Anda di halaman 1dari 4

1

Assalaamu’alaikum Wr Wb
،‫ه‬ُُ ‫ْف‬
‫ِر‬ ‫َغ‬ َ َ
‫نسْت‬ ‫ه و‬ ُُ
‫ْن‬‫ِي‬‫َع‬‫نسْت‬ َ َ‫ه و‬ َُ
ُ‫د‬ ‫ْم‬‫نح‬َ ِ‫لِل‬
‫د ِه‬ َْ
‫َم‬‫ْلح‬‫ن ا‬ َِّ
‫إ‬
ِ‫َت‬‫ِئا‬‫ْ سَي‬
‫ه‬ ‫َ م‬
‫ِن‬ ‫َا و‬ ‫ِن‬ ‫ُس‬ َْ
‫نف‬ ‫ِ أ‬ ‫ُور‬‫ْ شُر‬ ‫ِن‬‫ِاهللِ م‬ ‫ُ ب‬ ‫ْذ‬
‫ُو‬‫نع‬َ َ ‫و‬
ْ
‫ِل‬‫ْل‬
‫يض‬ُ ْ ‫من‬ََ
‫ و‬،‫ه‬ ُ‫َّ َل‬‫َل‬‫مض‬ُ َ‫َال‬‫ِ هللاُ ف‬
‫هد‬ْ‫ي‬ َ ْ ‫من‬َ .َ ‫ِنا‬‫َال‬‫ْم‬‫أع‬َ
َ‫ه ال‬ َْ
ُ‫د‬ ‫َح‬‫ِالَ هللا و‬
‫ه إ‬َ‫ِل‬ ‫ن الَ إ‬ َ
ْ‫د أ‬ ُ‫ه‬ َ
َْ‫ أش‬.‫ه‬ ُ‫ِيَ َل‬‫ها د‬ َ َ‫َال‬
‫ف‬
.‫ه‬ ُ ُ‫َس‬
ُ‫ول‬ ‫َر‬‫ه و‬ ُ‫د‬ُْ‫َب‬‫دا ع‬ ًَ
‫َم‬‫مح‬ ُ ‫ن‬ََّ
‫د أ‬ ُ‫ه‬َْ‫َش‬‫َ أ‬ ‫ و‬،‫ه‬ ُ‫يكَ َل‬ِْ‫شَر‬
َ
‫َّد و‬‫َم‬‫مح‬ُ َ‫ِنا‬ ‫ه‬
‫ِي‬‫نب‬َ َ‫َلى‬ ‫ْ ع‬ ‫ِك‬‫بار‬ َ َ ‫ْ و‬ ‫ِم‬‫َ سَه‬
‫ل‬ ‫ه و‬ ‫َل‬
ِ ‫َّ ص‬
‫هم‬ َّ
ُ‫الل‬
َ‫َا‬
‫د‬ ‫ِب‬‫َع‬‫َيا‬ ‫د ف‬ ُْ‫بع‬َ ‫ما‬ ََّ
‫ أ‬.َ ‫ْن‬‫ِي‬‫َع‬
‫ْم‬‫َج‬ ‫ِ أ‬ ‫ْب‬
‫ِه‬ ‫َح‬‫َ ص‬ ‫ِ و‬ ِٰ
‫له‬‫َلىَ ا‬ ‫ع‬
‫ن‬‫ُو‬
َْ ‫َّق‬
‫ُت‬‫َ الم‬ ‫َاز‬ ‫د ف‬َْ‫َق‬‫َى هللاِ ف‬‫ْو‬
‫َق‬ ‫ِت‬‫يايَ ب‬ ‫َه‬
‫َإ‬‫ْ و‬ ‫ُم‬‫ْك‬
‫ِي‬‫ُص‬‫ أ‬.ِ‫هللا‬
Para rawuh Jamaah sidang Jum’ah ingkang tansah pinaringan raharja, karahayon saha
kawilujengan,

Alhamdulillah, sumangga kita sami-sami ngonjukaken sekabehaning rahos puji sembah


nuwun dumateng Gusti Allah ingkang maha luhur. Bilih kita sedaya sampun wonten ing dalem
pungkasanipun candra utawi wulan Sya’ban.
Punika artosipun, wulan utawi candra ingkang kita sedaya mangke-mangkekaken, kita
tengga-tengga badhe enggal purug ugi dumugi. Inggih punika wulan Ramadhan. Adhedasar
saking asil utawi pikantukan saking hisab ingkang dipuntumindakaken dening Majelis Tarjih lan
Tajdid Pengurus Pusat Persyarikatan Muhammadiyah kaliyan kriteria wujudul hilal, asil niki
sampun mangandika menawi ijtimak jelang/sak pangarepipun wulan Ramadhan warsa 1440 H,
kedadosan wonten dinten Ngahad, 5 Mei warsa 2019 M, wanci tabuh 05, menit ingkang kaping
48, detik ingkang kaping 25. Inggilipun Hilal (utawi wulan enggal, bulan sabit) wonten
Ngayojakarta 05°:48′:19″ (ateges hilal sampun wujud). 1 Ramadhan 1440 H dhawah wonten
dinten Senin, lukar/tanggal 6 Mei 2019 M. Mekaten ungelipun wara-wara Maklumat
Muhammadiyah gegandhengan kaliyan panetepan candra suci Ramadhan warsa 2019 M/1440 H.
Pawartos kawedhar ingkang sinebat punika ugi hanggadahi ateges bilih kita sedaya
dipunwantos-wantosi/dipun emutaken menawi Ramadhan sampun tansaya celak. Lan kagem kita
sedaya dipun sunnahaken supadhos bebingah, gumyaaken, ngrameaken,saha nyiyaraken kanthi
rahos suka.
Kangjeng Nabi Rasulullah Muhammad Saw.sampun paring sabda, ingkang artosipun
“Sampun rawuh dumugi sira Ramadhan, candra ingkang kebak saking berkah utawi anugrah
kesahenan saking Gusti Allah, Gusti Allah ngayahaken/nguwajibaken dumugi siro puwasa/siyam
wonten ing candra punika. Wonten ing candra punika ugi, badhe dipunbikakaken konten-konten
korining tawang, kaliyan dipun tutup konten-konten korining neraka, mawi setan-setan mbeling
badhe dipunbesta/dipun blenggu. Demi Allah, dening kuwasane Gusti, wonten candra punika
wonten setunggaling ratri/dalu ingkang langkung sae saking wontenipun 1000 candra. Sinten
ingkang kepambengi/kalangan/nggadhahi alangan kagem andulang kathah ganjaran wonten ing
dalem ratri punika, artosipun panjenenganipun badhe kepambengi saking pinaringan
kesahenan”. (HR. Ahmad kaliyan an-Nasa’i).
2

Under/inti saking tetembungan “marhaban ya ramadhan” ingkang dipun artosaken


sugeng rawuh he wulan Ramadhan. Inggih punika menawi tembung "marhaban" kala wahu
kapendhet saking tembung "rahb" ingkang jarwinipun wiyar utawi omber lan lapang, dadosipun
“marhaban” nggambaraken menawi dhayoh dipun sambut saha ketampi kaliyan jaja/manah
ingkang lapang, kebak rena lan suka mawi dipunjagikaken/dipunsiyapaken kagem piyambakipun
papan palenggahan ingkang wiyar kagem numindakaken punapa kemawon ingkang
dipunkersakaken.
Saking oyot ipun tembung ingkang sami kaliyan “marhaban”, kewangun tembung
“rahbat” ingkang anggadhahi artos sanesipun ingkang benten watawisipun: 1. Papan panggenan
ingkang wiyar kagem titihan/wahana, 2. Papan kagem murih pikantuk kesahenan, utawi 3.
kabegtahan panitih/pengendara gina nglajengaken margi.
”Marhaban ya Ramadhan” artosipun Sugeng Rawuh Ramadhan ngandung jarwi menawi
kita sedaya kedhah nyambut wulan punika kanthi sarana manah ingkang lapang, kebak kaliyan
rena dalah suka boten sarana kenyih utawi nggrundel datheng lathi tuwin manah. Punapa ugi,
anganggep kedhatenganipun niki wulan angresahi katentreman utawi kawontenan kraos kita
sedaya. Marhaban ya Ramadhan kita sedaya kocapaken, kita ujaraken, kita ngendikaaken wonten
ing manah dalah lathi, kagem candra suci punika, amargi kita sedaya tansah nggegayuh angarep-
arep, murih jiwa raga kita sedaya, diasah saha diasuh ing dalem candra niki, gina nglajengaken
margi pinuju Gusti Allah ingkang maha Luhur lan Maha Suci.

Para rawuh, ingkang tansah pinaringan welas asih saking Gusti Allah,

Wonten candra ingkang suci punika inggih niku Ramadhan, kita sedaya dipun dhawuhi
kagem nyaosi ibadah utawi sembah bekti kawula dhateng Gusti ingkang arupi siyam utawi
puwasa. Ungelipun surat ingkang sampun asring saupakara yektos kita tepang inggih punika:

ُ‫َام‬‫هي‬
‫ُ ٱلص‬
ِ ‫ُم‬
‫ۡك‬ ََ
‫لي‬ ‫َ ع‬ ‫ُت‬
‫ِب‬ ‫ْ ك‬
‫ُوا‬ َ‫ءا‬
‫من‬ َ َ
‫ِين‬ َّ ‫ها‬
‫ٱلذ‬ َُّ
َ‫ي‬ ‫يأ‬َٰٓ
ٰ
َ
َ‫ُو‬
‫ن‬ ‫َّق‬
‫تت‬َ ۡ
‫ُم‬ ََّ
‫لك‬ ‫ۡ َلع‬‫ُم‬
‫ِك‬ ‫َب‬
‫ۡل‬ ‫ِن ق‬‫َ م‬‫ِين‬ َّ ‫لى‬
‫ٱلذ‬ ََ
‫َ ع‬ ‫ُت‬
‫ِب‬ ‫َا ك‬‫َم‬‫ك‬
١٨٣
Artosipun: “He, wong-wong kang padha iman (kapitudhuhan), den ayahake (diwajibake) ing
ngatase sira kabeh laku pasa kaya dhene den wajibake ing ngatase wong-wong sangka sak
durunge siro kabeh amrih siro kabeh padha takwa (ajrih marang Gusti).” (QS. Al-Baqarah [02]:
183).
Wonten ing lebet ungelipun ayat kapungkur, saupakara artos ingkang kanthi nyuraos
utawi komprehensif majaraken babagan siyam ingkang saupakara angger-anggeripun hukum
Islam wajib dipun ngasta damelaken dening saben umat ingkang kapitadosan. Pasa utawi asring
kawastanan kaliyan shiyam kalawahu ndherek bebasan utawi etimologis artosipun nguwawi
salira saking samukawis punapa kemawon. Wonten dhene shiyam ndherek istilah utawi
terminologi jarwinipun inggih punika nguwawi salira saking dhahar, ngunjuk, makempal garwa
isteri kaliyan samukawis ingkang nyandekaken wiwit saking mlethekipun fajar baskara dumugi
serapipun surya kaliyan pangangkah utawi niyat amargi Allah SWT. Tujuan ibadah siyam inggih
punika kagem nguwawi angkara utawi awa nafsu saking samukawis karemenan utawi syahwat,
sahengga siyap jagi ngupadi samukawis ingkang dados puncak karaharjanipun; narimah
samukawis ingkang anyuciaken, ingkang wonten lebetipun wonten nguwawi awa nepsu majeng
3

luwe kaliyan dahaga mawi ngengetaken kaliyan wonten tiyang-tiyang ingkang rekaos keluwen
dipunantawis tiyang-tiyang miskin; ugi ngripakaken margi syetan wonten saliranipun kanthi
upakara angripakaken margi aliran dhaharan kaliyan unjukan.
Siyam niku kagem Gusti Allah kemawon Pangeran sak indhenging jagad, boten kados
amalan utawi lampah becik ingkang sanes. Punika artosipun mengker semukawis ingkang
dipungandrungi sarehdenten kegandrungipun piyambakipun dumugi Allah SWT. Siyam
ngrupikaken wewados utawi rahasia watawis kawula dhateng Pangeranipun, amergi para kawula
mbok menawi saged kapriksan menawi panjenenganipun mengker perkawis-perkawis ingkang
nyandekaken siyam saupakara yektos, Ananging kewontenipun mengker perkawis-perkawis
punika keranten Gusti sesembahanipun, mboten sapriyantuna manusia ingkang mriksani. Pramila
punika underipun siyam.
Sakderengipun kita sedaya siyam, kita sedaya kedah njagikaken/nyiyapaken salira,
jagen/persiyapan salira punika anjangkahi: 1. Jagen sukma kaliyan raga, kanthi upakara
ambiyasaaken salira kersanipun wonten candra Sya’ban (candra sakderengipun serap candra
Ramadhan) kita sedaya sampun biyasa kaliyan siyam. 2. Jagen kawruh, suraosipun inggih punika
ngahos kaliyan nosan babagan siyam tuwin perkawis-perkawis ingkang nyandekaken/mbatalaken
dalah ingkang dipun keparengaken utawi boten betah dipun tumindakaken mawi numindakaken
Qiyam utawi njumenengaken wulan Ramadhan. 3. Jagen fisik material inggih punika ngemasi
samukawis pirantos, sarana-pra sarana, kagem nyakaguruni kengungkukan Ramadhan.
Mekaten, mugi-mugi keranten kita sedaya sarana njagikaken tigang perkawis ingkang
sampun Ketib ujaraken wahu, kita sedaya saged gangsar ing dalem nindakaken lelampahan ibadat
siyam. Mugi kerawuhan candra suci Ramadhan pareng ngleresaken kita sedaya dados
kawulanipun Gusti Allah ingkang sadu, tulus, ikhlas dalah kebak kaliyan kesatuhon ing ndalem
lelampahan ngibadah, sadu ing dalem mikul tanggung wangsul, tuwin sadu sadu ing dalem yasa
berjoang wonten marginipun Gusti Allah kagem angluhuraken Kalimatipun Gusti Allah. Amin.
Sugeng Nindaki Lelampahan Siyam.

‫ْم‬
،ِ ‫َظ‬
‫ِي‬ ‫ْلع‬ ‫ُرأنِ ا‬ ‫ْلق‬
‫ْ فىِ ا‬ ‫ََلك‬
‫ُم‬ ‫ِي و‬ ‫َ هللاُ ل‬
‫َك‬‫بار‬َ
‫ْر‬
َ ‫َ ه‬
ِ
‫الذك‬ ‫ياتِ و‬ َٰ‫َ اال‬‫ِن‬
‫ِ م‬‫ْه‬
‫ِي‬‫َاف‬
‫ِم‬ ‫ُم‬
‫ْ ب‬ ‫ياك‬َِ
‫َإ‬‫ِي و‬ ‫َع‬
‫َن‬ ََ
‫نف‬‫و‬
َ
‫هو‬ُ ‫ه‬ َِّ
ُ‫ن‬ ‫ه إ‬ُ‫ت‬ََ
‫ِالَو‬
‫ْ ت‬ ‫ُم‬
‫ْك‬ ‫َ م‬
‫ِن‬ ‫ِ و‬ ‫َ م‬
‫ِنيه‬ ‫َب‬
‫َّل‬ َ َ
‫تق‬ ‫ و‬،ِ ‫ْم‬ ‫َك‬
‫ِي‬ ‫ْلح‬
‫ا‬
‫ْم‬
ُ ‫َل‬
‫ِي‬ ‫ْلع‬‫ُ ا‬‫ْع‬ ‫ِي‬ َ
‫السم‬
KHUTBAH II

،َ
‫ْن‬‫ِي‬‫َّق‬
‫ُت‬ ْ‫ة ل‬
‫ِلم‬ َُ
‫ِب‬‫َاق‬ ‫ْلع‬ ‫َا‬‫ و‬،َ ‫ْن‬
‫ِي‬‫الم‬ ‫ْلع‬
َ َ ‫هِ ا‬‫َب‬ ‫د ِه‬
‫لِلِ ر‬ ُْ ‫اْلح‬
‫َم‬
َُ‫َّال‬
‫ة‬ ‫َالص‬ ‫ و‬.َ ‫ْن‬ ‫ِي‬ ِ‫َّا‬
‫لم‬ ‫َلىَ الظ‬ َِّ
‫ال ع‬ ‫ن إ‬َ‫َا‬ ‫دو‬ ‫َالَ ع‬
ُْ ‫و‬
ِ
‫ِه‬‫ْب‬ ‫َح‬
‫َص‬‫ِ و‬ ‫له‬ ِ‫َلىَ ا‬ ‫َع‬ ‫ٍ و‬‫َّد‬
‫َم‬ ُ َ
‫مح‬ ‫ِنا‬‫ه‬
‫ِي‬ َ َ‫َلى‬
‫نب‬ ‫ُ ع‬ ‫َالسَّالَم‬‫و‬
َ‫يك‬‫ال شَر‬
ِْ َ ‫ه‬ ُ‫د‬َْ ‫ِالَّ هللاُ و‬
‫َح‬ ‫ه إ‬َ‫ِل‬ َ ‫ن‬
‫ال إ‬ َْ
‫د أ‬ُ‫ه‬َْ‫َش‬‫ أ‬.َ ‫ْن‬ ‫َع‬
‫ِي‬ ‫َج‬
‫ْم‬ ‫أ‬
‫دا‬ًَّ
‫محم‬ ُ ‫ن‬ َ
َّ‫د أ‬ ُ‫ه‬َْ‫َأش‬َ ‫ و‬،ُ ‫ْن‬
‫ِي‬ ‫ُْلمب‬
‫ُّ ا‬
‫َق‬‫ْلح‬
‫ِكُ ا‬ ‫ المل‬،‫ه‬ ُ‫َل‬
‫‪4‬‬

‫َ‪.‬‬ ‫ْن‬
‫ِي‬‫َالم‬ ‫ة لْ‬
‫ِلع‬ ‫ًَ‬
‫ْم‬ ‫َح‬‫ُ ر‬‫ْث‬‫ُو‬‫ْع‬‫َْلمب‬ ‫ه‪ ،‬ا‬ ‫ُْلُ‬‫َسُو‬‫َر‬‫ه و‬‫دُ‬‫ُْ‬‫َب‬‫ع‬
‫ُْ‬
‫د‬ ‫ما َ‬
‫بع‬ ‫َ‬
‫أَّ‬
‫َّ‬
‫َق‬ ‫َى هللاِ ح‬‫ْو‬‫َق‬‫ِت‬‫يايَ ب‬ ‫َِ‬
‫َإ‬ ‫ْ و‬ ‫ُم‬
‫ْك‬‫ِي‬‫ْص‬‫ُو‬‫ن‪ ،‬أ‬ ‫َاُ‬‫ْو‬‫ِخ‬‫َ ْ‬
‫اْل‬ ‫يها‬‫َُّ‬
‫َاأ‬ ‫َي‬‫ف‬
‫ن‪.‬‬‫َْ‬‫ُو‬‫ِم‬‫مسْل‬ ‫ْ ُ‬ ‫ُم‬‫نت‬ ‫َ‬
‫َأْ‬‫ال و‬‫َِّ‬
‫َّ إ‬‫تن‬ ‫ُوُ‬‫تم‬‫ال َ‬‫ََ‬‫ِ و‬‫ِه‬‫َات‬ ‫تق‬‫ُ‬
‫َاتِ‬ ‫ِم‬‫ُسْل‬ ‫ْلم‬ ‫َ ا‬ ‫َ و‬‫ْن‬‫ِي‬‫ِم‬‫ُسْل‬‫ِلم‬‫ْ لْ‬ ‫ِر‬‫ْف‬‫َ اغ‬ ‫هم‬‫ََّللُ‬‫ا‬
‫ْ‬
‫هم‬‫ُْ‬‫ِن‬‫ِء م‬ ‫َا‬ ‫َألَح‬
‫ْي‬ ‫َاتِ‪ ،‬ا‬ ‫ِن‬‫ْم‬‫ُؤ‬‫ْلم‬ ‫َا‬‫َ و‬ ‫ْن‬‫ِي‬‫ِن‬‫ْم‬
‫ُؤ‬‫ْلم‬ ‫َا‬‫و‬
‫َاتِ‪،‬‬ ‫ْو‬ ‫َّ‬
‫الدع‬ ‫ْب‬
‫ُ‬ ‫مجِي‬ ‫ٌ ُ‬ ‫يب‬ ‫َر‬
‫ِْ‬ ‫ٌ ق‬ ‫ْع‬‫ِي‬‫نكَ سَم‬ ‫َِّ‬
‫َاتِ‪ ،‬إ‬ ‫مو‬‫ْألَْ‬
‫َا‬‫و‬
‫هَ‬
‫دى‬ ‫ْلُ‬ ‫َ‬
‫انسْأُلكَ ا‬ ‫ن َ‬ ‫َِّ‬
‫َ إ‬ ‫ََّللُ‬
‫هم‬ ‫َاتِ‪.‬ا‬ ‫َاج‬‫ْلح‬ ‫ِيَ ا‬ ‫َاض‬‫َاق‬ ‫َي‬‫ف‬
‫ِنىَ‪.‬‬‫ْلغ‬ ‫َا‬‫َ و‬ ‫َاف‬ ‫َف‬‫ْلع‬ ‫َا‬‫َى و‬ ‫ُّق‬
‫َالت‬ ‫و‬
‫ًَّ‬
‫ة‬ ‫َ ق‬
‫ُر‬ ‫ِنا‬ ‫يات‬ ‫ُر‬
‫ََّّ‬ ‫َ و‬
‫َذ‬ ‫َاجِنا‬ ‫ْو‬ ‫َ‬
‫ْ أز‬ ‫ِن‬ ‫َ م‬‫ْ َلنا‬ ‫هب‬‫َ َ‬‫بنا‬ ‫ََّ‬
‫ر‬
‫ْ‬‫ِغ‬ ‫تز‬‫َ الَ ُ‬ ‫بنا‬ ‫ً‪ .‬ر‬
‫ََّ‬ ‫ماما‬ ‫َِ‬‫َ إ‬‫ْن‬‫ِي‬‫َّق‬
‫ُت‬ ‫َ لْ‬
‫ِلم‬ ‫لنا‬ ‫َْ‬‫ْع‬‫َاج‬ ‫ُنٍ و‬‫ْي‬‫أع‬‫َ‬
‫نكَ‬‫دْ‬ ‫ْ َلُ‬‫ِن‬‫َ م‬ ‫ْ َلنا‬ ‫هب‬ ‫ََ‬‫َ و‬‫َنا‬ ‫يت‬‫دْ‬‫هَ‬‫ْ َ‬ ‫ِذ‬
‫د إ‬ ‫َْ‬‫بع‬‫َ َ‬ ‫بنا‬‫َْ‬‫لو‬‫ُُ‬‫ق‬
‫ُ‪.‬‬
‫هاب‬ ‫ْلو‬
‫ََّ‬ ‫َ ا‬ ‫َْ‬
‫نت‬ ‫نكَ أ‬ ‫َِّ‬
‫ة‪ ،‬إ‬ ‫ًَ‬‫ْم‬‫َح‬‫ر‬
‫ًَ‬
‫ة‬ ‫َسَن‬
‫ِ ح‬ ‫َة‬‫ْألٰخِر‬
‫ِى ا‬ ‫َف‬ ‫ة و‬ ‫ًَ‬ ‫َ ح‬
‫َسَن‬ ‫نيا‬ ‫الدْ‬
‫ُّ‬ ‫ِي‬‫َ ف‬ ‫ِنا‬ ‫َا‬
‫ٰت‬ ‫بنا‬ ‫ََّ‬
‫ر‬
‫َّة‬
‫ِ‬ ‫ْلع‬
‫َز‬ ‫هِ ا‬‫َب‬‫ِكَ ر‬ ‫َه‬
‫ب‬‫ن ر‬ ‫َاَ‬‫ْح‬‫ِ‪ .‬سُب‬ ‫َّار‬ ‫َ الن‬ ‫ذاب‬ ‫ََ‬‫َ ع‬‫ِنا‬ ‫َق‬‫و‬
‫د ِه‬
‫لِلِ‬ ‫ُْ‬
‫َم‬ ‫ْلح‬‫َا‬‫َ‪ ،‬و‬ ‫ْن‬‫ِي‬‫ْسَل‬‫ُر‬ ‫ْلم‬ ‫َلىَ ا‬ ‫ٌ ع‬ ‫َسَالَم‬
‫ن‪ ،‬و‬ ‫َْ‬‫ُو‬‫ِف‬ ‫َّا َ‬
‫يص‬ ‫َم‬‫ع‬
‫َ‬
‫ْن‬‫ِي‬ ‫َ َ‬
‫الم‬ ‫ْلع‬‫هِ ا‬‫َب‬‫ر‬

Anda mungkin juga menyukai