Anda di halaman 1dari 11

NYIMAK

MAKALAH

Dipundamel Kagem Njangkepi Tugas Mata Kuliah Basa Jawa

Dosen Pengampu:
Drs. Sukardi, S.Pd, M.Pd

Anggota Kelompok 4:
1. Fani Kurnia Ardilasari (1401416006)
2. Enie Vita Sari (1401416018)
3. Yogi Agung Prasetyo (1401416027)
4. Fatikhatul Mardiyah (1401416035)
5. Ita Wulandari (1401416056)
6. Muh Luthfi Khusnawan (1401416211)

Rombongan Belajar 3

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR


FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2018
BAB I
PURWAKA

A. Lelandhasaning Perkara
Basa nggadahi kadudukan penting kangge manungsa supados njalari
sesambunganing urip. Kanggo nemtokake tujuan iki, kudu ana papat
kaprigelan basa sing kudu dikuasai kanthi bener lan bener kaya sing kasebut
ing Kurikulum Unit Pendidikan (KTSP), yaiku kemampuan ngrungokake,
ketrampilan, kemampuan maca lan ketrampilan nulis.
Sangking papat keterampilan sing kasebut ing ndhuwur, mung
kemampuan ngrungokake niku bakal di bahas ing makalah iki amarga
pengetahuan niku diduweni liwat keterampilan ngrungokake. Saben uwong
ndhelikake berita liwat media massa lan informasi liwat pasuryan, nalika
ngrungokake aktivitas uga ditindakake. Dadi, pendhidhikan ngrungokake
nduweni peran sing wigati banget ing proses belajar ing sekolah dasar amarga
kemampuan ngrungokake sing apik yaiku kondisi awal kanggo ngasilake
prestasi belajar sing apik.
B. Undharaning Perkawis
1. Punapa tegese nyimak?
2. Nopo mawon tujuwan lan jinis-jinising nyimak?
3. Punapa kemawon tataran nyimak?
4. Punapa kemawon teknik nyimak?
5. Nopo mawon tingkatan nyimak?
6. Nopo mawon bab ingkang kedah digatekaken saklebetipun nyimak?
7. Punapa kemawon strategi ningkataken kemampuan nyimak ?
C. Tujuwan
1. Supados damel mangartosi tegese nyimak
2. Supados damel mangartosi tujuwan lan jinis-jinising nyimak
3. Supados damel mangartosi tataran nyimak
4. Supados damel mangartosi teknik nyimak
5. Supados damel mangartosi tingkatan nyimak
6. Supados damel mangartosi bab ingkang kedah digatekaken saklebetipun
nyimak
7. Supados damel mangartosi strategi ningkataken kemampuan nyimak
BAB II
ANDHARAN

A. Tegese Nyimak
Nyimak inggih punika salah satunggaling kegiatan mirengaken lambang-
lambang lisan kanthi mangertos, kangge madosi informasi, nangkep lan
mahami suraosipun teges ingkang dipun aturaken dening pamicara. Nyimak
benten kaliyan mirengaken, amargi kegiatan mirengaken punika sampun
wonten unsur ingkang dipunsengaja nanging dereng kalebet unsur pemahaman
amargi dereng dados pangangkahipun. Kegiatan nyimak punika wonten
mirangaken kaliyan usaha kangge mahami bahan simakan utawi isi waosan
kasebat. Mila, ingkang kegiatan nyimak menika, mbetahaken kawigatosan lan
pemahaman ingkang salah satunggaling unsur utami wonten kegiatan nyimak
menika. Wonten saben dintene, kegiatan nyimak punika mboten nate dipun
tilar. Pangangkah nyimak punika umpaminipun nyimak menawi pingin
mangertos utawi pingin nyinaoni bahan simakan, nyimak amargi pingin
mendhet manfaat saking bahan simakan, nyimak amargi pingin dados sopan
lan santun, lan sapanunggalane. Nanging, pangangkahipun nyimak ingkang
utami inggih menika kangge nangkep utawi mangertosi pesen, ide saha
gagasan ingkang wonten ing materi utawi bahan simakan punika.

B. Tujuwan Nyimak
Tarigan (1990: 2002) ngendika menawi nyimak menika anggadhahi
tujuwan ingkang maneka warni, inggih menika:
1. Mendhet bukti
Mendet bukti meniko saged ditindakake wonten ing maneko warno cara.
Peneliti ngumpulaken utawi maringi bukti ngangge riset utawi
eksperimen. Cara sanes kangge nindakaken koleksi kasunyatan meniko
lewat maos, sageg maos buku, laporan paneliten, makalh seminar, jurnal,
layang warta, lan sakpanunggalane.Informasi kempal kegiatan leat
mirenggaken saged dados salah satunggaling tuladha variasi.
Tuladhanipun mirengaken radio, TV, laying makalah ing seminar,
pacelathon ing keluarga, pacelathon kalian tanggi, konco sak kelas lan
sakpanunggalane.
2. Njeltrehkake bukti
Informasi dikempalake supados saged dianalisa. Informasi meniko kedah
cetha disambung antaranipun unsur kasunyatan, sebab saha efek sangking
menopo ingkang wonten ing mriku. Menopa ingkang dikandakaken
digandengake kalian kawruh utawa mirengaken pengalaman wonten ing
lapangan ingkang cocok.
3. Madosi inspirasi
Wong mirengake tiang liyane namung kangge tujuan madosi inspirasi.
Ingkang dikanggekake dening penyimak inggih meniko saran, dukungan,
saha injeksi saking semangat utawi inspirasi kangge sinau dados orator
saha ingkang pengin dadi profesional mbeta acara, saged medhar sabda ugi
dados pambiwara.
Lilian M. Logan (Nur Amalina, 2012), ngendika menawi tujuan nyimak
inggih meniko:
1. Kangge ngangsu kawruh saking materi pemicara.
2. Kangge hiburan bab materi wicara, utamané ing babagan senilan
kaendahan.
3. Kangge netepke kumpul bahan (apik-ala, ayu-elek, logis-klebu nalar, lan
sapanunggalane).
4. Bisa kangge ngapresiasi lewat mirengke crita, puisi, pantun.
5. Bisa kangge komunikasike gagasan-gagasan, raos, pamikiran lan
sapanunggalane.
6. Kangge ngyakinake dhewe marang masalah utawi panemu kang gojag-
gajeg.
Saka pamikiran-pamikiran ing dhuwur babagan tujuwan nyimak bisa kita
simpulake menawi nyimak menika nduweni tujuwan:
1. Nyimak kangge ngangsu kawruh
2. Nyimak kangge hiburan
3. Nyimak kangge ngevaluasi
4. Nyimak kangge apresiasi
5. Nyimak kangge komunikasike gagasan utawa pemikiran
6. Nyimak kangge golek pamecahan masalah

C. Jinis-Jinising Nyimak
Sabarti Akhadiah, dkk (1991: 150), ngendika menawi jenis-jenis nyimak
adhedasar kasil simakan wontwn maneka warna, inggih menika:
1. Nyimak tanpa reaksi inggih punika nyimak ingkan mboten maringi
tanggapan utawi reaksi.
2. Nyimak pasif, inggih menika kegiatan nyimak salah satunggaling waosan
ingkang dipunlampahi kanthi mboten eling. Umpaminipun, wonten saben
dinten, wonten tiyang ingkang mirengaken basa daerah, salajengipun
wonten kalih utawi tigang taun, tiyang sampun lancar mahami pesen
ingkang wonten ing basa daerah kasebat. Kapinteranipun ngangge basa
daerah dipun lampahi kangge kasil nyimak pasif. Nanging, tiyang menika
sampun saged migunakaken basa daerah kanthi sae. Kegiatan nyimak pasif
kathah dipun ginakaken dening masyarakat awam wonten ing saben
dinten. Ing pendhidhikan wonten sekolah mboten mangertos artosipun
nyimak pasif. Umumipun, nyimak pasif dados amargi mboten dipun
sengaja. Nyimak cethek yaiku nyimak kang disimak sebagian wae lan
bagian kang ora penting.
3. Nyimak kritis inggih menika kegiatan nyimak ingkang pangangkahipun
kangge madosi informasi kanthi objektif, nemtokaken kaunggulan lan
kirangipun
4. Nyimak kreatif inggih menika kegiatan nyimak ingkang pangangkahipun
kangge ngembangaken daya imajinasi lan kreativitas siswa. Kreativitas
penyimak umpami, ngrancang pesen utawi nasihat saking materi ingkang
sampun disimak, salajengipun nirokaken lafal basa asing utawi basa
daerah, lan sapanunggalane.
5. Nyimak eksploratif, nyimak eksploratif inggih menika kegiatan nyimak
kanthi mbetahaken kawigatosan kangge madosi informasi anyar utawi
tambahan saking bidang tertamtu.
Adhedasar cara nyimak menika, nyimak kabedakaken dados pirang-pirang
jenis, inggih menika:
1. Nyimak Intensif inggih menika kegiatan nyimak ingkang mbetahaken
kawigatosan, lan katelitian saengga tiyang ingkang nyimak saged paham.
Nyimak intensif punika nyimak pemahaman (mahami bahan simakan)
ingkang pangangkahipun kangge mahami tegesipun bahan ingkang
disimak kanthi sae. Nyimak intensif luwih ngutamikaken hiburan, kontak
sosial lan sapanunggalane. Wonten ing nyimak intensif mbetahaken
kawigatosan supados tiyang ingkang nyimak saged konsentrasi, lan
mboten kaganggu sawektu nglampahi kegiatan nyimak. Nyimak intensif
menika mahami basa ingkang resmi utawi formal. Umpaminipun ceramah,
pidhato, diskusi, dhebat, temu ilmiah, lan sapanunggalane. Basa resmi
punika dipun ginakaken amargi luwih ngutamikaken teges.
2. Nyimak ekstensif inggih menika kegiatan nyimak ingkang mboten
mbetahaken kawigatosan lan katelitian saengga penyimak namung
mahami pokok-pokok utawi suraosipun.

D. Tataran Nyimak
Tarigan (Haryadi dan Zamzani, 1996: 22), ngendika menawi tataran nyimak
kaperang dados perangan-perangan kados mekaten:
1. Mirengaken
Wonteng ing tataran menika siswa kedah mirengaken sedaya wacana
ingkang dipunwaos pambicara. Wonten ing tahapan menika siswa ngenali
wacana ingkang disimak.
2. Ngidentifikasi
Wonteng ing tataran menika siswa pados, menapa sejatinipun isi wacana.
3. Interpretasi
Nafsiraken inggih menika ngenali wacana.
4. Mahami utawi mangerteni
Tataran mahami menika tegesipun mangertosi isi saking wacana ingkang
disimak.
5. Maringi biji
Ing tataran menika siswa maringi pambiji tumprap wacana wau. Menapa
niku sampun becik utawi tasih kirang sae.
6. Nanggepi
Wonten ing tataran menika siswa maringi tanggepan ugi dados
pungkasaning tataran nyimak.

E. Teknik Nyimak
1. Ngrungokake banjur ngucap
Saklebare siswa ngrungokake wacana kang kudu disimak siswa banjur ajar
mbaleni pocapan mau. Teknik iki mbutuhake kawigaten saengga wacana
kang disimak bisa dimangerti
2. Ngrungokake banjur kerjakake
Model simakan iki biasane arupa kalimat-kalimat prentah kang kudu
dikerjakake.
3. Ngrungokake banjur nemokake
Teknik iki siswa kudu nemokake objek utawa barang-barang kang
dimaksudke ana ing wacana kang dirungokake.
4. Ngrungokake berantai
Ing teknik ngrungokake berantai siswa kerja wonten ing kelompok banjur
pesen saka salah siji siswa diterusake ana siswa laine dumugi akhir. Siswa
kang pungkasan mbaleni apa kang dirungokake saka kancane mau.
5. Ngrungokake banjur njawab
Ing teknik siji iki siswa kudu menehi kawigaten supaya siswa bisa jawab
kanthi bener.
6. Ngrungokake banjur carita
Ing teknik iki siswa kudu mableni carita kang dirungokake kanthi setiti lan
lengkap.
7. Ngrungokake banjur nulis
Teknik siji iki cocog digunakake kangge ngeling-eling apa bae isi saka
simakan, sebab ana ing teknik ngrungkokake banjur nulis, siswa bisa nulis
babagan-babagan kang penting dicatet.
8. Ngrungokake banjur ngrangkum
Ing teknik iki siswa ngrangkum materi kang disimak.
9. Ngrungokake banjur ngganepi
Ana ing teknik iki sakwuse siswa nyimak wacana siswa kudu nanggepi
wacana kanthi kritis.
10. Ngrungokake banjur takonan
Siswa kang nyinak lan kurang jelas bisa takon marang bapa ibu guru.
Sakliyane iku siswa bisa takon babagan bab kang durung dimudengi.

F. Tingkatan Nyimak
Tompkin (Saleh Abbas, 2006: 63), ngendika menawa tingkatan nyimak yaiku:
1. Nyimak marginal
Nyimak kang paling asor tingkatane, amung mbedakake swara.
2. Nyimak apresiasi
Nyimak apresiasi yaiku nyimak wacana banjur menehi tanggepan,
pambiji, apresiasi babagan wacana kang disimak.
3. Nyimak atentive
Yaiku nyimak kang mrelokake kawigaten supaya oleh informasi kang
akurat.
4. Nyimak kritis
Nyimak kang sakbanjure menehi tanggepan kanthi kritis.

G. Bab Ingkang Kedah Digatekaken Saklebetipun Nyimak


1. Faktor ingkang mempengaruhi kaberhasilan nyimak
Tarigan (1990), ngendika menawi nyimak menika wonten babagan
ingkang perlu dipun paringi wigati, inggih menika:
a. Bab fisik
b. Bab psikologi
c. Bab pengalaman
d. Bab lanang utawi wadon
e. Bab lingkungan
2. Faktor panentu kaberhasilan nyimak
Numan (Ahmad Rofi’uddin dan Darmiyati Zuchdi, 1998: 5), ngendika
menawi nyimak ingkang berhasil menika nyimak ingkang migunakaken
kawruh saking hasil simakan wau.
Ahmad Rofi’uddin dan Darmiyati Zuchdi (1998: 4), ngendika menawi
nyimak kang kasil menika ditemtokaken saking 2 perkawis:
a. Guru kedah maringi conto ingkang sae minangka pamireng ingkang
kritis, pambicara ingkang efektif saha migunakaken bahawa ingkang
saget dipunmangertosi siswa.
b. Saben siswa ingkang nderek rembungan menika kedah kagungan
informasi tertemtu ingkang samangke dipunkirim wonteng kanca-
kanca liyan.

H. Strategi Ningkataken Kemampuan Nyimak


Wonten strategi-strategi ingkang saget dipunlaksanakaken supados
kemampuan nyimak saget tambah kathah. Guru saget maringi carita-carita
ingkang mboten kathah sanget, saklajengipun guru dhawuh supados siswa
diskusi menapa mawon babagan carita ingkang patut dipunparingi pujian
utawi kedah dipundandosi. Siswa uga dipun dhawuhi pados pesen moral
saking crita ingkang dipunwaos bapak utawi ibu guru. Saklajengipun, siswa
dipundhawuhi supados presentasi wonteng ing ngajeng kelas. Guru maringi
pangertosan supados siswa sanesipun maringi tanggapan utawi pitakon kagem
siswa ingkang presentasi wonten ing ngajeng kelas. Saking strategi guru
menika, siswa saget ngrembakakaken kemampuwan nyimak.
BAB III
PANUTUP

A. Dudutan
Supados ningkataken ketrampilan nyimak Basa Jawi, kita kedah maringi
materi pasinaon ingkang gampil dipun mangertosi dening para siswa. Wonten
mriki, kegiatan nyimak menika kalebet salah satunggaling kegiatan
mirengaken lambang-lambang lisan kanthi mangertos, kangge madosi
informasi, nangkep lan mahami suraosipun teges ingkang dipun aturaken
dening pamicara. Kegiatan nyimak punika kaperang dados kalih inggih
menika nyimak ekstensif lan nyimak intensif ingkang wonten kathah
jenisipun. Nyimak kelebet kegiatan ingkang ewed amargi tasih kathah lare SD
umpaminipun lare-lare kelas inggil ingkang dereng mangertos kosa kata ing
Basa Jawi.

B. Saran
Dados mahasiswa ugi dados calon guru sakedahipun kita
sedaya langkung gegulang pangginaan basa Jawi, amargi
kaliyan punika kita sedaya kagungan bekal kagem kita sedaya
tularaken dhateng para siswa kita sedaya mangke. Dadosipun
para siswa badhe ngginakaken basa Jawi kaliyan sae mbasi
piyambakipun sedaya kagungan kathah basa ingkang
piyambakipun sedaya ginakaken.
DAFTAR PUSTAKA

http://file.upi.edu/Direktori/FPBS/JUR._PEND._BHS._DAN_SASTRA_INDON
ESIA/19660629199
1031-DENNY_ISKANDAR/MATERI_MENYIMAK_SMP.pdf
http://kleang.blogspot.com/2010/02/keterampilan-menyimak-pada
pembelajaran.html
Tarigan, Djago. 1998. Keterampilan Menyimak. Bandung : Angkasa
Tarigan, Henry Guntur. 1997. Menyimak sebagai Suatu Keterampilan Berbahasa.
Bandung : Angkasa.
Fajri,Miftakhul Anisa. 2013. Peningkatan Keterampilan Menyimak Bahasa Jawa.
Semarang: UNNES

Anda mungkin juga menyukai