Anda di halaman 1dari 6

PEMERINTAH KABUPATEN KEDIRI

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA


UPTD SMA NEGERI 1 KANDANGAN
Jalan Hayam Wuruk No. 96 Telp. (0354) 326759 Kandangan

UJIAN AKHIR SEMESTER 1


TAHUN PELAJARAN 2018 – 2019

Mata Pelajaran : Bahasa & Sastra Jawa Kelas/ Program : XI / semua jurusan
Hari/ Tanggal : Rabu, 05 Desember 2018 Waktu : 90 menit (07.00 – 10.15)

WANGSULANA PITAKONAN IKI KANTHI TREP !

1. Tatakrama ing wawanrembug niku menawi ngendikan basanipun kedah manut ing … .
a. unggah-ungguh d. ketuanipun
b. buku e. masalahipun
c. cathetan

2. Pitakonan kanthi tembung kadospun dituladhanipun ingkang leres kajaba… .


a. Kadospundi banjir bandhang kalawau asalipun ?
b. Kadospundi naminipun bebadan ingkang ngurusi bencana alam niku ?
c. Kadospundi caranipun supados para siswa peduli dhateng lingkunganipun?
d. Kado spundi nyadenipun kompos ingkang sampun dados rabuk?
e. Kados pundi cara tetanem ingkang sae punika?

3. Pranyatan 1 : Siswa SMAWiyati dinten rebo ngginakaken seragam bathik


Pranyatan 2 : Hesti siswa saking SMP Wiyati
Menawi mekaten ingkang leres inggih punika … .
a. Seragamipun Hesti saben dinten bathik
b. SMAWiyati tresna dhateng bathik
c. Dinten rebo Hesti ngginakaken seragam bathik
d. Hesti sekolahing SMAWiyati amargi wonten seragam bathik.
e. SMA Wiyati ngagem sragam bathik

4. Pranyatan 1 : ing pelajaran basa Jawidipunwucal nulis aksara Jawi


Pranyatan 2 : pelajaran basa Jawi dipunwucalaken ing SMA
Pranyatan 3 : Windari kelas XI SMA
Menawi mekaten ingkang leres inggih punika … .
a. Windari muca lbasa Jawi ing SMA
b. Ing sekolahanWindaridipunwucal nulis aksara Jawi
c. Windari remen nulis aksara Jawi
d. Ing SD ugi wonten pelajaran basa Jawi.
e. Windari remen dipunucal basa Jawi.

5. “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe
…. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku … .
a. mundhut, mundhut d. mundhut, tumbas
b. tumbas, tumbas e. mundhut, tuku.
c. Tumbas, tuku

6. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau
sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku … .
a. nedhi, dhahar d. maem, dhahar
b. nedhi, nedhi e. dhahar, maem.
c. Maem, nedhi

1
7. Ukara pitakon kang cocog digunakake nalika kepingin warta bab pendhidhikan yaiku… .
a. wonten menapa pantun kedah dipun rabuk bibar nglilir?
b. kados pundi caranipun Pemda monceraken aset pariwisata?
c. menapa kemawon usaha-usaha pemerintah supados Wajib Belajar Sembilan taun kasil?
d. wonten pundi kemawon para warga saged nindakaken reresik lingkungan ingkang sae?
e. kados pundi caranipun Pemda ngelola aset pariwisata?

8. Menapa mawon faktor-faktor ingkang nyebabaken alas menika gundul?


Ukara pitakon iku cocog ditujokake nalika wawancara ing bab… .
a. Pariwisata d. Kesehatan
b. Pendhidhikan e. Kehutanan
c. Masyarakat

9. Gathekna langkah-langkah nindakake wawanrembug ing ngisor iki kang isih acak.
1) gawe laporan 5) nyiapake materi
2)nemtokake narasumber 6) nyathet lan ngrekam
3) nindakake wawanrembug 7) migunakake unggah-ungguh
4) nemtokake tujuwan 8) nemtokake panggonan lan wayah
Urutan langkah-langkah nindakake wawanrembug sing bener yaiku… .
a. 1-3-5-6-2-4-7-8 d. 3-4-1-6-7-8-2-5
b. 2-5-7-8-6-3-4-1 e. 4-2-5-8-3-6-7-1
c. 1-3-5-6-4-2-7-8

10. Piranti kang asring digunakake ing sajroning wawanrembug yaiku inggih menika… .
a. Sound syistem d. Koran
b. Komputer e. Tape recorder
c. Buku

SUMIMPEN ING POJOK ATI


Dening : Tatiek Kalingga

Kanthi ati kang krasa rinujit,


Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
Ing pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti

11. Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku … .


a. Ati kang bungah c. Ati kang kelara-lara
b. Rasa kang mantep d. Ati kang kelegan
c.Ati kang dirujit-rujit

12. Wos surasane paragraf kapisan yaiku … .


a. Gegambaran ati kang kelara-lara d. Ngerteni kahanan kang endah
b. Tumindak kang nalisir e. Donga marang Gusti
c.Tumindhak sae ing wayah sore

13. Wos surasane paragraf kapindho yaiku … .


a. Gegambaran ati kang kelara-lara d. Ngerteni kahanan kang endah
b. Tumindak kang nalisir e. Donga marang Gusti
c. Syukur marang Gusti kang Maha Kuwasa

2
14. Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki yaiku … .
a.esuk d. surup
b.awan e. bengi
c. sore

15. Saora-orane ana patang kegiyatan kang kudu ditindakake sadurunge pawongan iku arep maca
geguritan. Kegiyatan kang kudu ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba … .
a. ngonceki (ndhudhah) geguritan d. gegladhen
b. milih geguritan e. manut kang nglatih
c. ngartekake tembung

16. Aku sakluwarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal
diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngreti papan iku. Basa kang
prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku… .
a. Krama d. Ngoko lugu
b. Krama alus e. Ngoko alus
c. Ngoko andhap

17. Dewi anggone maca geguritan pancen apik tenan, pocapane cetha, las-lasan, ora gumremeng tur
kendel. Maca gegurutan kaya Dewi iku ateges nggatekake ... .
a. Wirasa d. Wicara
b. Wiraga e. Wirama
c. Busana

18. Sanajan Doni anggone maca geguritan cetha pocapane, nanging dheweke ora nggatekake isine
geguritan/ora dirasakake jroning ati. Geguritan kang isine susah malah diwaca karo mesam-mesem.
Anggone maca geguritan Doni iku ateges ora nggatekake ... .
a. Wirasa d. Wicara
b. Wiraga e. Wirama
c.Busana

19. Ing ngandhap menika karya sastra Jawa ingkang boten kalebet prosa inggih menika... .
a. Geguritan d. Novel
b. Cerkak e. Dongeng
c. Cerbung

20. Menapa ingkang dipun wastani tembang geguritan gagrag anyar menika… .
a. Tembang kang anggone maca pedhotane papat-papat.
b. Karya sastra ingkang kaeket dening guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
c. Lelagon utawa tembang kang lumrahe kaiket dening purwakanthi.
d. Karya ingkang ngginakaken basa ingkang rinengga lan mboten kaiket dening guru lagu, guru gatra
lan guru swara.
e. Karya kang kawiwitane dipun wiwiti kaliyan tembung ingsun nggegurit.

Kawaosana tuladha sesorah ing ngandhap punika kanthi premati!


Assalamu’alaikum wr.wb ....… (i)
Nuwun,
Bapak Kepala Sekolah SMA N 10 Yogyakarta ingkang satuhu kinurmatan, bapak ibu guru saha
karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya. …....(ii)
Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya
saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala. …… (iii)
Keparenga kula ingkang piniji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun
pangapunten sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng bapak ibu guru. Mugi Gusti nampi pangapunten kula
lumantar panjenengan sedaya. Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon,
kabagyan, katentreman lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin. .…. (iv)

3
Mugi-mugi acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten
kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf punika sandhanganing tiyang
gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya. ….. (v)
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten
ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging
pangaksama. …… (vi)
Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb

21. Sesorah kagem medharaken pengetan dinten pahawan, ingkang trep migunakaken basa… .
a. Krama alus d. Ngoko Andhap
b. Ngoko alus e. Krama lugu
c. Krama

22. Perangan pambuka wonten ing tuladha sesorah nginggil punika awujud… .
a. atur syukur d. atur pambagya
b. atur panuwun e. Salam
c.Pangarep-arep

23. Undheraning rembag ingkang kababar ing sesorah dipunsebut minangka… .


a. salam d. pambagya kawilujengan
b. wosing gati/ wicara e. Panuwun
c. pangarep-arep

24. Katilik saking tuladha sesorah ing nginggil, perangan menapa ingkang dipunsebut wosing gati utawi
wicara… .
a. perangan (ii) d. perangan (iv)
b. perangan (ii ) e. perangan (v)
c. perangan (iii)

25. Tuladha sesorah ing nginggil punika ngrembag bab menapa… .


a. wigatinipun syiam d. wigatinipun halal bihalal
b. wigatinipun dinten riyaya e. wigatinipun sesrawungan
c. wigatinipun wong gadah luput

