Anda di halaman 1dari 3

PENERAPAN E-TOLL

Penerapan e-toll nyatane bisa nyudha perkara macet wayah mbayar toll. Saiki

dirasa manpaate kanggo para pengguna jalan tol. Sing mlebu tol dudu kendaraan siji

nanging sedina bisa cacah puluhan tekan cacah atusan kendaraan ing wayah

liburan apa tanggal merah. Pembayaran e-tol nyatane nyudha perkara macet

pengguna tol apa malah nuwuhake perkara anyar ing pelaksanaan pembayaran tol.

Perkara sing liwat tol kudu mbayar e-tol apa malah digratisake saka mbayar e-tol.

Mbayar e-toll mono migunakna kartu elektrik sing ingaran kartu e-toll. Kartu e-

toll diisi penuh supaya saben-saben liwat jalan tol bisa lancar. Gumantung saka ana

pira gardu pembayaran tol sing bakal diliwati. Kala-kala ya kudu diisi ana papan

pengisian bisa diisi menyang toko merchant sing nyediani pembelian e-tol. Ora

kabeh merchant nyedhiani pembayaran e-tol. Merchant sing nyedhiani e-tol umume

masang tulisan nyedhiani pembayaran kartu tol. Mengko menawa tinemu merchant

ana tengah-tengah tol ya nyedhiani pembelian e-tol.

Dene jinise e-tol mono ana papat jinis, kayata kendaraan muatan, kendaraan

jinis truk, kendaraan bis gedhe, kendaraan elf, lan kendaraan mobil. Cara mbayare

padha nanging nominale sing bedha. Kayata jinis kendharaan cilik apa ingaran mobil

mono bisa tekan mung sepuluh ewu. Ora kaya kendharaan gedhe kayata kendaraan

bermuatan apa jinis bis. Sing luwih diperhatekake jinis mobil, jinis mobil kalebu sing

diwenehi plakat sing kalebu kendharaan ukuran cilik bisa mlebu menyang gardu tol

sing berbayar.

Jalaran ana sing paturan sing kaya mangkono mau, mobil-mobil pada

nyiapake kartu pembayaran tol apa ingaran e-tol. Prosese ora suwe suwe ngenteni
cukup nempelake kartu ana mesin elektrik sing ana gardu tol. Ing kene para

pengemudi mobil wis ninggalake cara sing uwis-uwis yaiku ngenteni dhuwit susuk

apa dhuwit luwihan saka pembayaran tol. Ngono ya ora padha karo sistim jaman

dhisik sing isih kudu mbayar nganggo dhuwit cash.

E-toll iki wiwit ditrapake ya isih ana bae pengguna sing isih klalen ora nggawa

kartu pembayaran tol. Mobil wis kadhung mlebu ana njero tol banjur kudu mbalik

mundur nggoleki jalan sing ora nganggo pembayaran e-toll. Apa malah kesasar

menyang jalur liyane. Bisane ya tuku ndadak kartu tol sing disedhiyani petugas jaga

gardu tol terus bisa ngliwati tol. Ana kalane wong-wong ora nggawa kartu tol apa

malah kartune bae durung nduwe.

Perkara iki njalari pitakonan, apa kurang sosialisasi penerapan e-toll mono

durung njangkau ing kabeh lapisan masyarakat. Kasus para pengemudi mobil ora

nggawa kartu pembayaran tol ngliwati tol. Ana siji apa tekan telung mobil bisa njalari

macet para pengguna tol liyane. Sosialisasi sing ditindakake dening dishub ya ora

kurang, disiyarake ana tivi. Nanging saiki ngendi wis padha sepi mampring. Ora ana

sing mbahas perkara e-toll.

Penerapan e-toll di terapake ing jaman pemerintahane Pak.Jokowi-Jk.

Perkara tol dadi perhatian sing utama yaiku ing arah-arahan pembangunan sing

nyatane pusate ana tol. E-tol dadi inovasi sing paling handal mbusek sistim

pembayaran nganggo tunai. Inovasi iki membanggakan sekaligus nuwuhake

problematika perkara pengguna sing ora nggawa kartu tol apa pengguna sing kerep

lali jalaran wis asring migunakna sistim lama terus lali karo sistim anyar pembayaran

tol.
Sasuwene nganggo e-tol kendharaan ora bisa kebut-kebutan ana tol.

Menawa ketemu gardhu induk tol padha ngerem, padha alon-alon jalaran mbayar tol

migunakna kartu kudu nyocogake antarane kartu karo mesin tol. Yen durung

nggesere pas kartune pembayaran durung bisa mlebu. Mulane para pengemudi

kudu alon-alon nalika nyocogake kartu supaya bisa mlebu ana mesin elektrik

pembayaran tol. Lan sing ana memburi mobil antrean ya kudu sabar ngenteni sing

ngarepe mbayar tol.(Ap)

Pengirim : Anike Prarista Putri

Alamat : JL.Nusa Indah rt 06/rw 03, Kelurahan Wonomlati,

Kecamatan Krembung, Sidoarjo, 61275 (Kode Pos)

No.Hp : 085735915920.

No.rek : 315901024139536 BRI

Anda mungkin juga menyukai