Anda di halaman 1dari 7

NASKAH DRAMA MAK LAMPIR

NASKAH DRAMA

"DENDAM MAK LAMPIR"

Tokoh :
1. Mak Lampir : DIAN PRADITA
2. Datuk Panglima Kumbang : AHMAD HABIB ABDILLAH.
3. Sembara : FADIYAH SISIWANTO
4. Farida :AFI WULANDARI DAN ANNISA MAHMUDA FR
5. Grandong : ALIYAH PUSPITASARI
6. Bapake Siti Lampir : DANI RAFIANTO

SSMAN 1 BOYOLALI / XII IPA 3 / 2013/2014

Deskripsi Tokoh :
1. Mak lampir (DIAN) à putri saka daerah Champa, Sumatra Barat, setan saka
rajane setan, tandane nek dheweke ameh metu yaiku ana angin sing aneh lan krungu
swara kekehane.
2. Datuk panglima kumbang (HABIB) à pimpinan pasukan macan
3. Sembara (FAID) à duwe ilmu pecut kilat, slimut kabut, ilmu swara angin
4. Farida (AFI) à gadis lugu, gawene dadi incerane Mak Lampir, ora duwe ilmu
bela dhiri
5. Grandong (ALIYAH) à wong tuwane siluman macan, siswane mak lampir, siluman
sing paling ganas
6. Bapake Siti (DANI)

Kacarita ing desa cedak gunung Marapi Sumatra Barat, ana wong wadon sing dadi
kembang desa. Jenenge Siti Lampir, pribadine sregep, apikan, seneng tetulung, lan
ora tau mbantah apa sing dikarepake wong tuwane. Kebak jaka sing kepengin ngepek
bojo karo Siti Lampir, nanging Siti ora seneng karo jaka-jaka kuwi. Wong tuwane wis
njodohake Siti karo wong lanang pilihane ramane, nanging ning tengah-tengah dalan
Siti kepincut karo Datuk Panglima Kumbang yaiku panglima sing dadi penguasa ana
kerajaan sabrang desane.

Bapake siti : “Nduk, ora krasa kowe wes diwasa. Wis wancine kowe tak petukke
karo wong lanang sing wis tak pilihke nggo kowe.”
Siti Lampir : “Sinten rama? Punapa kula kenal kaliyan kangmas punika?”
Bapake Siti : “Kenal nduk, dheweke ksatriya kang sekti ana desa kene.”
Siti Lampir : (heran)“Kula penasaran rama, sinten?”
Bapake Siti : “Basir nduk.”
Siti Lampir : (kaget)“Sinten rama? Kangmas Basir ingkang lemu punika? Ya
Allah.”
Bapake Siti : “Rong wulan meneh kowe resmi dadi bojone.”
Siti Lampir : “Sekedap rama, kula nyuwun wekdal kangge mikir rumiyin.”
Bapake Siti : “Nggo apa ta nduk, wes ta kowe kudu manut karo aku!”
Siti Lampir : “Mboten saged rama, kula gadah pilihan, mboten ajeng sembrana
nemtoake garwa.” (metu)

Siti mlaku-mlaku ana desane kanggo nentremke piker, dheweke ketemu wong lanang sing
lagi latihan silat nganggo tongkat, yaiku Datuk Panglima Kumbang.

Siti Lampir : “Ya Gusti, mbok menawi jodoku sampun panjenengan tetepaken
kaliyan kangmas Basir. Kula ikhlas, nanging pramila dheweke dede jodoku,
tebihaken.” (galau)

Siti ngerti ana panglima sing lagi latian kanggo perang, pas lagi pertengahan
ndelok, Siti dicokot ula.
Siti Lampir : (njerit, tiba)
Datuk Kumbang: (marani asale swara) “Enten napa Nyi?”
Siti Lampir : “Aduh (merintih) suku kula dipatok ula Ki.”
Datuk Kumbang: “Mangga ten gubug kula rumiyin, mangkih kula paringi ramuan kangge
medalaken bisa ulanipun.”

Siti lampir digawa menyang gazebo kerajaane, neng kana dheweke ditambani karo Datuk
Panglima Kumbang.

Datuk Kumbang: “Wonten punapa panjenengan saged ngantos mriki Nyi?”


Siti Lampir : “Kula galau Ki, wonten masalah. Dados kula mlampah wonten desa
mriki. Kula ngertos panjenengan latihan.”
Datuk Kumbang: “Enten napa ta? Mbok menawi kula angsal ngertos.”
Siti Lampir : “Kula ajeng dijodohaken, tapi kula mboten remen.”
Datuk Kumbang: (sok mikir) “Nggih mbok menawi niku pilihan paling sae mboten napa-
napa lah Nyi.”
Siti Lampir : “Kula mboten remen, 20th kula manut kaliyan rama terus. Sakniki
kula kepengin nemtoake pilihan kula piyambak.”
Datuk Kumbang: “Nggih mbok menawi panjenengan ngendikan alus, mungkin saged
ngluluhaken rama panjenengan.”
Siti Lampir : “Hmmm rama kula niku angel.” (sedhih)
Datuk Kumbang: “Sukune pripun Nyi? Sampun penak?”
Siti Lampir : “Sampun, maturnuwun. Ki, panjenengan asmanipun sinten?”
Datuk Kumbang: “Haha..o nggih, ngantos kesupen mboten kenalan. Kula Datuk Panglima
Kumbang, panjenengan?”
Siti Lampir : “Kula Siti Lampir.” (senyum)

Datuk kuwi gagah lan sekti banget, kebak wanita sing kepingin dadi bojone. Ananging
Datuk yo seneng karo Siti Lampir tapi loro-lorone ora ngerti yen podo-podo le
seneng. Siti Lampir nyuwun tulung karo wong tuwane supaya diparingi restu anggene
langgeng karo Datuk, nanging wong tuwane ora setuju amarga Datuk Panglima Kumbang
kuwi ketuane siluman macan.

Siti Lampir : (lungguh neng jejere ramane)“Rama, kula mboten remen kaliyan
Basir, kula remen kaliyan kangmas liyan rama.”
Bapake Siti : “Sopo to nduk sing kok senengi?”
Siti Lampir : “Asmanipun Datuk Panglima Kumbang Rama. Kula ketemu wonten alas
kala wau. Kula tresna kaliyan Datuk rama.”
Bapake Siti : “Opo! (nggebrak meja) ora! Rama ora setuju kowe kawin karo datuk
sing mbok senengi kuwi!”
Siti Lampir : “Wonten punapa rama mboten setuju kalih pilihan kula? Kula
gadah hak kangge remen sing kula tresnani rama.” (nada tinggi)
Bapake Siti : “Kowe ra mudeng opo-opo, dheweke ki siluman! Opo kowe gelem
anakmu mengko dadi siluman sing nyengsarakke wong liyan, ha!” (saya nesu)
Siti Lampir : “Rama angsal info saking pundi? Datuk niku wong biasa, dede
siluman. Kula pun nyuwun restu saking rama, kula tresna kaliyan Datuk.”
Bapake Siti : “Ora! Pokokmen kowe tetep karo Basir!” (lunga)
Siti Lampir : “Sekedap rama! Kula pun diwasa, kula ngertos pundi sing saget
kula dadosaken tujuan gesang. Kula mboten remen kaliyan Basir, kula mboten gelem
kawin kaliyan basir! (ngadeg)
Bapake Siti : “Meluo aku!” (narik Siti)

Siti Lampir tetep ngeyel ben dadi karo Datuk, dheweke kepingin wong tuwane ora
ngekeng apa sing dikarepake Siti Lampir. Wong tuwane tetep ora setuju Siti Lampir
kawin karo Datuk Panglima Kumbang, akhire Siti dibuwang ana alas cedak gunung
Merapi Jawa Tengah.

Bapake Siti : “Wes! Gandeng kowe ora manut karo aku, aja bali nyang omah!”
Siti Lampir : “Rama! Ampun Rama!” (nangis)
Siti Lampir bisa maringi kebutuhane dhewe, golek mangan dhewe, lan bisa ngrasakke
urip dhewe ning alas. Ana mangsane Siti bosen karo uripe iki, ndadak golek pangan
adoh lan kudu gonta-ganti panggon. Akhire dheweke mutusake nggo mertapa supaya ora
rekasa golek mangan pendhak dina. Ning tengah dalan, Siti Lampir nemoake gua sing
tentrem lan bisa adoh saka kewan alas.

Siti Lampir nggolek panganan, nggolek omah, entuk gua.

Ing desa liyan, ana ksatria kang lagi latian silat, jenenge Sembara. dheweke seka
cilik wes dibekali ilmu bela diri karo wong tuwane. Dheweke bisa ngerti lan
nyembuhake penyakit sing kerep dialami warga amarga santet. Sembara kuwi cedhak
banget karo gadis lugu sing ora nduwe bekal utawa ilmu bela diri saka cilik,
jenenge Farida, kerep-kerepe Farida ngancani Sembara perang lan melu nyembuhake
Sembara yen bubar perang karo Grandong.

Farida : “Aku krungu ana warga sing wus mari gara-gara tanganmu.”
Sembara : “Sapa?”
Farida : “Pak Sarto, apa grandong isih nyantet warga kene?”
Sembara : “Akhir-akhir iki sih ora, tapi awak dhewe ya kudu waspada.
Grandong ki licik.”
Farida : “Kapan terakhir perang karo Grandong?”
Sembara : “Wes suwe banget. Sayange aku ora nduwe ilmu nggo nerawang setan
kaya grandong.”
Farida : “Sing penting kowe bisa ngerti nek dheweke neng sekitar
kene.”
Sembara : “Suk aku bakal bisa mateni grandong. Titeni wae.”

Sembara latihan silat meneh.

Siti lampir mertapa ing jero gua ngasi rambute samsaya puteh. Saiki Siti Lampir wis
sekti lan duwe kekuwatan, pas Siti lagi metu saka gua dheweke ketemu karo Grandong.
Wujude grandong yaiku kaya buta, kaya wong sing ora kopen meneh. Grandong lan Siti
ece-ecenan ngasi ana paprangan, nanging loro-lorone padha sektine lan ora ana sing
menang, ora ana sing kalah. Grandong ngejak apikan karo Mak Lampir.

Siti Lampir : (metu saka gua, swara angin)


Grandong : “Weh, setan saka ngendi kowe?”
Siti Lampir : “Eh, yo biasa wae lho. Aku ki menungsa, ora kayak owe, buta!”
Grandong : “Alah, menungso seka ngendi ki lho. Deloken awakmu dhewe, rambut
puteh, rai ijo. Luwih butuk sapa aku ro kowe ha!” (ngece)
Siti Lampir : (ndelok awake dhewe)
Grandong : “Ngapa meneng? Wes sadar? Saiki tak takoni, setan saka ngendi
kowe?”
Siti Lampir : “Kurang Ajar!” (njotos)
Grandong : (tibo)
Siti Lampir : (nggumun yen nduwe kekuwatan)

Siti lan grandong gelut, ngasi tibo-tibonan.

Siti Lampir : (ngekek)


Grandong : “Wah, tak akoni kowe sekti tenan. Gurumu sapa je!”
Siti Lampir : “Aku ora meguru mbi sapa-sapa. Jengkel aku nyawang rupamu!”
Grandong : “Tak akoni taktikmu luwih apik saka aku mak. Aku bisa marai
kesaktenmu kuwi!
Siti Lampir : “Rasah sok apikan mbi aku! Buktine kowe bisa tak kalahke sek
dhewe. Megurua mbi aku!”
Grandong : “Yo biasa wae lho, kesaktene awak dhewe ki podho!”
Siti Lampir : (ngekek)“Halah, ngomong wae nek kowe ki serik!” (lunga)
Grandong : “He mak! Rasah sok nesu ngono kuwi, aku gelem meguru mbi kowe.”
(senyum)
Siti Lampir : “Ayo meluo aku!”

Akhire grandong karo mak lampir kancanan

Ning desane Datuk Panglima Kumbang, lagi ana paprangan amarga kerajaane dheweke
diserang karo siluman kebo. Datuk Panglima Kumbang ora trima pasukane dienteki
ngasi ora ana sisa, akhire Datuk nyerang pasukan saka siluman kebo. Datuk sing
sekti memang ora bisa dikalahke karo pasukan sing gur ngandelke tenagane tok, ketua
saka siluman kebo sing genti nyerang Datuk. Perange sengit banget lan Datuk
Panglima Kumbang mati ana paprangan kuwi.

