Anda di halaman 1dari 14

Guntur,murid sederhana kang sekolah ing SMA Tunas Bangsa, salah siji sekolah kang

elit ing Bandung. Sesuk iki Guntur sekolah masuk kaping pisan sawise lulus ing SMP Nusa
kang manggon ing desane. Namung Guntur wis nduwe kanca, modal sepatu kinclong lan HP.
Kabeh Podo kabeh podo nyedhek.

Guntur :”Mat,ora nang kantin po kowe? “

Mamat :”Ora dhuwe dhuwit aku Gun,ngajakko Rizal wae.”

Guntur :”Ora usah nesu, kowe isoh nggawe dhuwitku.”

Rizal :”Arep nang ngendi to kowe Mat?”

Mamat :”Nang kantin jal,mumpung gratisan”

Rizal :”Wah...penak tenan yo uripmu Mat.”

Guntur :”Ayo jal melu aku lan Mamat, gratis gedhang goreng wes” (Guntur ngerayu)

Rizal :”Kapan-kapan waae wes Gun,aku arep nyatet ing papan.”

Guntur :”Yowis, ayo Mat.”

Guntur lan Mamat budhal menyang kantin, padahal wektu istirahat limolas menit wes
entek. Peluang di kongkon metu saka kelas gedhe banget. Sakwise ketemu ketua kelas ing
dalan menyang kantin.

Arum :” Arep nang ndi kowe iki?”

Guntur :”Arep njajan menyang kantin. Ayo wes melu wae mengko tak traktir.”

Sulis :”Wah.... ayo rum,mengko ijin nang jedheng.”

Arum :”lek kowe arep melu yowes,rapopo. Tapi mengko ora usah melbu nang
kelas.”

Guntur :”Ora pengen melu tenan po kowe Rum? ,sayang loh.”

Ora njawab opo opo Arum ngilang saka pandangane Guntur lan loro karone. Banjur
Guntur ,Sulis ,lan Mamat budhal menyang kantin.

Guntur :”Bakos kotak telu buk.”

Bu Minto :”Wih, ora ana nak.”

Guntur :”loalah, mengko lek ana ngomong nggeh buk, sak larang larange tak bayar.”

Bu Minto :”Tenan yo,yowis saiki Bakso Bondet disek wes.”

Guntur :”Pinten buk?” (Guntur ngetokake dhuwit saka kesak)


Bu Minto :”Akeh tenan dhuwitmu, arep nebas to?”

Guntur :”haha.... mek limangatus ewu buk ,ora sepiro”

Bu Minto :”Wah paling dhuwitmu wakeh yo?!.”

Guntur :”HEHEHE.”

Sakwise iku Guntur menyang nggone Mamat lan Sulis karo nggawa telung mangkok
bakso kang digawa karo talam.

Mamat :”Matur nuwun yo Gun.”

Guntur :”Santai Mat, kowe kan koncoku ,lek kowe butuh opo-opo ngomongo aku yo.”

(Mamat ngacungake jempol)

Sulis :”Wokeh... Suwun loh yo!.”

Arum ngrasa jengkel marang arek telu mau, banjur kandha marang wali kelase yaiku
Pak Joko.

Arum :”Assalamualaikum Pak, nuwun sewu kulo wonten perlu kale panjenengan.”

Pak Joko :”Waalaikumsalam,Oo..kowe toh Rum, mlebu-mlebu.Ana apa toh nduk...?”

Arum :Nggih ngeten pak..Guntur,Sulis,lan Mamat niku wau bidhal menyang kantin
wektu jam pelajaran”

Pak Joko :”Oalah.....Nakal tenan arek telu iku. Iyo wes rum, suwun infone mengko tak
celukake.”

Arum kang kandha marang Pak Joko saiki langsung nyeluk Guntur, Sulis lan Mamat
lan ngongkon arek telu iku mlebu menyang ruangane Pak Joko.

Sulis :” Asslamualaikum Pak”

Pak Joko :”Waalaikumsalam, kene lungguh”

Sulis :”enggeh pak”

Pak Joko :”Kenopo kowe ra melu pelajaran.”

Mamat :”Amarga menyang kantin pak”

Guntur :”Nggeh pak ngapunten,kulo janji ora bakalan baleni maneh.”

Pak Joko :”kenopo kowe menyang kantin wektu jam pelajaran?”

Mamat :”Mumpung gratisan pak, Biasalah Guntur kan rencang sae pak, neraktir kulo

lan Sulis.”
Pak Joko :”Betul ngono Tur?”

Guntur :”Oh....eh... enggeh pak.”

Pak Joko :”Lah kowe Lis, ngopo?”

Sulis : “Nggeh kula melu-melu pak lah kulo dijak.”

Pak Joko : “Oh ya wis, aja di baleni maneh ya”

Kabeh : “Nggeh pak, matur nuwun”

Guntur, Sulis lan Mamat metu saka ruang BK kang medeni kuwi. Banjur katelunipun
balik menyang kelas. Guntur sing mangkel amarga di panggil menyang BK langsung nemoni
Arum.

Guntur : “Kowe ya sing kondho marang Pak Joko”

Arum : “Ngopo kowe kok ngarani aku ??”

Guntur : “Yo pancen kowe kan ? terus sapa lek duduk kowe sing kandha ?”

Arum :”Lek pancen iya kowe kate lapo, musuhi aku?”(Guntur ora njawab)

Rijal : “Ngopo toh kok rame ??”

Guntur : “Rapopo”

Guntur langsung lunga ninggalake kelas. Mamat banjur nguber Guntur.

Mamat :“Gun, aku muleh bareng kowe yo, kowe nggowo motor opo honda jazz?”

Guntur :”Dokar”

Ajeng : “Kowe sing jenenge Guntur yo? Keren pisan.”

Guntur : “Kowe sopo?”

Ajeng : “Aku Ajeng lan iki Lisa, konco sakelasmu sing paling ngehitz.”

Lisa : “Lisa.” (salaman)

Mamat : “Gun, kowe iso ngeterno aku tuku kado nggak?”

Guntur : “Kado gawe sopo mat?”

Mamat : “Gawe mamakku lah.”

Guntur : “Oalah.. oke, tapi piye karo Ajeng lan Lisa?”


Ajeng : “Aku melu yo karo Lisa.”

Amarga kesenengen omong-omongan, Mamat ora nyadari kang ana copet sing njupuk
dompete ing kesak’e. Sawise copet mlayu banjur bocah kuwi sadar.

Mamat : “Co..co..copott..COPOT Gun..”

Guntur : “Copet Mat copet, C-O-P-E-T” (ngeja)

Mamat : “Oh iyo seh iku maksudku”.(Mamat ngguyu)

Lisa : “Nyapo kok meneng, iku copet ayo digodak”

Mamat : “Oh iyo.. kowe se Gun ngajak ngomong”

Guntur : “Loh kok aku,yo kowe tah”

Mamat : “Ojo aku Gun,kowe ae wis”

Guntur : “Lo..loh.. ayo mlayu...”

Banjur kabeh pada nggodak copet iku mau tapi ora kenek.akhire mamat nesu.

Mamat : “aduhh.. yo opo Gun,dhuwitku piye?”

Ajeng :“lanang kok yo ngalem”

Lisa : “iyo.. gak maco kowe,ra koyok Guntur”

Guntur : “kowe iso nyilih dhuwitku”

Banjur Guntur ngekeki dhuwit menyang mamat,jumlahe telung atus ewu.

Ajeng : “wah Guntur keren”

Mamat : “suwun yo Gun,kapan-kapan tak sauri”

Guntur : “ra usah dipikir Mat”

Pak joko : “kok gurung muleh iki lapo”

Lisa : “biasa lah pak bocah nom”

Pak joko : “Mat,kenopo kowe kok nesu”

Mamat : “kulo kecopetan pak tapi utung Guntur nolong pak”

Pak joko : “ o yowes,kowe kudu bales keapikane Guntur yo Mat,yowis aku bali disek kowe
kabeh ati ati yo,mengko ono copet neh”

Akhire kabeh banjur muleh dewe dewe

Ibu : “suwe tenan kowe sekolah Gun”


Guntur : “mak,sesok bayar SPP”

Ibu : “lah dhuwit limang etus ewu iku gawe apa le?”

Guntur : “gawe bayar gedhung mak”

Ibu : “aduh Gun,mamak ra sanggup bayar,daftar sekolahmu entek ingonane


alm.bapakmu,sapi siji mamak cuma kerjo mijet”

Guntur : “ra ngerti aku mak,iku kan tanggung jawab sampeyan”

Ibu : “yoweslah,ndang mangan wis”

Guntur : “mak aku pengen koyok koncoku”

Ibu : “opo neh toh Gun kowe iku”

Guntur : “aku pingin sepeda mak”

Ibu : “yowes toh Gun,sesok lek mamak duwe rejeki”

Guntur ora njawab,keesokan dinane bocah kuwi sekolah

Guntur : “sugeng enjing pak”

Pak joko : “sugeng enjing,Tur rmengko sore kowe nang ruanganku yo”

Guntur : “ana apa maneh ta pak”

Pak joko : “wes talah mengko teko o”

Guntur : “oh enggeh pak siap”

Banjur bocah iku lansung melbu kelas

Rijal : “Tur mengko traktiran yo, aku ra tau di traktir”

Guntur : “waduh aku ra duwe dhuwit,yo opo iki” (suarane ora pati jelas)

“wah anu jal,aku mengko ana urusan karo Pak Joko”

Rijal : “payah kowe Tur,tapi janji yo kapan-kapan traktiren aku”

Guntur : “siap wes” (hormat)

Sakwise iku banjur Pak joko teko menyang kelas X Mipa 13

Murid : “sugeng enjing pak”

Pak joko : “iyo..iyo,wes lungguh-lungguh”

Mamat : “pak”
Pak joko : “iyo..ana apa mat”

Mamat : “rasido pak”

Pak joko : “lhoo.. yo wis saiki tutuk materi apa murid murid”

Mamat : “ pak,sing guru kan sampeyan pak kok ora ngerti materi loh?”

Murid : “hahaha..”

Arum : (brakk) “aja rame rek”

Pak joko : “yowis – yowis,saiki langsung ulangan!”

Pak Jaka langsung nulis soal ing papan. Para murid pada kaget, namung kepeksan
pada ngerjakno, sakwise iku bel istirahat mini, para siswa metu menyang kantin .

Ajeng : Gun, menyang kantin yok

Guntur : (clingak – clinguk)

Lisa : Kok bingung seh Gun ?, ra duwe duwit ?, opo kowe raduwe kuping ?

Guntur : Enakae, yo duwe lah, jalok piro kowe?

Ajeng : Uwes – uwes, aku percoyo kok Gun, ayo menyang kantin.

Moro – moro Arum mlaku menyang kelas.

Guntur : Oh iyo, aku jek kate nggarap tugas, kowe enteni aku ning kantin wae

Ajeng lan Lisa banjur budhal menyang kantin.

Guntur : Rum. (Guntur lungguh ing cedake Arum yaiku bangkune Sulis)

Arum : Ana apa ?

Guntur : Sepurane aku wingi ngamuk – ngamuk

Arum : Yoh...

Guntur : ......

Arum : Terus kowe ngopo kok sih meneng neng kono

Guntur : Yo wis aku tak ngaleh


Sakwise kuwi Arum luwih disik ngaleh ketimbang Guntur. Karo kepeksan. Guntur
njupuk dompete Arum , banjur budhal menyang kantin.Arep metu kelas Guntur ketemu karo
Sulis.

Sulis : Kenopo kok kowe kesusu Gun

Guntur : Rapopo kok Lis

Sulis : Kowe ketemu Arum ora ?

Guntur : Iyo mau, tapi saiki wes metu saka kelas (Guntur banjur mlayu)

Arum kaget lan bingung pas mbukak tas, dompet sing arep dijupuk karo Arum malah
ora ana ing jero tas.

Arum : Wedus… dompet ku kok ora ana yoh !!! (ning jero atine)

Sulis : Kenapa toh Rum ?

Arum : Dompet ku ilang Lis, piye iki ?

Sulis : Kok iso, mau kowe deleh nengdi ?

Arum : Neng bank

Sulis : Lah ngopo kok kowe goleki ning kene ?

Arum : Hmm.. yo tak deleh neng tas lah.. Lis.. Lis...

Sulis : Aku ndelok Guntur mau metu seko kelas kesusu – susu, paling Guntur
sing....

Arum : Hus... yo ora mungkin lah, iyo wis suwun Lis

Bel muni, jam istirahat wes entek kabeh murid pada mlebu ing kelas. Pak Joko
nerangno pelajaran. Ora suwe, bel istirahat muni.

Pak Joko : Gun

Guntur : Inggih Pak ?


Pak Joko : Mengko Temoni aku ing ruanganku yo

Guntur : Enjeh Pak

Mamat : Mau Pak Joko ndawuh opo Gun ?

Guntur : Aku dikongkon nemoni Pak Joko ing ruangane, embuh ana apa ?

Rijal : Gun aku melu ya ?

Guntur : Ojo Jal iki kayane pribadi

Kanca – kancane wis pada mulih kabeh. Guntur lekas budhal nemoni Pak Joko. Tapi
tenyata ana kancane sing durung mulih yaiku Arum. Arum ngerasa penasaran. Banjur arum
ngetuti Guntur saka mburi.

Arum : Kira – kira ana apa ya kok Pak Joko nyeluk Guntur menyang ruangane ?

Sulis : Hayooo... ngopo kowe ?

Arum : Haduh... arep copot jantung ku, kuwi loh, kiro – kiro Guntur ngopo kok
diceluk Pak Joko ?

Sulis : Kowe tertarik menyang Guntur ?

Arum : Hiiii... ORA KATE !!!( Banjur Arum lunga, lan Sulis melu lunga.)

Ing ruangane Pak Joko

Pak Joko : Gun, kowe wes telat bayar SPP

Guntur : Inggih, sepuntene Pak

Pak Joko : Lek kowe ora bayar sesuk, kowe bakal kena sanksi, kemungkinane kowe
bakal diskors.

Guntur : (kaget banget) Waduh duwit SPP ku wes tak entek ke (ing atine Guntur)

Pak Joko : Sesuk wong tuwa mu bakal tak celuk nang sekolah

Guntur : Aja Pak aja, iya Pak, sesuk SPP ne tak bayar

Pak Joko : Yo wes, ojo nganti lali !!


Guntur : Inggih Pak Joko, matur nuwun

Guntur metu saka ruangane Pak Joko karo lesu, bingung mikir piye carane supaya iso
bayar SPP.

Sesok ing sekolah.

Guntur lungguh ing pinggire Mamat. Guntur sih bingung mikir golek duwit kanggo
ngganti duwit SPP sing wis dienteke.

Mamat : Kowe kenopo Gun ?

Guntur : Rapopo Mat

Mamat : Yo wis Gun, aku tak metu sediluk.

Guntur nggeledahi tase Mamat. Deweke ora ngerti nek kepergok Arum. Duwit sing
dijupuk ora cukup kanggo bayar SPP. Banjur Mamat mlebu nang kelas, nggoleki duwit ing
dompete.

Mamat : Loh… duwit ku ilang… Sopo sing nyolong duwit ku ? (kabeh podo delok)

Arum bingung, bakalan kondo opo ora.

Rijal : Lali paling kowe delehne

Mamat : Iku mau sakdurunge tak tinggal sik ana

Guntur metu menyang jobo kelas, Arum marani

Arum : “Kowe yo sing nyolong dhuwite Mamat karo dhuwitku tak pikir kowe kuwi
bocah sugih nyatane kowe nyolongan.”

Guntur : “Aku kepekso rum di gae mbayar spp.”

Arum : “Kowe iso nyeleh nyang aku, ora usah nyolong koyo ngene.”

Guntur : “Pokok’e aja kandha sapa - sapa yo.”

Banjur Guntur mlebu menyang kelas, bel mulih wes muni para siswa pada mulih
termasuk

Guntur. Ing tengah wengi bocah kuwi ngulang aksine yaiku nyolong ing salah siji omah.

(Gludak) Guntur njupuk barang – barang sing iso didol ing toko loak.
Rijal : “Gun....”

Guntur : “Ono opo jal, ojo rame mengko sing nduwe omah tangi.”

Rijal : “Kowe lapo?”

Guntur : “Maling...ojo kondo yo.”

Rijal : “Iyo...terusno aku tak turu.”

Guntur : “Lah kowe lapo ning kene bengi – bengi maling pisan a?”

Rijal : “Loh iki umahku.”

Guntur langsung kaget banget. Dheweke nyolong ing umah e koncone, Guntur wedi
rahasine

kebongkar. Sakwise iku Guntur langsung mlayu, tapi Rijal bingung. Sesuk e Guntur mlebu
sekolah

karo ati sing isih ndredeg.

Rijal : “Mat, Guntur tibak’e maling.”

Mamat : “Lho sumpah kowe jal, ojo ngarang cerito ora apik.”

(Rijal manthuk) Mamat mangkel tangane ngepel.

Mamat : “Berarti sing njupuk dhwiku Guntur? Awas kowe Gun, tak
hajar kowe.”

Mamat banjur ngoleki Guntur, tibak’e Guntur wis ono ing lawang. Bocah loro kuwi
langsung

gelut ing kelas, kabeh murid pada wedi.

Mamat : “Kowe maling Gun!”(plak)

“huaaaaa...........hmp”

Mamat sing njerit banjur meneng mergo cangkem e di sumpel karo marang Guntur.

Mamat : “Enak, suwun Gun.”

Guntur : “Pada – pada Mat, yowis aku tak lungguh.”

Mamat : “Iyo.”

“Loh loh kowe kuwi malingg.”

Bocah loro kuwi gelut maneh, banjur di pisah karo Arum


Mamat : “Awas kowe Gun, rausah dadi koncoku maneh.”

Kabeh murid ing kelas wis ora gelem dadi koncone Guntur

Ajeng : “Tibak’e kowe maling, huh”

Rijal : “Dasar nyolongan.”

Sulis : “Gak nyongko aku Gun.”

Lisa : “Rupane tok sing apik, njerone mambu ieuuhh.”

Arum : “Aku wis ngandani kan, yoiki salahmu wes raono maneh sing percoyo.”

Pak Joko mlebu menyang kelas.

Pak Joko : “Guntur nyuwun sewu, mulai dino iki kowe wes ora oleh melu pelajaran,
kowe gurung mbayar spp lan dhuwit gedung. Sepurane Gun, saiki kowe kudu mulih.”

Murid : “Wuuuuuuuu....... Tukang tipu, jarene sugih.”

Mamat : “Penipuuuuu....”

Guntur sedih, dhewek’e banjur mulih nanging Arum nggodak Guntur.

Arum : “Gun aja patah semangat , sakjane kowe jujur wae karo keadaanmu rausah
ngaku ngaku sugih yen pingin nduwe konco.”

Guntur : “Aku khilaf Rum , sepurane yo . Sakiki aku randuwe konco.”

Arum : “Aku pancet dadi koncomu kok.”

Sakwis e tutuk omah Guntur curhat marang emak’e

Guntur : “Mak aku wis ora iso sekolah maneh , piye iki ?

Gara gara aku gorong mbayar SPP.”

Emak : “ Loh..... Lahsen duwit iko Gun ?.”

Guntur : “Tak gawe neraktir koncoku , aku apen apen sugih Mak ben aku nduwe
konco. Sakiki wis pada ngerti kabeh yen aku ora nduwe.”

Emak :” Duuhalah Gun.... Gun trimoen keadaan iki. Mangkane mulai saiki belajar
seng temen , nggolek o biyasiswa ben nasibmu apik ojok sampek koyok emak.”

Guntur : “ Enggeh Mak Gntur bakkall belajar.”

Sabendino Guntur sinau , berubah dadi arek seng rajin lan mbukak usaha dodolan
bakso kotak lan gedhang goreng. Krana kerja keras e usaha e wis sukses , Guntur akeh
nerimo ketringan saben dinan’e. Saiki guntur wis dadi bocah sugih duduk aling
maneh.
Sawis e telung wulan ing SMA 05 Tunas Bangsa

P Joko :” Murid murid kowe kabeh bakalan nduwe konco anyar sing cakep pinter lan
pengusaha.”

Guntur banjur melbu, kabeh padha kaget.

Guntur : “Sugeng enjing.. ning kene aku bakal belajar meneh karo kowe kabeh.Saiki
aku duduk Guntur sing penipu lan nyolongan, tapi aku bisa sekolah krana beasiswa, yaiku
kasil usahaku dhewe. Kowe kabeh aja wedi, aku ora bakal nyolong maneh. Saiki aku wis
beruntung, aku njaluk sepuro ya kabeh salahku telung wulan wingi. Aku kaya ngene krana di
motivasi karo Arum”

Siswa sak kelas : “prok.. prok.. prok..”

Guntur banjur salaman karo kanca-kancane, saiki kabeh padha dadi sahabat. Ing sesuk
dinane, kabeh padha ngumpul ing kantin. Guntur nyedhak marang Arum lan nggawa rong biji
gedhang goreng.

Guntur : “Rum, aku tresna karo kowe”

Arum : “Loh ???”

Guntur : “Aku ora njaluk kowe dadi pacarku, cukup kowe dadi motivator saben detik
lan ngguyu gawe aku. Aku wis bungah rum, iki gawe kowe asile kerja kerasku dhewe”

Arum ngguya-ngguyu banjur mangan gedhang goreng siji

Mamat : “Kowe iku duduk romantic tur”

Guntur : “Lah terus ??”

Mamat : “Tapi ngiritt” (karo ngakak kepingkel-pingkel)

Kabeh : “Hahahahaha…”

Guntur lan sahabate saiki damai. Kisah tresnane marang Arum isih di pendhem sampek
dheweke dadi wong sukses.

======SEKIAN=====
TUGAS NASKAH DRAMA BASA JAWA

“GARA-GARA SPP”

SAKA KELOMPOK 2 :

1. ADISTY GELSHA (01)

2. FAIZ HILMAWAN M (09)

3. GHITA ARYANI (13)

4. INDAH AYU P (15)

5. MARLY MA’INI M (18)

6. MISBAKUL MUSTOFA (19)

7. M. THORIQ AULIA (21)

8. SARAH APRILIA PUTRI (30)

9. TITANIA LUKMANA DEWI (33)


XI MIPA 6

SMA NEGERI 1 PURWOSARI

PARAGA & PENOKOHAN :

1. Guntur : Sombong, penipu, kerja keras lan rajin


2. Mamat : Ora kakean polah, apik watake
3. Rijal : Sante tapi rada linglung
4. Arum : Wibawa, tegas, lan pengerten
5. Lisa : Genit
6. Pak Joko : Tegas lan ora bertele-tele
7. Mamak : Sabar
8. Ajeng : Endel
9. Sulis : Gampang kena pengaruh kanca

Anda mungkin juga menyukai