Anda di halaman 1dari 2

Nagari Hipokrinesia

Dening Bayu Saputra

Sugeng rawuh,
Mring Nagari Hipokrinesia
Panembahan pangupajiwa
Mancep klebu
Dadya anganku
Secuwil romantisasi
Maknane gedhi
Kang tumetes udane
Laksana tirta Swarga
Angelingake kenangan kita
Kang lemahe laksana
Laksana mutiara, sopta, retna.
Ngambah plengkung nala
Kang dumadya ninggal cidralelara
Cih…
Sayange iku mung ngimpi
Sing ora bakal dadi
Palupine tan widya
Anane negeri bobrok
ing ngendi-endi
Jathi kesatriya
Ora kena dipercaya
Mandhega mring kawula
Begandering jelma duruwiksa
Pepaes manahira bandha donya
Nyuluk dhumunung andrawina
Ngabdi lan ngabektine;
Among perlente
Sabda Palon, paring kiritamakuta
Ranggawarsita nyerat citraleka
Jayabaya nyitra;
Sitinggil kebhak dosa,
Didurna swanita
Marang sanggara nirwana.

Anda mungkin juga menyukai