Anda di halaman 1dari 5

Kelompok 2 XIIA3 :

1. Ananda Anggara P. (06)


2. Elsa Ayudyah P. (11)
3. Luthfiah Ajeng H. (17)
4. M. Alwan Zulfikar (19)
5. Putri Diah A. (24)
6. Widi K.S.P (30)

Naskah Drama

Prof. Boge. MBA,Ph.D

Priyanto nduweni kanca ahli pengobatan tradisional jenenge Boge. Maneka warna penyakit
uga kasil diobati Boge. Ing kantor Priyanto ngenalake klinik pengobatan tradisionale Boge marang
Sulastri, kancane sing nduweni lara ginjal.

Priyanto : “piye Tri wes suda durung lara mu?”

Sulastri : “durung Pri”

Priyanto : “awakmu yo isih cuci darah?”

Sulastri : “iya isih. Rong minggu pisan cuci darah ning rumah sakit”

Priyanto : “wes njajal pengobatan tradisional?”

Sulastri : “wes enek 5 klinik pengobatan tradisional sing tak jajal, tapi yo ora ono sing cocok”

Priyanto : “aku ana kenalan ahli pengobatan tradisional jenenge Boge, wis akeh wong sing
entuk pitulungan saka kancaku. Nek kowe gelem njajal, sok sabtu tak terne.”

Sulastri : “iyo aku gelem Pri. Suwun yo Pri gelem ngeterne aku”

Priyanto : “iyo padha-padha Tri. Muga-muga awakmu enggal mari”

Sulastri : “Amin”

Dina Sabtu sak wis e buyaran kantor Priyanto ngeterne Sulastri ning klinik pengobatan ne
Boge. Klinik e Boge isih kaya biasane. Priyanto lan Sulastri ngantri giliran. Akhire e jeneng e Sulastri
diceluk.

Pegawai : “ibu Sulastri, monggo pinarak”

Priyanto : “wes wayah mu Tri”

Sulastri : “ iya. Tak mlebu dhisik ya”

Priyanto : “iya”

Pas ing njero ruangane Boge

Boge : “monggo bu”

Sulastri : “inggih Pak”

Boge : “gerah napa bu?”


Sulastri : “kula sakit ginjal pak”

Boge : “ooooo...inggih”

Wis 20 menit ning njero klinik akhire Sulastri wes bar diobati Boge

Boge : “sampun bu”

Sulastri : “oooo...inggih pak”

Boge : “pirsa mriki saking pundi nggih bu?”

Sulastri : “saking kanca kantor kula, Priyanto. Ngendikane bapak niku kancane Pak Pri”

Boge : “owalah Pri to...nggih...nggih”

Sak wis e mertamba ning klinike boge. Sulastri akhire bisa mari saka larane iku. 3 Wulan
Sakwise Priyanto ngeterne kancane maneh jenenge Asmirah, wes 4 tahun rabi dheweke durung kasil
nduweni momongan.

Asmirah : “mbak Tri, awakmu bisa mari mertamba neng ndi?

Sulastri : “aku mertamba ing pengobatan tradisional Boge, kanca ne Priyanto. Njajal takona
Pri.”

Asmirah : “Ooo...iyo mbak”

Nalika jam istirahat kantor, Asmirah takon marang Priyanto ngenani Pengobatan Boge

Asmirah : “Pri, aku arep takon.”

Priyanto : “takon opo Rah?”

Asmirah : “ngene...aku wes 4 taun rabi nanging durung nduweni momongan. Kanca mu jenenge
Boge bisa nambani?

Priyanto : “insyaallah isa Rah. Maneka warna penyakit kasil diobati kanca ku kuwi. Awakmu
pengen njajal mertamba ning kono?”

Amirah : “iya aku gelem. Awakmu bisa ngeterne aku karo bojoku rana?”

Priyanto : “bisa. Kapan tak terne?”

Asmirah : “nek minggu ngarep awakmu bisa?”

Priyanto : “minggu ngarep aku bisa”

Asmirah : “suwun ya Pri”

Priyanto : “iyo rah padha-padha”

Dina minggu Priyanto ngeterne Amirah lan Bojone menyang klinike boge. Nanging, ana sing
beda ing klinike boge. Ning ngarep klinik ana papan nama sing dipasang gedhe tulisanne yaiku Prof.
Boge. MBA,Ph.D. lan klinike Boge saya rame. Sak weruhe Priyanto gelar MBA iku gelar saka manca
negara kang singkatane Master of Bussinnes Administration. Batine Priyanto kapan Boge kuliah ana
manca negara. Rasa penasarane Priyanto disimpen dhisik amarga ora sopan yen nakokake bab-bab
kang kaya ngono kuwi. Sakwise Asmirah lan bojo ne mertamba ing Boge, Asmirah kasil duwe
momongan.
Amirah : “Alhamdulillah ya mas saiki awakedewe wis dadi wong tuwa”

Kasmirun : “Iya dek, aku bersyukur aku lan awakmu wis dadi wong tuwa. Anak sing dak
tunggu-tunggu saiki wes ana. Bakal taktresnani kanthi tenanan.

Amirah : “Nggih mas, mugi kula panjenengan dados tiyang sepuh sing bisa ndhidhik Bayu lan
Gendhis dadi bocah sukses”

Sewulan sakwise Priyanto teko maneh ning klinik e Boge dudu arep ngeterne pasien nanging
dheweke arep silahturami karo kanca lawase. Tekan kono Priyanto isih nggumun karo papan nama
sing ana gelar e iku. Amarga gelar sing digawe Boge iku gelar sing abot-abot lan ora sembarang wong
bisa entuk gelar iku. Amarga wes kadung penasaran akhire Priyanto takon ning Boge bab embel-
embel jeneng iku.

Priyanto : “Nuwun sewu lho, mas Boge, jan-jane ana sing arep tak takokake”

Boge : “Arep takon apa? Kok kaya karo sapa wae sajak keweden. Wis takona ora-ora nek aku
nesu”

Priyanto : “Anu....bab embel-embel asmamu sing dawa iku”

Boge : “Oh...kuwi ta. Pancen saiki aku wes entuk gelar Profesor, eMBeA lan PehaDe”

Priyanto : “Kosik-kosik tak benerne caramu maca ya. Gelar mu sing dawa kuwi diwaca Profesor,
Em-Bi-E lan Pi-EijDI”

Boge : “Yowis pokok e kaya kowe kuwi. Gelar iki pancen wes dadi hakku amarga aku nampa
gelar iki saka universitas sing pancen duwe hak ngetokake gelar-gelar kuwi”

Priyanto : “Lho, apa njenengan kuliah, nulis disertasi, tesis, penelitian lan sapanunggalane?”

Boge : “Ora kaya ngono kuwi. Saiki gelar-gelar kaya ngono wis diobral ana pinggir dalan
paribasane. Apa gunane panaliten barang. Wis yen pancen pengin, melu aku wae,
cukup bayar 15 yuta wis entuk gelar 3 barang”

Priyanto : “Lho... terus kanggo apa gunane gelar-gelar kuwi?”

Boge : “Kowe ki kok bodho banget ta, Pri. Gelar-gelar iku lak kanggo nyakinake masyarakat
yen aku iki wong pinter. Nyatane sawise aku nggo gela-gelar kuwi pasienku saya
akeh”

Priyanto : “Ya...tak pikir-pikir dhisik. Yen oleh aku tak melu kowe. Ning aku arep teka menyang
kantor dinas pendidikan luwih dhisik takon bab gelar iku oleh apa ora”

Boge : “Lho, ngono kuwi lagi jenenge bala dhewe”

Priyanto dhewe sak jane ora kepingin nganggo gelar sing dawa kaya ngono kuwi. Priyanto
mung pingin ngerti piye satemene aturane sing bener ngenani bab dol tinuku gelar. Amarga pingin
ngerti Priyanto akhire nekani kantor Dinas Pendidikan, kebeneran Priyanto bisa ketemu langsung karo
Kepala Dinas Pendidikan.

Priyanto : “Sugeng enjing Bu, nuwun sewu kula Priyanto badhe tangled ngengingi bab dol
tinuku gelar kang sak niki ngembrah diagem piyantun kang kirang pantes nyandhang
gelar menika?”
Kepala Dinas : “Pancen ana gelar-gelar kang saiki dienggo warga kang satemene ora pantes duwe
gelar kuwi. Angger masyarakat isih padha mblereng nyawang, otomatis bakal
dumadi dol tinuku gelar kang kaya ngonon iku.”

Priyanto : “Lajeng punapa pemerintah mboten ngatur kanthi tegas?”

Kepala Dinas : ”Sajatosipun inggih sampun wonten aturanipun. Nanging ketingalipun masyarakat
boten purun nuhoni aturan punika.”

Priyanto : “Punapa mboten dipuntindak tegas kemawon, Bu?”

Kepala Dinas : ”Punika sanes perkawis gampil, Pak. Pramila kula badhe mikiraken kados ingkang
panjenengan aturaken punika.”

Priyanto : “Ohhh....inggih sampun Bu. Kula badhe pamit. Matur suwun wekdalipun Bu.”

Kepala Dinas : ”Ohhh...inggih Pak, Sami-sami”

Lewat 2 sasi, Priyanto ngenteni tindakan nyata saka pemerintah kanggo nertibake gelar
nanging ora ana tanggapan ne. Amarga durung marem Priyanto nekani anggota dewan ing kantor
DPRD pas jam kerja. Priyanto arep njaluk katrangan lan pituduh piye becike nyikepi bab dol tinuku
gelar. Priyanto ketemu karo anggota dewan sing jenenge Sastra Dimeja.

Priyanto : “ sugeng siang Pak. Kula Priyanto badhe nyaosi panemu kula”

Sastra Dimeja : “Oh...inggih mas. Monggo lenggah rumiyen. Usul punapa mas?”

Priyanto : “Pak, kula nyuwun embel-embel akademik ingkang dipunangge masyarakat


dipuntertibaken!”

Sastra Dimeja : “Embel-embel akademik ingkang pundi?”

Priyanto : “Kados eM-Bi-E lan Pi-EijDI, Profesor lan sakpanunggalanipun ingkang kula raos
kirang trep.”

Sastra Dimeja : “sebabipun?”

Priyanto : “Punika rak gelar ingkang awrat tanggel jawabipun. Kaliyan malih prosesipun rak
kedah kuliah, panaliten, nyerat disertasi, tesis, lan sanes-sanesipun”

Sastra Dimeja : “Mangke rumiyen, Mas. Saene isu gelar fiktif punika boten sisah dirembag kemawon.
Sapunika sanes wekdal ingkang trep kangge rembagan bab gelar. Sanes wekdal
kemawon menawi titi wanci sampun pas.”

Priyanto : “Lajeng benjing punapa malih, pak?”

Sastra Dimeja : “Nggih pokokipun sanes wekdal. Amargi punapa? Amargi masyarakat dereng siap
nampi keputusan penertiban gelar. Benjing menawi sedaya sampun sami sadhar
gelar-gelar kados ingkang panjenengan ngendikaken wau otomatis boten pajeng
piyambak.”

Priyanto : “Nyuwun sewu, Pak, mugi panjenengan minangka wakil rakyat kersa nampi usul kula
punika”

Sastra Dimeja : “Punapa lewat fraksi sanes kemawon?”

Priyanto : “Fraksi sanes?”


Priyanto mangkel karo Sastra Dimeja, amarga usul e iku upaya kanggo njejegake bab kang ora
bener kok ora ditanggepi serius. Priyanto arep nekani fraksi liyane ngrasa aras-arasen amarga paling
jawaban ne padha wae.

Ora suwe sawise Priyanto nemoni anggota DPRD pak Sastra Dimeja, Priyanto nemokake kabar
ing koran awujud iklan mbabar warta wisudane Pak Sastra Dimeja entuk gelar Profesor, MBA lan PhD
padha karo gelar e Boge. lan malah akeh ucapan selamat marang Sastra Dimeja. Priyanto mung bisa
pasrah karo kahanan lan kasunyatan.

2 dina sakwise kuwi Boge oleh laporan saka kancane yaiku Sastra Dimeja ngenani ana wong
kang ora sarujuk ngenani dol tinuku gelar. Sastra omong yen wong sing ora sarujuk kuwi Priyanto.
Banjur Boge marani Priyanto ning omahe.

Boge : “Assalamualaikum pri... pri....” (karo nggedor lawang)

Priyanto : “Waalaikumsalam, ana apa to mas? Mangga pinarak rumiyin”

Boge : “Ora usah aku arep langsung ngomong wae. Kowe kuwi wong sing ora sarujuk karo
dol tinuku gelar to?”

Priyanto : “Iya mas aku ora sarujuk, ana prakara?”

Boge : “Kowe kuwi ora usah ngurusi urusane wong liya, urusana urusanmu dhewe”

Sakwise kuwi Boge lan Priyanto ora ana hubungan maneh.

Anda mungkin juga menyukai