Lololol
Lololol
Disusun Oleh :
Clarisa Aprillia Y. XI MIPA 4 / 11
Clarissa Arisanti P. XI MIPA 4 / 12
Edy Prasetyo D. XI MIPA 4 / 13
Eugenia Shineeca XI MIPA 4 / 14
Evan Leonard XI MIPA 4 / 15
Gerald Wiranata XI MIPA 4 / 16
Geyneth Patricia XI MIPA 4 / 17
Ignatius Odi T. XI MIPA 4 / 18
Jolene Budiono XI MIPA 4 / 19
Jonathnan Kelvin S. XI MIPA 4 / 20
Dinten soyo dalu. Jaka Lan Biyungipun cepet-cepet bade kondur dateng nggriyo. Dumugi
dateng dalem Biyung Jaka ngendiko dateng Jaka.
Biyung Jaka Tarub : Nak ana seng biyung omongne marang awakmu
Jaka Tarub : Wonten napa biyung?
Biyung Jaka Tarub : Nak biyung persani awakmu wes gede, wes pantes kawin. Cepet
kawin, biyung pengen nimang putu, sakdurunge biyung lungo
Jaka Tarub : Tapi kulo dereng siap kawin biyung
Biyung Jaka Tarub : Tapi yen biyung wes lungo, sapa seng ngurus awakmu le?
Jaka Tarub : Mboten pareng ngendika kados ngoten biyung
Biyung Jaka Tarub : Biyung Cuma ngerasa pegel nak
Jaka Tarub bingung kaliyan ngendikanipun biyungipun. Wonten hal kang aneh marang
biyunge. Ing rino isuk subuh. Biyungipun Jaka mboten kados biasa, nyiapaken segelas kopi lan
makanan kangge Jaka Tarub.
Jaka Tarub : Wonten punapa biyung kok mboten kados biasanipun mboten
biyung ingkang nyiapaken niki
Biyung Jaka Tarub : Wes lah nak, ora popo. Biyung pengen awakmu ora keselehen
mergawe
Jaka Tarub : Matur sembahnuwun biyung
Biyung Jaka Tarub : Yo, podo-podo nak. Biyung dino iki gak iso lunga sawah karo
awakmu le
Jaka Tarub : Nggeh pun biyung mboten napa-napa. Biyung dateng griyo
mawon. Kula pamit biyung
Biyung Jaka Tarub : Iyo le, Ati-ati
Jaka menyang sawah kangge tani. Tanpa Jaka mangertosi, wadon ayu ngetutake Jaka.
Yaiku Laras, putrinipun Bapa Kepala Desa.
Laras : Umpama jaka dadi bojoku. Aku pasti seneng banget. Dinten soyo
dalu. Wancine Jaka mantuk dateng griyo lan mbeto panenipun.
Dinten, ganti dinten. Jaka Tarub mboten saged supe marang permintaanipun biyung. Jaka
gadah obsesi kangge kagungan garwo widodari yen ayu lan kaggungan jiwa kang suci supaya
kaggungan keturunan kang mulia. Yen dumugi ngantos sak niki dereng kepanggeh demenane.
Ketok 7 widodari ayu nyuwun idin dumateng bapa lan biyungipun kangge lungo dateng
mayapada (Dunyo)
Widodari Jambon : Bapa, biyung kula lan adik-adik nyuwun idin kangge kesah
dateng mayapada
Raja Ajisaka : Yo la budalo nduk, tapi inget yen menawi terompet kerajaan
muni mulio
Widodari Abang : Inggeh bapa, kita mengertos
Widodari Kuning : Kita sedaya bakal bali nalika terompet kerajaan muni
Ratu Sekar Dewi : Ati-ati nak
Tanpa di sengaja, Jaka Tarub krungu sayup-sayup suara wadon ingakang lagi guyon. Lan
akhire Jaka Tarub nemuaken 7 estri ayu lagi siram dateng babakan. Sawijining dina, udan sing
maune deres banget saiki wis mandheg. Suasana sore wis katon cerah. Ana kluwung (pelangi)
njedhul neng sisih kulon. Jarene wong-wong ndhisik, yen ana pelangi berarti arep ana midodari
sing arep adus neng bumi. Nanging bener orane ya mbuh ora ngerti. Selot suwe, bit semribit ana
ganda wangi banget. Ana apa ya? Suara kemrincing saka kulon.ByurByurByur
Midodari Abang : Cihuy asik bisa adus maneh. Jan banyune seger tenan. Wis
seminggu ora adus, awake padha pliket kabeh. Jansegerepol
tenan.
Midodari Jambon : Lak iya ta, segere poll. Tapi aku ya ora kaya kowe. Mosok dadi
midodari ora tau adus. Ngerti ra,saiki neng kayangan wis ana
pemandian umum. Ora ngerti sihkatrok banget
Midodari Kuning : Ihya ampyunsapa kui sing jarang adus. Ngisin-ngisini banget dadi
midodari. Mosok midodari jarang adus. Ki contoh akyu yasaben
dina ora tau lowong Manycure Pedycure. Jan ambune wangi
banget.
Midodari Ijo : Lahya wis. Kaya ngono we dibahas. Aku sing ora beda kaya
abang jarang adus we meneng bae kok.
Midodari Abang : Duh Ijo, dadi aku ana tunggale? Hahahaa Tos disik yo
Midodari Ijo : Tos..!
Midodari Kuning : Ya ampyun kaya ngono we kok dibanggakake. Nggilani..! Oh
ya, ngomong-ngomong si Ungu karo Nila lagi neng ngendi ya?
Kok awit mau ora ketok.
Midodari Biru : Oh duo Midodari kae ta? Si Ungu mau wis ijin arep konser disik.
Si Jingga lagi pilek. Trus si Nila lagi mojok karo pacare. Mau ki
tak jak i malah ora gelem.
Midodari Abang : Yaiyalah. Mengko yen di jek ya dadi kesetrum.
Midodari Ijo : Woolha, kuping apa centhelan wajan ta? Dijak dudu dijek!!
Midodari Biru : Intine si Nila ora gelem melu. Jare wis ana sing ngajak shoping.
Midodari Kuning : Ow ngono ta? Neng kali
Jaka Tarub : Aduuh jan lega pisan. Tapi, kok kaya ana sing beda ya? Ambune
wangimen? Kayane ambune saka kulon. Jajal tak tiliki lah.
Jaka Tarub nginguk ana ing samburine wit gedhe kang ditutupi suket sing dhuwur.
Jaka Tarub : Wualah-wualahapa aku ora salah weruh, kae midodari lagi padha
adus..cececeayu-ayu tenan, keno nggo cuci mata ki. Tamba
ngantuk..! Oh ya, aku duwe ide cemerlang, tak jupuke salah siji
slendange, ben ora iso bali.
Midodari Ijo : Kanca-kanca ayo padha bali ning khayangan, kayane aduse wis
cukup, wis keset ki lho.
Midodari Biru : Adhuh biyung, aku isih kepengin kungkum, dhela ngkas.
Midodari Abang : Tapi kayane wis sore loh, mengko yen didukani Bapa kepriye ?
Midodari Biru : Ya wis lah ayo.
Midodari Jambon : Eh, slendhangku neng ngendi ya? Kok ora ana?
Midodari Kuning : Tape deh. Lha mau kok deleh ngend? Digoleki dhisik kana!
Midodari Jambon : Uwis, tapi ora ana. Mengko yen aku ora bisa bali kepriye ?
Midodari Abang : Ayo cepet, wis sore, Aku, Ijo, karo Kuning bali dhisik ..
Midodari Jambon : La aku kepriyeneng kene, masa aku ditinggal dhewekan?
Midodari Ijo : Ya wis lah. Trima bae nasibe ko.
Midodari Kuning : Mbon, aku bali dhisik ya, Sorry dory Strobery.
Midodari jambon akhire detinggal dhewekan. Ora ana sing gelem ngancani.Midodari
Jambon sedhih banget. Ujug-ujug, Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae.
Sawise kuwi, Midodari Jambon akhire melu Jaka Tarub. Karo ati bungah Nawang Wulan
ngetutake Jaka Tarub banjur griya Jaka Tarub. Nawang Wulan nerimo ajakan Jaka Tarub amargi
mboten ngertos badhe bertindak kepriye.
(ing kayangan) Dulur- dulur saking Nawang Wulan ngroso mboten wantun kangge
ngadepipun rama widodari. Kabeh widodari wedi ayah lan ibu widodari badhe ngomeng amargi
kabeh widodari kondur dhateng kahyangan tanpa Nawang Wulan.Kewantunan para widodari
pun akhire benar-benar dumados.
Dinten demi dinten antara Jaka Tarub lan Nawang Wulan wis lewat. Nawang Wulan lan
Jaka Tarub tambah dadi siji lan padha kenal marang liyane. Akhire Nawang Wulan lan Jaka
Tarub mutusake damel nikah. nanging ana pihak sing ora seneng karo pernikahan kalian sedaya.
Wong iku yaiku Laras lan Arya.Laras lan Arya ndue rencana nggawe ngerusakke pernikahan
Nawang Wulan lan Jaka Tarub.
Laras : Aku gelo karo pernikahan Nawang Wulan lan Jaka Tarub
Arya : Aku yo padha karo awakmu
Laras : Kene kudu ngehancurake pernikahan Nawang Wulan lan Jaka
Tarub
Arya : Tapi apa rencana mu?
Laras : Awakmu kudu ngrewangi aku gawe ngolehna Jaka
Arya : Yawes, aku ape ngrewangi, tapi apa imbalane gawe aku?
Laras : Imbalane aku ape ngrewangi nggawe ngolehne Nawang Wulan
Arya : Yoweslah, aku setuju
Arya lan Laras terus berusaha gawe ngehancuraken pernikahan Nawang Wulan dan Jaka
Tarub. Nanging akhire usaha Arya lan Laras gagal.
Sakwise pernikahan Nawang Wulan lan Jaka Tarub wis cekap suwi, Nawang Wulan lan
Jaka Tarub dikaruniai anak kembar. Sing siji wadon lan sing siji jaler. Anak Nawang Wulan lan
Jaka Tarub jenenge Nawang Asih lan Jaka Tengil. Sakwise Nawang Asih lan Jaka Tengil tambah
gedhe. Permasalahane antara Jaka Tarub lan Nawang Wulan malah tambah.Terusiklah rasa
pengen ngerti JakaTarub tentang Nawang Wulan mergo godane Arya lan kedua kanca Jaka
Tarub yaiku Banyu lan Indra.
Sak wise Jaka Tarub muleh nang omah ndeleng bojone Nawang Wulan nembe masak.
Jaka Tarub : Huh, dadi selama iki dek ajeng Nawang Wulan mung masak karo
sak uli pari. Jek man wae selama iki pari ning lumbung iseh akeh.
Nawang Wulan : nembe laopo sampeyan kang mas ? ( takon karo omongan
banter )
Jaka Tarub : K...k...kang mas ora lagi lapo-lapo dek ajeng ( karo nada gugup ).
kang mas kudu lunga ning ladang, ono kerjonan sing kudu kang
mas barno.
Sakwise jaka lunga Nawang Wulan pun mbukak kukusane. Pas wayah iku bereng
Nawang Wulan curiga karo Jaka Tarub amergo uli pari iseh utuh nang jerone. Dheweke ngerti
menawa bojone wis mbukak kukusan iku sampek kesaktiane ngilang.Wiwitkuwi, Nawang
Wulan kudu nutu beras menapi kanggo bisa masak, kayata wanita ing umume. Amarga
tumpukan parine saya dina saya suda, sawijining dina Nawang Wulan nemoake slendang
widodari gumletak ing antarane tumpukan pari. Dheweke ngerti menawa bojone sing wis
delikakenaken slendhang kasebut.
Nawang Wulan : Dadi selama iki Jaka Tarub sing ndelikake slendangku. Lan
amargi isi lumbung terus suda, akhire aku bisa nemokake maneh
slendangku. Iki mesti uwes dadi kehendak sing nang duwur.
( Nawang Wulan ngerumeng )
Sakwise Nawang Wulan mengerteni nek slendange di colong karo bojone Jaka Tarub,
Nawang Wulan pun mutusaken kanggo mbalek ing kahyangan lan ninggalaken Jaka Tarub lan
ke loro anake .
Akhire karo kebek rasa keterpaksaan jaka lan ke loro anake ngiklasake Nawang Wulan
lunga. Malah jaka lan ke loro anake ngeterake Nawang Wulan lunga.
Nawang Wulan pun lunga. Nanging sakwise Nawang Wulan mbalek ning kahyangan,
Nawang Wulan ora ngerakake bebungahan, nanging gerah. Nawang Wulan lan
panandhangkulawarga nalika ing langit di serang dening jin pimpinan raja Bintara sing wis suwe
kepengin omah-omah Nawang Wulan lan 6 sadulur. Kepinginan sing kamesthi ditolak dening 7
widodari lan wongtuane.
Peperangan antara jin karo keluarga kerajaan gak iso dihindari maneh. Tapi akie Raja
Bintara lan jine kalah.
Sakmarine perang, Nawang Wulan mbalek maneh nang bumi gawe nemoni ke-2 anake.
Saknaliko Nawang Wulan mbalek nang khayangan, ninggalake Jaka Tarub lan ke-2
anake. Sak sampunipun kejadian niku Jaka Tarub lan ke-2 anake mesti nyawang rembulan ing
wayah bengi kanggo mengenang Nawan Wulan.