Anda di halaman 1dari 12

RANGKUMAN B.

JAWA
1. Menentukan isi geguritan
Tuladha :
1.) Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
Isi Geguritan : Pangorbanane para pahlawan kanggo bumi pertiwi tansah merdika

2.Disajikan sebuah dialod, siswa dapat menjelaskan isi dialog, ………….


Ketika diminta isi dialog, maka kuncinya” kalimat yang menjadi pokok pembicaraan ( opo sg
diomongne…./ ngomongne bab opo )”

3. Disajikan 5 kalimat acak, siswa dapat mengurutkan menjadi sebuah paragraph yang padu/runtut
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki !
1) Ana kacilakan mobil sedan karo trek ngangkut barang
2) Sing numpak sedan mati kabeh lan mobile uga ringsek
3) Dina Minggu 6 Juni 20113
4) Loro-lorone padha ngebute
5) Mula yen numpak kendharaan kudu eling lan waspada
Ukara acak ing dhuwur supaya dadi paragraf kang runtut (3) - 1) - 4) - 2) - 5)
4.melengkapi kalimat rumpang dengan basa krama
5. penggunaan huruf jawa
6. mengurutkan 4-5 kalimat acak
7.Disajikan satu bait tembang Pocung siswa dapat menjawab teka-teki dalam
tembang Pocung tersebut.
a. Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha ... (sepur)
b. Bapak pucong, bisa nggereng bisa mbengung
ngambang jumantara
kaya manuk rajawali
c. ngkeme madhep mandhuwur. Sabamu ing
sendhang.
Pencoanmu lambung kereng.
Prapteng wisma si pucung mutah guwaya...(klenthing)
d. Bapak pucung amung sirah lawan gembung.
Padha dikunjara.
Mati sajroning ngaurip.
Mijil baka si pucung dadi dahana...(penthol korek)
e. Bapak pocung dudu mega dudu mendhung,
Ngambah dirgantara,
Darbe swiwi pindha peksi,
Lunga teka si pocung ngumbar suwara.
f. Wujudipun naming alit gondhal-gandhul,
Mapan ing talingan,
Agemaning para putri, Anting-anting
jangkepe ngadi busana
g. Bapak pocung tanpa untu darbe siyung,
Badanira panjang,
Tutukira pan pesagi,
Dina-dina pucung nedha buntutira. (sabuk)
h. Bapak pocung isih enom klambi gadhung, Yen
wis rada tuwa,
Si pocung klambine kuning,
Tuwa pisan si pucung klambine abang. (mlinjo)
i. Bapak pocung urut dalan membat mentul,
Dawa kaya ula,
Ing tengahe kempas-kempis,
Prapteng wisma sipocung kanggo dandanan. (empring)
8.Huruf jawa menggunalah re/le

9.guru wilangan dan guru lagu tembang gambuh


Sekar gambuh ping catur,
(Tembang gambuh keempat)
Kang cinatur polah kang kalantur,
(Yang dibicarakan tentang perilaku yang kebablasan)
Tanpa tutur katula-tula katali,
(Tanpa nasihat terjerat penderitaan)
Kadaluwarsa kapatuh,
(Terlanjur menjadi kebiasaan)
Kapatuh pan dadi awon.
(Kebiasaan bisa berakibat buruk)
guru wilangan dan guru lagu tembang gambuh gatra keloro yaiku 10 u
10. gambar tokoh pewayangan

11.aksara jawa dadi aksara latin


12.melengkapi kalimat rumpang dengan tulisan jawa
13.melengkapi kalimat rumpang dengan tulisan jawa
14.Menentukan latar tempat/waktu kejadian dalam Geguritan
Tuladha :
Nggoleki Banyu Perwitasari
Dening Bapake Dika

Mergo saka tekad waja


Lan bektine dyan Brathasena
Marang sang guru Begawan Dhrana
Kabeh pitudhuhe guru den tindhakake
Ora wedhi munggah gunung
Ora jirih nglawan buto
Apa maneh nyilem samudra
Mungsuh naga gedhe

15. 16. Menentukan watak/karakter salah satu tokoh.