Prajurit : “Sendika dawuh datuk, Panglima Kebo pun wonten


ngajeng gerbang.”
Datuk Kumbang : “Kurang ajar! Sebar neng kabeh prajurit!
Prajurit : “Sendika dhawuh datuk!” (lunga)
Datuk Kumbang : “Isa isane wes da tekan kene nanging aku ora reti.

Perang-perangan kedadean lan datuk kumbang mati amarga ilmune diserap siluman kebo.

Matine Datuk Panglima Kumbang kewaca ana pikiran mak lampir, ing sawijining dina
mak lampir duwe niatan kanggo nguripake maneh Datuk Panglima Kumbang supaya bisa
nyandhing karo mak lampir. Nanging pas datuk wis urip maneh, dheweke ngira yen mak
lampir ki jelmaane setan lan iblis sing gawene neror masyarakat akhir-akhir iki.
Mak lampir lara ati lan mertapa meneh.

Farida : “Dengaren bisa ngrasakke galau barang, lagi mikirke apa ta?”
Sembara : “Datuk Kumbang gugur dikalahake siluman kebo.”
Farida : “Ha? Lha sampeyan entuk berita saka ngendi? Kok ora melu
perang?”
Sembara : “Ora ana kabar sing ngandaake yen kerajaan kumbang diserang, kuwi
sing marakke aku ora bisa turu ngasi saiki.”
Farida : “Eih lebay tenan sampeyan kih. Kok isa ya, ksatria sekti
mandraguna kaya Datuk dikalahake karo siluman.”
Sembara : “Saben wong duwe titik kelemahan dhewe. Mungkin siluman kuwi wus
ngerti titikane kelemahan Datuk, ngasi Datuk bisa gugur karo siluman anyar sing
lagi lair wingi sore.”

Ning guane Mak Lampir..

Mak Lampir :“Kurang ajar!! Sapa sing wani mateni wong sing tak tresnani!
Hwaaaaarrrrrrggggghhhh!!” (murka)
Grandong : “Woooooy, Guru. Santé lah guru, ana apa ta jane ki.”
Mak Lampir : “Rasah kakean umuk! Ayo melu aku!”
Grandong : “Mangga guru!”

Ning alas..

Mak Lampir : “Grandong, tariken aku saka mburi. Yen aku ora kuwat, sangganen
nganggo ilmu anyar sing wus tak kandaake karo koe!”
Grandong : “Tapi ilmu kui bisa nglemahake guru, saya akeh metu saka tongkat
sektine guru, mengko saya ambruk.”
Mak Lampir : “Aku luwih mudeng kahananku ketimbang kowe! Lakanana!”
Grandong : “Siap guru!”

Mak lampir nyoba nguripke Datuk meneh, kekuwatane dibantu sitik karo kekuwatane
grandong. Datuk bisa urip maneh
Datuk nggolek desa sing ana penghunine, sing bisa dinggo ngeyup. Ning tengah dalan,
ana wanita sing lagi ngumbah rasukane, Datuk nyedhaki wanita kuwi. Jenenge Farida,
dheweke wong wadon sing ameh mirip sipate karo siti lampir.

Datuk Kumbang : “Farida?”


Farida : “Loh, Datuk Kumbang?” (wedi)
Datuk Kumbang : “Ora usah wedi, aku dudu setan, aku uwong.”
Farida : “Kangmas Sembara ngendika yen Datuk mpun gugur nalika
perang kaliyan siluman kebo.”
Datuk Kumbang : “Ora, aku mung pingsan sedela kok. Kesel aku, gandeng lagi do
perang aku reka-reka turu sek.” (mrenges)
Sembara : “Datuk?”
Datuk Kumbang: “Eh, woy Sembara. piye kabare bro? lak isih penak dadi kancaku ta?”
Sembara : “Iki datuk tenanan?”
Datuk Kumbang: “Kagetmu ki persis kaya Farida, jan-jane kowe kabeh ki jodo yaknen
ya.”
Sembara : “Datuk punapa saged ngantos mriki?”
Farida : “Kayane iki dudu Datuk mas.” (bisik-bisik)
Sembara : “Sampeyan sapa? Ora usah ngaku-ngaku persis Datuk! Siluman saka
ngendi kwe! Ngakuo!”
Datuk Kumbang: “Kenapa koe ora percaya mbi aku? Aku Datuk. Aku ora amnesia.”
Sembara : “Berubah opo gelut?”
Datuk Kumbang: “Aku Datuk.”

Sembara nyerang Datuk amarga ora percaya yen kuwi memang datuk.

Bubar perang karo Sembara, Datuk carita tujuane muter-muter desa, akhire Farida
ngandhani yen ning desa iki ana omah kang wis ora dinggoni. Akhire Datuk mapan ana
ing desa iku. Pendhak dina datuk marani nyang omahe Farida menehi buah-buahan
kanggo rasa matur nuwun, nanging ana sing ora seneng yen datuk nyedaki Farida,
yaiku Sembara, ksatria sekti sing diduweni desa iku. Dheweke duwe rencana nggo
nyingkirke Datuk saka desa iki.

Datuk menyang omahe Farida.

Sembara : “Aku tetep ora percaya yen dheweke Datuk Panglima Kumbang, yen
emang iya. Mesti sikape biasa wae karo koe.”
Farida : “Apa sing mbok raguake to mas? Dheweke emang Datuk Kumbang.
Bukane koe uwis tandhing ta wingi?”
Sembara : “Aku memang tandhing, lan aku memang ngrasaake kekuwatane
dheweke ki memang kekuwatane Datuk. Nanging sikape udu kaya sikape Datuk.”
Farida : “Alah, kuwi gur perasaanmu wae. Ayo mlebu.” (mlebu
ngomah)

Grandong nemu kabare Datuk Panglima Kumbang, dheweke bisa nrawang gerak-gerike
Sembara sing ameh mateni Datuk. Info iki langsung diwenehake marang gurune, mak
lampir. Mak lampir ora trima yen ana sing ameh mateni Datuk meneh, dheweke nyantet
Sembara lan nggawe Sembara lara-laranan. Sembara kang sekti ngerti yen dheweke
disantet, ing dina liyan akhire dheweke golek tempat pertapan sing adoh lan ora
bisa dijangkau karo wong sing wis nyantet Sembara.

Dirawat Farida
Sembara : “Aku bisa ngrasaake yen ana sing nyantet aku.”
Farida : “Sapa ta?”
Sembara : “Iki setan anyaran, setan sing gawene ngresahake masyarakat.
Setan iki sekti banget, aku ora bisa nggolek kelemahane.”
Farida : “Takon Datuk ya, mbok menawa reti?”
Sembara : “Ora usah! Dek, sesuk aku meh mertapa ning gunung Merapi, aku meh
mulihake kekuwatanku sing sitik-sitik wus ilang iki. Jaga awakmu ya!”
Farida : “Aku ora setuju, lha sampeyan ameh rana karo sapa? Yen ra
kuwat ana dalan piye? Aku melu ya?”
Sembara : “Aja, kana medane angel banget. Ora kabeh uwong bisa nglewati
dalan kana.”
Farida : “Tapi?”
Sembara : “Percayaa aku.”

Sembara ndelik ana gunung Dempo, gunung sing kebak kabut lan gur bisa disawang
wayah esuk, kuwi wae gur dilit. Mak lampir nyobo nrawang panggonane sembara supaya
ora bisa lolos karo santetane, ora nyangka yen santetane uwis ora nyandhak lan mak
lampir ora bisa nrawang Sembara meneh. Farida entuk kabar yen Sembara dipateni
amarga dheweke cedhak kambi Datuk, farida ora gelem mangan esuk awan sore.

Mak Lampir : (nrawang nganggo tongkate)


Grandong : (melu-melu mak lampir)
Farida : (galau)
Datuk : (sok perhatian karo Farida)
Sembara : (mertapa)

Mak Lampir : “He, ndong! Reneo tak kandani! Aku wes ora bisa nemoake Sembara
meneh iki. Piye lah?”
Grandong : “Lha piye ya Mak? Eh?”
Mak Lampir : “Koe ki ya kudune ngek.i solusi po piye, mah melu-melu bingung!”
Grandong : “Aha, aku ndue ide cilik mak! Piye nek awak dhewe nyusuri dalan
neng gunung Merapi nggolek.i sembara?”
Mak Lampir : “Yo! Tumben koe pinter!”

Mak lampir nyobo nggoleki sembara ning alas, akhire mereka ketemu ning papan sing
mbiyen dinggo perang Datuk Panglima Kumbang. Awale mak lampir ngangkon grandong
kanggo mateni sembara. Ananging sembara luwih sekti ketimbang grandong. Akhire
grandong mati neng tangane sembara.

Sembara lagi mertapa


Metu swara angin aneh, sembara mudeng
Grandong : “He, guru! Kae Sembara!”
Mak Lampir : “Aduh, kurang ajar! Kekuatane Sembara kayane nambah iki!”
Sembara : (ngadeg saka pertapan)“Aku wes nyangka yen koe sing nyantet
aku!”
Mak Lampir : (ngekek)”Rumangsamu aku ora mudeng niatanmu ha!”
Sembara : “Memang niatanmu sing marakke resah wargaku!”
Mak Lampir : “Ora usah sok suci, lak yo koe meh mateni penguasamu to!”
Sembara : “Ngomong opo koe! Rasah kakean umuk!” (nyerang mak lampir)

Sembara nyerang mak lampir, mak lampir nunjukke tongkate (ngekek)


Grandong melu nyerang sembara, nanging grandong bisa dikalahake Sembara. titik
kelemahane yaiku neng tangan tengene.

Mak lampir ora trima anak buahe bisa dikalahke sembara, dheweke nglawan sembara.
Ing tengahing paprangan, farida teka karo datuk. Farida saiki duwe kekuwatan kanggo
nyerang mak lampir. Ananging kekuwatane isih sitik. Tapi akhire mak lampir bisa
kalah amarga tongkat saktine di coklek karo sembara.

Farida : “Kurang ajar koe mak lampir!!” (nyerang saka mburi)


Mak Lampir : (Nyabet nganggo tongkate, ngekek) “Ora ana sing bisa ngalahake
aku!!”
Farida : (tiba) “Aduh”
Sembara : “Farida! Ati-ati!” (marani Farida) “Kok koe isoh gelut?”
Farida : “Tenang wae, aku ra ngopo-ngopo kok. Aku isa nglawan Mak
lampir.” (senyum)
Datuk Kumbang: “Musnah koe mak Lampir!!” (kekuatan angin)
Mak Lampir : (tibo) “Kurang ajar!!” (nyerang nganggo tongkate)

Mak lampir karo Datuk gelut, Farida ameh melu-melu

Sembara : “Uwis koe lungguh kene wae ra usah melu-melu.”


Farida : “Aku ki rak popo yo, aku wes isa nglawan mak lampir meski gur
sitik-sitik.”

Asline mak lampir ora tega nglawan Datuk, dheweke ora tenanan nglawan datuk. Tapi
kasektene Mak Lampir wus ngluwihi batas. Akhire datuk rodok lemah. Mak Lampir
ngekek. Sembara lan Farida genti sing nyerang Mak Lampir, farida bisa langsung
dikalahke mak lampir. Sembara wus ngerti kelemahane mak lampir.

Farida : “Apa sing kudu tak lakokke?”


Sembara : “Lakokna apa sing tak omongke. Nek mak lampir wus neng ngarepmu,
seblak tongkate nganggo kekuwatanmu. Ngerti?”
Farida : “Ya, aku ngerti.”
Sembara : “Apik!” (nglawan mak lampir)

Sembara madepke mak lampir sak mburine Farida, pas ana kode saka Sembara, Farida
langsung ngumpulake kekuwatane nganggo nyeblak tongkate Mak lampir. Tongkate tiba …

Mak Lampir : “Ajaaaaaaaaaaaaaa!!!!!!!!”

Sembara nugel tongkate mak lampir, awale angel, tapi bubar dibantu karo Datuk
tongkate mak lampir tugel. Mak lampir musnah.

Saiki desa wus tentrem, ora ana sihir lan anceman saka mak lampir. Datuk wes
dianggep kang mas karo Sembara. akhire Sembara tentrem karo Farida.

CEKAP

Anda mungkin juga menyukai