Anda di halaman 1dari 3

PERTAPAN KENDHALISADA

Wonten gumuk alit dumunung aneng tepining


kali Kenanga, Wreksa gung hangrembuyung kang
hangayomi, tetela katingal menjila prenahing
gumuk. Pasiten inggil sinung wit pucang jajar sanga,
ing ngandhap tinaneman pari gaga lan palawija,
tumpangsari datan keri, taneman lombok terong
manggen ing pamijen. Saking ngandhap manghayat
minggah, pinapar winaradin kinarya marga, dupi
magut wiwaraning gapura, marga manghayat
winangun talundhagan, dumadi saking sela
sumayana tinata tinundha-tundha.
Dupi wus prapteng palataran jembar, pinggire
linis banon pinulas jenar, hing mriku katingal
wonten padhepokan adhapur joglo, sirape kayu
cendhanasari, kinancing wuwung tembaga
sinangling, saben sacengkang sinung rerenggan
pratima selaka pinetha peksi garudha kang arsa
ngambah nggegana. Saka guru kayu jatiwasesa,
ukiran lunging gadhung rumambat minggah. Ing
nginggil cinakep ukup parunggusari cakrik sekar
cepaka. Ompak geng sangganing saka nenggih sela
kresna kinepyur akik linebur. Dupi wanci dalu
kasoroting damar lisah jarak lan gala-gala, katingal
mobyar pindha sudama kang lagya panjrah.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo
Jerambah jejobinan sela marmer sindura, hanjog
talundhagan gya sinebaran pasir nilapakaja. Kanan
tanapi kering sinung balumbang kinarya miyara
mina. Tengahing balumbang karengga pratima
embane kenya remaja ingkang lagya hangangsu
toya. Padoning pendhapi tinon kukus kumendheng
ngawiyat sinartan ganda arum menyan ratus myang
garu rasamala. Anenggih punika kinarya pratandha
ing mriku sramaning brahmana, awasta pertapan
Kendhalisada, Kundhalini inggih sinebat
padhepokan Gebalsada.
Lah sinten ta ingkang madhepok wonten
pertapan Kendhalisada? tuhu punika pandhita
linangkung, kaladuk sekti mandraguna turta kinasih
dening Sanghywang Prabancana. Wenang sinebutna
dasanamanira sang wikudibya, peparab Begawan
Anoman, Senggana, Maruti, Bayusiwi,
Ramandayapati, Mayangkara, Kapiwara inggih sang
Anjanisuta. Sang brahmana wujud rewanda kusika
seta, hangrasuk busana kadewatan Swarga
Panglawung, anenggih gelung minangkara cinandhi
rengga, pupuk mas rineka jaroting kamal, sumping
pudhak sinumpet, anting-anting panunggul maniking
warih. Sang Senggana ugi hangagem sangsangan
naga banda, kelat bahu rineka balibar manggis,
gelang candra kirana, kampuh poleng bang bintulu
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo
adi rupa abang, putih, ireng kuning lan ijo maya-
maya. Paningset cindhe bara binelah numpang
wentis, porong dhapur naga raja minangka
kekancing.
Aja dupeh wujud wanara, yekti sang Anoman
gentur tapa, mantheng semedi turta hambeg berbudi
bawa leksana. Ing nguni tilas senopati andeling
kewuh Prabu Ramawijaya ngantya katelah gembong
Swelagiri.
Nyarengi hari Respati tabuh nawa, Beghawan
Anoman lenggah madyaning pracabakan, labet
hanampi tamu para Bimasuta nenggih satriya
Pringgondani Raden Harya Gathutkaca, satriya
Jangkarbumi Raden Antareja dalah satriya
Girikadhasar Raden Antasena. Para Bimasuta lagya
nandhang dhuhkita, katitik saking lekering wadana
tepunging wimba. Satriya tetiga samya prihatos labet
tinilar murca para pepundhen Ngamarta mangka
mboten pepoyan. Sru dhuhkitaning penggalih, Dyan
Gathutkaca nulya matur aminta pepajar, mangkana
ature sang Purbaya.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai