Anda di halaman 1dari 1

Hangaglah aneng marga catur yayah lintang bima sekti, anenggih punika sang panenggak pandhawa

kekasih Raden Wrekudara, Bimasena, Wayunindya, Bratasena, Kusumadilaga, Gandawastratmaja ya


sang Bilawa. Satriya gagah birawa sembadeng warna, godheg wok simbarjaja, rawis ketel kinepel sisih
turta mahambeg kendel, netel, ngandel kumandel. Nalika semana wus sampet nggenya ngrasuk busana
anenggih:

GELUNG MINANGKARA cinandhi rengga, endhek ngarep dhuwur mburi. Werdine sang Harya Sena
wus datan kewran marang dununging kawula Gusti.

PUPUK MAS RINEKA JAROTING ASEM

Pupuk minangka pratandha nggenya ngisep pangawikan saking Hyang Bayu, rineka jaroting asem, sang
Bratasena ngrawit budine pindha jaroting kamal.

SUMPING PUDHAK SINUMPET

Raden Bilawa wus hamengku kawruh panunggalane Hyang Giripati, nanging hanggung sinasapan pinter
api balilu, pramila binasakaken Jaya laga lire jembar budine pindha tebaning Jaladri.

(........... sumangga dipunlajengaken)

Dupi wus sampat denira ngrasuk busana, sang panenggak gya cancut taliwanda. Cancut ujare wong
acincing, taliwanda ngencengake tali bandhange. Wiwit alit sang Bima lamun lelungan datan nate
nenitih nitih titihan. Karemenanira hamung mlumpat, pramila sang Sena sigra matak aji Bandung
Bandawasa, ungkal bener klawan blabag pengantol-antol. Padha sakala ana angin bayu bajra, sindhung
riwut lan angin garudha ngganda arum. Dyan Wrekodara gya mlintir gumbala, seblak sampur tanjak
wrangka. Sikil kiwa mancat bantala suku tengen den uncalaken, saben sajangkahan sayojana adohe.

Anda mungkin juga menyukai