Anda di halaman 1dari 1

Kusuma Bangsa

Rega Pratama

Pahlawan kamardikan

Prawira kang gagah prakosa

Nedya merjaya marang Walanda

Kang wus damel kasengsara

Awan bengi tansah sedya

Njagi katentremaning kawula

Ademe angin dalu, panase bagaskara

Tan bisa ngilangi niat kang nyata

Lelabuhanmu marang bangsa lan negara

Tan bisa ginanti bandha lan raja brana

Mugi Gusti paring swarga

Marang kusumaning bangsa

Lumantar geguritan iki

Isining atiku ginurit

Prasetyaku thukul saka sajroning manah

Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo kusuma bangsa

Anda mungkin juga menyukai