Anda di halaman 1dari 44

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
oleh : Mas Kumitir

IMAN TAUHID MAKRIFAT ISLAM

ITMI

Alih bahasa tanggal 3 Maret 1953

Karangan :
Tahun 1791 Jawa atau Tahun 1862 Masehi

Oleh :
R. Ng. Rangga Warsita

BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIEM

Prawacana

Dyan punika rake ingkang winastan wirid “Iman-Tauhid-Makrifat-


Islam” inggih bapa-babunipun sedaya wirid ingkang adedasar
falsafah Islam. Ingkang wonten ing jagad Kejawen, ugi karan wirid
“Catur-Wiwara-Werit”, Catur : sekawan, Wiwara : margi, Werit :
rungsid. Liripun wedaran sekawan tataran margining panembah
jati ingkang sekelangkung rungsidipun. Awit menawi klinta-klintu
ing penampi, bebasan umese “marta” temahan “wisa”. Amila kala
sugengipun para Waliyullah ing tanah Jawi duk jaman kraon
gung Bintara (Demak) kala rumiyin dumugi sapriki : wirid wau
tansah dados kekeran, pilih-pilih ingkang udani, jer boten
kasiyaraken daten ngakatah, inggih jalaran ngawekani klinta-
klintuning penampi punika wau.

Duk kala sekawit : para Waliyullah ingkang tinanggenah dening


Negari amemejang babagan panembah jati punika, wejanganipun
sami adapur perlambang tuwin mawi basa ingkang sinandi,
ananging boten ringsed saking paugeran kekeran wau.

Wiwit jaman Demak, dumugi jamanipun panjenengan dalem Nata


Sultan Agung ing Mataram, taksih lestantun kados makaten, jer
wiwit jaman Demak dumugi jaman Mataram wau : ayahan
memejang babagan panembah jati punika kalebet bebadaning
Negari ingkang wigatos, ingkang katindakaken dening para
pinicados. Pratelaning asma-asmanipun para pinicados
amemejang wau kaewrat wonten ing serat “Hidayat Jati”
karanganipun Sang misuwur jagad tetiga swargi Ki Pujangga
Raden Ngabehi Ranggawarsita.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Ananging lamining alami, satemah katah ingkang sami


amemejang kalayan dedemitan, boten kapriksan dening Negari,
tuwin katah ingkang nyade ayating pangeran kalayan regi mirah
(= mengku pamrih mligi babagan dunia) lajeng katah wirid utawi
wedaran ingkang mingsed sakedik tuwin mingsed katah saking
paugeran kasebut nginggil. Umumipun wirid-wirid ingkang
makaten wau kawadekaken asli saking primbon Elaranipun Wali
anu utawi Nabi anu, terkadang kawadekaken angsalipun saking
seratan gaib utawi swara gaib, sapanunggalanipun.

Sabakdanipun jaman Mataram, inggih wiwitipun jaman


penjajahan ingkang letantus tumindak kantun wirid-wirid jaman
ingkang dedemitan wau, mekaten selajengipun, dumugi
saderengipun jaman Indonesia Merdeka.

Pangriptanipun serat punika gadah pemanggih, bilih ing jaman


Indonesia Merdeka tuwin jaman majengipun akal pikiran
semangke punika, boten wonten pakewedipun ambabaraken
sedaya kekeran ingkang mlingit punika, sinartan katrangan
sajelas-jelasipun, ingkang saged katampi dening akal lan pikiran.
Pinten banggi saged dados urun-urun tumrap tujuwan
pembangunan lahir batos ing wekdal sapunika. Pangubahipun
kadapur pawicantenanipun, mitra kekalih, sami dene
migunakaken basa Ngoko Andap jaman punika.

Wusana menawi wonten para nupiksa ingkang kasdu nyaruwe,


senajan kadon pundi kemawon wedalipun, bade katampi kalayan
suka pirenaning manah, saha ngaturaken genging panuwun.

Tinengeran : AMARNA SALIRA BRAHMANA SAMADI.

Ngayogya, 3 Maret 1953


Salamipun

PANGGRIPTA

CAP-CAPAN INGKANG KAPING III

Isinipun cap-capan ingkang kaping III punika sami kemawon


kaliyan ingkang cap-capan I lan II, namung ingkang pinanggih
tempat dipun leresaken seperlunipun. Punopo dene rumiyin
stensilan sapunika kaeaping pangecapan. Punika satunggaling

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

kamajengan ingkang jalaran saking pembiyantunipun para mitra


langganan kita. Amila kita ngaturaken genging panuwun.

Penerbit

CAP-CAPAN INGKANG KAPING III

Wirid “ I T M I” Cap-capan ingkang kaping IV punika sami


kemawon kaliyan ingkang kaping III, namung ejaanipun abjad-
abjadf Qur’an tuwin lan Hadiest kasantunan miturut ejaan
ingkang kalimprah.

Penerbit

BAB I. BEBUKANING WIRID

1. MITRA.

Mas, sowanku mrene ono prelu kang rada wigathi, nalare


mengkene : bareng umurku wes ngancik satengah abad iki, teka
prak-prek kerep lara, mengko gek aku iki wis nyedaki marang
janjiku. Mangka aku iki suwung blung, ora duwe ngelmu secuwil-
cuwila.

Ana kang nekad ake yen mati iku wis “bar”, ora nemu lelakon
apa-apa, nanging aku ora wani tiru-tiru duwe tekad (i’tiqaad =
gegebengan) mengkono iku. Sabab umpama mengkonowa, temah
ora ana wong ngudi ngelmu utawa nindakake dawuhing agama.
Mokal yen wong kang sabegyan akeh banget iku pada bodo
banget, nganti ana kang ora merlokake babagan dunya, saka
bangeting marsudi ngelmu lan agama. Mokal umpama wong-wong
mau mung wedi marang ujar gegorohan bae.

Cekake : anggonku wingi-wingi ora ngupaya ngelmu iku, ora


jalaran aku wis mbundeli kapercayan kaya mangkono, mung saka
lagi kalimput dening panggodaning hawa napsu bae. Hlo iku
matur sak barese. Lagi saiki aku katuwuhan osik nedya ngupaya
ngelmu, bareng wis .......... rumangsa tuwa iki.

Hla iku mas, amit-amit sewu, tak kira panjenengan uga kagungan
butuh kaya aku. Mulane yen panjenengan dangan ing panggalih,
ayo pada bebarengan ......... meguru. Dadi enome tunggal
pesaban, tunggal pekareman, tuwane tunggal cecepan (wiriding
guru), tunggal gegayuhan. Tetep dadi sedulur ndunya ngakerat.
Rak iya ta, mas???
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

1. DARMA.

Di, sampeyan ngajak bebarengan meguru iku aku bungah banget,


sebab aku ngerti yen pengajak mau tuwuh saka katresnan.
Nanging ngendika sampeyan iku perlu tan onceki disik, kang uga
ketarik saka rasa sih tresnaku.

Pancen, penemune wong akeh-akeh, iya kaya panemu sampeyan


iku, anggone ngudi ngelmu ke-Tuhanan iku mung kanggo
babagan ngakerat utawa babagan pati, mulane elinge ngudi :
bareng wis tuwa, rumangsa wis nyedaki mati. Hla iku satemene
.......... kliru :
I. Perkara pati iku ora milih umur. Ana kang mati isih bocah,
mati enom, mati setengah tuwa, mati tuwa, mati tkluk-tikluk.
II. Ngelmu ke-Tuhanan iku ora mung maedahi tumrap babagan
ngakerat utawa babagan pati bae, sejatine uga maedahi
banget tumrap uripe ana ing ngalam dunya iki, kayata njalari
kadunungan rasa : tatag, tanggon, tentrem, gembira, begja,
........ kang ringkese rumangsa kepenak.

Dadi : kita, kang elinge ngudi ngelmu ke-Tuhanan bareng wis


tuwa iku satemene ........... kasep, ananging ija isih rada becik
kasep, tinimbang ora babar pisan.

Mulane uwong kang pinareng pinaringan umur dawa, iku bisa


ateges nugraha, uga bisa ateges siksa. Senajan kasep, nanging
banjur eling, iku kena diarani pinaringan nugraha umur dawa.
Dene kang ora nganggo eling, iku umure dawa tetep aran siksa.
Amarga wis ora tedas pangan kang mirasa, ora tamat ndeleng
sesawangan kang adi endah, suda pengrungune, tininggal para
kekasihe, ndadak sedina-dinane isih tansah bentayangan bae.

Hla sampeyan ngajak bebarengan meguru iku, apa wis kagungan


wawasan : sapa lan ngendi daleme ?

2. MITRA.

Uwis, mas !! Lan ora mung sedulur siji loro kang pada
ngandakake, yen guru mau pancen peng-pengan temenan. Kayata
pirsa kelakuwan lan batining wong, pirsa lelakoning wong kang
wis kepungkur lan kang durung kelakon. Mulane para muride iya
pada wedi asih, amarga gurune asotiya Batara mengkono iku :
samobah mosike kapirsan kabeh. Kawasan lan kawaspadan

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

mengkono iku bokmenawa kang diarani “helderziend” kae, apa


“okkultist” aku ora ngerti.

Nanging kaluwihane ora mung mungkono bae mas !! Kayata yen


muride nemu ribed anak bojone lara, disuwunake tamba mrono,
....... bisa ces pleng pleng temenan. Ribed apa bae, janji matur
uga diparingi pitulungan daya kekuwatan gaib, mulane akeh para
siswane kang pada nemu kamulyan ana ing masarakat iku,
kayata kang laku dagang bisa sempulur dadi lan sugihe, kang
Cekel gawe enggal munggah pangkate, mundak bayare.

Ana maneh ksng elok, mas !! Ana salah siwijine siswa kang
disereg ing pengadilan perkara kriminal rada abot. Miturut
panemu-panemu kang dedasar yuridisch, mesti kokum. Bareng
tekan ing dina putusan, ndadak .......... bebas, kaanggep
perkarane kurang terang. Ora liya, sebab siswa mau diparingi
sarat dening gurune kang linuwih iku mau.

Hla kaelokane liya-liyane kang umume diarani kadigdayan,


kanuragan, kawijayan, ............ wi aja mundut pirsa, mas. Cekake
sarwa ana sarwa mumpuni, lan uga diparingake marang muride
kang duwe penyuwun.

Emane daleme ora ana ing Negara kene. Nanging iya ora kagolong
adoh banget saka kene, lan ora kalebu rekasa lakune upama
sowan mrana, jer daleme iku ora adoh saka palerenan sepur
utawa bis.

2. DARMA.

Mengko ta, di! Asmane lan daleme aja sampeyan ngendikake


disik, perlune pangrembug kita bisa mung apa anane bae
(obyektief). Yen wis tau krungu asmane, daleme lan riwayate,
luwih-luwih yen wis tau kepetuk utawa kenal karo priyayine,
bokmenawa pangrembug kita banjur kawoworan sentimen.

Satemene aku kurang mangerti marang ngendika sampeya niki


mau. Kaya-kaya sampeyan mau ajak-ajak bebarengan golek
ngelmu patitising pati, sarehning rumangsa wis sepuh,
bokmenawa sawayah-wayah tumekaning janji. Aku banjur
koreksi satitik, yen ngelmu patitising pati iku ora liya ngelmu ke-
Tuhanan, sarta ngelmu ke-Tuhanan iku satemene uga migunani
tumrap urip kita ana ing ndunya iki.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 5
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Tuture karo ngendika sampeyan sakawit mau, mestine upama


kita iki sida meguru, iya kudu ngupaya guru kang sampurna ing
kawruh pati patitis. Yen turute karo kandaku, kudu ngupaya
guru kang sampurna bab ngelmu ke-Tuhanan, kang kanggo ing
kene kana (urip ana ing ndunya lan sawise tinggal dunya). Rak
iya, ta?

Nanging ngendika sampeyan kang keri iki mau teka mung


ngrasani kaluwihane sawijining priyayi guru ing babagan ngelmu
werna-werna, kang garise gede kalebu ngelmu sihir lan babagan
pedukunan. Kepriye kaluwihane babagan patitising pati utawa
babagan ke-Tuhanan, apa teorine dalah prakteke pisan, - malah
ora sampeyan ngendikakake. Yen mung durung dingendikake
……….. bok coba dingendikakake pisan.

Hla saupama kaluwihane ya mung kaya kang wis sampeyan


ngendikakake mau, rak ora cocog karo kebutuhan sampeyan ta?
Apa pancen kebutuhan sampeyan kang ka-ingsedake saka
sakawit ? Kayata kaingsedake : bokmenawa yen ana perlune
butuh pitulungan daya gaib : wis cumepak, sukur ketularan
kagungan kaluwihan dewe. Apa mengkono ?

3. MITRA

Yen kebutuhanku mono tetep, mas, ora owah saka sakawit. Hla
saupamane kita oleh guru kang kagungan kaluwihan werna-
werna iki mau, rak iya marem, ta? Apadene saumpama kita
satitik-satitik bisa ketularan kaluwihaning guru mau kae, ra iya
luwih prayoga, ta ?

Mareme lan luwih prayogane iku, ora jalaran aku kepengin oleh
pitulungan ngelmu sihir utawa kepengin medukun, apa maneh
kepengin bisa dadi dukun dewe, iku ora mas.

Mungguhing aku. Kabeh babagan lahir iku luwih mantep yen


digarap secara lahir uga. Kayata babagan lara iya mantep golek
tamba marang dokter. Yen kepengin munggah pangkat, iya kudu
sregep lan tumemen anggone nyambut gawe. Yen kepengin sugih
anggone dagang, kudu ngerti marang kawruh dagang. Umpama
kena ing perkara, iya prayoga njaluk tulung marang adpokat. Hla
bab kadigdayan, pancen wiwit enom mula aku ora seneng, yen
kumudu “jaga diri” aluwung sinau pencak utawa ngesak revolver.
Apa maneh bab nakokake nasibing awak, saya tak siriki banget,
sebab yen dibedek ala : cilik atine, yendi bedek bejik : ngendel-
ngendelake.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 6
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Dene mareme umpama duwe guru kang linuwih iku, ora liya
mung ngandelake piyandel, yen kita iki disidikara dening titah
kang wis kecedak karo kang nitahake, - kang Maha Kuwasa –
mulane iya kasinungan kuwasa : kinacek karo sapadaning
tumitah. Mengkono uga luwih prayogane saupama kita bisa
ketularan duwe kaluwihan setitik-satitik, ora liya iya jalaran kita
ngrumangsani : maune kalimputan ing pepeteng, jalaran saka
tuntunaning guru banjur oleh pepadang sawetara.

Bab ngelmu ke-Tuhanan kang panjenengan ngendikakake iku


mau, aku ora dikandani dening para sedulur kang wis tau
nyuwunberkah mrana, apa teorine bae, apa teori dalah praktike
pisan. Umpama dikandanana, terkadang iya klira-kliru
anggonku ngaturake marang panjenengan, awit aku durung
terang, endi kang aran ngelmu ke-Tuhanan, endi kang kelebu
sihir, lan pedukunan iku. Saka pengiraku, sarehning wis jeneng
kecedak iku mau, mesti ngelmune ke-Tuhanan uga wis luwih
sampurna tinimbang karo kang durung kecedak.

Hla mungguh pamanggih panjenengan kepriye ?

3. DARMA

Panemu sampeyan : kabeh babagan lahir iku luwih mantep utawa


matuke kudu digarap secara lahir uga, iku aku mupakat banget.
Malah saka keyakinanku mengkene :

Kawruh kelahiran (wetenschap) karo kawruh kebatinan


(mystiek) iku umpama suruh mono : lumah lan kurebe, pada
duwe kawujudan dewe-dewe. Siji-sijine pada drajate lan pada
pigunane, ora teka kang siji luwih luhur lan luwih migunani
tinimbang sijine.

Dadi : saupama mystiek iku bisa tumindak bebarengan karo


wetenschap, kang ateges bisa ngiseni kekuranganing wetenschap,
iku becik banget. Sebab yen anggonku ngumpamakake suruh
mau bener, amesti kurebe ora bisa ditonton saka lumahe, lumahe
ora bisa ditonton saka kurebe. Sampurnane yen ditonton lumahe
lan kurebe.

Naning yen ana kang duwe pengira : mystiek iku bisa


“,mengatasi” wetenschep, sarta duwe pengira : luwih mitayani
kanggo nggarap babagan lahir, hla iku mesti bakal ………. kecelik.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 7
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Mula kepara nyata, sok ana kedadeyan : wong lara digarap


dokter, wis lawas durung bisa waras, malah dokter durung
bisa nemtokake lelarane, bareng didukunake : dukune ngerti
sebab-sebabing larane, lan bisa maluyakake. Nanging kang
mengkono iku ora kena dipastekake, mulane uga ora kena
dienggo bukti yen mystiek iku menang luhur tinimbang
wetenschap.

Upama kawruh padukunan iku mau luwih mitayani tinimbang


kawruh kedokteran, amesti sekolahan-sekolahan dokter bakal
kekurangan murid. Yen arep ana pertandingan rebut title
“,juara”, amesti para pemaine ora pati merlokake latihan, kang
diperlokake golek dukun utawa pati geni. Yen arep ana pilihan
warga ing “dewan perwakilan” amesti ora pada mempeng anggone
gawe propaganda, mung mempeng pada golek sarat. Lan bisa
kedadeyan ana delegasi ing sawijining konperensi banjur nanda
tangani reketek-reketek bae, sebab kedayan dening perbawane
gaib delegasi lelawanane rembugan.

Kabeh iku aku wani netepake ……… ora bakal kelakon! Awit
kemajuwaning perkara lahir iki kabeh wis miturut garis kodrating
Pangeran. Mulane Pangeran mesti ora bakal marengake
ananing kedadeyan-kedadeyan kang anjalari wurunge
kemajuwan iku mau. Hla yen mung kaelokan remeh-remeh kang
ora dadi alanganing kemajuwan lahir iku mau : mung jalaran
saka percayane, iya kapercayane iku mau kang dadi tamba. Hlo
wong kang dibebasake perkarane iku mau, mestine ya pancen
kurang terang temenan, senajan nyata nindakake penggawe.
Mengkono sapiturute.

Dadi : aku mupakat karo panemu sampeyan, yen kabeh


babagan lahir iku luwih prayoga digarap secara lahir bae.
Sebabngelmu “kebatinan” dianggo nggarap babagan “kelahiran”
iku kurang mitayani. Hla ngelmu kebatinan kang ora dianggo
nggarap babagan lahir iku kang tak jejuluki ngelmu ke-Tuhanan
iku mau.

Mulane teruse ngendika sampeyan mau kae : aku ora mupakat.


Sampeyan kagungan panemu : saupama kita bisa ketularan
duwe kaluwihan setitik-setitik, kaanggep jalaran maune
kalimputan ing pepeteng banjur oleh pepadang sawetara.
Kaluwihan iku dudupepadang, di !

Umpama aku ngucapake :

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 8
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

“Niyatingsun matek aji : ajiku si jaran goyang. Cemetiku sada


lanang. Sun sabetake bumi : bengkah, sun sabetake segara :
piyak, sun sambetake langit : mendak, sun sabetake gunung :
gempal, sun sabetake atine si Anu : dadi edan. Ora edan dadi
moyar, ora moyar dadi gendeng. Ora pati-pati mari yen ora
teka ing ngarepku”

Banjur si Anu teka temenan ana ing ngarepku, hla iku aku rak
jeneng duwe kaluwihan, ta ? Nanging apa aku ateges oleh
pepadang??? Upama maune peteng, rak malah saya andedet
keworan mendung, tadi ? Ha, ha, ha !

Mengkono uga bab guru kang kagungan kaluwihan werna-werna


mau kae. Yen sampeyan kagungan piyandel : kaluwihane utawa
“kuwasane” iku dadi pratanda anggone kecedak karo kang
Maha Kuwasa ……. Aku ora bisa nderek. Amarga panemuku
mengkene.

Miturut nalar (logika) : wong kumawula marang kang Maha Suci


iku sarate iya kudu nglelatih suci, Kamawula marang Maha Adil
sangune kudu ngelatih adil. Cekake sipat-sipating Pangeran iku
kudu ditiru. Hla yen sarat-sarate anggone kumawula marang
kang Maha Kuwasa iku, wis dilakoni, insya Allah uga bakal
kasinungan kuwasa.

Nanging sampeyan aja kliru tampa ! Mungguhing Pangeran,


sucine, adile, lan sipat liya-liyane iku mau dudu ukuran ing
ndunya, hlo? Mengkono uga kuwasane, uga dudu kuwasa ukuran
ndunya.

Suci Mungguhing ndunya iku ateges resik, ora ketaman


rereged, nanging suci mungguhing Pangeran iku ora mbedakake
kang resik kelawan kang reged. Adil mungguhing ndonya iku,
sapa temen : tinemu, sapa salah : seleh, sapa goroh : growah,
sapanunggalane; nanging adil mungguhing Pangeran iku
terkadang kang jujur : kojur, kang korup (korrupt) : kecukup,
kang curang : ngedangkrang, lan sapanunggalane. Hla kuwasa
mungguhing ndunya iku kang elok sarwa nggumunake iku mau;
nanging kuwasa mungguhing Pangeran mung bares-baresan bae,
awujud kodrat kang gumelar iki, kayata srengenge lakune ajeg,
tanpa di-steer, lombok, enome ijo tuwane abang, tanpa di-ecet,
mengkono sapanunggalane.

Lan maneh sampeyan mau kagungan pengira, yen titah iku ana
kang kecedak karo kang nitahake, ana kang ora kecedak, hla iku
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 9
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

aku wani netepake : k l i r u. Sebab daliling Quran andawuhake :


wa huwama’akum aina maa kuntum wa allahu bima
ta’maluuna bashirun (Al-Hadid : 4 = Panjenengane Allah tan
pisah kelawan sira ana ing ngendi bae lan pirsa samubarang
tindakira). Ing surat mau ayat 6 andawuhake : wa huwa ‘alimun
bidzaatishshuduri (Panjenengane nguningani sajroning atinira).
Ana ayat maneh kang mratelakake : “Allah iku luwih cedak
tinimbang otot bebayunira”. Hlo rak ora nganggo pilih-sih ta, di?
Nanging si titah, ana kang ngerti ana kang ora, ana kang percaya
ana kang ora.

Karo dene maneh, di, ngendika sampeyan “kita di-sidikara dening


guru kita” iku satemene aku ora pati ngerti. Yen tembung
“sidikara” iku sampeyan tegesi “perbuat”, hla iku genah salah.
Sebab selagine para Nabi-Wali bae mboten saged nyidikara
sapadaning tumitah, tandane ora setitik kang pada kapir. Sagede
mung nedahake Shiraatha’lmustaqiem (dalan kang bener)
tumrap kang gelem nggugu. Mengkono uga kang jumeneng guru,
sagede mung paring sesuluh babarane si murid : mani ahtadaa
faannima yahtadi linafsihi wamandlalla faannima yadlillu
‘alaiha (Israa’ : 15 = sapa kang oleh pituduh iku pituduhe
kanggo awake dewe, lan sapa kang sasar iku sasare uga tumrap
deweke dewe). Tegese awak liya iku ora bisa nyidikara awak seje.

4. MITRA

Wah, panjenengan ki njlimet banget, nganti ngonceki


tembung “sidikara” barang.

Ngandika panjenegan iku mau kabeh : aku wis tampa nanging


ana kang durung ceta.

Kaya-kaya panjenengan kagungan panemu, yen kabeh


kaluwihan kang elok-elok iku kagolong ngelmu sihir utawa
bangsaning padukunan. Mangka miturut critane para sepuh :
para Nabi lan para Wali iku uga pada kagungan kaluwihan
mengkono mau. Hla iku apa iya kagolong sihir ? Lan maneh aku
tau krungu , jare kaluwihan iku ana kang “khak” ana uga kang
“silihan”. Hla iku kepriye bedane ?

4. DARMA

Bab kaluwihan kang elok-elok iku ora mung adapur dongeng


timbal-tumimbal (overleveringen) utawa carita ing layang babad
bae. Kang nyritakake kaluwihane para Nabi, uga kasebut ana ing
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 10
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

kitab-kitab agama. Dadi kaluwihan kang dudu sihir iku ya


ana, katrangane mengkene.

Kaluwihane iku garise gede ana werna 4, yaiku mukjijatin


Nabi, kramating Wali, mangunahing Mukmin, istijrating Kapir.

Nanging kaluwihan elok-elok kang kasebut ing babad utawa kitab


agama iku ora kabeh letterliyk : kedadean temenan; ana uga kang
mung perlambang utawa pangupaman bae. Dene kang
kedadeyan temenan iku ringkese; mukjijat, kramat lan
mangunah iku, titahe kang kasinungan kaluwihan pada ora
ngrumangsani anggone kasinungan. Mulane wetune kaelokane
iku mesti ora kejarag lan ora obral-obralan. Kayata :

Sunan Kalijaga anggatukake mustakane masjid Bintara karo


Ka’bah, iku mung perlambang, panjenengane saged nyiyarake
piwulang agama Islam asarana kabudayan Jawa : gamelan
sekaten lan wayang purwa. Dene ceritane Sunan Benang nudingi
wit aren, iku satemene panjenengane mung ngendika bares-
baresan bae : “i k u (= aren, yen diupakara pametune
diklumpukake) ………. r a k e m a s! ndadak miturut pandelenge
si begal : uwite aren, sapapahe, sakolang-kalinge, pada dadi emas
kabeh. Yaiku kang diarani kramating Wali.

Hla critane Nabi Ibrahim dinawuhan dening Pangeran


nyembeleh putrane, banjur liniru cempe, iku mung pangupaman
bae ; panjenengane ngebotake bektine marang Pangeran
tinimbang bangeting tresna marang putrane. Pangeran ora
nate dawuh marang titahe mengkono iku, lan ora nate main
sulapan bocah liniru cempe. Dene critane Nabi Musa digegila
dening ula sepirang-pirang saka para tukang sihire Sang Fir’aun,
iku satemene Nabi Musa banjur ngoncalake tekene bares-baresan
bae, amarga saka gilane. Wusana teken mau banjur katon
ngamuk nguntali ula sapirang-pirang mau. Yaiku kang
diarani mukjijating Nabi.

Mengkono uga kang diarani mangunahing Mukmin, si


mukmin kang kasinungan kaluwihan uga ora ngrumangsani
kasinungan. Wetune kaelokan kangaran mangunah (ma’unatun =
pitulungan) ya mung bares-baresan bae, saka pasrahe marang
Pangeran, ora jalaran diniyati.

Dene yen wonge kang kaseren kaluwihan iku ngrumangsani


anggone kaserenan, sarta wetune kaluwihan kang elok-elok iku
sarana diniyati, iku kaluwihan kang saka parentahing napsu, yen
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 11
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

olehe kaserenan kaluwihan iku pancen digayuh, hla iku


dawuhing setan, sakarone kagolong istijrating Kapir (mirsani :
“Kunci Swarga” III : 31

Dene pitakon sampeyan bab kaluwihan silihan karo kaluwihan


“khak” iku miturut panemuku mengkene :

Kaluwihan silihan iku adate mung sawatara dina bae. Kayata


Kyai Anu, jalaran anggone tapa mbisu utawa tapa nurut kali,
banjur kaserenan kaluwihan bisa awas lan bisa nambani nanging
kabisane kang hebat iku mung sajroning 40 dina bae.

Dene kang dudu kaluwihan silihan kang pada diarani


kaluwihan “khak” iku, bokmenawa kang dikarepake : kaluwihan
duweke dewe, awit tembung Indonesia hak utawa tembung Jawa
kak iku pada ateges duwek (darbek). Yen “khak” saka tembung
Arab haqq, tegese :bener (nyata), kang aran ngelmu haqq iku ora
liya kejaba ngelmuning Pangeran, yaiku agama, dudu bangsaning
kaelokan mengkono mau.

Anadene kaluwihan “duweke dewe” iku, mula dasar nyata ora


mung sadela sirna kaya kaluwihan silihan. Nanging yen kanggo
obral lan sarat-sarate ngejog daya dilirwakake, iya banjur ngabar,
pepindane kaya lampu kentekan lenga : ora bisa murub maneh.

5. MITRA

Iya-iya, mas, aku saiki wis ngerti. Dadi golek guru iku iya kalebu
angel. Hla guru kang sampurna ing kawruh ke-Tuhanan, iku
titikane kepriye mas? Yen ana titikane, karuwan anggone
ngupaya.

5. DARMA

Titikane iku : ana, nanging pangupayane iku kang rada ora


gampang. Ing layang “Wulangreh” nyebutake mengkene (Dandang
Gula) : “Lamun sira amaguru ngelmi, amiliha sujanma kang
nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi, sukur antuk wong tapa, ingkang
wus amungkul, tan melik pawewehing Lyan, ……

Sujana kang Nyata = dudu avonturier, ora gleca-glece;

Ingkang becik martabate = durung tau diukum krana perkara


kang ngisin-ngisini;
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 12
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Kang Wruh ing kukum = ngerti temenan marang hokum (angger-


angger) agama, sukur hokum liya-liyane;

Kang ngibadah = nindakake sembahyang sarengat, agama apa


kang dadi kepercayane;

Kang wirangi = ora crobo (sembarangan) tindake lan


kelakuwane;

Wong tapa = manggon ing gunung utawa ing praja kena bae, sok
uga merangi hawa napsune;

Ingkah wus amungkul = sugih utawa mlarat kena bae, sok uga
ora kronehan;

Tan melik pawewehing Iyan = ora mung sepi ing pamrihing atase
barang kasatmata bae, uga pamrih kang arupa pengaji-aji. Hlo
rak ya angel ta golek-golekane ? Ewadene guru kang sampeyan
ngendikakake mau. Aku iya gelem angguroni, idep-
idepkanggo pengalaman, anggere :
a. Kita dimerdikakake meguru marang guru-guru liyane, ora
nganggo nyuwun palilah marang panjenengane;
b. Kita dimerdikake memaca buku kawruh kebatinan apa bae,
ora kanggo nyuwun palilah utawa anglapurake pemaham
kita marang panjenengane;
c. Kita dimerdikakake miterang, terkadang kaya ambantah.
Marang wedaran kang durung andadekake pemarem, aja
nganti panjenegane duka.

6. MITRA

Wah, wah, hla teka tirik-tirik temen. Nuwun-nuwun sewu, kersa


panjenengan ki aneh, mas ! Lumrahe kang dijanji iku si murid,
dudu si guru. Saupama kita sida sowan mrana, lan panjenengan
iya kelahir anjanji mengkono, tak kira panjenengane guru mesti
ora kersa malah gerah penggalihe rumangsa di ……… sapelekake.

Hla panjenengan kagungan kersa njanji mengkono iku sebabe


kepriye mas?

6. DARMA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 13
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Hlo, guru teka gerahan penggalih ! Iku rak durung pinda


samodra, durung bisa momot lan mengku marang calon siswa
kang isin punggung muda.

Dene anggonku kumudu anjanji iku, sebabe iya kaya


ngendika sampeyan mau kae : lumrahe si murid kang tampa
pepacuh ngene ngono, kang wos-wose :
(a) supaya si murid fanatiek marang ngelmu lan gurune.
(b) si guru kuwatir bokmenawa kawiyak cupeting kawruhe.

Upama ana pitakoning murid : si guru ora bisa njawab, iku


pancen si guru ora perlu rikuh, sebab wong kang sampurno luwih
dening sampurno, iku pancen ora ana. Mengkono ugo si guru
kang duwe penganggep : mung ngelmune dewe kang bener,
banjur para muride dipurih fanatiek kaya deweke hla iku iya
……… kliru.

Hla si murid kang cukup akal lan pikirane (senajan ora cerdas
banget) teka dipurih “menelan mentah-mentahan” apa
sak ngendikane gurune, iku ya ora gelem, ta ! Awit babagan roh
(jiwa) iku kang tanggung jawab mung awake dewe, dudu awak
liya.

Ing layang “wulangreh” mau kae, uga mrayogakake kang


surasane kudu ora “menelan mentah-mentahan” mengkono iku,
balik kudu disaring awewaton : dalil, kadis, ijemak, kiyas. Yen
ana wedaran ngelmu kang nyulayani karo wewaton werna 4 mau
prayoga di …………..singkiri bae.

7. MITRA

Hla dalah, layak bae panjenegan pinda Raden Sumantri duk arsa
suwita Sri Arjunasasra, hla wong panjenengan wis kagungan
gegaman kanggo ngoreksi, saka “Wulangreh” mengkono.

Mungguh wewaton kang diarani “dalil-kadis-ijemak-kiyas” iku


mau, keterangane kepriye, mas ?

7. DARMA

Ing “Wulangreh” ora ana penjelasane perkara iku. Dene maksude


tembung sarta tapsire kang progressief mengkene :

Dalil (wutuhe; dalil Quran) = ayat-ayating Quran, yaiku


kitabing Pangeran kang rineksa saka owahan-owahan. Nyatane :
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 14
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

senajan ditarjamah ing basa werna-werna, kang asli ing basa


Arab : isih ana. Dadi yen tarjamahane kawoworan sentimen
(neselake panemune dewe) : gampang ketara.

Kadis (Hadiest) – dawuh pangandikane K. N. Rasul kang tinampa


dening sekabat, tumimbal marang tabi’in (wong kang ketemu
sekabat). Hadiest shahih = kang wis ditimbang tetela benere;
hadiest qudsi = pangandikane Rosulullah kang kasebutake
“dawuhing Pangeran“ dadi pada bae karo Qur’an, mulane
dianggep suci (bener) tanpa nganggo dirembug dawa dawa.
Hadiest mutawatir = kang ora nganggo dirembug bener lupute,
nanging akeh kang ngandakake. Dene yen timbal-tumimbale iku
wis adoh : saka tabi’in tumimbal marang tabi’tabi’in, sapiturute,
mangka kang minangka sanad (sendehan) durung misuwur bab
katemenane, hla iku aran hadiest maudlu` (cinacad), ora
kenadipercaya.

Ijemak (Ijma’) = panemune para ngulama ahli agama Islam, dek


jaman semana. Sawise let pirang-pirang abad, bareng
kawruhe wong wis saya maju, mesti bae panemu iku iya tambah
maju (jnamisch) ora patok bangkrong bae (statisch), senajan kang
minangka wewaton uga dawuhing Quran lan Hadiest.

Kiyas (qiyaas) = panglimbang lan panimbang kang bisa


ditampa lan sineksenan dening akal lan pikiran, dadi ora mung
gugon tuhon utawa anut grubyug bae. Sarehning kawruhe wong
wis saya maju,mesti bae akal lan pikirane uga tambah maju, ora
gampang dipengaruhi ing liyan.

8. MITRA

Wah, hla kok panjenengan jebul wis kagunan sangu tarik-tarik


mengkono. Mung saka ora weruhku bae, tibake panjenengan iki
wis kerep meguru lan memaos buku-buku, umpama kita sida
bebarengan meguru, panjenengan ki ngansu pikulan warih apek
geni adedamar “, beda karo awak ndengkeng iki.

Kang iku mas, menawa panjenengan dangan ing penggalih serta


ora ana pekewuhe, mbok iyaha aku panjenengan tulari
gegebengan panjenengan. Sukur wis bisa andadekake pemarem,
umpama durung marem, ya wis maedahi : besuk yen sida
bebarengan meguru, ora banget-banget anggonku tingak-tinguk.

8. DARMA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 15
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Ingatase mitra-darma, aku ora keberatan minangkani


pamundut sampeyan iku, di! Ananging bisa marem utawa oraha,
aja sampeyan galih yen aku ngendas-ngendasi seja sampeyan
golek guru, utawa ora ateges aku emoh anderekake bebarengan
meguru.

Dene wejangan werna-werna kang wis tak tampa saka para guru,
serta wirid werna-werna kang wis tau tak waca saka buku-buku,
iku mung ana siji kang andedakake pemareming atiku, yaitu kang
aran wirid : “Iman-Tauhid-Ma’rifat-Islam”. Amarga panyelasane
cocok karo wewaton ; “dalil-hadiest-ijma-qiyaas” mau kae. Hla iya
iku bae kang bakal tak aturake. Namung aja mung sampeyan
hiyani bae; endi kang sampeyan ora mupakat, sampeyan bantah.
Iku bakal muwuhi terang lan gawe murnining panemu.

II. WEDARAN BAB IMAN

9. MITRA

Nderek! Nanging aku nyuwun katerangan disik: apa sebabe iman


didisikake, Islam tiba keri, malah keri dewe pisan. Mangka kang
wis kerep tak rungu: muslim iku durung tentu mu’min, kang
tegese wong Islam iku durung mesti kadunungan iman. Iku
katerangane kepriye mas........???

9. DARMA

Hla iya kaya mengkono iku kang tak karepake, di. Iku aran
bantahan kang ora satitik paedahe.

Pancen, umume iya kaya ngendika sampeyan iku,


jer tembung, Islam ing kono iku Islam araning agama. Beda karo
tembung Islam ing tetaraning wirid “Imam-Tauhid-Ma’rifat-
Islam” kang bakal tak aturake iki mengko.

Mulane ing sajroning aku ngaturaken wirid iki mengko supaya aja
wor-suh, aku lilakna migunakake tembung : agama
Muhammad “ora agama Islam” kaya adate. Dadi : ngendika
sampeyan mau kena diganti mangkene : Muhammadiyyin
(wong agama Muhammad) iku durung mesti muslim (jumeneng
Islam).

10. MITRA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 16
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Mengko disik ta mas! Panjenengan migunakake tembung agama


Muhammad iku apa ora nyudakake ajine agama Islam kang pada
kita pepundi iki?

10. DARMA

Hla rak rewel : yen lagi ngrembug sawijining perkara iku


prayogane aja fanatic lan aja kawoworan sentimen. Anggonku
nyebut mengkono iku ora terus-terusan, mung sajroning
ngrembug bab iki bae, supaya aja wor-suh.

Karo dene maneh, menurut panemuku : ora bakal nyudakake aji


ora barang. Coba sampeyan galih:
Kita sebut agama Buddha, amarga kang anyiyarake : Sang
Sidarta Gautama, kang sawise tampa wahyu banjur ajejuluk
Buddha. Kita nyebut agama Kristen amarga kang nyiyarake : Nabi
Yesus (Isa a.s.) kang sawise tampa wahyu banjur ajejuluk Kristus.
Utawa kita arani agama Nasrani amarga kang nyiyarake iku
miyose ana ing Nasaret (Betelhen).

Dadi : Jenenging agama iku umume miturut asmane kang tampa


wahyu lan nyiyarakake iku mau, ora kumudu nganggo jeneng
mirunggan. Mulane saka panemuku, kita kena ngarani agama
Musa lan agama Muhammad, amarga kang jumeneng Rasul
(tampa wahyu lan nyiyarake) Nabi Musa a.s. lan Nabi Muhammad
s.a.w.

11. MITRA

Iya, iya mas aku wis mufakat, dasar nyatane : syahadat kang dadi
rukuning agama kita kang wiwitan iku ngucapake : asyhadu an
laailaaha ilaallaah wa asyahadu anna
muhammadarrasuulullah = anekseni kawula : satuhunipun boten
wonten Pangeran kejawi Gusti Allah, lan anekseni kawulo :
satuhunipun kanjeng nabi Muhammmad utusaning Allah dadi :
nyebut agama Muhammmad ing atase agama islamiku, yuridisch
lan psychologisch ora ana bedane.

11. DARMA

Pancen iya mengkono di nanging sampeyan mangartosa, yen


tembung, Muhammad ing kalimat syahadat iku mau satemene
mengkusu rasa rangkep ; letterliyk (lahir) lan symbolisch (batin).

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 17
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Mungguhing surasa lahir, iya Muhammad asmane Nabi


panutan kita iku mau, dene mungguhing surasa batin,
Muhammad iku mau dudu njenenging wong, yaiku wujude
manungsa iki, kang adon-adonane lan kompliting pirantine
pranyoto luwih sampurna tinimbang machluk liya-liyane (,,Kunci
Swarga” II: 8).

Mengkono uga bokmenawa sampeyan wis tau maos utawa mireng


tembung “nur Muhammad” yaiku asaling kabeh dumadi, hla iku
aja sampeyan kira Kanjeng Nabi Muhammad.

12. MITRA

Amit sewu, mas, kok rada kisruh anggonku nampani. Apa


“Muhammad” iku, kejaba diangga jenenging wong, si tembung
duwe, teges dewe ta? Hla tegese kepriye? Keparenga paring
penerangan kang sajelas-jelase.

12. DARMA

Pitakon sampeyan iku bener, mung ana kang kuwalik.


Sakabehing “tembung” iku rak mesti nduweni teges, ta di?
Hla jenenging wong iku lumrahe pada milih tembung-tembung
iku mau, endi kang dicocogi tegese. Terkadang adapur pamuji
(Kuwat, TeguhI.I.I) terkadang minangka panyandra bae (Jarot,
Dableg I.I.I.), ana uga kang minangka pangeling-eling kahanane
utawa titi mangsane nalika lahir (Buwang, Rebo I.I.I.).

Mungguh asmane Nabi panutan kita iku satemene ana 4, pada


rimbagan saka tembung h a m d u n kang tegese pangalembana,
utawa h a m i d a kang tegese angalembana. Yaiku: H a m i d (=
ingalembana), M a h m u d (= kang kataman pangalembana), A
h m a d (kang luwih ingalembana), M u h a m m a d (= kang
kaserenan pangalembana). Nanging kang katelah lan populer
dewe : M u h a m m a d, ing kalimah syahadat uga
Muhammad, ora kena nyebut asma liyane.

Dene tembung “Muhammad” ing kalimah syahadat kang


disurasa symbolisch iku tegese : sipat kang kaserenan
pangalembaga (ing wirid-wirid kasebut : sipat kang pinuji) “nur
muhammad” ateges : cahya kang kaserenan pangalembana (ing
wirid-wirid kasebut : cahya kang pinuji).

13. MITRA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 18
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Wis jelas banget, mas, saiki! Mulane banjur keparenga miwiti


ngendikakake wiride, keprije wedarane bab iman iku.

13. DARMA

Iman iku tegese : percaya. Ingatase wong agama Muhammad,


rukuning iman iku ana 6, yaiku percaya marang anane: I.
Allah, II. Malaekat-malaekate Allah, III. Kitab-kitabe Allah, IV.
Utusan-utusane Allah, V. Dina akhir. VI. Pepasten becik lan ala
(,,Kunci Swarga”II:24).

Nanging ing wedaran wirid iki mung bakal nerangake bab


kapercayan marang anane Allah kang sawiji (Monotheisme),
tegese dudu Allah kang lara utawa luwih.

Kepercayan marang anane kang Maha Kuwasa iku, sanyatane wis


wiwit kuna-makuna mula, yaiku wiwit anane manungsa ing
ngalamdunya iki, ing jaman sadurunge ana……..agama.

Tuwuhing kapercayan mau, ora liya jalaran si manungsa nyipati


gumelaring alam iki kabeh kang ora bisa dikuwasani dening
deweke, balik simanungsa kang kudu tunduk marang purba-
wasesaning alam iku. Kayata : nalikane lagi nyrempeng nyambut
gawe, kepeksa leren jalaran peteng, ora bisa ngerem suruping
srengenge; nalika tandurane butuh udan, ora bisa ngundang
udan, mengkono sapanunggalane. Dalah awake si manungsa
dewe ora bisa diprentah miturut karepe. Kayata : yen pinuju arip,
dilek-lekna iya meksa turu ; umure dewe lan umure liya, pada
ora kena disemayani sadela bae, yen wis tekan mangsane,
mengkono sapanunggalane.

Mulane banjur tuwuh pikirane: kumawula marang kang Maha


Kuwasa, sarana sesaji lan ngabekti. Dene carane sesaji lan
ngabekti, sarta endi kang dianggep kang Maha Kuwasa iku, siji-
sijining golongan : ora pada. Ana golongan kang duwe
penganggep, yen kang Maha Kuwasa iku loro, ana uga kang duwe
penganggep luwih sakaloro.

Dene wulangane agama-agama kang disiyarake dening para


Nabiyullah iku, ing bab penganggepe marang Maha Kuwasa : siji
lan sijine ora ana bedane. Yaiku pada netepake yen kang maha
Kuwasa iku satemene mung siji, kang asmane ing basa Arab :
Allah. Hla agama kang kita rungkebi iki (agama Muhammad) uga
kagolong agama kang nekadake : Pangeran kita iku mung siji, ora
loro utawa luwih.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 19
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Anggone nekadake marang kasawijening Pangeran iku


katrangane ora angel. Sebab upama Pangeran iku loro utawa
luwih, amesti kala-kala perang tanding : rebut bener utawa rebut
penguwasa. Hla Pangeran kang kalah perange iku banjur kena
ditetepake mesti dudu kang Maha Kuwasa. Dadi Pangeran kang
Maha Kuwasa temenan iya tetep mung siji, yaiku kang menangan
dewe. Hla upama Pangeran-pangeran mau pada Maha Kuwasa
kabeh, amesti anggone perang tanding rame banget, amesti
seprana-seprene ora ana kang kalah utawa kang menang. Yen
mengkono amesti alam kang gumelar iki tumindak sakarepe
dewe-dewe utawa ……….. mogok.

14. DARMA

Iku ora wurung, di, nanging ya tak aturi sabar disik. Sebab
ceplas-ceplos kang kurang jelas keterangane iku adate ora
bisa ketampa, sisip sembire salah panampa. Dene yen wis
dijelas-jelasake meksa ora bisa ketampa, hla iku kaya kang wis
tak aturake mau, pancen siji-sijining wong iku wis manut garise
dewe-dewe. Ing layang suluk (wirid sinawung tembung) ,,Sujinah”
disemoni mengkene (Gambuh) :

Satengah ana muwus, rada esak mamang manahipun, iya iku


ngibarate desa cilik, tan kelar kanggonan ratu, wedi bokmenawa
jebol.– Iku anggep wong bingung, destun cekak nalare wong
kumprung, sejatine wus kena pengaruh iblis, sanggup den
mulyakken iku, kinen “wisma aneng gowok”.

Hla bab gendeng iku satemene ana werna loro. Ana kang gendeng
amarga bingung, jalaran ora ketemu-ketemu; ana kang katone
gendeng amarga brangta, jalaran wis ketemu ancer-ancere
nanging durung kepetuk gatuk. Mulane tembung “ngelmu” (Arab :
`ilmu = kawruh) iku ana kang ngirata basa : angele yen durung
ketemu, saweneh : angele yen wis ketemu. Ing layang suluk
“Andondomi” disemoni mengkene (Dandang gula).

,,Pilih-pilih ingkang angawruhi, ing maknane Allahu Akbar, nora


sok wonga wruh angger, yeku ingkang den luru, njajah desa
amilang kori, tan liya kang den arah, kang karem ing kawruh, yen
tanwruh pangucapira, nora weruh marang endase terasi, awit
wus munggingsira” ……….. Hla rak tepat, ta!

15. MITRA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 20
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Elo, elo, panjenengan ki jebul asarira bibliotheek. Aku tau krungu


: jare wirid-wirid lan suluk-sluk iku sok bertentangan karo
wulangane agama kita, iku nyatane kepriye?

16. DARMA

Akeh bae kang bertentangan! Mulane kudu disaring awewaton


dalil-kadis-ijemak-kiyas mau kae. Hla, gede-gedening dosa iku ora
kaya dosane wong ahli kitab, alias pengawak taman-pustaka
(bibliotheek), yaiku yen “menelan mentah-mentahan” tanpa
disaring.

Saiki tak banjurake aturku bab iman :

Pancen, bab anane Pangeran iku kudune didumuk : muk. Yen ora
mengkono, amesti percayane iku mung tiru-tiru bae.
Senajan lumrahe pada ngarani geloof (kapercayan) nanging
batine dewe mesti ngaku yen satemene mung biygeloof (gugon-
tuhon). Mulane iman pada iman iku ora pada, ana tatarane, yaiku
:

I. Imane bocah nglakoni sarengat, iku iman mung kagawa saka


taqlid (anut grubyug); pepindane percayane yen Mas Pawiro
iku daleme ing Sentul, jalaran akeh wong kanda mengkono.
Yakine (overtuiginge) ka-aranan, “wajibul yaqin” = overtuiging
kang kagawa saka wajib.
II. Imane para ahli kitab, iku iman tataran tarekat; pepindane :
percayane yen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, jalaran wis
liwat ngarepe daleme lan krungu suwarane. Yakine kaaranan
“ainul yaqin” = overtuiging kang wis weruh ancer-ancere.
III. Imane mu’min chas, iku iman tataran kakekat; pepindane :
percayane yen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, jalaran wis
tau mara dayoh, nanging durung nganti adu arep. Yakine
kaaranan “haqqulyaqin” = overtuiging kang wis nyata.
IV. Imane para arifin, iku iman tataran makripat ; pepindane :
percayane yen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, jalaran wis
tau mara dayoh lan ketemu karo Mas Pawiro. Yakine
kaaranan “isbatul yaqin” = overtuiging kang wis tetep, iya
sampurna-sampurnaning overtuiging (,,Kunci Swarga” I : 19;
“K.S” III : 14).

Dadi : wedaran bab “imam” ing tatarane wirid Imam-Tauhid-


Ma’rifat-Islam iki, ora kurang lan ora luwih, mung iman tataran
tarekat. Ewadene yen ketrima (bisa katampa terus ing ati). Wis
bisa ngrasakake nikmataning iman; yaiku samangsa wis kaya
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 21
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

kang kadawuhake ing Hadiest mengkene, tsalaatsatun man


kunna fiehi wajada bihinnahalaawatal imaani (telung
perkara kang rumaket marang sapa kang wus ngrasakake
nikmating iman) man kaanallahu wa rasululluhuahabba
ilaihi min siwaahuma (yaiku kang tresnane marang Pangeran
lan utusane ngungkuli kabeh bae) waman ahabba abdan
laayuhibbuhu illa lillahi (lan kang tresna marang sepadaning
tumitah kanti sepi ing pamrih) waman yakrahu an ya’uda
fielkufri ba’da idzanqadzahullahu ta’aala minhu kamaa
yakrahu an yuiqaa fiennaari (lan kang geting marang
kekupurane wingi-wingi, sawise binuka ing Pangeran, kaya
getinge dicemplungake geni naraka).

16. MITRA

Iya-iya mas, aku wis tampa pangandika panjenengan iku. Jer


setitik-setitik aku wis tau krungu, yen kabeh kang isih kena
digunem, - wejanganing guru, - iku jenenge t a r e k (thariq)
tegese dalan. Dadi tarekat (tharieqat) iku lagi nerangake bab
dalaning panembah jati. Dene teruse iku gumantung pangulahe si
muridd, wis ora kena digunem maneh.

16. DARMA

Sukur ta di, yen wis saged milah-milah dewe mengkono. Saiki tak
banjurake aturku :

Wong kang ngabekti Pangeran saliyane Allah (heiden) kang babar


pisan ora duwe Pangeran (atheist), lan kang duwe penganggep yen
penguwasa kang duwur dewe iku ‘alam (naturalist) iku tembunge
Arab pada bae, diarani K a p i r (kafirun) tegese wong kang ora
oleh pepadang, dene pahame diarani kupur (kufrun). Hla iku yen
dipilah-pilah asal silahe mestine mengkene.

Kapir heiden iku anane wiwit sadurunge ana agama. Sawise ana
agama kang nyiyarake pepadang, deweke meksa puguh, ora gelem
ngrewes lan nimbang-nimbang bener lupute wulangan agama iku.

Kapir atheist iku sadurunge ana agama ya wis ana, sawise ana
agama, tekan dina iki, - ya ora kurang. Sebabe katon ora duwe
Pangeran lan ora nindakake pangabekti marang sapa-sapa, iku
umume jalaran lagi kalimput ing kasenengan. Durung temtu
deweke wis duwe keyakinan bab ora anane kang Maha Kuwasa
iku. Mulane samangsa ketaman ing reribed kang luwih dening
banget, banjur …… grayah-grayah sakecandake, depe-depe
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 22
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

marang kang kinira Maha Kuwasa, wusana dadi kapir heiden.


Ana uga kang kebuka ing Pangeran, banjur ilang kupure; dene
kang puguh lan tabah atine, banjur dadi kapir naturalist.

Kapir naturalist, iku kapir ahli piker, anane sawise ana agama
kang nyiyarake pepadang. Deweke ngemohi sesembahanne kapir
heiden sarta gelem nimbang-nimbang wulangan agama kang
netepake anane Pangeran kang mung siji (monotheisme). Nanging
sarehning katrangan bab Pangeran iku kurang ceta tumrap
dewewke, mulane banjur grayah-grayah kang ketemu mung
………. Gumelaring alam iki (natural).

Banjur duwe penganggap yen sak nduwure iku wis ora ana
panguwasa maneh (,,Kunci Swarga” I : 15).

Hla iku, Di miturut panemuku kang ora kawoworan sentimen


Pada-pada kitabing Allah, kang ceta gambling anggone nerangake
sipat-sipating Pangeran iku : Al-Qur’an. Mulane tuwuhe golongan
naturalist iku iya ana ing tanah-tanah kang ora kasorotan
pepadanging Qur’an.

17. MITRA

Mengko ta, mas! Anggone ngarani kliru tumrap panemune


golongan naturalist iku : awewaton apa ? Hla golongan kang
kasorotan pepadanging Quran iku : A p a lan E n d i kang
dianggep Pangeran Maha Esa kang asma Allah iku ? Keparenga
panjenengan banjur ngendikakake.

17. DARMA

Wah, pitakon sampeyan iku “boleh” Di. Nanging ya aja kesusu ta,
selot-selote mengko rak tekan kono.

Kaum naturalist ora oleh pepadanging Al-Quran kang ngemot


ayat-ayat bab dumadining langit-langit lan bumi sarta kang ana
ing antarane iku saka sabdaning Pangeran :
kun fayakuun (anaha sira,banjur ana pada sanalika). Senajan
mengkonowa, deweke mesti wisoleh pepadanging Toret (At Taurat)
surat Genesis (Purwaning dumadi) kang uga mratelakake
mengkono. Nanging dawuhing surat mau banjur ora dianggo
waton, jalaran ing kitab iku ora ana katrangan-katrangan maneh
bab sipat-sipating Pangeran kang bisa maremake tumrap deweke.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 23
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Senajan mengkonowa, pancen nek deweke bisa mikir : yen kabeh


kang ana iku mesti ana kang anganakake, lan kabeh kedadeyan
iku mesti ana kang andadekake. Hla iku yen diurut-urut, nganti
tekan ….……e m b u h. Nanging “embuh” iku dudu carane wong
ahli piker, sebab surasane bisa ateges iya, uga bisa ateges ora,
dadi tanpa katetepan. Miturut nalar kudu anekadake A N A N E
“kang luwih disik, ora kedisikan” sarta kang jumeneng kelawan
pribadine, ora ana kang “anjumenengake” yaiku kang disebut
………... Allah. Dene gumelaring `alam iki, ora iya kejaba
mung salah sawijining sipate Pangeran anggelar kodrat iradate
bae.

Anadene kitab-kitabe Allah kang sadurunge Quran iku,


pancen, isine pada awujud b a b a d kang mung nyritakake
sajarahe (asal-usule) Rasul, lelampahane nalika “dipanggihi”
Pangeran lan kaparingan dawuh (wahyu), lelampahan liya-
liyane bab anggone nyiyarake agama. Ora nyritakake bab sipat-
sipate Pangeran, malah yen nyritakake Pangeran iku kaya-kaya
ana blegere, nanging bleger luar biasa, kang ora saben wong bisa
weruh.

Hla Qur’an ora wujud babad mengkono iku. Sawutuhe Quran


kang kandele 30 juz (jilid) utawa 114 surat (bab) iku mligi ngemot
dawuh-dawuhing Pangeran kang ditanpa dening Nabi
Muhammad SAW. Dawuh-dawuh mau akeh banget kan
sinartan katrangan bab sipat-sipating Pangeran, antarane kaya
kang wis tak aturake mau kae :
(1) Tan pisah klawan sira lan pirsa samubarang tindakira,
(2) Nguningani sajroning atinira.
(3) Luwih cedak tinimbang otot bebayunira.
(4) lan liya-liyane kang surasane sairib mengkono.

Kang iku, umat Muhammad kang tinarbuka, wis ora


mamangmaneh anggone netepake yen Pangeran iku aja digoleki
mrana-mrana, balik kudu mung niti priksa kahanane si
manungsa dewe. Mulane banjur ana unen-unen man `arafa
nafsahu faqad `arafa rabbahu = sapa kang weruh pribadine
temen-temen weruh marang Pangerane (“Kunci Swarga” I : 36;
“K.S” II : 3), malah ana kang wani nekadake : asyhadu an laa
ilaha illaallaah wa asyhadu anna laa ilaha illa anaa = anekseni
ingsun : satuhune ora ana Pangeran kajaba kang asma Allah, lan
anekseni ingsun : satuhune ora ana Pangeran kejaba mung
ingsun.

18. MITRA
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 24
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Aduh, aduh, banjur kepriye genahe iku mas? Aku teka durung
bisa tampa.

18. DARMA

Kang pada nekadake mengkono iku dudu ngulama


sembarangan bae, yaiku para zaahid-zuhhaadda (= kang ora
mentingake babagan dunya, zuhud) kang wis tekan tataran `arifin
(ahli makripat). Dadi anggone nekadake mengkono iku genah ora
awur-awuran lan ora karana urusan dunya. Nanging ………..
bareng wong-wong kang durung tekan tataran kono pada
gumampang “ngoper” panemu mau, hla banjur dadi kliru tampa
werna-werna, luwih-luwih kang kedadeyan ana ing tanah Jawa
kene.

Mulane nalika jaman Demak tekan jaman Mataram, kang


kuwajiban anggelarake wirid iku mung para Waliyullah lan
para ngulama agung kang piniji dening Negara, supaja aja ana
kang kliru tampa. Ananging iya ana Negara kang anggone
nglarangi wong memejang wirid iku jalaran kena pengaruhe
kaum d o g m a t i k u s (percayane tanpa dinalar), kang wos-
wose mung kuwatir yen suda kajenkeringane.

Dene klirune tampa werna-werna iku, kayata ana kang adarbe


penganggep yen kang sinebut Pangeran iku : urip kita iki. Ana
maneh kang nekadake : napas, angen-angen, rasa, nyawa,
jantung, budi, eling, banyu kang nelesi utek, roh utawa jiwa,
…….. embuh liyane maneh.

Hla kabeh-kabeh iku terang dudu Pangeran kita. Ana kang


kalebu piranti wadag utawa pirani alus bae, ana kang mung
talining urip, pratandaning urip, utawa kang nyababake urip bae,
dene roh utawa jiwa iku mung badan alus kita bae. Wis terang
yen kabeh-kabeh mau salah sebab isih kena tinoton mawa
paningal wadag utawa paningal gaib, apa dene isih kena cinakra
bawa lan kinaya ngapa.

19. MITRA

Yen aku ora kliru, kang sinebut Pangeran iku, sukma kita, mas!
Nanging kapriye jelase : ……. Nyumanggakake. Aku durung dong.

19. DARMA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 25
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Ngendika sampeyan iku rak mung perkara “asma” ta, di. Kena
bae sampeyan nyebut : Yenovah, Deo, Theo, God, utawa liya-
liyane maneh, sebab kang ngaturi jejuluk iku si manungsa iki,
miturut basane dewe-dewe. Ing basa Arab sinebut “Allah” asale
tembung ateges “kang sinembah”.

Ingatase wirid, kang perlu iku dudu tembunge, nanging


pendumuke : muk, rak iya ta? Hla saiki sampeyan tilingake kang
trawaca :

Kita ora mamang maneh, yen kang sama Allah iku Dzat kang tan
pisah kelawan kita, ana ing ngendi bae lan ing dalem kahanan
kang kepriye bae, kayata ing sajroning kita melek, lungguh,
ngadeg, mlaku, turu, lan liya-liyane, kang katembungake isih urip
iki ; senajan besuk yen roh kita iki wis pisah karo raga kita, si roh
kang isih lestari urip langgeng lan si raga kang wis ajur dadi
lemah, uga isih kalimputan dening dzating Pangeran.

Dadi wis terang yen kang asma Allah iku dudu urip kita iki, dudu
napas kita, dudu roh kita, lan liya-liyane maneh, kaya panemu
kang sasar mau, jer Allah iku ora njaba ora njero, tan kena
kinaya ngapa, gesang tanpa roh, kuwaos tanpa piranti.

Ananging iku mau kena diarani mung Allah siji-sijining


manungsa bae; bangsa kita Jawa ana kang nyebut asmane Hyang
Suksma, asale tembung ateges “sesembahan kang ora katon” (ing
basa Sanskrit Purusha). Mula dasar nyata Hyang Suksma iku ora
katon sarana pandulu wadag utawa pandulu gaib. Upama isih
kena dinulu, amesti isih kena kinaya ngapa, lan isih ana sipat
anyar kang ngemperi. Hla iku terang yen dudu Hyang Suksma.
Dene kang sinebut “sukma” dening wong akeh iku surasane
mung ateges nyawa utawa roh (jiwa), mulane den satiti aja nganti
kliru pangerti.

Ana dene Allahe siji-sijining manungsa iku sejatine ora liya kejaba
mung wewayangane Allah. Pangerane sakabehing machluk iya
kang nitahake gumelaring alam iki kabeh (ing basa Sanskrit
Isywara), pepindane kaya dene jembangan sewu isi banyu ana
satengahing alun-alun, sayekti kabeh pada kepanduman
wewayanganing srengenge ing wayah tengange, tan ana kang
kaliwatan (,,Kunci Swarga” I : 33-34-35-36; ,,KS” II : 2).

Mungguh wewayanganing Pangeran kang kababar marang


sagunging dumadi iku ing basa wirid kasebut : Nur Muhammad
tegese cahya kang pinuji. Kita ora mamang maneh yen kabeh
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 26
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

titah iku pada asal saka nur Muhammad mau, amung beda-beda
wadah lan isine; ana kang aran bangsa watu, tetuwuhan, kewan,
manungsa, machluk abadan alus lan liya-liyane. Senajan
manungsa pada manungsa sayekti ora pada kahanane, kagawa
saka bedane kang pininda jembangan lan banyune iku mau.

Wusana aja salah pengira : yen cahya mau salugu-lugune cahya,


iku mung pepindan bae, jer kang asma Allah kita sayekti dudu
cahya. – T a m m a t.

20. MITRA

Matur nuwun, mas (karo prebeng-prebeng mrebes mili),


penampaku wis ceta gamblang, lan rumangsa marem.
Panjenengan tetep sedulurku tuwa!

20. DARMA

Pada-pada di. Yen sampeyan wis rumangsa marem syukur


alhamdulillah, saiki ganti wedaran bab Tauhid.

III. WEDARAN BAB TAUHID

21. MITRA

Iya mas, keparenga banjur nerusake. Nanging aku arep nyuwun


katrangan disik : kang wis kerep tak krungu, tembung t o k i d
diku surasane sairib karo t e k a d, apa iku “tauhid” kang kalebu
ing wiridiki ?

21. DARMA

Sampeyan mundut pirsa mengkono iku, bener, supaya terang, ora


klira-kliru ing pangerti.

Pancen, umume tembung tokid lan tekad iku panganggone lira-


liru, terkadang dirangkep awujud purwakanti sastra, jalaran
kinira pada tegese. Nanging sanyatane tegese beda banget.

Tembung “tekad” tumraping pagunem pedinan iku tegese :


kekencenganing karep (volharding), kayata gede tekade = rosa
banget karepe, tekad-tekadan = ora wedi bakal kepriye wusanane,
jer karepe wis kenceng. Hla iku asalae saka tembung Arab
i`tiqaad kang tegese gegebengan utawa kapercayan; iku tembung
aran kang dirimbang saka tembung kriya u` t a q a d a, tegese :
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 27
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

percaya. Teges mengkono iku kanggone ana ing paguneman


ngelmon, kayata : anekadake = ngantepi kapercayane.

Dene tembung “tokid” iku ora tinemu ana ing paguneman


pedinan, mung tinemu ana ing paguneman ngelmon bae, sarta
tegese ora pada karo i`tiqaad mau. Tokid iku asal saka tembung
Arab tauhid yaiku tembung kriya kang dirimbag saka tembung
wilangan waahid; dadine tembung aran at-tauhid ateges
kawruh bab tauhid. Hla iku perlu dirembug kang sajelas-
jelase disik, supaya terang penampa sampeyan marang wedaran
bab tauhid mengko.

Tembung wilangan wahid iku tegese s i j i. Upama wahidiku


tembung Jawa, kriyane dadi “mahid”; upama tembung Sunda
kriyane dadik “ngawahid”; upama tembung Indonesia, kriyane
dadi “mewahid”. Hla sarehning tembung Arab, kriyane uga
miturut tata-basa Arab, kriyane dadi “tauhid” mau kae, tegese : n
y a w i j e k a k e. Dene surasane ana rong werna kang miturut
tata-basa : pada benere.

a. Tumrap wulangan sarengat, nyawijekake iku ditegesi


nekadake mung sawiji, ora loro utawa luwih, lan dudu kang
liyane. At-tauhid = kawruh kang nerangake sipat-sipating
Pangeran, padane Al`aqaid.
b. Tumrap wedaraning wirid, nyawijekake iku ateges nunggal
mung sawiji, sirna rasa-rumangsane luwih saka siji.
At-tauhid = kawruh manunggal, yaiku kang nerangake cara
pratikele anyirnakake rasa aku ijen-ijen (individueel) dadi
rasa aku sawiji (universeel). Yaiku kang bakal tak aturake iki,
minangka teruse wedaran bab imam kang wis nerangake
kalayan gambling bab monotheisme (anekadake Pangeran
mung siji).

22. MITRA

Nuwun-nuwun sewu, mas, aku rada kodeng anggonku mikir. Ing


wedaran bab iman, kita wis anekadake yen Pangeran iku tan
pisah kelawan kita. Geneya isih keronehan dirembug maneh?
Upama tujuwaning pangrembug iku perlu anyatakake paham
kang wis ditekadake mau, geneya wedaran tokid iku ora
medarake panunggal kita karo “kang tan pisah” mau kae ?

22. DARMA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 28
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Pitakon sampeyan iku wangsulane rada sulit di. Nanging


sarehning sabagean wis sampeyan wangsuli dewe, dadi suda
sulite, ewadene wangsulane iya isih kudu rada dawa.

Wedaran bab iman, bab tauhid, bab apa bae ……, iku mung
jeneng ngelmu (‘ilmu). Hla ngelmu iku bisane ana wohe (berhasil)
utawa yakin ing nyatane, ora liya kejaba ditindakake utawa
dingamalake (‘amal). Dene wedaran bab tauhid iku tujuwane ora
liya iya nerangake carane ngamalake iku mau. Terange : kayata
wedaran bab iman, kang anekadake Pangeran tan pisah kelawan
kita iku, senajan akal lan pikiran kita wis bisa anekseni, nanging
rak mung lagi dadi pangerti bae, durung tekan ……… nyatane.

Anadene kita kang asipat wadag iki, teka arep nyatakake kang
asipat alus, iku rak ora mungkin, ta, di ! Apa maneh yen si wadag
arep nyatakake kang tan kena kinaya ngapa, saya ora mungkin
banget. Kang mesti : wadag iku mung bisa nyatakake kang wadag
bae. Kang alus mung bisa dinyatakake dening kang alus uga. Hla
kang tan kena kinaya ngapa, anggone nyatakake iya yen ……….
tan kena kinaya ngapa.

Dadi : ing dalem kahanan sirnaning rasa aku ijen-ijen dadi rasa
aku sawiji mau bae, ora kurang lan ora luwih : mung tataran bae
kang kudu kita liwati. Sampurnane tekan jumeneng Islam isih
kudu ngliwati disik tataran siji maneh kang aran Ma`rifat.

Ing Hadiest kang ndawuhake bab sapa kang wis angrasakake


nikmating iman mau kae, antara liya rak ana kang nyebutake
“kang tresna marang sepadaning tumitah kanti sepi ing pamrih”
(,,I.T.M.I.” : 15), hla iku wis terang : samangsa rasane aku ijen-
ijen iki isih kandel, ora bakal karaketan sipat kang mengkono iku.
Rak iya ta?

23. MITRA

Iya iya, mas, saiki aku wis dong. Mulane panjenengan


kaparenga banjur miwiti ngendika ake wedaran bab tokid iku
Nanging nuwun-nuwun sewu, aku arep ngoreksi setitik bab
tembung “nunggal mung sawiji” mau kae, kiraku luwih trep yen
diganti : n y a r i r a s a w i j i. Apa ora mengkono?

23. DARMA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 29
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Mupakat banget, di! Tembung “nunggal mung sawiji” iku, kejaba


kaku, pancen salah penganggone tembung “mung”. Hla iku
untunge yen rembugan karo sedulur kang kagungan taalgevoel.
Aku iki saya tuwa ndadak basaku daerah saya groboh.

Anadene wedaran bab tauhid, satemene aturku mau kae wis


wiwit, hla teruse mengkene :

Kang anjalari kita kadunungan rasa aku ijen-iyden iku, ora liya
jalaran kita kadayan ing piranti kita dewe kang aran indriya 5
(lima) : pangambu, pangrungu, pandeleng, pangeyam, panggepok,
lan …….…..(1) akal (2) ati (3) napsu, iku (,,Kunci Swarga” I : 29).
Dene blegere kang wadag iki rak mung monat-manut bae.
Mulane bisane sirna Rumasane aku ijen-ijen dadi rumasa aku
sawiji, ora liya kejaba : a n g l e r e n a k e makartine piranti-
piranti iku mau.

Dene bisane piranti-piranti mau leren sadela ora makarti, tumrap


kita wong agama Muhammad, saranane : d z i k i r, yaiku
ngucapake unen-unen (lapal). Jenenge dzikir dalah lapale werna-
werna, kang baku : aran dzikir nafi isbat, yaiku ngucapake
unen-unen laa ilahaillaallah, kanti mangerti tegese :
Laa ilaha = ora ana Pangeran = ngorakake anane (nafi).
Illaallaah = kejaba mung Allah = netepake anane (isbat).

Sepira suwene anggone ngucapake lapal mengkono iku utawa yen


nganggo diwilangi : pira kehe, iku mung gumantung seneng
parenge kang nindakake bae. Wusana banjur diterusake ngucap
isbate bae yaiku lapal illaallaah, illaallaah, suwene utawa kehe,
uga mung terserah kang nindakake. Banjur ngucapake musbite
(kang ditetepake) bae, yaiku : allahu, allahu, sateruse, nuli
dicekak hu, hu, sateruse ………. Lerene yen wis krasa kesel,
utawa kebanjur turu, utawa ……..…. katekan sejane.

24. MITRA

Hla kang katembungake katekan sejane iku mau yen kepriye,


mas?

24. DARMA

Perkara “yen kepriye” iku diterangake tiba keri bae, Kang perlu
dirembug saiki bab bisane katekan sejane; yaiku yen cukup
sarat-sarate sarta ketrima. Dene tembung ketrima iku mung
kanggo gampange gunem bae, sanyatane pancen wis miturut
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 30
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

takdire dewe, amarga ora anakedadean kang tanpa sebab,


dumadine takdir iya mawa sebab (,,Kunciswarga” II : 35; ,,K.S” III
: 12).

Anadene sarat-sarate nindakake dzikir tumrap seja iki


mau,mangkene :
a. Tumindake aja mempeng kaworan daya-daya, sebab yen kaya
mengkono, amesti durung nganti katekan sejane : wis bosen.
Mangka katekaning seja iku ora bisa kawruhan pirang sasi,
pirang taun utawa pirang windu. Mulane tumindake dikaya
nindakake salat sarengat bae (kanti eklas netepi wajib), kang
ajeg lan tlaten ing wayah bengi : sasireping jalma. Pedinane
: kejaba netepi rukuning agamane, linambaran
mujahadah lan riyadlah (merangi hawa napsu lan ora
ngumbar kasenengan) apadene ngurip-uriping rasa asih
marang sepada-pada.
b. Anggone ngucapake lapal ora kumudu nyuwara, kena mung
dibatin bae; lan ora perlu nolehake sirah, sebab obahing
sirah iku bisa anjalari ana pengalaman, nanging dudu
pengalaman kang kita seja.
c. Nalika arep wiwit dzikir, kudu kanti kang mligi : mungneja
nyatakake surasaning wedaran tauhid = nyarira sawiji, mau
kae. Anadene tembung “dzikir” iku sanyatane ateges :
ngeling-eling, yaiku eling marang maksude lapal laa illaha
illaallaah kang diucapake iku. Nanging elinge iku mung
minangka dasar duk nalikane niyat bae, lire ora kena lali
marang i’tiqaad kita ingatase Pangeran kang wis kawedara
keceta gamblang ana ing wedaran bab imam. Dene sajroning
dzikir : ora perlu dibarengi ngeling-eling apa bae.

Sarana sarat-sarat iku mau, yen ketrima, ing sawijining wektu :


ana pengalaman ……….. p l a s ……….. byar, kita ana ing
sajroning alam (= ing ndalem kahanan) : dudu ngimpi, dudu
melek, dudu rem-rem ayam. Iya pengalaman mengkono iku kang
katembungake katekan sejane anggone tauhid (nyarira sawiji).
Awit ing waktu iku : sirnane rasa aku ijen-ijen dadi rasa aku
sawiji. Ing waktu iku, ana kang nganggo weruh rerupan, ana kang
ora, nanging rerupan kang diweruhi mau ora liya iya ……….
rupane dewe.

Anadene bisane tekan ing tataran kono iku wis angel banget, yen
ora kelawan nugraha (ketrima). Mulane akeh bae kang duwe
penganggep, yen iku kang diarani makripat ing Pangeran, jer wis r
u m a s a : (1) ora ana apa-apa kejaba mung ingsun, (2) iya sira
iya ingsun, (3) kang nembah iya kang sinembah, lan liya-liyane.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 31
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Hla iku luput ing piyangkuh (zich overschatten) di! Muga-muga


kita aja mengkono.

Ing sajroning pengalaman iku : mung lagi sirnaning rasa aku ijen-
ijen dadi rasa aku sawiji bae, yaiku kang diarani tauhid. Dene
rupane dewe kang katon iku, - yen ora palsu, - ora liya kejaba
mung w e w a y a n g a n e (terugkaatsing) jiwane dewe, kang
ditonton dening rasa jati, mulane ana kang ngarani, mayangga
seta (wewayangan putih), dadi terang yen dudu Pangeran
(,,Kunci Swarga” III : 27).

Pengalamane kang mengkono iku padane kaya nalika Nabi Musa


a.s. ana ing tempurane segara loro. Fawajadaa `abdan
min`ibadinaa atainahu rahmatan min `indinaa wa
`allamahu minladuuna `ilman (Al Kahfi : 65 = ketemu
kawulaning Allah kang wis antuk nugraha lan kawulang ngelmu
linuhung dening panjenengane), yaiku kang lumrahe dijejuluki N
a b i H i d l i r, emane ora ana kang nyritakake wernining
pasuryane. Dene yen ing crita pedalangan, pengalaman mau
kaya nalikane Aria Bratasena ana satengahing samodra ketemu
karo D e w a R u c i, kang pada wedanane ceples kaya Arya
Bratasena.

25. MITRA

Aduh, kangmas sedulurku dewe! Aku saiki ngerti, yen wirid kang
panjenengan paringake aku iki sanyata ora ana kang ngluwihi
duwure, amarga aku tau krungu : jare duwur-duwuring
gegayuhan iku iya kaya pengalamane Arya Sena iku mau. Mangka
miturut ngendika panjenengan : iku durung tekan.

25. DARMA
Iya ta di, nanging kita aja fanatiek. Yen ana wedaran ngelmu saka
sapa bae, iya prayoga ditimbang lan dilimbang, bokmenawa jelase
lan matone ngluwihi wirid iki.

Yen ngelmu iku diukur saka ”gegayuhane”, amesti ora pada


panemune, jer siji-sijining wong iku beda-beda kang ginayuh.
Nanging yeng pengukure iku wewaton wis tekan apa durung, tak
kira ora ana panemu werna-werna. Dene kang diarani “tekan” iku
ora liya kejaba……….. inna lillahi wa inna ilaihi raji`uun
(satuhune asal saka Pangeran bali marang Pangeran).

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 32
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Hla iku, di, yen Pangerane wong sajagad iku tak upamakake
segara, pepindane manungsa iki, reca uyah (Hyang Suksma kang
kuwaos tanpa piranti) dibuntel ing kapas (jiwa = badan alus kang
mawa piranti rasa jati), banjur dilapisi ing malam (badan wadag
dalah pirantine indriya 5 lan liya-liyane), dadi arupa reca malam,
kang tansah katut ombaking samodra, nanging ora ketambasan
banyuning segara.

Dene pengalaman kang kaya Aria Bratasena iku, pepindane sireca


malam ing waktu iku : nisihake malame, dadi arupa reca kapas,
kang banjur bisa nesep banyuning segara. Mulane
katembungake ngancik tataran kakekat (haqiqat), jer uwis bisa
nyatakake utawa uwis weruh ing nyata (haqq) : panesepe banyu
segara ing reca kapas, yaiku wewadining urip (Ing pedalanan
kasebut “banyu suci”). Balik si reca uyah, rak durung bali asal,
ta?

Mungguh nabi Hidlir tumrape Nabi Musa, utawa Dewa Ruci


tumrape Arya Sena, iku uga sok katembungake Guru Sejati.
Kasebut ing quran nabi hidlir kang kasinungan ngelmu
linuhung (ladunna `ilman) iku akeh wewulangane marang
nabi Musa a.s, mengkono uga ing crita pedalangan : Arya Sena
uga diwejang dening Dewa Ruci. Hla iku sampeyan mangertosa,
iki perkara penting temenan.

Wujuda apa bae, yen mejang temenan kaya pamejange Amarang


B, iku genah asal saka njaba. Senajan katon kaya rupane dewe,
iya palsu. Kang diwejangake mesti mung bangsaning kaluwihan
utawai`tiqaad kang sasar.

Dene kang ora palsu : ora nganggo memejang mengkono iku, jer
kang katon kaya rupane dewe iku ora ora liya mung
terugkaatsing bae. Anggone kacritakake mulang (mejang) ana
ing Quran utawa ana ing pedalangan iku, jalaran kang ngancik
tataran kono iku akibate kaya oleh wejangan werna-werna, luwih-
luwih babagan ke-Tuhanan. Tekan samene wedaran bab tauhid :
t a m a t, ganti wedaranbab Ma`rifat.

IV. WEDARAN BAB MA’RIFAT

26. MITRA

Iya mas tak tilingne temenan. Nanging aku kepengin ngerti disik
kang sajelas-jelase ngendika panjenengan kang keri dewe iki mau.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 33
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Aku tau krungu, jarene : ing kitab-kitab agama iku pada


nyeritakake bab kawulaning pangeran kang aran malaekat Jibril,
sok diutus peparing dedawuhan marana para Rasul lan marang
para Nabi. Mangka panjenengan mau ngendika : wujuda apa bae
kang asale saka njaba iku, wejangane mesti mung bangsane
kaluwihan utawa i’tiqaad kang sasar. Hla iku genahe kepriye
mas?

26. DARMA

Soal iku mau pacen sulit, di tegese sulit iku, dene ora sadengah
bisa tampa. Hla sebabe ora tampa iku ora merga apa-apa, mung
jalaran pada nganggo taqlidul ‘aqli, tegese akal pikirane pada
kaling-kalingan. Gegambaran miturut piyandele kang nut
grubyug. Dadi : yen sampeyan ngrasakake jelase soal iku mau,
ora liya sarate kudu nisihake disik gegambaran lan piyandel-
piyandel mau. Ana dene jelase mengkene:

Yen ana kang nduweni penganggep : malaekat Jibril iku


sawijining kawulaning pangeran kang sok maringake dawuh
marang para Nabi kang sugenge ora nunggal sak jaman, serta
bola-bali ya mung siji iku kang diutus, iku penganggep kang
kliru, di! Yen nduwe penganggep mengkono turute mesti iya
duwe penganggep, yen Pangerane wong sejagad iku kaya
kepalane markas agung, kang kagungan “koerier” (juru diutus)
siji bae, ora solan salin; turute maneh banjur nggambarake
tekane utusan iku saka kana-kana (njaba). Hla mangka
senyatane ora mengkono.

Ceritane Hadiets Mi’ray : nalika malaekat Jibril diutus


Pangeran nimbali Nabi Muhammad s.a.w. kang uga banjur ngirid
tindake, bareng meh tekan pangayunaning Pangeran, utusan mau
kepeksa ditinggal, amarga ora kuwat mbanjurake lakune ngirid
iku……..…kang mengkono iku rak terang : klirune kang
nggambarake mau kae ta ? Awit turute karo gegambaran mau:
utusan iku mesti wis kulina karo kang ngurus, ora bakal ora
kuwat ketemu maneh karo kang ngutus, upama dalane rumpil
banget utawa cahyane kang ngutus amblerengi banget, mestine
kang ora kuwat mbanjurake laku iku rak kang ditimbali, dudu si
utusan. Rak iya ta? Hla terange mengkene :

Pangeran wong sejagad kang tak umpamakake srengenge tumrap


si jembangan isi banyu (,,I.T.M.I”:10), iku babar pisan ora bisa
dirembug. Mulane yen kita nekadake panjenengane iku
kagungan koerier : salah, yen nekadake ora kagungan : iya salah.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 34
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Dene kang isih kena dirembug iku mung kang pinda


wewayanganing srengenge tumrap si jembangan isi banyu
mau(..I.T.M.I”:19), yaiku Hyang Suksma kang tan pisah kelawan
kita ana ing ngendi bae. Iya panjenengane iku kang kagungan
kawula malaekat tanpa wilangan kehe, kang uga tan pisah
kelawan kita, jer para malekat iku pacen kagolong piranti kita,
sarta siji-sijine pada kabubuhan kuwayibandewe-dewe.

Dadi tembung “Jibril” iku kudu eigennaam (jeneng awak), yaiku


jenenging kuwajibane, serta siji-sijining wong,- ora pilih Nabi
utawa dudu,- pada duwe Jibril dewe-dewe (,,Kunci Swarga” III
:37,38).

Tumrap Nabi Musa, Malaekate Jibril iku ora liya kang lumrahe
disebut nabi Hidlir iku mau. Upama Arya Sena iku ana temenan,
Jibrile iya Dewa Rutci mau kae. Dadi kang aran malaekat Jibril
iku ora liya kejaba jiwane (rohe) dewe kang wis bisa
nganakake terugkaatsing. Mulane Jibril iku ana ing Qur’an uga
sinebut Ruhul-Qudus (roh suci) utawa Ruhul-Amien (roh kang
pinarcaya), ing tembung manca ana kang njejuluki Lager Ik utawa
Tweede Ik.

Anadene anggone nyritakake Jibril iku nemoni utawa


maringake dawuh, iku kena bae, padane Nabi Hidlir lan Dewa
Ruci uga nemoni serta memulang iku mau. Awit nyatane :
sapa kang oleh pengalaman kaya mengkono iku, akibate banjur
kaya tampa wulangan werna-werna bab ke-Tuhanan, kang secara
gampange katembungake : nampani dawuhing Pangeran
lumantar malaekat Jibril. Dawuh kang kaya mengkono iku,
tumrap para Nabi kearanan wahyu, tumrap saliyane Nabi
kearanan ilham. Mulane malaekat Jibril iku uga kasebut
malaku’lwahyi, tegese malaekat tukang maringake wahyu.
Nanging tembung wahyu ing basa jawa iku seje, jer pancen ora
asal saka wahyu tembung Arab; dene penganggone tembung
ilham” ing jaman saiki iki kemurahen.

Bab anane malaekat Jibril lan bab anggone maringake


dawuhaning Pangeran iku, tumrap aku, di, wis ora tida-tida
maneh : iya kaya kang wis tak aturake iki mau. Amarga ing surat
Asy Syu’araa’: 192-195 andawuhake mengkene : wa innahu
latanzielu rabbi’l ‘alamiena (satuhune dawuh iki diturunake
dening pangeraning ‘alam kabeh) nazala bihi arruhu’l amiena
(lumantar malaekat Jibril) ‘alaa qalbikalitakuna
minallmundzirienna (marang atinira supaya sira dadi
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 35
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

golongane wong kang aweh pepeling) bilisaanin ‘arabiyyin


mubienin ( kelawan bahasa arab kang pratela).

Coba galihen : mesti bae dawuhing Pangeran iku kelawan asa


Arab, jer kang diparingi dawuh : panutan kita Nabi Muhammad.
Dene nalika Pangeran paring dawuh marang para Nabi sadurunge
Nabi Muhammad, mesti bae kelawan basa ibrani. Lan nalika
pangeran paring dawuh marang Buddha Gautama mesti bae
kelawan basa S a n s k r i t. Sebab kabeh dawuh mau alaa
qalbika (marang atinira). Kepriye di, apa isih kurang ceta?

27. MITRA

Wis ceta banget, mas ! mulane panjenengan keparenga banjur


ngendikake wedaran bab Ma’rifat, tak tilingne kang trawaca.

27. DARMA

Aku matur beres bae, di : tumrap kang wis berhasil


anggoneTauhid, yaiku kang wis ngancik tataran Haqiqat mau kae,
tekane ing tataran Ma’rifat iku satemene wis oleh tuntunane Guru
Sejati (,,ITMI” : 25) kelawan keparenging Pangeran, jer Pangeran
piyambak wis ndawuhake kasebut ing Hadiest Qudsi mengkene :
laqad thaala syauqul abraari ilaa liqaai wa anna ilaa liqaaihim
isyadduu syauqan (= temen wus lawas kawula kang becik-becik
brangta ketemu kelawan Ingsun, lan Ingsun luwih brangta
ketemu kelawan kawula kang becik-becik iku ). Kasebut ing
Hadiest iku uga, Pangeran ngendika mengkene : man taqarraba
ilayya syabran taqarrabtu ilayhidzi raa`an (= sapa nyedak
marang Ingsun sak cengkang, Ingsun nyedak marang deweke
sak asta).

Dadi : kang wis ngancik tataran haqiqat iku kena diarani wis oleh
marga gampang anggone njangkah marang tataran kang
duwur maneh (Ma’rifat, Islam). Anadene wedaran bab Ma`rifat
kang bakal tak aturake iki mung minangka ancer-ancer bae, aja
nganti kita kliru penganggep : lagi tekan Haqiqat rumangsa wis
tekan Ma’rifat, kang akibate banjur mung mandeg semono bae.

Ma’rifat iku tembung Arab, asale saka tembung kriya `arafa,


tegese : ,,weruh”. Nanging dudu weruhing mripat kang diarani
ndeleng (zien), uga dudu weruhing pikiran kang diarani ngerti
(begriypen), yaiku weruh (= weten) kang dirimbag dadi kawruh (=
wetenschap). Ma`rifat, tegese babagan meruhi; tumrape wirid

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 36
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

ateges : babagan meruhi Pangeran, kang weruhe ora sarana


mripat, ora sarana pikiran iku mau.

Hlo, lagi udal-udalaning tembung bae rak wis ………… sulit, ta di


? Ananing sampeyan aja kagungan pengira, yen ngelmu Ma’rifat
iku ngayawara, sebab tembunge bae wis sulit. Amarga kang pada
nggayuh ngelmu Ma`rifat iku dudu wong kang bodo-bodo utawa
bingung atine, sak nyatane malah para mu`min chas (cerdas)
kang tha`at (seca) banget marang agamane. Saka tha`ate, akeh
bae kang nganti ora merduli marang urusan ndunya. Mulane kita
golongan mu`min `am (lumrah) iki, pancen ora mungguh upama
nacad marang kawulaning Pangeran kang tha`at iku siji-sijining
wong pancen beda-beda, pada bae karo ukuraning iman uga ora
pada. (,,I.T.M.I” : 15).

Tha`ate mu`min `am : ora nerak laranganing agamane, sarta


temen-temen nindakake rukune kang lima : syahadat, shalat,
zakat, puwasa, haji, wis cukup. Yaiku kang diaranai nindakake
Syari`aat. Nanging tha`ate mu`min chas ora marem mengkono
bae. Anggone ngucapake kalimah “laa ilaha illaallaah” kumudu
ngerti : endi sinebut Allah iku. Ing wedaran bab imam wis
diceplosake sejati-jatine, ananging rak mung langi pangerti bae,
jer iku lagi tataran Thariqat.Mulane isih kumudu nyatakake.

Wusana anggone nyatakake iku banjur oleh pengalaman ing


ndalem kahanan Tauhid, nanging uga durung andadekake
pemareme, jer iku lagi tekan tataran Haqiqat bae. Ing tataran iki
terang durung “ketemu” karo kang sinebut Allah, mangka ing
kitab-kitab agama pada nyritakake yen para Rasul iku kang
sawijining wektu “,ketemu” karokang sinebut Allah iku. Mulane
isih kumudu njangkah maneh nganti weruh (`arafa) kanti yakin
temenan marang Panjenegane Allah kang banget dibrangtani iku,
yaiku njangkah tataran Ma`rifat.

Dadi : kang pada marsudi ngelmu Ma`rifat iku ora liya


ketarik saka tha`ate marang Penuntune, iya diestokake dawuhe,
iya dituladani lelabuhane. Awit dawuhing Pangeran kang
disiyarake dening para Rasuliya mengkono iku. Dene tekan utawa
orane jangkah mau, gumantung keparenging Pangeran piyambak.

28. MITRA

Iya iya, mas, aku wis tampa pangendika panjenengan iku. Mulane
banjur keparengan nerusake : kepriye penjangkahe saka tataran
Haqiqat marang tataran Ma`rifat iku. Sarta miturut wedaraning
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 37
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

wirid, kang katembungake tekan ing tataran Ma`rifat iku kang


kapriye ?

28. DARMA

Iya ta di, aku mung saderma medarake bae, mangsa boronga


sampeyan kang nampa. Awit wedaran bab Ma`rifat iku kena
diarani medarake ancer-ancer kang uwis dialami para nabi lan
para Wali, kang tumrap kita isih nyamut-nyamut angalangut.
Ewadene sarehning dudu Nabi dudu Wali ya ana kang bisa tekan
tataran Ma`rifat (kasebut :`Arifin), prayogane kita ora ngapes-
ngapesake awake dewe lan ora “putus asa”.

Mau wis tak aturake, ing dalem kahanan Haqiqat iku


pepindane kaya dene reca malam ing sajroning segara, kang bisa
nisihake malame, satemah dadi reca kapas : bisa nesep
banyuning segara ,,I.T.M.I” : 25). Hla ing ndalem kahanan Ma`rifat
iku pepindane : reca kapas mau bisa nisihake kapase, satemah
dadi reca uyah : banjur ……... luluh dadi banyu segara maneh.
Anggone n i s i h a k e “kapas”iku padane ditinggalake “Jibril”,
nalikane Nabi Muhammas SAW wis meh tekan pengayunaning
Pangeran mau kae (“I.T.M.I” : 26).

Dene luluhe reca uyah dadi banyu segara iku, yen ing Quran :
kaya nalikane Nabi Musa “pirsa” Pangeran sarana mandeng
gunung. Ing kitab Taurat kasebutake jenenge gunung iku Sinah
(Sinai), yaiku kang kasebut gunung Tursina ana ing layang-
layang Jawa (,,thur” iku tembung Arab, pada karo ,,jabal”,
ateges gunung). Dene gunung Tursina kang dipandeng dening
Nabi Musa iku sanyatane : pucuking grana (antaraning mripat
karo) kang dipandeng ing nalikane dzikir.

Sabanjure ana ing surat Al A`raaf : 143 disebutake


mengkene : falammaa (nalikane) Tajalla (weruh ceta) rabbuhu
(Allah Pangerane) liljabali (kelawan iku gunung) ja`alahu (banjur
dadi) dakkan (remuk sumyur) wacharra muusa (lan ambruk Nabi
Musa) sha`iqan (semaput).

Pancen, ing ndalem kahanan Ma`rifat iku, yen diterangake sarana


tembung, pol-pole mung bisa migunakake tembung sha`iqan
(semaput, klenger) iku mau. Dene jelase ing waktu iku nabi Musa
a.s angambah pengalaman kang tan kena kinaya ngapa, ing
ndalem kahanan kang tanpa piranti , sairib karo sifat sifate
Pangeran, kang ugo tan kena kinaya ngapa lan kuwaos tanpa

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 38
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

piranti. Dene pangemper-emper kang gampang dipaham : ing


wektu iku kaya ……….. sare kang ora supena.

Iya kaya mengkono iku kang diarani makripat ing Pangeran,


kasebut ing wirid. Kang angel iku sarat-sarate anggayuh, hla
kang angel luwih dening angel iku bisane kegayuh. Dene teorine
mengkene :

Pengalaman kaya nalika ngancik tataran Haqiqat ‘’’’’’’’’’’’’’ ;


dilanyahake disik, lire anggone oleh pengalaman kaya mengkono
iku kudu bola-bali. Babagan iki beda karo bocah sinau nulis : yen
wis bisa nulis aksara “pa” sepisan bae, saben-saben iya bisa,
lawas-lawas bisa tur rikat. Balik babagan iki ora mengkono.
Senajan wis tau berhasil oleh pengalaman, nanging ora saben-
saben tumindak bisa berhasil.

Hla kang kasebut lanyah iku : saben tumindak ya berhasil, lawas-


lawas berhasile kalayan gampang (rikat), lawas-lawas maneh : lagi
diniyati bae wis berhasil. Yen wis kaya mengkono iku, katone
mayanggaseta (terugkaatsing) mung kari kala-kala yen ana
perlune utawa yen diniyati dipurih katon.

Kelanyahan kang mengkono mau, miturut nalar ya ora aneh. Awit


bisane berhasil iku ora liya : saka lerene piranti-piranti wadag,
kari nganggo piranti alus kang aran rasa jati iku mau (,,I.T.M.I” :
23, 24). Dadi soale : soal tehniek nglerenake, tehniek iku
tinemune saka pengalaman rambah-rambah.

Menawa wis lanyah lan ora tentrem ana ing tataran kono, wis
sedenge wiwit njangkah tataran Ma`rifat. Yen penjangkahe
iku temenan, tan ora kena adeging uripe pedinan banjur beda
karo kang uwis. Maune mung (1) netepi rukuning agama, (2)
mujahadah lan riyalat (riyadlah), (3) ngelelatih asih marang
sepada-pada (,,I.T.M.I” : 24), kalayan ora diniyati banjur
kadunungan sipat … z u h u d, yaiku rasaning ati kang ora
gandrung marang apa bae, kejaba mung gandrung marang
Pangeran.

Para zaahid-zuhhaadda ing jaman saiki, ora kumudu


sumingkir saka masyarakat utawa menganggo pating srempal,
iku ora. Menganggo salumrahe, nyambut gawe salumrahe, mung
bae adoh saka pengaya-ngaya, kang lerege mung mikolehake
diri pribadi. Kabeh tumindake kanti eklas (karana Allah), apes-
apese tumrap rahayuning jagad, apese maneh tumrap rahayuning
masarakat sakiwa-tengene.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 39
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Dene laku-lakune anggone dzikir, iya ora beda karo kang wistak
aturake mau, mung niyate bae kang beda. Kang disik mua niyat
nyarira sawiji (,,I.T.M.I” : 24), saiki niyate : “Makripat ing
Pangeran “ mulane ora bakal merduli rerupan lan pengalaman
apa bae, kang tinampa dening rasa jati. Leren-lerene dzikir yen
wis kesel, utawa banjur turu, utawa………… gunung tursina
remuk sumyur, banjur plas oleh pengalaman kang tan kena
kinaya ngapa, yaiku lerene rasa jati ora makarti.

Sumyure gunung Tursina iku ana ing wirid-wirid


katembungake fanaaiil-fana (rusaking rusak) kaya kang
kacritakake anaing layang “Centini” mengkene (Dandang gula) :

,,Wau kang abengat wirid dikir, samya anater


pangguyengira, ndungkap panak-ul-panane, antaranira
kantu, anggulinting pendah kaywaking, winot sewu
kalimah, ing sa-napasipun, lalya toh jiwangganira …….”

Hla iku sampeyan aja kliru penampa, di ! Yen anggone


,,anggulinting pendah kaywaking” iku jalaran saka obahing
sirahe anggone dzikir, amesti ora kena dipadakake karo Nabi
Musa a.s anggone makripat ing Pangeran mau kae. Destun pada
karo disuntik morphine utawa kakehan minum jenewer.

Lan maneh kita kudu eling : ngelmu ke-Tuhanan iku ora kena
ginayuh kelawan ora mangan ora turu. Upama tumindak
mengkono iku oleh pengalaman, ora liya kejaba bangsaning sasar,
kang kagawa saka owahing piranti, mulane agama Muhammad
ngaramake; kenane mung ngurangi mangan turu sawetara.

Tekan samene wedaran bab Ma`rifat wis tammat, ganti


wedaran bab Islam, wedaran ora dawa-dawa mung cendak bae.

V. WEDARAN BAB ISLAM

29. MITRA

Amit-amit sewu, mas, aku arep nyelani nyuwun katerangan disik.


Yen aku ora kliru tampa, nggayuh makripat iku pepindane
mangkene :

Upama aku iki lahir ana ing Ngayogya, nanging awit dek durung
kelingan biyen, ndadak digawa wong tuwa menyang Lampung.
Wusana gedeku, tuwaku, nyambut gaweku, uga ana ing lampung.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 40
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Barengaku wis arep pensiyun, niyatku arep mulih menyang


Ngayogya. Utamane sadurunge tekan titi mangsane pensiyun, aku
perlu weruh Ngayogya disik, sebab aku durung nyipati kanta-
kantane ,,daerah istimewa” tanah asalku iku.

Ananging sarehning weruh Ngayogya (tataran Ma`rifat) iku angel


kelakone, hla yen aku wis kepeksa pensiyun (tinggal dunya),
mangka durung sida kelakon weruh Ngayogya disik, iku banjur
kepriye lelakonku, mas?

29. DARMA

Sampeyan anggone gawe pepindan iku : persis, di ! Dene


jawabane bakal kalebu ana ing wedaran iki uga.

Tumrap ngelmu ke-Tuhanan kang di ngamalake, setemene yen


wis tekan tataran Ma`rifat iku wis pantog, ora ana kang perlu
dirembug maneh. Anadene unda usuke `arifin iku mung jalaran
pengalamane. Ana kang sajege sugeng lagi oleh pengalaman
sepisan, ana kang kaping pindo utawa luwih, ana kang ………..
saben dina. Hla miturut wirid senajan lagi sepisan anggone oleh
pengalaman tan kena kinaya ngapa (Ma`rifat) iku, wis tetep
jumeneng ………….. Islam.

Tembung ,,islam” ing wirid iki dudu Islam araning agama, yaiku
islam araning paham, kang asale saka tembung kriya a s l a m
ategese : masrahake. Dadi : Islam, tegese : pasrah (sumarah)
marang Pangeran, kosok baline paham kupur (kufrun).

Kang iku, duk jamane para rasul sadurunge Nabi Muhammad


SAW : ya wis ana islam lan kupur. Kang pahame islam sinebut
muslim, kang pahame kupur sinebut kapir (kafir). Kang
mengkono iku uga kasebut ana ing Quran, kang nyritakake
pangendikaning Pangeran marang Nabi Ibrahim a.s, ing surat Al
Baqarah : 131 mengkene : idz qaalalahurabbuhu aslim qaala
aslamtu lirabbil`alamien = nalikane Pangeran ndawuhi ,,sira
islama (sumaraha marang Pangeran) ”, ature ,,kawula sumarah
dateng Pangeranipun sedaya `alam. Ing ayat 132 Nabi Ibrahimlan
Nabi Ya`qub Paring wasiat marang putra wayah mengkene :
yaabaniyy ina allaha asthofa lakumu ddiena falla tamuutunna
illaa waantum muslimun = He anak putuku satemene Pangeran
wis milihake Agama tumrap kowe kabeh. Mulane kowe kabeh aya
pada mati kejaba dadi muslim. Lan ing ayat 133 putra wayahe
Nabi Yaqub kang arep ditinggal seda, pada matur mengkene :
qaaluu na`budu ilahaka wailahi abaieka ibrahima wa ismaa`ila
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 41
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

wa ishaaqa ilahan waahidan wanahnu muslimuuna = kula


sedaya sami nembah Pangeran panjenengan, pangeranipun
leluhur panjenengan Nabi Ibrahim, Nabi ismail, Nabi Iskak, inggih
punika Allah ingkang Maha Esa, lan kula sedaya sami dados
muslim.

Hla iku, di, tegese tembung islam kang sekawit. Nanging bareng
agama Muhammad ketelah aran agama Islam, tembung ,,islam”
iku banjur ora bisa tumrap penganut agama liya, senajan
sumarahe marang Allah kaya putra wayahe Nabi Ya`qub.

Anadene tumraping wirid, jumeneng Islam iku yen wis ngacik


tataran Ma`rifat, amarga bisane sumarah temenan marang
Pangeran iku ora liya kejaba yen wis dadi `arifin iku mau. Yen
durung tekan tataran kono, amesti sumarahe isih peksan-peksan,
dipeksa dening piyandele (Syari`at) utawa pangertine (thariqat).
Senajan wis tekan tataran Haqiqat uga durung mitayani, amarga
ana ing kono iku lagi bisa nyatakake wewadining urip (,,I.T.M.I” :
25) bae. Balik para `arifin iku pirsa (weten) wewadining kabeh
`alam, lan pirsa sebabing kedadeyan sawiji-wiji, mulane ora ana
kang nyababake kurang sumarahe satitik-titika.

Bab wong tinggal dunya, miturut wedaraning wirid :


pengalaman kang tinemu nalika ngambah pelawangan pati
(lumrahe diarani sekarat utawa sakaratil maot) iku pada bae karo
pengalaman kang tinemu ing nalika ngancik tataran haqiqat,
yaiku piranti-piranti wadag leren kabeh, mung kari nganggo
piranti kang aran rasa jati. Pengalaman kaya mengkono iku mesti
dialami dening sapa bae, senajan ora duwe ngelmu iya angalami.
Mulane panindak marsudi Haqiqat lan Ma`rifat mau ana kang
nembungake sinau mati utawa icip pati.

Nalika para `arifin ngancik tataran Ma`rifat, pengalaman kaya


mengkono iku durung rampung, si rasa jati banjur dilerenake
uga, nganti tanpa piranti babar pisan : mulih mula-mulanira, tan
kena-kinayangapa. Hla sajroning sekarat, tan prabeda uga
mengkono, yen ketrima sinebut pati patitis, sejati-jatining mati
Islam (sumarah) utawa mati syahid (perang karana Allah).
Dawuhing Hadiest : perang karo mungsuh iku perang cilik (jihadil
shaghiri), dene perang gede luwih dening gede (jihadil akbari) iku
perang karo napsune dewe.

Mungguh kandege ana ing rasa jati iku mau, ora liya jalaran isih
ketabetan dening napsu babagan dunya. Yen tabet mau bisa

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 42
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

kebengkas sajroning sekarat, tetep anggone merangi napsu : wiwit


tinarbuka ……..sampai titik darah yang penghabisan.

Dadi tumrap kang durung ngancik tataran Ma`rifat sajroning


uripe, - tataran Haqiqat bae akeh kang durung – yen ana
keparenge Pangeran : ora mokal nisa mati islam utawa mati
syahid. Hla kang ora bisa kaya mengkono, mesti bae isih nandang
lelakon kepenak utawa ora kepenak, setimbang karo ………
ngelmu lan ngamale nalika uripe. Tammat wedaran bab Islam.
Nyumunggakake !

30. MITRA

Elo, wis ana wong nyapu. Aku rumangsa marem lan matur sewu-
sewu nuwun, mas. Nyuwun panit mulih !

30. DARMA

Iya ta di, nanging ora perlu niru, Prabu Sumali marang Resi
Wisrawa, ndadak arep ngucupake asta barang ! Ayo salaman bae.
Nderekake sugeng !

ISINIPUN SERAT PUNIKA

Prawacana ...................................................................................

BAB I Bebuka wedaring wirid (Sipating guru


tuwinpanyaringipun ngelmu adedasar dalil, kadis,
ijemak,kiyas)..................................................................................
.....

BAB II Wedaran bab Iman (Kapercayan wontenipunPangeran


ingkang Maha Esa, kaandaraken dat sipatasma tuwin apfalipun)
...........................................................

BAB III Wedaran bab Tauhid (Tauhid wulangan sarengat


:anekadaken kasawijenipun Pangeran, dene tauhidwedaran wirid
: nyirnakaken raos aku ijen-ijendados aku sawiji
wetah).............................................................

BAB IV Wedaran bab Ma`rifat (Makripat ing Pangeran


punikakados Nabi Muhammad SAW mi`raj utawi kadosnabi
Muas a.s wonten ing redi Sinai ..............................

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 43
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

BAB V Wedaran bab Islam (Ingkang sinebut Islam punikaboten


ngemungaken penganut agama Muhammadkemawon.
Sajatinipun Islam menawi sampunnglangkungi tataran Iman
Tauhid Ma`rifat) ............................

Pratelan isinipun serat ………………………….

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 44

Anda mungkin juga menyukai