Anda di halaman 1dari 2

PRANATA CARA

Assalamu’alaikumwr.wb
Tata singrahina gumantiari, ing gegana katon remu wancine wus
pangklong. Sang sitaresmidatan jumedhul among taranggana kang abyoring
tawang. Agelar gumelar aneng cakrawala pinangka dipaningari, hanuju
dina……………… surya kaping……………..warsa……………
Sinengkalan sabdaning pangesthi trusing Gusti anatitahing jalma ingkang
asesinung bapa………. Arsaha netepi darmaning asepuh, mangun buja karma
amiwaha suta amahargyasiwi nuninggih rara………….. Ingkang jinatukrama
kaliyan bagus……………..
Kula ingkang sinaraya hangaturaken menggah urut roncening tata upacara
pahargyan pawiwahan.
Puji dalasan syukur miwah pangalembana kula aturaken dhumateng Gusti
ingkang akarya loka, awit paring ipun pinten-pinten kanikmatan hidayah sarta
inayahipun, mugi sedaya kala wau kula miwah panjenengan tansah cinelakna
budi rahayu, tinebihna saking bebendu. Karahayon, karaharjan, kawilujengan
miwah katentreman tansah sinanding wonten sanubari kula sumrambah ing
panjenengan sedaya.
Kunjuk dumateng sesepuh aji sepuh ingkang piniji sepuh ingkang pantes kula
pepundi, kula aosi miwah kula bekteni. Kunjuk dumateng para peraboting nagri
miwah jejenggul agul-aguling kawula dasih kawasih ingkang sinunggata ing
pakurmatan. Para sujana sarjana ingkang sampun anampi wahyuning
kasutapan ing kang bagya mulya, para purna labet praja luhuringbudi,
sumrambah para tamu kakung putrid linangkung kadang besan sutresna dalah
para sanak kadang mitra pitepangan ingkang pantes tinampi ing pakurmatan.
Amit amit pasang kaliman tabik,ila-iladina sinabetna ing iladuni,tinebihna tulak
sarik dhumawahing tawang tuwang, mugi linepatna saking siku dhendhaning
Gusti ingkang akaryaloka.
Mradapa awit saking keparengipun pamangkugati,nuninggih panjenenganipun
bapa…………… sekalian.
Kula ingkang sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara,
dwaraning kandha, pinangka jejering pambiwara sinebat pranata ad iwicara
miwah pengendhaliwara.
Para tamu miwah para lenggah sampun dumugi wahyaning mangsa kala
dhumawaning tata upacara pahargyan pawiwahan.
1. Titi laksana pambuka
2. Mijilipun temanten putri saking sanabusana/tepas wangi tumuju sasana
pawiwahan. Keparenga nyi juru sumbaga ibu…………..samangkih
mratitisaken titilaksana punika.
3. Sowaning pinanganten kakung saking wisma palereman binayangkara
dening mitra rowangipun.
4. Pangandikan pasrah panampining temanten sinebat titilaksana lung
tinampen.
5. Panggihing sri atmaja temanten sekalian kalajengaken adat tradisi
ingkang sinengker sinebat kacar kucur, bobot nimbang, kacang kawak,
sekul kumpul miwah sungkeman.
6. Kiraping temanten ingkang angka setunggal sinebat kirab kanalendran
kalajengaken kirab ingkang angka kalih nuninggih kirab kasatriyan.
7. Wedharing atur pambagya harja yuwana miwah atur panuwun saking
pamangku gati bapa………….. kunjuk sagunging para tamusaha para
lenggah ing samudayanipun.
8. Panutup. Pinangka pratandha cetha panutup ing pahargyan pawiwahan
hambok bilih sang raja sadina nuninggih temanten sarimbit sampun
jengkar saking kursi dirgamaya tumuju sakngajenging wisma pawiwahan
saperlu hanguntapaken kunduripun para tamu saha tangkeping asta
nyuwun berkah pangestu anggenya badhe hanjejekaken bale wisma.
Sagunging para tamumiwah para lenggah mekaten menggah urut roncening
tata upacara ingkang sampun rinacik dening pamangku gati, pramila sumangga
kula derekaken tumapaking adicara setunggal mbaka setunggal kanthi
mardikaning panggalih, nuwun nuwun matur nuwun

Anda mungkin juga menyukai