Anda di halaman 1dari 3

Rame-Rame Sadranan.

Tanggal selikur sasi ruwah, akeh wong resik-resik pasareane leluhur.


Sakdurunge sasi poso ojo lali ngresiki, ora mung ngresiki awake dewe kawujud lahir yo
batin ning yo kawujud dedonga kanggo para sesepuh sing wes ra ono. Bangsal sing ono
ning Ngaranmlese, Ceper, Klaten wes lumayan rame tetabuhan gendhing iringan
tanggapan wayang sing wes biasa dinggo mengeti dino sadranan.

“Bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap katon lir kincanging alis, risang


maweh gandrung, sabarang kadulu wukir moyag-mayig saking tyas baliwur, ong. Wong
dodolan wis ora laris, ati nggrantes batine nangis, merga dagangane saya nipis, saben
grimis ngeyup neng tritis, ora bathi malah mringis, entek ora kalahe ngladen wong
ngemis, sing mung modhal tape sak iris. Ana maneh slagane wong wasis, gawe giris ra
uwis, kareben miris njur ngengis engis, ketoke alus nanging wengis, wong pangkat lan
sugih diaku waris, lambene tipis tembunge manis, ora isa mbedakke kharam lan najis,
nggolekake gaweyan nanging mung lamis, entuk ngapusi rasane esis, banjur lumaris
lonjong mimis. Jamane wes jaman kuwalik-walik, wong salah malah diuja-uja, wong
bener malah kesingkir, sing bodo diidak-idak, sing pinter malah keblinger. Wong jowo
saiki wis ilang jawane.”

Gunungan tancep, petruk metu gegojekan karo bagong. Rasane mung


geguyonan dewe yen gara-gara ora ono dangdutane. Rasane sepi yen dhalange ora
mbanyoli anak buahe. Hla terus opo hubungane suluk sing disuarake paklikku karo opo
sing dirasake pas sadranan saiki? Iyo, tanggapan wayange rame. Pendak deso pendak
dino mesti ono wayangan yen wayah sadranan ngene iki. Kadang sedino sewengi,
kadang mung sewengi tok. Dulurku podo rame-rame payon yo sing dadi niyaga yo sing
dadi dhalang. Tapi sing nonton? Yen mung ana dangdutane tok. Cerita wayang kui malah
mung dadi formalitas tanpo isoh ngaturake pewarta sing ono ning njero ceritane. Mbuh
pesen adiluhung opo mung pewarta sejarah kui mau tapi didelok soyo suwe kok malah
soyo ngantuk. Yo bener opo sing diomongke kancaku, “wayangan yen ra ono dangdute
ora gayeng.” Hla kowe nonton wayang opo nonton dangdutan? Padahal ning daerah
manca, kayaa luar pulo jowo sing digoleki justru keluhuran seni pewayangan kui.
Mangka ora salah yen tumindake wong jowo saiki ora ngegambarake leliuhur jowo
sautuhe. Barang tradisi wae diucali sak kepenake dewe.
Kabudayaan kegambarake jelas soko perilaku wong sing ngalkoni adat nanging
ora mudeng artine, termasuk sadranan iki. Wong mung metu, dedonga, sesuk wes lali
maneh. Ora njaga opo arti sadranan kui, mung rutinitas biasa wae sakdurunge poso.
Rame-rame sadranan wes ora guyub maneh. Sing penting weteng wareg mbuh liyane.
Sing penting pikiran padang mbuh karo liyane.

Akeh wong sing gaweane mung apus-apus. Yen dirasake mung iso gawe giris
lan mesakke. Budaya yen ana wong sing nduwe pangkat uga sugih esti diaku sedulur, pie
yen wong sing ora nduwe opo-opo? Yo mung disumingkirake. Dianggep hama, lan ora
bakal dibutuhke. Kui mung kanggo opo? Kanggo batine dewe-dewe. Wong sing tingkah-
polahe alus koyo Janaka nanging asline bengis kaya duryudana. Ora nggagas sopo-sopo
sing penting awake dewe iso nyandang.

Babad alas wanamarta sing gayeng, werkudoro njugili giri, nerjangi buto ora
segayeng penontone. Dangdutane wes liwat, penontone yo melu liwat. Aku sing nonton
mung dikancani wong telu. Arimbi ngoyak-oyak werkudoro sing ndelik, sing nonton yo
melu ndelik ning omahe dewe-dewe. Semono uga ceritane para dalang sing kangelan
nggolek niyaga. Sambat rebutan niyaga, pungkasane yo niyagane ngrangkep. Ana sing
ngendang nyambi main rebab, ana sing ngethuk karo ngenong, yo untunge bonang
barung ora dirangkep karo bonang penerus. Iso bubrah wayangane yen ngono kui. Yen
didelok yo para niyagane wes sepuh kabeh. Saka aku cilik nonton wayang nganti saiki
ora ana sing ganti. Yo mung ketambahan adiku lanang sing nyekel kenong nyambi
ngethuk. Duhyung.

Cetho banget yen kesenian pewayangan lan karawitan wes ditinggalke karo
sebagian wong sing nganggep seni kui kuno, kaku lan mboseni. Cetho banget yen
tanggapan wayang mung dinggo kebiasaan udu wadah kanggo ngaturake ajaran kang
luhur. Dene mbiyen walisongo nggunake wayang kanggo nyebar agama Islam. Mergo
bab iki yo aku ora iso nyalahke ana wong sing nggawe dalil haram sing ditujuke tumuju
tanggap wayang yen isine mung dangdutan, tur yo ana ndem-ndeman yo uga judi sing
ana ning njaba pelataran tanggap wayang. Senadyan yen dalil haram kui mau ora tepat
digunake kanggo seni pewayangan iku. Bab seni wayang sejatine seni sing adiluhung. Yo
mung tambahane kui mau sing marake olo.
Arimba nggoleki arimbi sing wes daup karo werkudara, alas wanamarta sing
wes dadi keraton amarta diobrak-abrik lan akhire perang tanding arimba kalawan
werkudara. Jan pancen udu tandinge, sekali sepak arimba langsung ngelepak ning
ngarepe werkudara. Uga nasib kabudayan jawa sing anyak ditinggal karo anak warise.
Bener ujare masku yen werkudara kui paling digdaya, digambarake jaman saiki kertas
sing kerep disebut duit luwih digdaya katimbang kaluhuran budi. Jaman saiki, jamane
wes jaman edan. Rame-rame sadranan tapi bingung karo kahanan. Akeh tumindak sing
ora nganggo pemikiran sing jeru, asal grusa-grusu kabeh sak kabehaning disaru. Ora
kliru yen akeh wong pinter keblinger, akeh wong pinter sing dalane ora bener. Sing
penting weteng wareg, yen bar nyekar yo wis. Bali meneh nggolek duit, lali ora gawe
punapa. Matursuwun.

Klaten, 21 Mei 2019

Boyak Ragha Dian Tambara

Anda mungkin juga menyukai