Anda di halaman 1dari 12

www.NagaMover.

com

~0~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA
TAHUN 2017

TANGGAL JUDUL KHUTBAH HAL


6 Januari 2017 Tahun Baru, Tasyabuh Dumateng Tiyang Kafir 1
13 Januari 2017 Warsa Enggal Kesempatan Mukmin Taubat 5
20 Januari 2017 Tansah Sabar Ngadhepi Musibah Lan Bencana 11
27 Januari 2017 Ikhlas Kerana Murih Ridhaning Allah 16
2 Februari 2017 Taubat Sakderengipun Ajal 21
10 Februari 2017 Surat Al Maidah Sanes Perkara Enggal 27
17 Februari 2017 Pasedherekan Kanthi Aqidah Tauhid 32
24 Februari 2017 Surat Al Kautsar 36
3 Maret 2017 Nebihi Godhaning Setan 42
10 Maret 2017 Gerhana Matahari 47
17 Maret 2017 Bektos Dumateng Tiyang Sepah Kekalih 52
24 Maret 2017 Munafik, Ninggal Jamaah Shubuh Lan Isya 59
31 Maret 2017 Bakal Tentrem Gesangipun, Punika 10 Sifat Linuwih 64
7-Apr-17 Sya’ban, Wulan Amal Dipunangkat 70
14-Apr-17 Nedya Gegancangan Nindakaken Kesaenan 75
21-Apr-17 Isra’ Mikraj, Ngraosaken Nikmatipun Shalat 81
28-Apr-17 Ningkataken Derajat Taqwa Kanthi Nyuprih Ilmu 86
5 Mei 2017 Ngupados Nafkah Berkah, Halal, Thayyibah 92
12 Mei 2017 Shalat Ajeg Lan Jejeg 97
19 Mei 2017 Sinau Saking Semut 101
26 Mei 2017 Kewajiban Bektos Dumateng Tiyang Sepah 105
2 Juni 2017 8 Kesalahan Wonten Wulan Ramadhan 107
9 Juni 2017 Zakat Ing Wulan Ramadhan 111
16 Juni 2017 Nuzulul Qur’an, Tadarus Lan Tadabur 117
23 Juni 2017 Ramadhan, Mukmin Ngajeng-ajeng Kamulyan 121
30 Juni 2017 Ningkataken Kualitas Ibadah Ing Wulan Syawal 126
7 Juli 2017 Sambung Silaturahmi, Lapang Rezeki Panjang Umur 131
14 Juli 2017 Jaga Lisan Saking Ghibah, Al Humazah Lan Al Lumazah 137
21 Juli 2017 Bekal Ngadhepi Dinten Kiamat 140
28 Juli 2017 Taubat Nggayuh rahmat 144
4 Agustus 2017 Nikmatipun Kemerdekaan 149
11 Agustus 2017 4 Cara Muslim Ngisi Kemerdekaan 153
18 Agustus 2017 6 Adab Dinten Jumat 158
25 Agustus 2017 Ibrah 3 Rahasia Sukses Nabi Ibrahim 163
1-Sep-17 Kautaman Amalan Ing Awal Wulan Dzulhijah 168
8-Sep-17 Tiyang Begja Inggih Tiyang Ingkang Taat 172
15-Sep-17 Ikhlas Kerana Murih Ridhaning Allah 176
22-Sep-17 Asyura,Hikmah Saking Sejarah 180

~1~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

29-Sep-17 Puasa Paling Bagus Tanggal 10 Muharram 185


6 Oktober 2017 Ikhtiar Muslim Nggayuh Rahmat Al Falah 189
13 Oktober 2017 Wulan Safar Sanes Wulan Sial 192
20 Oktober 2017 Manfaat Ilmu Pengetahuan 195
27 Oktober 2017 Tanggungjawab Tiyang Sepah Paring Pendidikan Anak 199
3-Nov-17 Pribadi Ingkang manfaat 203
10-Nov-17 Bekal Masa Depan 207
17-Nov-17 Dherek Sunah Kedah Sempurna 211
24-Nov-17 Lurus Tauhid, Tansah Dherek Sunahipun Rasul 215
1 Desember 2017 Rasulullah, Pemimpin Ingkang Tegas 218
8 Desember 2017 Islam Paring Pangayoman Dumateng Wanita 222
15 Desember 2017 Paring Hurmat Dumateng Wanita 227
22 Desember 2017 Nikmat Kesehatan Ingkang Kedah Kita Syukuri 231
29 Desember 2017 Kiamat, Dinten Kebangkitan 235

~2~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

1. Mengeti Tahun Baru, Tasyabbuh Tiyang Kafir

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi


minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah
wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu
warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum
wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan
‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah
innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm
su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa
waantummuslimuun.

Raos syukur mangga sesarengan tansah kita konjukaken wonten ing ngarsaning Allah
SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, dumateng sedaya
kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing
saklebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha salam tansah katetepna dumateng
junjungan ugi panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah
supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang lurus, ingkang sampun
paring pitedah margi ingkang terang benderang kanthi rahmatipun Allah SWT.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Mengeti Tahun Baru /
Warsa Enggal kathah tiyang ingkang nggadhahi kebiasaan wonten ing mawerni-werni
daerah, kados begadang boten tilem wayah dalu dumugi enjing, pesta kembang api,
tiup terompet sakjroning detik-detik mlebeting warsa enggal, lan ugi wonten ingkang
nglaksanakaken dzikir kanthi jamaah kagem nyongsong dumuginipun warsa enggal.
Kados pundi kita minangka Muslim kedah nyikapi pengetan warsa enggal punika?

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Tahun Baru / Warsa
Enggal boten termasuk satunggalipun dinten riraya wonten ing Islam kados dene Idul
Fitri, Idul Adha utawi dinten Jum’at, malah dinten kasebat kagolong dumateng
rangkaian kegiatanipun dinten riraya tiyang-tiyang kafir ingkang boten pareng dipun
pengeti dening tiyang Muslim. Wonten ing satunggaling kesempatan wonten tiyang
lanang ingkang sowan dumateng panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi
wassalam kagem nyuwun fatwa bilih piyambakipun gadhah nadzar badhe nyembelih
hewan wonten ing Buwanah (nami satunggalipun wilayah), mangka Nabi Muhammad
Shalallahu ‘alaihi wassalam tanglet dumateng piyambakipun: ”Apa apa berhala
sesembahaning wong-wong jahiliyah ing panggonan iku?”, piyambakipun jawab,
”Boten” Rasul tanglet malih, “Apa panggonan ikut kanggo ngrayakake dina riyaya wong-
wong jahiliyah?”, piyambakipun jawab, “Boten”, lajeng Rasulullah Shalallahu ‘alaihi
wassalam paring sabda “Lakonono nadzarmu, kerana saktemene ora oleh

~3~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

nglaksanakake nadzar ing maksiat marang Allah lan perkara-perkara kang ora diduweni
anak Adam.” (Hadits Riwayat Abu Daud).

Hadits punika paring pitedah bilih dipunarang sinten tiyang ingkang nyembelih kagem
Allah wonten ing panggenan ingkang sami kaliyan panggenan ingkang dipun
kagemaken nyembelih dumateng sanesipun Allah utawi wonten panggenan tiyang-
tiyang kafir nglaksanakan pesta utawi dinten riraya. Mila punika dherek para kaum
sanes artosipun paring pitulung dumateng tiyang-tiyang kala wau wonten perkara
ngagungaken syiar-syiar kufur. Tumindak punika ugi kados tiru-tiru tumindaipun tiyang-
tiyang kala wau ugi dados sarana nganteraken dumateng tumindak syirik, punapa malih
dherek ngrayakaken dinten riraya tiyang-tiyang jahil, mangka wonten saklebeting
perkawis punika wonten wala’ (loyalitas) utawi dukungan tumrap pagesangan syiar-
syiar kekufuran. Akibat ingkang paling bahaya inggih punika sikap wala’ dumateng
tiyang kafir nggih punika lairipun raos tresna lan ikatan batin dumateng tiyang-tiyang
kafir sahingga saged ngapusaken keimanan. Tiyang muslim ingkang dherek
ngrayakaken tahun baru / pengetan warsa enggal badhe ngalami kawontenan ingkang
awon ing antawisipun :
1. Mengeti tahun baru/warsa enggal inggih satunggaling tumindak tasyabbuh (tiru-
tiru) dateng tiyang-tiyang kafir ingkang jelas tumindak punika dipun larang dening
panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihiwassalam.
2. Nindakaken amal sae kados dzikir, tadarusan utawi slametan ingkang dipun
khususaken mengeti tahun baru / warsa enggal nggih satunggaling tumindak ingkang
sesat.
3. Ikhtilath nggih punika campur baur antaranipun pria lan wanita ingkang kados
kita mangertosi kathah perkawis punika dipunlampahi wonten ing perayaan malam
tahun baru, tumindak punika caket sanget dateng satunggaling tumindak ingkang dipun
larang agama Islam nggih punika zina, naudzubillahi min dzalik.
4. Pemborosan harta kaum muslimin amargi bandha dipun ginakaken kagem
mengeti acara ingkang boten wonten tuntanipun syariat.

Mila punika para sedherek kaum muslimin mangga kita sedaya tansah ningkataken
taqwa kita dumateng Allah Ta’ala kanthi nindakaken sedaya perintahipun ugi nebihi
sedaya laranganipun, salah satunggaling inggih kanthi boten dherek-dherek acara
ingkang boten wonten tuntunanipun punapa malih dipun larang dening agama.

~4~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

2. Warsa Enggal 2017, Kesempatan Mukmin Kagem Taubat

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi


minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah
wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu
warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum
wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan
‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah
innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm
su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa
waantummuslimuun.

Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa
ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin
nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa”
punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung
ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten
ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang
banget wigatosipun punika, Amin

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Sakpunika kita wonten
ing pangujung warsa 2016 artosipun boten dangu badhe nglampahi warsa enggal 2017,
perkawis punika ugi paring pawartos bilih umur kita badhe nambah satunggal tahun
malih, anamung ugi gadhahi artos bilih nambahipun umur punika nggih badhe kirang
jatah gesang wonten ing alam donya sahingga dumugi dinten ajalipun. Dinten nalika
ajal dumugi boten badhe pengaruh pinten umur kita, sinaos taksih anem boten saged
dipun anyang, ajal badhe dateng boten waged dipun undur utawi dipun majengaken.
Kados firman Allah ingkang sampun kasebat wonten Al Qur’an :
“Mangka yen ajal wong-wong iku wis teka, wong-wong mau ora bisa mundurake utawa
majukake sinaosa sakwayah” (Terjemah Al Qur’an Bahasa Jawa Surat Al A’raf ayat 34).
Mila punika kita minangka tiyang-tiyang Mukmin ingkang gadhahi iman dumateng
dinten akhir, wekdal gantosipun warsa punika kedahipun dipun manfaataken kagem
introspeksi, punapa tahun kapengker sampun kathah amal shaleh punapa boten,
umpami kathah amal shaleh temtunipun termasuk dumateng tiyang-tiyang ingkang
begja anamung bilih taksih kathah maksiatipun punika ateges termasuk tiyang-tiyang
ingkang rugi, mila kedahipun saged prihatin ugi sedih bilih taksih langkung kathah
maksiatipun tinimbang amal shalehipun.
Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Tahun ingkang kathah pengalaman ugi pelajaran
punika badhe kita lewati saklawasipun, saklajengipun badhe ngadhepi tahun baru
inggih warsa enggal 2017. Kados tahun-tahun kapengker, tahun baru 2017 punika ugi

~5~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

sami saged dados tahun ingkang untung utawi rugi, bilih kita saged ngisi tahun punika
kanthi ngathahi amal shaleh artosipun kita badhe termasuk tiyang ingkang untung
anamung kosokwangsulipun bilih taksih kathah maksiat ingkang dipun lampahi
artosipun kita badhe termasuk tiyang ingkang rugi. Mangga kesempatan punika kita
dadosaken kesempatan kagem ngathah-ngathahi taubat dateng sedaya tumindak kita
ing tahun kapengker ingkang taksih nglampahi maksiat, kados firman Allah wonten Al
Qur’an :
“He wong wong kang iman, taubata sira marang Allah kanthi saktemene taubat”
(Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat At Tahrim ayat 8).
“Taubata sira marang Allah He wong wong kang iman, supaya untung” (Terjemah
Qur’an Bahasa Jawa Surat An Nur ayat 31).
Kados pundi agengipun dosa ingkang sampun nate dipun lampahi umpami kita badhe
taubat kanthi saktemenipun taubat mangka Allah badhe paring pangapuran, punapa
malih kesempata sakpunika Tahun Baru 2017 tergantung dumateng azam kita
nglampahi warsa enggal minangka Muslim ingkang jelas gadhahi tuntunan Al Qur’an
lan tauladan saking panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam. Kedah
rumaos taksih kathah dosa-dosanipun sahingga dipun kathah-kathahi anggenipun
taubat, saged kemawon ajal dumugi sakderengipun taubat. Perkawis punika ingkang
kita sedaya tansah rumaos ajrih mangka mangga ampun ngantos dipun undur dipun
tunda sebab kita boten mangertosi wekdal ingkang badhe dipun kita lampahi. Kita ugi
kedah mangertosi bilih taubat punika wonten ciri-cirinipun, Ba’dul Hukama’ paring
penjelasan bilih ciri-ciri tiyang taubat punika wonten 4 perkawis, nggih punika :
1. Ngekang lisanipun saking ucapan ingkang kathah maksiat kados ghibah, adu
domba ugi sulaya utawi ngapusi
2. Ilangipun sifat hasud wonten manahipun ngeraos boten gadhah musuh ing
masyarakat
3. Nebihi pergaulatan saking para ahli maksiat
4. Siap-siap ngadhepi maut kanthi taubat nyuwun pangapunten saking dosa-dosa
kapengker lan nambahi taat dumateng Allah Ta’ala.

Mangga kita sareng-sareng dadosaken kesempatan warsa enggal utawi Tahun Baru
2017 punika kanthi nyadari sedaya dosa ugi taubat kanthi saktemenipun taubat nyuwun
panganpun dumateng Allah Ta’ala, mugiya saklebeting tahun 2017 kita termasuk
golongan tiyang ingkang untung ateges ingkang kathah amal shalehipun. Amiin.

~6~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

3. Nyuwun Dipunparingi Kesabaran Nalika Ngadhepi Musibah

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi


minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah
wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu
warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum
wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan
‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah
innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm
su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa
waantummuslimuun.

Mangga kita tansah ningktaken anggen kita sami taqwa dumateng Allah saben
dintenipun kranten kanthi taqwa kita sedaya saged manggihi keselametan dunya
akhirat, kula ngelingaken dumateng diri piyambak sumrambah dateng sedaya Jamaah
Jumat Rahimakumullah mangga kita tansah nglampahi perintah-peritahipun Allah saha
nebihi sedaya ingkang dipunawisaken.
Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Akhir-akhir punika
saking media kita asring mireng bilih kathah musibah wonten ing negeri kita, para
sedherek kita wonten ingkang kebanjiran kados ingkang kedadosan wonten ing
Bandung, Karawang, Tangerang, ugi panggenan sanesipun kathah ingkang saweg
nampi musibah banjir. Miturut data saking Badan Nasional Penanggulangan Bencana
(BPBD) dumugi wulan Oktober 2016 kathah kedadosan bencana wonten Indonesia
ingkang paling kathah nggih bencana banjir ingkang wonten 6.915 kedadosan, Angin
Puting Beliung 4.577 kedadosan lajeng Tanah Longsor 3.765 kedadosan, saklajengipun
kathah malih data saking BNPB punika.

Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Pramila mangga kita sami sabar langkung-langkung


nalika nampi ujian saking Allah, kita kedah mangertosi bilih anggen kita gesang temtu
kemawon sedaya bakal ngadhepi ujian saking Allah supados saged dipun bedakaken
sinten-sinten ingkang saestu iman dumateng Allah. Ujian punika temtu ugi mewarni-
warni wujudipun saged arupi kekirangan sandang pangan, ajreh suda bandanipun utawi
jiwanipun, dagangan boten laris lan sak sanesipun. Lan Sabar dados perkawis ingkang
penting dipun lampahi khususipun kagem tiyang-tiyang ingkang beriman keranten
sarana sabar punika sedaya perkawis ingkang dados cita-citanipun bakal dados
kasunyatan.

Allah paring firman wonten ing Surat At-Taubat ayat 51 ingkang artosipun :
“Dawuhana sira Muhammad, ora pisan-pisan salah sakwijine perkara iku bakal tumiba
marang kita, kejaba apa kang wus den tetepake Allah marang kita. Allah bendara kita

~7~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

lan namung marang Allah wong-wong kang iman kudu tawakal” (Terjemah Qur’an Basa
Jawa : At-Taubat ayat 51)
Minangka Muslim kita kedah faham bilih sedaya kedadosan ingkang kita alami utawi
ujian ingkang kita lampahi wonten “ibroh” utawi makna ingkang kedah kita galih
artosipun, sedaya takdir wonten hikmahipun ingkang saged kita pundhut. Contonipun
ujian tanah longsor wonten hikmah kagem tiyang ingkang lolos utawi selamet saking
bencana inggih punika tiyang ingkang dipun paringi untung amargi taksih sempat dipun
paringi teguran saking Allah, dipun paringi kesempatan kagem nglurusaken imanipun
kualitas ketaqwaanipun, ugi taksih dipun paringi wekdal kagem nyuwun ampunan
saking sedaya kesalahan lan dosa-dosa ingkang sampun dipun tindakaken lan seja
boten badhe malih nindakaken kesalahan ingkang sami. Tiyang-tiyang ingkang lolos
saking musibah punika ugi dipun paringi kesempatan kagem nindakaken amal shaleh
kanthi nglampahi sedaya ingkang dipunperintahaken dening Allah SWT.
Tumrap ingkang panggenanipun tebih saking lokasi bencana ugi nggadhahi
tanggungan utawi kewajiban paringi pitulungan kagem ingkang kesusahan, punika
salah satunggaling hikmah saged ngraketaken paseduluran kanthi ningkataken
Ukhuwah Islamiyah. Kagem tiyang ingkang gadhah rezeki arupi bandha kedah paring
pitulungan dumateng sedherekipun ingkang saweg nampi ujian bencana kados
dhaharan, sandang lan kebutuhan sanesipun, Rasulullah nate dhawuh :”Sapa wonge
gelem ngeculake wong muslim saka kesusahan donya, mangka Allah bakal ngeculake
wong iku saka kesusahan ing akhirat. Sopo wonge gelem ngenthengake bebane wong
sing kesusahan, mangka Allah bakal nggampangake urusane ana ing akhirat, lan sapa
wonge gelem nutupi aibe wong muslim, mangka Allah bakal nutupi cacate wong iku
mau ana ing donya lan akhirat, lan Gusti Allah tansah nulungi marang sapa wae
hambane kang gelem nulungi marang sedulure kaum Muslimin” (HR. Muslim). Sampun
dados kewajiban sesaminipun kaum Muslim paring pitulungan Muslim sanes ingkang
saweg nampi bencana, kedahipun boten kuatir utawi ragu-ragu paring pitulungan
punapa malih ajrih bakal kekirangan bandhanipun amargi paring pitulungan dumateng
muslim sanes. Rasulullah ugi nate ngendika : ” “Dudu termasuk golonganku, wong-
wong kang ora peduli marang perkara-perkarane umat Islam”
Ingkang dados pungkasan kita kedah tansah eling bilih sakwanci-wanci bencana saged
kemawon dumugi tanpa kita nyana, kita boten saged mangertosi kapan ugi kados pundi
bencana punika bakalipun kedadosan. Pramila mangga sakpunika kita sadar tambah
ajrih ugi enggal-enggal taubat dumateng Allah, sumangga kita ngathah-ngathahaken
anggenipun istighfar ugi kesabaran kita sedaya. Sepindah malih kita ingkang rumaos
gadhah kuwaos kagem mbiyantu sedherek-sedherek ingkang nampi musibah enggal-
enggal paring pitulungan, mugiya kita sedaya dipun tebihaken saking sedaya musibah
lan bencana ugi kagem para korban bencana kita dedonga mugi sedherek-sedherek
kita punika termasuk golonganipun syahid. Amiin

~8~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

4. Ikhlas Kerana Murih Ridlane Allah

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi


minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah
wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu
warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum
wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan
‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah
innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm
su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa
waantummuslimuun.

Jamaah Jumat Rahimakumullah, Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa
dateng Allah, kanti tansah netepi taat dateng sedaya perintahipun, saha nebihi sedaya
awisanipun. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami ngonjukaken raos
syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci punika taksih
kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,
saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Ampun ngantos kita
nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang
awisanipun Allah, wonten ing kawontenan kados punapa kemawon, tansah netepana
taqwa lan taat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan,
kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta'ala, wiwit ing dunya ngantos
dumugining akherat, Amiin.

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Saklajengipun mangga ikhtiyar ngikhlasaken sedaya


amal ibadah kita, bilih sedaya amal ibadah ingkang kita tindakaken wageda bersih
saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi murih ridlanipun Allah. Jalaran ikhlas
punika minangka jiwanipun amal, artosipun amal ingkang katindakaken tanpa ikhlas
punika bebasan jasad ingkang mboten wonten ruh ipun tentu mboten wonten
ginanipun. Dados amal ingkang bade katampi dateng ngarsa dalem Allah inggih
namung amal ingkang linandesan ikhlas. Kados dawuh dalem kanjeng Nabi
Muhammad SAW. :
"Gusti Allah ora bakal kersa nampa amal kang ora disertani ikhlas kerana murih ridlane
Allah" (HR.Ibnu Majah).
Ingkang dados kasunyatan, sabar dalah ikhlas punika pilihan, punapa malih saat kita
kedah ngalami satunggaling perjalanan ingkang dadosaken ati sedih, kita saged milih
badhe terus ngratapi kesedihan utawi purun enggal-enggal bangkit nguataken ati
tambah semangat. Saestu sedaya ingkang gesang wonten bumi punika ngalami
ingkang naminipun sedih, susah, masalah, anamung sedaya dipun paringi pilihan lan
saged milih piyambah badhe terus-terusan sedih, frustasi utawi badhe bangkit

~9~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

muhasabah mundhut hikmahipun lan ndadosaken pribadi ingkang langkung sae.


Wondene titik tolakipun amal punika wonten ing niyat, niyat ingkang ikhlas bade
ndadosaken amal ingkang alit dados ageng, kosok wangsul, niyat ingkang mboten
ikhlas waged ndadosaken amal ingkang ageng dados alit utawi kepara malah
ndadosaken amal lebur tanpa gina. Sawenehing Ulama paring pengendika :
"Pirang pirang amal kang katone mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran
sangka becike niyat, lan pirang pirang amal kang katone gede, nanging wusanane dadi
cilik ganjarane amerga luput olehe niyat". Ningali semanten perananipun niyat sak
lebetipun amal, pramila punapa kemawon amal ingkang waged kita tindakaken eman
sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami kemawon
ikhlas utawi mboten, nanging labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten
ngarsanipun Allah inggih namung menawi waged katindakaken kanti niyat ingkang
ikhlas murih ridlanipun Allah Ta'ala.

Jamaah Jumat Rahimakumullah, Langkung langkung amal ibadah ingkang anggadahi


dimensi sosial, punika langkung rentan dateng lumebetipun seja ingkang ngirangi, utawi
kepara ngrisak dateng amal kita. Kados dene sedekah, tetulung dateng sesami lan
sanesipun punika langkung gampil kecampuran niyat lan seja seja kamanungsan. Ing
mangka miderek dawuh hadits ingkang sanget kawentar kanjeng Nabi ngengetaken
kanti dawuhipun :
Bilih, "tumrapipun satunggaling tiyang, punika bade pikantuk ganjaran miturut niyatipun"
.

Ing ngajeng ugi sampun dipun aturaken dawuhipun Allah ing Al Qur"an :

"Lan manungsa ora pada diperintah kejaba supaya ibadah marang Allah kelawan ikhlas
murnekake ta'at marang Allah kerana nindakake dawuh agama kelawan lurus , lan
pada njumenengake shalat lan pada zakat, ya mengkono iku agama kang jejeg" (QS.Al
Bayyinah: 5).

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa – Wusananipun atur mangga kita sami ikhtiyar
ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita ingkang kita tindakaken wageda bersih saking
sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi murih ridlanipun Allah. Wosing atur mboten
sanes sumangga patrap anggen kita ngrungkebi agami Islam sarta anggen kita taqwa
dhateng Allah punika ingkang saestu, sawetahipun, lan saleres-leresipun sahengga
kapribaden kita dados kapribaden Islam ingkang badhe mujudaken bebrayaning
masyarakat umat Islam sayektosipun. Masyarakat ingkang pratapipun saget mangayu
hayuning bawana, tata titi tentrem karta raharja, bekja fi dunya wal akhirah, amin ya
rabbal alamin. Mugi mugi kita tansah kaparingan pitedahipun Allah tansah waged
nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa
dalem Allah Ta'ala. Amin.

~ 10 ~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7
www.NagaMover.com

File ini adalah sampel Ebook Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2017
ANDA BISA MENDAPATKAN VERSI LENGKAPNYA SETELAH MELAKUKAN KONFIRMASI
VIA SMS KE 081283315861 (Pilih EBook atau Buku Softcover)

Silahkan membayar infaq sebesar Rp. 100.000,-


Untuk mendapatkan Buku yang akan dikirim ke alamat rumah/kantor anda

rekening infaq ke :
BCA no. 1221090794
an. SOLICHIN

setelah melakukan transfer harap sms ke 081283315861


agar segera kami lakukan pengiriman

Jazakallah,
www.NagaMover.com

~ 11 ~
B u ku K h u t b a h J u m a t B a h a s a J a wa Ta h u n 2 0 1 7

Anda mungkin juga menyukai