Contoh :
Menentukan watak salah satu tokoh cerita rakyat
Watake Timun Mas : Seneng tetulung, ngormati nang sapa bae
Watake Buto Ijo : Seneng gawe rusak, nggawe rugine leliyan

17.Disajikan gambar seri secara acak, siswa mengurutkan


Tuladha gambar seri :

18. Melengkapi kalimat rumpang dengan seselan um, atau in.


Tuladha :
Glundhung = Gumlundhung
Klebet = Kumlebet
Tungkul = Tumungkul Piji =
Piniji
Tatah = Tinatah
Suduk = Sinuduk
Jiwit = Jiniwit
19.Melengkapi paribasan
Tuladha :
a. Anak polah bapa kepradhah = yen anak nemoni cilaka, wong tuwa mesti melu ngrasakake
b. Kriwikan dadi grojokan = perkoro cilik dadi gedhe
c. Blilu tau pinter durung nglakoni = bodho ning wis nglakoni dadi luwih prigel tinimbang sing
pinter tapi during praktek
d. Angon ulat mumbar tangan = golek limpene uwong duwe karep bakal njupuk barange
e. Ancik-ancik pucuki eri = tansah kuatir
f. Keplok ora tombok = melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake wragad
g. Ngubak-ubak banyu bening = gawe kerusuhan ing papan kang tentrem
h. Adigang, adigung, adiguna : Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran.
i. Sepi ing pamrih rame ing gawe : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
j. Bathok bolu isi madu = wong lumrah kang sugeh kapinteran
k. Aja nguthik-nguthik macan turu =ojo ngungkat ungkit perkoro kang sirep
l. Ana dina ana upo, ana awan ana pangan = angger gelem nyambut gawe mesti bakal oleh rejeki
20. Arti paribasan.lihat no. 19

21. Siswa dapat melengkapi kalimat dengan tembung saroja yang tepat.
a. Tembung saroja = mbangetake tembung = tembung loro kang padha utawa meh padha tegese
banjut digawe bebarengan
b. Abang mbranang, adi luhung, baya pakewuh, budi pakerti, crah bubrah, campur adhuk. sato kéwan =
perkara kéwan , ayem tentrem = tentrem tenan, tepa tuladha = tuladha, tresna asih = asih tenan,
colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong, tumpang tindhih, dana driyah, mukti
wibawa, tingkah laku.
Contoh : Tembung Saroja = mbangetake tembung supaya mandhes.
Gugur gunung, guyub rukun, gandhes luwes
Baya pakewuh, bojana andrawina, bakul sinambiwarajalma manungsa
c. Tuladhane ukara sing nganggo tembung saroja :
Wong Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane ?
Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti mandraguna.
Uripe mukti wibawa lumuberan ing donya brana.

22.23.menentukan irah-irahan dan kesimpulan

24.25.menentukan isi geguritan dan arti salahsatu kalimat dlm


geguritan

26.melengkapi paribasan yang belum sempurna lihat no 19

27.Siswa dapat menentukan kalimat yang berpola K-S-P-O dengan tepat..


Jejer = pokok kalimat/subyek sapa
Wasesa = predikat menyang opo
Lisan = obyek apa
Keterangan = keterangan kapan, ing ngendhi

a. Bapak maos koran


Jejer Wasesa Lesan
b. Ibu tumbas rasukan ing pasar
Jejer wasesa lesan katrangan
c. Wingi aku mangan sega pecel
Katrangan Jejer Wasesa lesan
d. Pakde tindhak menyang Lamongan
Jejer Wasesa Katrangan

28.mengubah tulisan jawa ke tulisan latin

29.BASA KRAMA ALUS


Basa Krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo pacaturan, nggunakake basa krama kang alus,
nanging yen kanggo awake dhewe ora dikramakake.
Dene gunane tembung basa krama alus iku yaiku:
- anak marang wong tuwa
- murid marang guru
- wong enom marang wong tuwa
- wong kang lagi
tetepungan Tuladha:
- panjenengan punapa siyos tindak dhateng Malang?
- Pak guru dhawuh, menawi benjing kelas VI ulangan basa jawi.
30. Mengubah kalimat tak langsung (ukara crita ) menjadi kalimat langsung ( ukara kandha ) atau
sebaliknya.
a. Ukara kandha : Berada dalam tanda petik ( “ )
- Budi kandha, “Aku mengko sore menyang omahe si mbah”
- Ibu dawuh, “Kowe mengko aja nganti dolan!”
- Anita kandha marang Ranti, “Aku mengko sido melu kowe”
b. Ukara crito :
- Budhi kandha yen deweke arep ning omae si mbah mengko sore
- Ibu dawuh, menawa aku mengko aja nganthi dolan.
- Anita kandha marang ranti, menowo deweke mengko sido melu Ranti

31.Deskripsi sebuah tembang macapat, siswa dapat menentukan tembang tersebut.


No Arane Tembang Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru Lagu

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1 Pucung 12u 6a 8i 12a

2 Maskumambang 12i 6a 8i 8a

3 Megatruh 12u 8i 8u 8i 8o

4 Gambuh 7u 10u 12i 8u 8o

5 Mijil 10i 6o 10e 10i 6i 6u

6 Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i

7 Asmaradana 8i 8a 8e/o 8a 7a 8u 8a

8 Durma 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

9 Pangkur 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

10 Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a

11 Dhandhanggula 10i 10a 8e 6u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

32. Melengkapi kalimat dengan tembung rangkep Dwipurwa (sing dirangkep Purwane) Tuladha :
Akeh lelara kang anjalari pepati menjadi papati Sesuker ing
jamban iku gambyoren menjadi susuker Kita kudhu
ngurmati leluhuring dewe menjadi luluhur

33.Melengkapi kalimat parikan


Paugerane parikan :
a. Dumadi saka rong larik (rong ukara) b.Saben
saukara kaperang dadi rong gatra c. Saben
sagatra ana 4 nganti 16 wanda
d.Larik kapisan diarani pambuka (sampiran), larik kapindho diarani isi e. Ing
parikan sing dibutuhake anane purwakanthi guru swara
f. Isine pitutur utawa sindhiran
g.Paugerane parikan : (4+4)2X , (4+8)2X , (8+8)2X
Tuladhane parikan (4+4)2X
1. Manuk emprit, nyucuk pari
Dadi murid, sing taberi
2. Wedang bubuk, gula jawa Yen
kepethuk, ati lega
Tuladhane (4+8)2X)
1. Rujak nanas, pantese wadahi gelas Tiwas-
tiwas, nglabuhi wong ora nggagas
2. Kembang mawar, gondho arum ngambar-ngambar Ati
bingar, mung yen mentas nompo bayar
Tuladhane parikan (8+8)2X
1.Anak jarang jare belo, ana belo melu suran Seneng
dolan dadi bodho, blelo-blelo ra karuwan
2.Godhong krambil jare blarak, di klereki dadin sada Bocah
cilik murang sarak, besok gedhe dadi apa
h. Njangkepi parikan :
Tuladhane :
1.Manuk kutut manggung ngganter yen
diturut dadi pinter
2.Wajik klethik gula jawa
Luwih becik sing prasaja
3.Wit kecipir mrambat kawat
Ora mampir waton liwat
4.Jemek-jemek gula jawa
Aja ngenyek karo kanca
5.Wedhang bubuk gula tebu
Mripat ngantuk njaluk turu
6.Manuk tuwu menclok pager
Yen sinau dadi pinter

34 dan 35 Menentukan isi pidato dan penutup pidato


Tuladha :
Adhik-adhik ingkang kula trisnani, sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken bangku
pawiyatan SD punika. Kula minangka wakil siswa-siswi kelas enem badhe nyuwun pamit dhateng
para Bapak/Ibu Guru, serta adhik-adhik.
Isi pidato : Perpisahan siswa-siswi kelas enem
Penutup pidato : Minangka pungakasaning atur…….

36. Disajikan teks dialog, siswa dapat melengkapi dengan kalimat dalam basa krama yang benar
Contoh :
a. Bapak : Esuk-esuk kok wis repot wae, arep menyang ngendi ta Mir ?
Mira : badhe dhateng kanca, ngerjakaken tugas prakarya.
Bapak : Prakarya apa ta ?
Mira : Sekolahan ngawontenaken Mading, Pak. Saengga kelas gangsal kaliyan kelas enem ingkang
kapasrahan ndamel. Dipun sarujuki kelas gangsal ingkang ndamel wadhahipun, kelas enem
ingkang ngisi.
Bapak : Mading ki apa ta, Mir ?
Mira : Mading punika majalah dhindhing, Pak

37. Tembung Dwipurwa tulisan latin ditulis Dwipurwa huruf jawa (penulisan lihat nomer 32 )
a. sesuker (di tulis jawa susuker)
b. leluhur (di tulis jawa luluhur)
c. rerasan (ditulis rarasan)
d. rereget (ditulis jawa nganggo Pa di cerek)
e. lemari ( ditulis jawa Nga digandeng pasangan Na)
38. Bapak Pucung.
Cangkeme madhep mandhuwur.
Sabamu ing sendhang.
Pencoanmu lambung kereng.
Prapteng wisma.
Si pucung mutah guwaya.
Guru wilangan dan guru lagu gatra katelu adalah 8i

39.Disajikan cuplikan cerita rakyat, siswa dapat menentukan watak salah satu tokoh dalam cerita.
watak dari tokoh utama.
a. Seneng kautaman, ngayomi/belani tumindak becik
b. Temen, prasaja, sabar narima
c. Sentosa tekade
Menentukan watak karakter tokoh
Tuladha :
- Wataking Klenthing Abang kang jahat
- Wataking Klenthing Kuning kang apik
Watake Timun Mas : Seneng tetulung, ngormati nang sapa bae
- Watake Buto Ijo : Seneng gawe rusak, nggawe rugine leliyan

40.huruf menggunakan huruf ha sampai la

41. Disajikan nama sebuah asal kerajaan, siswa dapat menyebutkan gambar tokoh wayang yang
memimpinnya.
No Nama Negara Senjata
1 Arjuna Sasrabahu Maespati
2 Baladewa Mandura Nanggala
3 Kresna Dwarawati Cakra, Wijaya Kusuma
4 Puntadewa Ngamarta Jamus Kalimasada
5 Rama Wijaya Pancawati Panah Guwa Wijaya
6 Rahwana = Dasamuka Ngalengka
7 Suyudana = Duryudana Ngastina
8 Janaka Madukara Panah pasopati, keris pulanggeni
9 Adipati Karna Ngawangga Kunta Wijayandanu
10 Gathutkaca Pringgandani Kutang Antakusuma

42. Dasanama Pendawa


1. Yudhistira = Puntadewa = Sami aji
2. Werkudhara = Bratasena = Bimasena
3. Janaka = Arjuna = Permadi
4. Nakula = Kanthen
5. Sadewa = Pingsen

43. lima Nama Tokoh Pandawa ( Puntadewa/Yudistira; Bima/Werkudara; Arjuna/Janaka; Nakula dan Sadewa
)

44. Disajikan penggalan surat, siswa dapat menentukan nama bagian surat tersebut
Perangane layang ganep iku ana 9, yaiku:
a. Satata basa, yaiku perangane layang kang nuduhake alamat lan tujuane layang. Kanggo sapa layang
mau. yaiku mratelake marang sapa layang iku dikirimake. Upamane : katur bapak saja ibu ing ndalem,
kanggo kadangku ing Malang, kanggo kancaku sing dak tresnani. Lsp. Kang lumrah ditulis ing jabane
amplop uga ditulis ing layang panggonane ing dhuwur.
Satata basa uga parangan layang kang mratelake pandonga, pamuji, pakurmatan kanggo sing dikirimi
malang, kayata :
- Ingkang sembah sungkem (kanggo simbah)
- Ingkang sembah pangebekti (kanggo wong tuwa/guru)
- Ingkang taklim (kanggo sapada pada)
- Salam taklim (kanggo paprenah luwih enom)
- Kang pamuji slamet, (Kanggo anak/putu).
b. Adangiyah/adawiyah, yaiku salam pakurmatan marang kang dikirimi layang,
kang mratelake marang sapa layang ditujokake utawa isi tujuan layang kang ditulis / dikirimake.
Umpamane : Katur bapak saha ibu ing dalem, marang kancaku sing dak tresnani lsp.
Biasane ditulis ing njabane amplop, uga sajroning layang ditulis maneh.
c. Purwaka basa / pambuka, yaiku perangane laying kang mratelake isi kabar kaslametan utawa
perangan sadurunge isine laying biasane isi atur pambagya, wilujeng .Tuladha : Sareng serat punika kula
ngaturi pirsa bilih kula tansah ginanjar wilujeng pinayungan gusti kang murbeng dumadi. Mugi bapak
saha ibu ugi makaten. Amin. Pambukaning layang, adat saben mung ngabarake keslametane kang
kirim layang lan pangajab sing dikirim uga keparingan keslametan.
d. Surasa basa/isi layang yaiku perangane layang kang maratelake isine layang utawa kang dadi
wigatining layang.isine anggone kirim layang
e. Wasana basa / panutup, yaiku panutuping layang, yaiku parangane layang kang wujud ukara utawa
pungkasaning layang kang isine nyuwun pangapura ugu nyuwun balesan. Tuladha :
Cekap semanten atur kawula, bilih wonten atur kirang mrayogani penggalih kula nyuwun agunge
samudra pangaksami..
f. Titi mangsa / papan lan wektu anggone gawe layang Titi mangsa bisa katulis ana ing pojok tengen
dhuwur uga bisa ing ngisor pojok tengen sadhuwure paprenah.
g. Peperenahan, yaiku kaprenah apa antarane sing gawe layang karo sing dikirimi layang
h. Tapak asma, yaiku tandha tangan, tapak asma
i. Asma terang, yaiku asmane sing gawe/kirim laying

45. Melengkapi kalimat Parikan ( lihat no. 33 )


46. Proses membuat 4 macam bahan kerajinan
47. Mentusun kalimat acak menjadi paragraph
48. Mengubah paragraph ngoko dadi basa karma
Tuladha basa krama : ingkang putra nyuwun dhuka mboten saged sowan ing ngarsanipun Bapak saha Ibu
ing ndalem. Wedhal punika ingkang putra repot sanget, awit sampun ngadhepi ujian praktik saha nderek
bimbingan belajar teng sekolahan

49. Disajikan sebuah teks bacaan sederhana, siswa dapat menuliskan dalam bentuk tulisan jawa.
50.kerangka dalam membuat pidato, yaitu :
SESORAH ( PIDHATO )
Pidhato utawa sesorah yaiku njlentrehake ide utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung – tembung kang
diucapake marang wong akeh
Cengkorongan pidhato utawa sesorah yaiku :
1. Salam pambuka utawa uluk salam
2. Purwaka basa, isine :
a. Atur pakurmatan
b. Atur puja – puji
c. Atur panuwun
3. Surasa basa, isine :
a. Wedharan sawetara
b. Wosing gati, wigatining perlu
4. Pangarep – arep
5. Wasana basa, padatan isine nyuwun pangapura
6. Salam panutup
1

Anda mungkin juga menyukai