Anda di halaman 1dari 4

Preian Nak Kuta Yogyakarta

Jenengku Fardan, Aku urip nak kuta Gresik, Jawa Timur. Umurku 17, Sekolah nak SMA
Negeri 1 Manyar. Aku nduwe dulur 3, wedok kabeh. Aku lahir ning kuta gresik. Bapak kula
asline saka surabaya, ibuk kula asli jakarta. Dino kamis mene aku onok acara keluarga, acarane
rekreasi ing kuta Yogyakarta. Rencanane 4 dino ning Yogya. Mumpung lagi preian semester
munggah munggahan kelas 12 semester 5. Biasane preian unggahan kelas iku 3 minggu suene,
opomaneh preian e mari riyoyo idul fitri, malah malih sue teko asale, amargo riyoyone ana mulih
kamoung dadine suwe. Tapine kula sing asli saka gresik ora duwe desa amargra mbah kula
utawa dulur kula ing gresik ae.

Wes keroso apene dino kemis, sak durunge lunga kula nyipno barang gowoan. Ana
klambi, alat mandi, alat sholat, Karo bekal jajan. Isuke kula nyiapno klambi sing arep tak gawa,
ana maem macem klambi. Ana klambi renang, klambi santai, kaos, klambi taqwa gae jumatan
mene, lan klambi turu. Kabeh iku tak lebokno nak koper mergo lek nggawe tas ora cukup. Sak
marine kabeh klambi wes disiapno saiki nyiapno alat mandi, barange ana sikat gigi, odol, sabun
cair, sampo, sabun rai, anduk. Marine iku nyiapno alat sholat yaiku sarung sajadah lan kopyah
gae sholat jumat mene. Saiki kula metu nak supermarket gawe tuku bekal jajan gawe mengko
nak sepur. Kula tuku jajan seng akeh, ana roti, snack, minuman, lan seng liyane. Kabeh barang
gowoan wes disiapno, kari ngenteni budale.

Isuke dino kamis kula tangi subuh, terus adus maringono siap sak keluarga budal nak
stasiun Gubeng Surabaya numpak taksi online. Budale isuk mergo jadwal sepur e yo isuk jam 9,
mangkane kita sak keluarga budal isuk jam setengah 7 ben gak ketinggalan sepur. Karo ngenteni
sepur kula dolen game sek ben gak bosen, sekitar setengah jam wes jam setengah 9, wes ana
pengumuman yen sepur seng kita tumpaki wes ape teko nak stasiun Gubeng Surabaya, akhire tak
lereni dolen game e terus siap siap barang barang gowoan. Sak marine iku wes nak sepur, kula
numpak sepur kelas eksekutif amergo ben nak perjalanan nyaman, bedone karo seng ekonomi
kui nak nggon lungguh e, sing eksekutif nggon lungguh e iso digawe selonjoran lan oleh selimut
karo bantal, dadi iso kerasan nak njero sepur. Perjalanan nak kuta yogya saka surabaya lek
numpak sepur sekitar 6 jam an, durung ditambahi mandek mandek nak stasiun liane.

Sak marine perjalanan numpak sepur kula mudun nak stasiun Tugu Yogyakarta sekitar
jam setengah 4 an. Lah pas sak marine mudun nak kono kita sak keluarga bapak, ibuk, aku,
mbakku seng pertama karo bojo lan anakke disusul karo mbak Dini, yaiku mbakku seng ke 3.
Tak kiro disusul numpak mobil dadakno mung mlaku. Kula heran kok mlaku, dadakno hotel e
cedek saka stasiun tugu lan cedek teko malioboro mangkane kok mek mlaku. Sak durung pancen
wes dipeseno karo mbak Dini hotel e, tapi kita durung ngerti lokasi ne cedek seru karo stasiun.
Mari iku kita tumuju ing hotel e gawe ndekek barang gowoan lan istirahat sedilut nak hotel.
Hotel e seh lumayan apik, masio nggon e ga koyok hotel, luwih koyo rumah inep tapi bagi kuwi
iku wes apik seng penting iso digawe turu, ana AC ne, lan sing paling enting ana WiFi ne,
lumayan kenek gawe ndelok yutub sak tuwuk e.

Bengine kita sak keluarga mlaku mlaku nak nggon e Malioboro, mergo cedek dadine
enak iso sante nalika nikmati suasana bengi ing malioboro kuta yogyakarta, nak kono ana wong
ngamen, tapi ngamen e bedo kelas karo sing nak kuta kuwi, Gresik. Ing kene ngamen e nggawe
angklung lan bondo alat musik e, dadine kerungune iso apik. Sing nonton wakeh tenan, same
nggerumbuli pengamene. Iku salah siji seng menarik teko malioboro. Sak marine ndelok
pengamen kita lanjut mlaku mlaku saka ujung nak ujung, nak kono akeh wong dodol klambi
klambi yogya, ana sing murah, ana seng larang pisan, ya tergantung isi dompet cukup opo ora.
Gak suwe maneh kita mampir nak malioboro mall, soale anake mbakku pengen dulinan nak fun
world, karo ndulang anake ben gelem mangan. Nalika ngenteni ponakanku mangan, aku karo
mbak Dini nggelek camilann nak kono, nalika bapak lan ibuk kula ngenteni nak fun world kono.
Sak marine nggelek camilan aku diajak nak toko buku Gramedia, nak kono mek ndelok ndelok
buku, karo moco moco sitik bekne onok sing menarik. Wes sak marine iku kita mangan bengi
nak food court e kono. Marine mangan kita mbalik nak hotel mergo wes bengi, soale mene kita
ape metu maneh nak tempat liya.

Dina jumat isuk aku lan keluarga sarapan nak hotel disik, isuk iku menu ne sego goreng,
terus ngombene teh anget, dadine cocok banget karo lungguh lungguh nak teras hotel karo
ngombe teh. Maringono aku adus siap siap nak tujuan selanjute yaiku nak Taman Sari. Taman
Sari yaiku situs tilas kraton utawa kraton Istana Ngayogyakarta Hadiningrat, sing bisa
dibandhingake karo Kebon Botanical Bogor minangka kebon-kraton ing Istana Bogor. Taman iki
dibangun nalika jaman Sultan Hamengku Buwono I (HB I) ing taun 1758-1765 / 9. Wiwitane,
taman sing entuk judhul "Taman Wangi" ana area luwih saka 10 hektar kanthi udakara 57
bangunan kanthi wujud bangunan, kolam renang, jembatan penangguhan, kanal banyu, uga tlaga
buatan lan pulo buatan lan jembatan jero banyu. Taman iki, sing dienggo kanthi efektif antara
taun 1765-1812, mula wiwit saka sisih kidul-kulon kompleks Kedhaton tekan sisih kidul wetan
kompleks Magang. Ing kono ono masjid nak njero bawah tanah, marine merono kita balik nak
hotel soale arep e jumatan, untung ae cedek hotel iku ana masjid, dadi gausah adoh adoh ndelek
masjid.

Sak marine jumatan kita lanjut nak tempat wisata selanjute yaiku ing hutan pinus.
Nggone nak Sukorame, Mangunan, Dlingo, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta. Nak kono
tempate apik seru, opo maneh lek pas isuk isuk ngono, ana kabut e, kenek gae ngasilno foto foto
seng apik aku lan keluargaku foto foto nak kono karo nikmati suasana alam seng sege lan apik.
Nganthi jam 2 kita balik mudun, saiki tujuane ndelek mangan, keluargaku pengen nyobak nak
warung makan seng jenenge sate klatak. Dadi sate ne yo sate biasa, ana sate ayam sate kambing,
tapi sundukke iki gawe wesi, gudu teko biting maneh, lan porsine gede gede sak tusuk, ana 3
tusuk tappi iku wes akeh tenan sampe kewareg en mangane. Sak marine makan kita balik nak
hotel gawe istirahat, mergo mene isuk ana acara maneh.
Subuh tangi, njukuk banyu wudhu siap siap budal nang masjid jamaah sholat subuh,
susana subuh nak kuta yogyakarta emang beda karo nak gresik, opomaneh nak pusat kota iki.
Sak marine sholat aku adus lan siap siap. Tujuan selanjute yaiku nak pameran seni ne mbak dini.
Tempate nak cedeke Institut Seni Indonesia, nak kono ana hasil karyane mbakku seng di dekek
pameran, ga nggon e mbakku tok, tapi sebagian seniman sing ana ing kuta Yogyakarta. Lukisan
sing ana ing kono apik apik, ga cuman lukisan, ana hasil karya 3d kaya seni patung, terus ana
karya lain kaya seni digital, seni suara, macem macem pokoke. Marine nak pameran mampir
diluk nk petra, nak kono nggon e aksesoris sembarang kalir, ana dodol klambi pisan, pot bunga,
hiasan dinding, alat rumah tangga ya ana. Terus mariku mbalik nak hotel karo ndelek makan
malam ing mall malioboro kono, ambe ndelek oleh oleh.

Minggu isuk kita siap siap balik, sak durunge iku kita ndelek sarapan ing gudeg yu djum,
gudeg iku paling terlkenal ning kuta Yogyakarta, mergo rasane enak lan ana khas e dewe
masakanne. Marine sarapan kita balik lan nyiapno barang barang, terus di dekek njeo koper
kabeh, barang gowoan yo diringkesi. Marine beres beres kita check out hotel, terus aku pamit
nak mbak Dini arep balik mulih.

Anda mungkin juga menyukai