawat ki nek ilang, jam larang kuwi.Ya...Tia...Kowe ngerti jamku porak.”(bengok-bengok ngundang adhine sing isih ning kamar) Tia : (teka seko kamare) “Goleki apa tho mas? Kok koyok kebingungan.” Budi : “Iki lho dek, jamku ilang.” Tia : “Jam sing ndi mas?” Budi : “Kae lho, jam impor asli Amerika, sing couple an karo pacarku. Jam sing paling larang dewe kae lho.” Tia : “Koyok sampeyan duwe pacar wae mas... mas...” Budi : “Wah kowe ki kok ngece meni to.Tapi pancen orak duwe si.” Tia : “Lha iyo si.” Budi : “Wis wis orak sah dibahas. Sing penting jam kuwi ning ndi?” Tia : “Lha mbok delehke ngendi mas? Dieling-eling sek.” Budi : “Mau isuk ki ning kene... Apa dijupuk kancamu kae? sing mau awan gawe tugas ning kene, sapa jenenge?” Tia : “Rafi mas. Aja nuduh sembarangan ngono ra. Jajal digoleki sekmeneh.”
.....
Nina, Rafi : “Assalamualaikum.”
Tia, Budi : “Waalaikumsalam.” Budi : “Lha kae kancamu teka. Mesti meh mbelekkake jamku kae.” Tia : “Aja nuduh sek mas.” ( banjur mbukakke lawang) Nina : “Eh Ya, iki teks dramane wis diedit karo Rafi. Garek ngeprint ki, aku rak duwe printer. Kowe duwe si?” Rafi : “Iyo, printerku yo lagi rusak.” Tia : “Siip. Ayo do mlebu, diprint ning njero.” Budi : “Nah iki bocahe!!! Eh ngaku kowe njupuk jam imporku ra?” Rafi : “Lhoh, sembarangan nek ngarani. Duwe bukti apa kowe?”
Nina : “Iyo, nek rak duwe bukti ki aja nuduh.”
Budi : “Halah kuwi kan jam larang, limited edition meneh, mesti pengen duwe kowe.” Tia : “Wis mas Bud!! rak sah nuduh nuduh ngono.” Rafi : “Wah rak level njupuk jammu. Nek gelem aku tuku sing luwih larang yo iso, jam koyok ngono wae kok. Paling piro si regane?” Budi : “Halah garek ngaku wae gampang si, rak sah kakean alesan ngono.” Rafi : “Nek rak percoyo jajal golekano ning kantongku nek ono.” Budi : (goleki ning kantonge Rafi) “Paling wis mok pindah ra, apa mbok titipke ning tase Nina?” Nina : “Nyoh gledhano tasku.” Budi : (gledhahi tase Nina) “Lho kok orak ono yo.” Rafi : “Kandhani kok. Aku ki rak njupuk jam tanganmu Bud.” Mbok Parni : “Ana apa si kok ribut-ribut?” Tia : “Iki lho mbok, Mas Budi kelangan jam tanganne, banjur nuduh Rafi sing jupuk?” Mbok Parni : “Walah...Koyok mengkono wae ribut. Sing muk maksud jam iki po?” (karo nguduhake jam tanganne Budi) “Mau awan jam iki gumletak ning jubin. Terus tak singkirke ben orak ilang.” Budi : “Walah mbok… mbok… kok orak ngomong awit mau si?” Mbok Parni : “Mau sore ki aku meh kandha, tapi akeh gawean dadine lali. Kowe orak takon aku si.” Rafi : “Kae ra. Dudu aku sing njupuk. Isa tak tuntut ning pengadilan kowe, pencemaran nama baik ki.” Nina : “Mulano aja nuduh sembarangan.” Budi : “Hehe, iyo, ngapurane yo fi, nin.” Tia : “Lhah ngono mas, njaluk ngapura.” Rafi : “Iyo iyo, ngesok meneh ki nek rak duwe bukti aja nuduh sembarangan.” Tia, Nina, : “Wuuuuuuuuuuu………” Budi : “Iyo, iyo.