26. Sinten ingkang maragakaken sesorah ing tuladha sesorah nginggil punika… .
a. wakil siswa d. ketua kelas
b. kepala sekolah e. ketua OSIS
c. wakil kepala sekolah

27. Perangan ingkang dipunsebut minangka pangarep-arep ing tuladha sesorah nginggil punika kawakili
parangan ingkang nomer pinten… .
a. perangan (ii) lan (iii) d. perangan (iv) lan (v)
b. perangan (iii) lan (iv) e. perangan (v) lan (vi)
c. perangan (iii) lan (v)

28. Atur pakurmatan ing tuladha sesorah nginggil punika dipunserat sasampunipun perangan… .
a. salam d. atur pandonga
b. atur syukur e. Panuwun
c. pangarep-arep

29. “Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya
saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala,” dipunsebut
minangka… .
a. salam d. atur pambagyaharja
b. atur syukur e. wosing wicara
c. pangarep-arep

4
30. “Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten
ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging
pangaksama”, dipunsebut minangka… .
a. atur pakurmatan d. wosing wicara
b. atur syukur e. Panutup
c. pangarep-arep

31. Kapan upacara adat tingkeban ditindakake… .


a. Sadurunge calon ibu mbobot 7 wulan.
b. Wayah calon ibu mbobot 7 wulan.
c. Sawise calon ibu mbobot 7 wulan
d. Sawise bayi umur 7 wulan
e. Sawise bayi selapanan

32. piranti iki kang ana ing sajroning upacara tingkeban, kajaba… .
a. Kembang setaman d. Tigan
b. Kembang mayang e. Tumpeng
c. Klapa

33. Ing ngisor iki tatacara pelaksanaan tingkeban ingkang dereng urut.
Pantes-pantesan 5. Brojolan
Siraman 6. Dhahar ajang cowek
Tigas kendit 7. Angrem
Sungkean 8. Dodolan
Urutan acara tingkeban kang urut yaiku… .
a. 4-2-1-3-7-5-6-8 d. 4-2-1-3-5-7-6-8
b. 1-2-3-4-5-6-7-8 e. 4-2-3-1-5-7-6-8
c. 4-2-1-7-3-5-6-8

34. Tigan minangka piranti kang penting ing sajroning upacara adat, kajaba upacara adat… .
a. Mantenan d. Pitonan
b. Tingkeban e. Slametan
c. Ruwatan

35. Sesampunipun prosesi balang gantal, dipun lajengaken prosesi… .


a. Ngunjuk tirta wening d. Timbangan
b. Pecah tigan e. Kacar-kucur
c. Sugkeman

36. Apa pangertene simbol saka bleketepe ing ngarep omah… .


a. Kanggo hiasan ing ngarep omah
b. Nuduhake yen lagi nduwe gawe
c. Minangka salah sawijining piranti mantenan
d. Supaya luwih manteb anggone nglaksanakake upacara mantenan
e. Kanggo syarat mantenan.

37. Apa kang diarani slametan mendhak sepisan ... .


a. Slametan tiyang seda sawise satus dina
b. Slamtan tiyang seda sawise pitung dina
c. Slametan tiyang seda sawise telung dina
d. Slametan tiyang seda sawise kalih taun
e. Slametan tiyang seda sawise sewu dina

38. Kapan slametan geblag ditindhakake… .


a. sasampunipun mayit diubur d. Sasampunipun 5 dina
b. sasampunipun 3dina e. Sasampunipun 40 dina
c. sasampunipun 10 dina

5
39. Ing ngisor iki piranti kang digunakake ing sajroning upacara Tedhak siten.
a) Andha tebu d) Kambil gadhing
b) Kreweng e) Kurungan
c) Kendhit f) Jenang 7 werna
Piranthi ing dhuwur yaiku piranti kang dibutuhake ing upacara tedhak siten, kajaba… .
a. Piranti b lan e d. Piranti a lan f
b. Piranti d lan b e. Piranti c lan a
c. Piranti b lan c
40. Jenang kang ana ing upacara tedhak siten awujud jenang 7 werna. Werna apa wae kang kerep digawe
ing jenang kasebut… .
a. Putih, abang, ijo, kuning, biru, ungu lan coklat.
b. Abang, ijo, kuning, jingga, ungu, biru lan coklat.
c. Putih, coklat, abang enom, ijo,biru lan kuning.
d. Coklat peteng , putih, kuning, coklat enom, biru lan abang.
e. Putih, ungu, biru, ireng, emas, kuning, ijo

si= setiti supy bijimu becik\

Anda mungkin juga menyukai