Anda di halaman 1dari 3

TULADHA ATUR PANATACARA (BIASA) PENGAOSAN RUTIN

Assalamu’laikum Wr Wb

Dhumateng pangarsanipun para sesepuh, pini sepuh dalah kasepuhan ingkang satuhu dahat
kinabekten…..

Para Alim Ulama, Bapa Kyai Ibu Nyai, Al Khos panjenenganipun Almukarom Bp. Kyai ………….,
ingkang tansah kawula mulyakaken…..

Panjenenganipun Bapa ....... minangka Kepala Desa ....... Kecamatan ……, Kabupaten …… dalah sak
jenjang perangkatipun,. ingkang satuhu dahat kinurmatan……

Para kadang mudha taruna ingkang tansah kula tresnani saha kula banggakaken……

Linangkung dhumateng para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri, sepuh miwah
anem kaum muslimin muslimat rokhimakumullah……

Nun injih sakderengipun kula hangaturaken menggah tata hadicara pengaosan wonten ing ndalu
punika, sumangga langkung rumiyin kita tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten
ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kanikmatan saha kasarasan dhumateng kita
sedaya, sahengga kita saged makempal manunggal wonten ing Serambi Masjid ....... saperlu
hangrawuhi adicara Pengaosan Rutin Malam Jum’at Legi punika. Pramila punika sumangga kula
dherekaken hangendikakaken Kalimat Tahmid sesarengan.. Alhamdulillah……..

Salajengipun mboten kesupen shalawat saha salam mugi-mugi tansah konjuk dhumateng
junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, kanthi pangangkah mugi-mugi kita tansah
pinaringan syafa’atipun wonten ing dunya dumugi wonten akhirat samangke. Amin….

******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,

Wondene menggah tata hadicara pengaosan wonten ing ndalu punika nun injih:
1. Pambuka
2. Waosan Ayat-ayat Suci Al Qur-an
3. Tahlil katerasaken Waosan Kitab Al Barzanji
4. Tanggap Wacana (Sambutan) Ketua Panitia/Kepala Desa
5. Istirahat/Lereman/Mirunggan
6. Sabda Tama/Pengaosan/Mau’idhoh Khasanah katerasaken Do’a
7. Panutup
1. ******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,
Ngengeti wekdal ingkang sampun sawetawis ndalu, sumangga adicara pengaosan wonten ing
ndalu punika enggal kawiwitan. Minangka purwakaning hadicara, tinarbuka kanthi waosan
Ummul Kitab. Al Fatikhah……
Matur nuwun , mugi kanthi barokah waosan Ummul Kitab ingkang nembe kemawon dipun
hangendikakaken sesarengan, lampahing adicara pengaosan wonten ing ndalu punika saged
pinaringan lancar rahayu widodo nir ing sambekala. Amin.

2. ******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,


Adicara salajengipun nun injih waosan Ayat-ayat Suci Al Qur-an ingkang badhe
kawaosaken dening kadang…….. Dhumateng panjenenganipun kadang ........ papan saha
wekdal kasumanggakaken, Nuwun.

******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,


makaten sampun purna menggah waosan Ayat-ayat Suci Al Qur-an ingkang kawaosaken
dening kadang…………. . mugi-mugi kanthi barokah waosan Ayat-ayat Suci Al Qur-an ingkang
nembe kemawon sirna saking pamyarsa kita sami, saged hanambahi santosaning manah kita
saha raos iman kita wonten ngarsa dalem Allah SWT. Amin.

3. ******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,


Dene adicara salajengipun nun injih waosan Tahlil katerasaken waosan kitab Al Barzanji
ingkang badhe dipun pimpin dening panjenenganipun Bapa Kyai ......... Dhumateng
panjenenganipun Bapa Kyai ....... papan saha wekdal kasumanggakaken, Nuwun.
Katur agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapa Kyai ....... ingkang sampun kersa
mimpin wontenipun waosan Tahlil saha waosan kitab Al Barzanji.

4. ******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,


Minangka adicara salajengipun nun injih Tanggap Wacana saking panjenenganipun Ketua
Panitia/Bapa Kepala Desa nun injih Bapa ………. mangka tetuangganing bebrayan ageng
wonten ing tlatah Dusun……... Ingkang punika papan saha wekdal kasumanggakaken, nuwun.
Dhumateng panjenenganipun Bapa ....... minangka Kepala Desa ........ katur agunging panuwun.

5. ******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,


Dene adicara salajengipun nun injih istirahat/lereman/mirunggan. Dhumateng para kadang
mudha taruna sumangga kawula aturi siyaga kangge angayahi wontenipun adicara punika,
Nuwun...
******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,
Mboten ngirangi kamardikan panjenengan anggenipun mirunggan, sumangga adicara wonten
ing ndalu punika kita lajengaken sesarengan...
6. ******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,
Minangka punjering adicara wonten ing ndalu punika nun injih Sabda
Tama/Pengaosan/Mau’idhoh Khasanah katerasaken waosan donga ingkang badhe dipun
wedharaken dening panjenenganipun Bapa Kyai……… Dhumateng panjenenganipun Bapa Kyai
....... papan saha wekdal kasumanggakaken. Nuwun

******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,


Mekatenlah Sabda Tama/Pengaosan/Mau’idhoh Khasanah saha waosan donga ingkang
sampun dipun wedharaken dening panjenenganipun Bapa Kyai……… Mugi-mugi punapa
ingkang sampun dipun wedharaken dening panjenenganipun Bapa Kyai……… saged hanambahi
raos iman kita wonten ngarso dalem Allah SWT. Amin.

******* Kaum muslimin muslimat ingkang minulya rakhimakumullah,,,,


Mekaten sampun paripurna adicara pengaosan wonten ing ndalu punika. Minangka
pratandha paripurnaning adicara, sumangga kawula dherekaken hangendikakaken kalimat
tahmid sesarengan. Alhamdulillah.

Kawula minangka panatacara, hambok bilih anggenipun kawula ndherekaken lampahing


adicara wonten ing ndalu punika kathah kalepatanipun, kawula nyuwun agunging
panganpunten/sih samudra pangaksami dhumateng para rawuh sedayanipun. Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai