Anda di halaman 1dari 2

‫شعر النحو‬

‫بسم هللا الرحمن الرحيم‬

‫ ثم صال ته مع سال مه‬# ‫الحمد هلل على نعمه‬

‫ واله وصحبه ومن تال‬# ‫على رسول هللا خير االنبياء‬

‫ تسهيل الطلبة قد نظمتها‬# ‫فهذه ارجوزة لقبتها‬

‫ تسهيل الطلبة قد نظمتها‬# ‫فهذه ارجوزة لقبتها‬


Ilmu nahwu ojo nganti ketinggalan # sebab omong tanpo nahwu ra karuan
Pirang2 wong kang moco kurang bener # sebab deweke ing nahwu kurang pinter
kalam coro nahwu kudu sarat papat # lafad mufid wado’ sertane murokab
Lafad suworo kang mengku hija’iyah # kaya lafad zaidun conto ingkang genah

Mufid maedaih sempurno karepe # wado’ coro arob utowo sejane


Murokab den jejer lewih seko loro # sapenduwur ora sarat kudu bedo
Dundumane juze kalam tigang werni # siji isim fi’il huruf kang ma’ani
Isim tengere ono papat wernane # mutlake jer tanwin al lan huruf jere

Hurufe jer kabeh sepuluh cacaeh # min lan ila ‘an lan ‘ala fi limane
Rubba lan ba kaf lan lam kaping sangane # huruf qosam wau bat a sepulueh
Tenger fi’il ono papat wilangane # qod harfiah sin saufa lan ta ta’nise
Ta ta’nis sakinah khusus ing fi’ile ta ta’nis mutaharrikah ing isime

Huruf kalimat kang tanpo nganggo tenger # tenger fi’il tenger isim ojo keder
I’rob perobahan akhire kalimat # krono beda2ne amil kang ngrobah
Podo ugo owah lafdzon kazaidan # utowo taqdiron koyo lafad fatan
dundumane I’rob papat wilangane # rofa’ nashob jer lan jazem kaping pate

I’rob rofa’ nashob jer kanggo nge’robi # kalimat ing isim e’rob jazem anti
I’rob rofa’ nashob jazem nggo nge’robi # kalimat fi’ile ing e’rob jer anti
E’rob kang musytarok isim fi’il loro # ingkang mukhtash ugo loro nanging bedo
Rofa’ nashob keno manjing isim fi’il # I’rob jere khusus isim jazem fi’il

I’rob rofa’ due tenger werno papat # domah wawu alif nun ojo keliwat
Domah dadi tenger I’rob rofa’ manggon # isim mufrod jamak taksir jamak wadon
Serto fi’il mudore’kang ra ketemu # enun taukid jamak niswah domir wawu
Wawu dadi tenger rofa’ rong panggonan # jamak mudzakkar salim isim limanan

Jinise kalimat mu’rob ono loro # siji bilharokat lan huruf ping pindo
Mu’rob bilharokat no papat wernane # isim mufrod jamak taksir ping pindone
Jamak mu’anas saalim kaping telune #mudore’ kang ora tinemu akhire
Kabeh rofa’ nganggo domah nasob fatchah # jazem nganggo sukun jere nganggo kasroh
Fi’il kabeh ono telu wilangane # madi mudore’ lan amer ping telune
Doroba yadribu idrib gambarane # fi’il nahi kagolong fi’il amere
Fi’il madi hukume fatchah akhire # kang tanpo domir mtaharrik rofa’e
Fi’il amer kudu jazem sa’lawase # fi’il mudore’ kang ono tambahane

Isim wajib rofa’ pitu wilangane # siji fa’il loro na’ibul fa’ile
Telu mubtada’ khoobar isime kana # sa akhowate sertoo khobare inna
Isim tabi’ lil maarfu’ kaping pitune # na’at ‘atof taukid badal kaping pate
Isim tabi’ lil maarfu’ kaping pitune # na’at ‘atof taukid badal kaping pate

Al mansubat onoo limolas cacaeh # maf’ul beh masdar seerto dzorof zamane
Papat dzorof makan hal tamyiz mustatsna # isime la maf’uul li ajlih munada
Maf’ul ma’ah khobaare kana akhwate # mafule dzonna iisim inna akhwate
Ping limolas isim tabi’ lil manshubi # na’at ‘atof taukid badal ditung siji

Isim kang di jerno telu pirangane # di jer nganggo huruf lan mudof pindone
Isim kang manut ing isim jer telune # hale mutlak mbuh piiye asal tarkibe
Jer bil harfi kaliimat kang di jerake # nganggo huruf jer kang wes di terangake
Jer bil mudof ikuu kandum dadi loro # siji ngira’na maa’e lam kaping pindo

Qod tamat tarjamaatu hadzal kitabi # binushrotillahi laii latal ahadi


Mugo2 ikii kitab manfa’ati # ing masyrakat khususe ing anak santri
Ba’da rampung ta aaturke poro guru # supoyo di tasheh teembung kang keiru
Ba’da rampung ta aaturke poro guru # supoyo di tasheh teembung kang keiru

Nomer siji ta aaturne romo yai # al haajji ahmad mushtolih badawi


Nomer loro almuukarom syeh hasbulloh #nomer telu almuukarom syeh sefulloh
Nomer papat almuukarom syeh maftuchin # nomer lima pak kiiyai dahri hasyim

Penulise ustaad haris pesalakan # kang masyhure deweke ahli tulisan


Perakite ahmad mu’allim jenenge # ing lemah gugur keesugian desane
Wonge bodo tuo olo mlarat pisan # elor nggili madep ngidul wetan rawan
Fa’akhtimul kalama bittamaami # wa aslul ‘afwa ma’as salaami

‫الحمد هلل رب العا لمين‬

‫ خير المشفع‬: ‫من الفقير‬

Anda mungkin juga menyukai