Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum wr.wb. nuwun!

Sholawat
"Bapak2, Ibu2 soho para rawuh kakung miwah putri ingkang
dahat kinurmatan.
Dumateng panjenenganipun ..................................Ibu Retno
Widaningrum minangka tiang sepuhi pun mas
................Wawan, kulo minangka wakilipun
.................................Bp Sudaryanto sekalian ingkang wekdal
punika mboten kuwawi matur, amargi nembe ngraosaken
bombonging penggalih, pikantuk sungsung talining katresnan
ingkang tanpa pepindhan.

Langkung rumiyin ...........................Bp Sudaryanto sekalian


ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dateng Gusti Allah ta'ala
ingkang sampun ndawahaken kanugrahan dateng kita sedaya
dene hajatipun ............................Ibu Retno anggenipun
ngadahi kerso saged kobul. Sepindah silaturahmi naturaken
sugeng riyadi taqoballohu minna waminkum minnal aidzin wal
faizin lan mohon maaf lahir bathin, kaping kalih taaruf, kaping
tiganipun lamaran dan ngrembak rencana ndaupaken keng
putri ingkang peparap ..........................Mas Wawan pikantuk
...............................Rr Arifah Sindika putri.

Ingkang sepindah, kulo pribadi tuwin ...........................Bp


Sudaryanto sekalian ngaturaken pambagyo rahayu wilujeng
waruh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanti sugeng
basuki tindak saking dalem ing Kedungpring dumugining
dalemipun mriki Tipar Alasmalang

Kaping kalih, sampun dipun tampi atur salam taklimipun


..........................Ibu Retno, semanten ugi ...................Bp
Sudaryanto sekalian ngaturaken salam taklim mugi katur
ngarsanipun ....................Ibu Retno, kanti pepuji mugi2
tansah pinaringan sih kanugrahan Pangeran Ingkang Maha
Kuwaos, cinelakno ing suko rahayu, tinebehno ing godha
rencana.

Kaping tiganipun, ...................Bp Sudaryanto reno nrimo


ngaturaken nuwun ingkang kathah dene ....................Ibu
Retno sampun kerso rawuh ing mriki saperlu taaruf dan
lamaranipun kita tampi kanti suko renaning manah. Mbok bilih
sadayanipun mangke sampun samekto ing damel, keng putra
nakmas .................... Wawan kaliyan ................... Arifah
kekalih badhe kadhaupaken.

Mawantu-wantu panjenenganipun ................. Bp Sudaryanto


sekalian mugi panjenengan dalam para pangombyong,
kasuwun kanti sanget keparengo anglajengaken suko pari suko
anggenipun lelenggahan kanti mirunggan.

Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kulo


ngaturaken atur panampi puniko wau kirang mranani ing
penggalih, awit cupeting nalar kidhunging pemanggih, kulo
tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra
pangaksami.
Wass......

Anda mungkin juga menyukai