Anda di halaman 1dari 4

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL

MADRASAH IBTIDAIYAH/MI
WILAYAH KECAMATAN PURWOASRI
Tahun Pelajaran 2019/2020
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Hari/Tanggal :
Kelas : IV (EMPAT) Waktu :
Tanda Tangan Nilai
Nama Siswa : ………………………..………
Guru Orang Tua

Nomor Ujian : ………………………………..

I. Wenehana tandha (x) aksara a, b, c, utawa d kang bener !


1. Tanggal 20 Oktober murid-murid SDN Pamekasan arep ngeneake acara perpisahan. Kelas 4
arep nampilake geguritan. Geguritan tegese ....
a. puisi basa jawa gagrag anyar sing bebas
b. kumpulan larik kang tumatha kanthi laras (harmonis)
c. runtute swara, sastra utawa tembung kang ngarep
d. swara sing padha
2. Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-cirine/paugerane geguritan yaiku ....
a. nggunaake wirama utawa lagune
b. wujude ukara cendhak
c. nganggo basa kang maneka warna
d. luweh ngutamaake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanti pratitis kanggo mangsuli pitakon nomer 3 - 6!
Jago kluruk ngileni
Kuping ngranggeh impen
Wengine alon-alon ngringkesi langit
Cepak pepadhang wadhahing aktivitas
Ayo, impen diwudhari tumuli
Megarake suwiwi njejegake gegayuhan
Tangan kumlawe
Sikil jumangkah mbegagah
Nguwasi bumi segara mbawera
Wetan wis rantak-rantak esuk
Srengenge bakal nyathet lakon
Saben pecak saben lacak
Bakal kepacak ing cathetat urip
Ayo, gumregah!

3. Saka geguritan ing ndhuwur, cacahe pada ana ....


a. 6 c. 4
b. 5 d. 3
4. Larik ing geguritan bisa awujud satembung utawa bisa uga wujud ukara. Cacahe larik ing pada
kapindho iku ana ....
a. 2 c. 5
b. 3 d. 4
5. Guru lagu ing pada kapisan, larik kapindo geguritan ing ndhuwur yaiku ........
a. it c. en
b. as d. ni
6. Guru lagu saka geguritan ing ndhuwur, pada kapindho ing baris kapisan lan kapindho
diduduhake saka tembung ....
a. langit, aktivitas c. tumuli, gegayuhan
b. kumlawe, mbegagah d. mbawera, kumlawe
7. Jago kluruk ngileni kuping ngranggeh impen. Ngileni tegese ....
a. mbrebeki c. ngithiki
b. mbanyoni d. ngresiki
8. Nguwasi bumi segara mbawera. Mbawera tegese ....
a. ciut c. cendhak
b. dowo d. ombo
9. Isine bait/pada kapisan geguritan ing ndhuwur yaiku ....
a. langit katon padhang mubyar-mubyar c. jago kluruk pratanda wayah isuk
b. jumangkah ngranggeh gegayuhan d. segara mbawera njejegake gegayuhan
10. Isine pada/bait kapindho geguritan ing ndhuwur yaiku ....
a. ayo podho nyawang segara mbawera c. ayo gumregah tandang gawe
b. ayo podho tangi njejegake gegayuhan d. wayah esuk ayo padha tangi

Mider ing ulengan kali


Ati nratab kabulet sesering underan sepi
Nyawang kejot wit witan ngarang sauruting tepi
Ngayom sangosring bonggole pring ori
11. Iwak emas ing Brantas ngayom ono ing ….
a. sangosring watu cilik c. sangosring godhong garing
b. sangosring kayu pring d. sangosring bonggole pring ori

Iwak emas getun keduwung ninggal gedhong pangiketing urip


Sanak sedulur lelangen ing blumbung
Saiki urip keplantrang
12. Iwak emas getun kaduwung amerga ….
a. ora oleh pangan c. kenter banyu ulengan
b. ninggal sanak dulure d. kegubet godong garing
13. Ing ngisor iki sing kalebu struktur geguritan yaiku ….
a. irah-irahan, guru lagu, pada, larik c. larik, pada, guru lagu, pilihan tembung
b. pada, larik, wirama, guru lagu d. pilihan tembung, pada, larik, wirasa
14. Mider ing ulengan kali. Ulengan tegese padha karo ….
a. renteng renteng c. mencolot ing banyu
b. iline banyu sing mubeng d. reged, sampah
15. Iwak emas getun keduwung ninggal gedhong pangiketing urip,
Larik geguritan ing ndhuwur yen diowahi dadi ukara biasa dadine ….
a. iwak emas getun ora oleh kanca c. iwak emas getun urip dewean
b. iwak emas getun kubet banyu d. iwak emas getun wis ninggalno omahe
16. Pacelathon asale saka tembung “ celathu “ sing tegese ….
a. pitakon c. tukaran
b. omongan d. nyenengne
17. Sakabehe crita awujud pacelathon antarane rong paraga utawa luwih.
Ukara iku kasebut … pacelathon
a. tetengere c. tandha pamacane
b. cara nulise d. wiramane
18. Kanggo misahake antarane paraga karo sing diomongake, ing teks pacelathon, diwenehi ….
a. tandha titik loro c. tandha petik
b. tandha koma d. tandha pitakon
19. Aja nganti gawe lara atine sing diajak omong; swarane omongan aja nganti lirih utawa seru.
Iku kabeh kalebu … pacelathon.
a. panulise pacelathon c. unggah ungguhe pacelathon
b. ukarane pacelathon d. tetengere pacelathon
20. Ing ngisor iki sing iso nggunakake basa ngoko lugu, kajaba ….
a. wong tuwa marang bocah c. wong tuwa marang wong tuwa sing wis akrab
b. bocah marang wong tuwa d. bocah marang bocah
21. Basa ngoko alus digunakake kanggo kanca utawa wong sing wis akrab, nanging wong sing
diajak omong diajeni dening wong liya. Tuladhane kang iso nggunakake basa ngoko alus yaiku
.…
a. bocah karo kancane c. murid marang gurune
b. guru karo guru liyane d. wong tuwa karo guru
22. Basa krama inggil/ karma alus biasane digunakake .…
a. wong tuwa marang bocah c. wong enom marang wong tuwa
b. bocah karo bocah d. wong tuwa marang wong liya sing luwih enom
23. Fafa : “Dwi, kimau ana PR IPA lo. Sapa sing mulangi awakmu belajar, Dwi?”
Dwi : “…”
Fafa : “ana ing ngendi awakmu belajar?”
Dwi : “aku belajar ana ing umahe bibi”
Ukara sing bener kanggo nggenepi pacelathon ing ndhuwur yaiku .…
a. kulo diucal kaliyan mas Ahmad c. aku diucal mas Ahmad
b. kulo dipun ucal kaliyan mas Ahmad d. aku diulangi karo mas Ahmad
24. Pak Budi : “panjenengan dhekwingi … jam pira, Pak?”
Pak Karman : “aku mulih jam sepuluh. Lha njenengan nopo nutug olehe mirsani?”
Pak Budi : “ora Pak”
Tembung sing bener kanggo nggenepi pacelathon ing ndhuwur yaiku .…
a. mulih c. budhal
b. kondur d. mangkat
25. Firman : “Bu Yuni mboten rawuh nopo gerah pak?”
Pak Kades : “Iyo man”
Firman :…
Pak Kades : “Bu Yuni lara mripat wiwit dhek wingi”
Ukara kang cocok kanggo ngganepi pacelathon ing ndhuwur yaiku .…
a. lara apa pak? c. gerah apa?
b. gerah napa pak? d. lara napa?

Wacanen pacelathon ing ngisor iki!


Alma : “Bapak, Alma badhe nyuwun izin kangge ndherek kemah ing Candi Prambanan.”
Bapak : “Karo sapa wae sing kemah?”
Alma : “kaliyan rencang-rencang sekolah.”
Bapak : “Ya wis rapopo, yen kemah aja sampek lali shalat, kesehatane dijaga, unggah-
ungguhing wong jawa aja sampek ilang lan tetep kabari bapak karo ibu yen ana apa-
apa.”
Alma : “Inggih Bapak”

26. Sing melu acara kemah yaiku ….


a. Bapak c. Alma lan Bapak
b. Alma d. Alma lan kanca-kancane
27. Bapak ngizini Alma melu kemah, nanging bapak maringi pesen kanggo Alma. Ing ngisor iki isi
pesene bapak kanggo Alma, kajaba ….
a. aja lali shalat c. aja guyonan wae
b. aja ngilangake unggah ungguhing wong Jawa d. aja lali ngabari bapak lan ibu
28. Alma melu acara kemah sing dilaksanakake nang ….
a. Candi Prambanan c. Candi Penataran
b. Candi Borobudur d. Candi Mendut
29. Bu Febri :”awakmu saka endi ta, Nduk?”
Liana :”Kulo nembe saking peken, Bu. Njenengan dateng mriki kaliyan sinten, Bu?”
Ukara kang digawe Liana diarani basa.....
a. ngoko lugu c. ngoko alus
b. krama lugu d. krama alus
30. Bu Asri :”panjenengan pinarak wonten griya mriki lo Pak”
Pak Hudi :”wis ora usah, aku daklungguh kene wae”
Pacelathon ing ndhuwur nggunakake basa.....
c. ngoko lugu c. ngoko alus
d. krama lugu d. krama alus

I. Jawaben pitakon ing ngisor iki nganggo jawaban sing mathuk !


31. Tulisen 4 wae paugeran/ciri-cirine geguritan!

Wacanen geguritan iki kanggo njawab pitakon nomer 32 lan 33!


Yen esuk wis mbukak dalan tumuju gegayuhan
Tantingen atimu kanggo ngangsu kawruh tenanan
Kanggo mapak urip tembe
Kang durung kacathet ing kene
Murih ora lingsem marang jaman

32. Tulisen tegese tembung saka geguritan ing dhuwur!


a. gegayuhan
b. ngangsu kawruh
c. lingsem

33. Critakno geguritan ing ndhuwur nganggo basamu dhewe!

34. Ganepono pacelathon ing ngisor iki nganggo tembung lan basa kang mathuk!
a. Dika : “….”
Febri : “aku telat amarga esuk mau aku ngrewangi bapak ngocori winih lombok nang
sawah”
b. Bu Rina :”panjenengan mau bengi … jajan apa pak?
Pak Maulana :”Aku ora tuku apa-apa. Bocah-bocah kuwi sing sing tuku jajan.
d. Roy : “Panjenengan .... ?”
Pak Waki : “Arep menyang tokone Bu Musri, Roy.”

35. Dila : “ran, sekedap maleh kan wonten Ujian nasional, sampean sampun siap-siap dereng?”
Randi : “sampun tapi taseh wonten materi sing dereng kulo fahami. Wayah sinau, aku diajari
mbak Lina lan mas Agung”
Dila : “Alhamdulillah, kulo sampun siap sedanten.”

Tulisen sapa wae paraga kang ana ing pacelathon ndhuwur?

Anda mungkin juga menyukai