Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawulo hormati Pangarsanipun al-mukharom bp Kyai Atho’illah saking


Cangkrep Lor ingkang tansah kito antu-antu fatwahipun

Ingkang kawulo hormati tamu undangan ugi tokoh masyarakat warga RT 6


ingkang mboten saget kulo sebat setunggal mboko stunggal,

Ingkang kawulo hormati sedoyo karyawan RS Budi Sehat Purworejo

Langkung rumiyin sumonggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten
ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan
dhumateng kito sedaya saenggo saget ngrawuhi adicoro Halal Bi Halal Rumah
Sakit Budi Sehat Purworejo kanthi mboten woten alangan stunggal punopo.

Sholawat soho salam, mugiyo katur dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang tansah kito antu-antu syafaatipun benjang wonten ing
yaumul akhir, lan kito sedoyo mugi dipun akeni minongko umatipun. Amin.

Hadirin ingkang kulo hormati,

Kanthi nyadong ridhonipun Gusti Allah SWT, kulo minongko direktur RS Budi
Sehat Purworejo mewakili sedoyo karyawan RS Budi Sehat Purworejo temtunipun
jroning bebrayan gadah kalepatan, khilaf soho dosa ingkang dipun sengojo utawi
mboten kasengojo . Pramilo kanthi puniko kanthi raos ikhlas kito ngikraraken halal
bi halal, sami-sami nyuwun lan paring pangapunten antawisipun sedoyo jajaran
karyawan RS Budi Sehat Purworejo kalian sedoyo warga RT 6 lan sekitaripun,
mugi Allah SWT paring ridho dateng lampah ingkang pinuji puniko kanthi kairing
dongo:

“Taqobblallaahu mina waminkum. Minal Aidin Wal Faidzin”

“Mugi kito sadoyo wangsul dateng fitroh lan Allah SWT tansah mbimbing
dumateng kito dateng kasaenan lan pangibadahan, sae ibadah ingkang langsung
dumateng Allah SWT punopo dene srawung gesang wonten ngalam donyo”

Cekap semanten atur kawulo mbok bilih kathah tumpang suh lan kelajuk atur kulo
ngaturaken gunging sih samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai