Anda di halaman 1dari 3

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

nuwun,

Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta
saraya saking calon saha badhe/calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes
kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.

Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya karana kula piniji
panjenenganipun Bp.___________ sekalihan, kinen ngaturaken pambagyaharja, raos suka
ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.

Pinangka purwakaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji syukur
wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokah
ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan
punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning penggalihan punika,


Bp.___________ sekalihan lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit
karawuhanipun para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta
saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindha mugi keparenga
panjenenganipun para lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih.

Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya
wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sam-un
ngawuningani gatining sedya ingka kalenggahan punika. Nun inggih ing nguni
Panjenenganipun Bp.___________ sekalihan garwa sampun nggumolongaken pirembagan
kalihan panjenenganipun Bp.___________ sekalihan, karana ing pangajab sami-sami netepi
darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun
Bp.___________ sekalihan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bg.__________
panjenenganipun Bp.___________ kekalihan anggadahi siwi putrid taruni kanthi asesilih
Rr.___________ manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken ingkang putra
calon penganten satataning agami miwah satataning adhat. Inggih awit saking
samudayanipun sampun manunggil cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika
badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upa karti winastan lamaran saha
walimahan.

Mugi-mugi wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun


Bp.___________ sekalihan mugi wontena jumurunging pamuji hastuti saking para lenggah
sedaya hanggenya Bp.___________ sekalihan badhe nampi pasrahipun calon kadang besan
tansah manggih basuki ing salwiring reh.
Hambok bilih Bp.___________ sekalihan suma rambah para kulawangsa anggenipun nampi
karawuhan penjenengan sadaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh lebet hanglenggana
budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp.___________ sekaliha
naming tansah tumadhah lubering pangaksama.

Ing wasana pantok peputonig aturipun Bp.___________ sekaliha lumantar kula, hambok bilih
wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging
seserepan kula ing reh suba sita, bias tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan
sadaya, wekdal kula aturaken kadang panata cara.

Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.


TULADHA SESORAH LELAYU

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x

Nuwun, para takziyah ingkang kula kurmati, kanthi rahmating Gusti ingkang Maha
Agung, ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan kasarasan, saged rawuh ing dalem
duhkita ngriki ing upacara pametaking layon almarhum/almarhumah ……………...... sing
menika.
Keparenga kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela sungkawa,
ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang sampun kepareng rawuh
wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun
almarhum/almarhumah ........................ mboten kesupen kulawarga ngaturaken agungin
panuwun ingkang tanpa umpami dhumateng panjengengan sedaya ingkang sampun paring
pambiyantu awujud bandha beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang sedaya wau
katujokaken saha mahanani entenging sesangganipun kulawarga. Kulawarga ing ngriki
mboten saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming memuji mugi sedaya amal
kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales saking Gusti Allah. Amin..
Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan ikhtiaripun
kulawarga nalika almarhum/almarhumah ..................... nandhang gerah, sageda sehat malih,
nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing astanipun Gusti, pramila kanthi
tentrem Bapak/Ibu/Sedherek... Sasmpun sowan wonten nnggarsanipun Gusti, rikala dinten...
Waci tabuh... Wonten ing...
Dhumateng para takziyah sedaya kepareng paring donga amrih sedaya amal
kesaenanipun almarhum/almarhumah ....................... saged ketampi linebura sedaya dosa lan
kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi kaparinga manah tabah,
ikhlas lan tawakal.
Ing wasasna mbok bilih almarhum/almarhumah .................. rikala sugeng gadhah
kalepatan, utawi pettangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sami, kulawarga
nyuwunaken agenging pangapunten. Lan panjenengan kersa rawuh ngrampungaken sedaya
wau kaliyang kulawarganipun.
Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten atur
ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai