Anda di halaman 1dari 4

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para pinisepuh, Pangemban – pangembating projo satriyaning negri ingkang

bangkit tinulad tinulodo mring sesamining tumitah ingkang pantes kinurmatan.

Datan katalumpen Bopo / Ibu dewan juri ingkang kinurmatan ugi.Monggo

langkung rumiyin sami sareng – sareng ngunjukaken pujo pudyastuti syukur kunjok ing

ngarsaning gusti ingkang murbeng dumadi / Allah SWT ingkang sampung paring sih

katentreman karahayon mewah kasarasan.

Wonten ing swasana ingkang kebak ing raos kabingahan puniko keparenga

kulo badhe matur, ngengingi kados pundi sumbangsih PKK saklebeting mujudaken

program klaten bersinar. Kasinggihan sanget peran ibu – ibu ing saklebeting paguyuban

PKK, mboten saged kito pisahaken kaliyan program pembangunan ing nagari kito.

Secoro mirunggan, ing wewengkon kabupaten klaten. Kito kedah cawe – cawe, kados

pundi supados sedoyo program ingkang wonten saged kawujud. Kados ingkang dados

program kabupaten klaten kanthi klaten bersinar, peran ibu – ibu saklebeting PKK

kedah tekun, ngudi supados program meniko saged mawujud saestu. Kanthi coro

nyipto papan lan swasono ingkang resik, endah, nyaman, aman lan rapi meniko saged

kito awiti saking tataran ingkang paling andap. Nggih meniko, saking keluwargo, RT,

RW, ing saklajengipun ing tataran desa / kelurahan. Kanthi coro meniko program

ingkang kitho gayuh saged kaleksanan.

Sepisan maleh kulo ngajak dhumateng panjenengan sami sampun “mendo

saliring panggodo tan mundur sakehing geguntur”. Berjuang terus klaten bersinar saged

mawujud.

Cekap semanten, sedoyo atur ingkang pinanggih kirang, nyuwun

pangapunten. Maturnuwun

Akhirukalam

Wasalamu’alaikum Wr. Wb.


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para pinisepuh, Pangemban – pangembating projo satriyaning negri ingkang

bangkit tinulad tinulodo mring sesamining tumitah ingkang pantes kinurmatan.

Datan katalumpen Bopo/Ibu dewan juri ingkang kinurmatan ugi.Monggo

langkung rumiyin sami sareng – sareng ngunjukaken pujo pudyastuti syukur kunjok ing

ngarsaning gusti ingkang murbeng dumadi / Allah SWT ingkang sampung paring sih

katentreman karahayon mewah kasarasan.

Wonten ing swasana ingkang kebak ing raos kabingahan puniko keparenga

kulo badhe matur, ngengingi kados pundi sumbangsih PKK ing saklebetipun

hambangun Keluarga Sejahtera kasinggihan sanget gesang ingkang sejahtera menika

dados idaman sok sinteno ingkang gesang madyaning bebrayan. Ing jaman moderen

menika katah sanget tantangan wujuding iming – iming kangge nyekapi kabetahaning

kulowargo kanthi coro ingkang gampil, praktis lan sarwo neng semaken. Menawi kito

mboten saged ngendaleni mbok bilih saged nuwuhaken risak ing ekonomi ing

madyaning bebrayan, ing pramilo sumonggo wotening paguyuban PKK kulo ngajak

dhumateng panjenengan sami gesang kanthi prasojo lan irit. Kito kedah saged milah –

milahaken kabetahan pundi ingkang kedah kito cekapi lan kabetahan ingkang mboten.

Malah kaporo namung nuruti gengsi, kaliyan sederek lan tonggo tepaleh. Tentu

kemawon kito lajeng gesang kanthi boros. Tundonipun kosok wangsul kaliyan asas

tujuan gesang ingkang sejahtera. Ngudi gesang kanthi sejahtera mbok bilih wonten

sambung raketipun kaliyan program pemerintah. Inggih meniko keluarga berencana,

kanthi catur warga mujudtaken sumbangsih ingkang langkung ageng kanggo gayuh

tentreming brayat. Ngengeti probeyo kangge gesang lan probeyo kangge Pawiyatan

poro putro sanget ageng. Kanthi ndherek KB mbok bilih saged ngirangi kabetahan ing

saben dintenipun.

Bopo/Ibu tuwin poro kadang sedoyo, ngrembak perkawis gesang sejahtera

tentu kemawon mboten namung toto lahir, nanging kitho kedah ngudi gesang ingkang

sejahtera lahir lan batin. Ing pramilo wonten wedal puniko kulo ngajak dhumateng
panjenengan sami jumbuh kaliyan sesanti negari kito, inggih meniko “Eka Prasetyo

Panca Karsa” kanthi ketuhanan yang maha esa kito Kaajab wonten ing brayat lan

masyarakat kedah nindakaken pangibadah ingkang sak estu. Jumbuh kaliyan

pengandel panjenengan sami meniko kedah kitho udi lan gesangi.

Ing wasana, Bopo/Ibu ingkang kulo aturaken meniko wujuding coro – coro

supados kitho saged gesang kanthi sejahtera lahir lan batin wontening madyaning

bebrayan.

Cekap semanten, sedoyo atur ingkang pinanggih kirang, nyuwun

pangapunten. Maturnuwun

Akhirukalam

Wasalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai