Anda di halaman 1dari 1

PERGAULAN BEBAS

Bismillahirohmaanirohim.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati, Bpk Ibu guru ingkang kula hormati. Mboten supe rencang-
rencang ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyen monggo tansah ngonjukaken puji syukur wonten ngarsaning gusti ingkang Moho
Agung. Injih awit panjenengan dalah kula tasih pinaringan kesarasan sahinggo saged kempal wonten
mriki kanti mboten wontel alangan satunggal punapa.

Kula badhe ngaturaken kenging menapa muda-mudi jaman sameniko remen kalih pergaulan bebas.
Wonten adicara menika kula badhe ngaturaken menapa sebabipun para muda-mudi remen pergaulan
bebas. Mugi-mugi mawon ingkang kula aturaken mangke saged migunani kagem kula sarencang lan
umumipun dumateng para muda-mudi sedaya.

Konco-konco ingkang kula tresnani, kita sampun mangartos bilih pergaulan bebas menika mbekto
dampak ingkang mboten sae tumprap kita sedoyo ingkang saweg masa pubertas. Sebab-musababipun
lare muda-mudi sami klentu kekancan utawi pergaulan bebas, inggih menika:

1.Faktor keluwargo, faktor menika menawi lare muda-mudi mboten pikanto kasih sayang lan
pengayoman ingkang cekap. Ndadosaken para muda-mudi ngucali kasih sayang wonten jawi, inggih
menika saking rencang-rencang, menawi mboten waspodo saged terjrumus pergaulan bebas.

2. Kirangipun pangertosan babagan agama, faktor menika ugi ndadosaken penyebab klentu pergaulan.

3. Faktor lingkungan, para muda-mudi kedah saged milih sinten ingkang sae dipun dadosaken rencang
lan ingkang mboten sae.

Pergaulan bebas sagedipun atasi kanti ningkataken keimanan ugi takwa kita dumateng Gusti Allah. Coro
lintunipun kagem ngindari pergaulan bebas inggih menika nyaluraken bakatipun ingkang positif, saged
njogo emosi ugi mikiraken masa depan.

Mekaten ingkang kula aturaken mugi-mugi saged mbekto manfaat tumrap kita sedaya. Katah lepat kula
nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai