Anda di halaman 1dari 11

KLIPING

KELUARGA PANDAWA & PUNUKAWAN

NAMA : KEISYA KEVIN ALFAREZA


KELAS : II D
NO. PRESENSI : 17

SDN WONOTINGAL 01-04


2016
PRABU PUNTADEWA

Dasa nama : Darmakusuma, Darmawangsa, Ajathasatru,


Dwijakangka,
Gunatalikrama, Dwijakangka.
Nagari : Ngamarta
Garwa : Dewi Drupadi peputra Pancawala.
Sipat / watak : Sabar lan nrima, setya lan tresna dhateng sesamai,
jujur,
remen paring dana, gandrung dhateng kautamen, lan
adil
paramarta.
Kadigdayan : Saged pirsa lelembad, Triwikrama.
Aji : Jimat Jamus Kalimasada.
Gegaman / Senjata : Kyai Tunggulnaga (payung), Karawelang (tombak).
WERKUDARA

Dasanama : Bayudutam Balawam Bima, Pandhusiwii, Kusumadilaga,


Kusumayuda, Sena Wijasena, Gandawastratmaja,
Bratasena.
Kasatriyan : Tunggul pamenang, Jodhipati.
Garwa : Dewi Arimbi peputra R. Gathutkaca
Dewi Nagagini peputra R. Antasena
Sipat / watak : Lugu, jujur, prasaja, tan mendha saking bebaya, tan wedi
guntur teka kang sinedya, kang cinipta dadi.
Aji : Bandung bandawasa, wungkal bener, blabag pangantol-
antol, Jalasengara.
Gegaman / Senjata : Kuku Pancanaka, Lukitasari, Gada Rujakpolo, panah
Bargawastra, Air suci tirta parwita.
RADEN ARJUNA

Dasa nama : Janaka Margana, Kuntadi, kombang Ali-ali, Kalitji,


Indratanaya.
Kasatriyan : Madukara.
Sipat / watak : Tansah asih, remen tetulung, mancalaputra mancala
putri
sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala, satriya socaning
bathara.
Garwa : Dewi Sembadra, Dewi Sri Kandhi, Larasati
Putra : R. Abimanyu
Aji : Palimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Malayabumi,
Pengasih, Asmaragama.
Gegaman / Senjata : Keris kyai Kalanadhah, Pulanggeni, Pasopati,
Ardhadhedhali, Sangkali Cundhamanik bramastra
Sarotama Wisesa pamungkas.
RADEN NAKULA

Nama kecil : Pinten.


Kasatriyan : Sawojajar.
Sipat / watak : Jujur, Tansah jagi karahayoning nagari.
Putra : Prabu Pandu Dewanata dan Dewi Madrim.
Aji : Pranawajati, cupu isi toya panggesangan
(banyu Panguripan) saking Bathara Indra.
Gegaman / Senjata : Panah dan Lembing.
RADEN SADEWA

Nama kecil : Tangsen.


Kasatriyan : Bumiretawu.
Sipat / watak : Jujur, tansah jagi karahayonanigng nagari.
Putra : Dewi Madrim dan Batara Aswin.
Aji : Mantra pangruwatan, aji Purnamajati.
Gegaman / Senjata Panah dan Lembing
SEMAR

Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah
Semar Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang jawa lan
sunda. Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling
punakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan.
Semar punika tansih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antogo.Semar
tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur.
Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang
pakartinipun awon.
Putranipun Semar inggih menika:
1. Bawor
2. Garéng
3. Petruk
GARENG

Garèng iku salah sijining paraga wayang panakawan. Dhèwèké anak


mbarepé Semar. Asal-asulé Garèng manéka warna, salah sijine yaiku ing lakon
Bathara Ismaya Krama. Ing lakon wayang iku Garèng mauné nduwé jeneng
Bambang Sukshati, putra Resi Sukskadi.
Wandané Garèng iku sarwa cacat: irung bunder, mata kéra, weteng
mblendhug, pincang, lan tangané céko (béngkok). Bojoné Garèng yaiku
Sariwati, putri Prabu Sarawasésa.
Ing sajerone awake gareng kang akèh cacadé iku duwèni teges.
· sikil kang pincang nduweni teges yen nglakoni apa wae tansah ati-ati lan
waspada.
· mata kera nduweni teges yen ndeleng ora ndeleng barang kang ala, tuladhane
maksiat lan sapanunggalane.
· tangane ceko tegesé ora seneng celuthak (bahasa Indonesia jahil).
PETRUK

Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, adhine Gareng, kangmase
Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu
Ambarasraya raja negara Pandansurat.
Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung
ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé
sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa
pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu.
BAGONG

Bagong iku dicipta saka wewayangané Semar. Mula saka kuwi, prejengané
ora beda adoh. kaya déné wewayangan, Bagong awaké ireng. Tinimbang anaké
Semar liyané, Bagong paling kurang ajar. Basa Jawané ora karuwan. Dhèwèké
seneng ngritik apa waé.
Bagong iku asliné jenengé cukuran rambut. Bocah yèn dicukur plonthos
kabèh, jenengé gundhul. Yèn sing diturahké mung ngarep thok jenengé
kuncung. Yèn sing diturahké ing mburi dijenengi kuncir utawa kucir. Yèn
rambut sing sisa ana sisih tengen utawa kiwa jenengé pethek. Nah bagong iku
kanggo wong sing rambuté mung ana ing mburi sisih ngisor (cedhak gulu).
Cukuran bagong uga disebut gombak.
Yèn dideleng saka pawakané, Bagong pancèn memper Semar. Nalika Sang
Hyang Ismaya didhawuhi mudhun ing donya déning Sang Hyang Tunggal, Sang
Hyang Ismaya jaluk diwenehi kanca. Kaya déné lumrahé panakawan kang
tegesé kanca kang nyeksèni, paling ora punakawan ana loro. Sanghyang
Tunggal banjur gawé bagong saka wewayangané Semar.
Bagong nduwé bojo jenengé Dèwi Bagnawati lan urip ing padhepokan
Klampis Ireng.Ing panggonan liya, Bagong sok diganti jeneng. Ana kang diowahi
urutan keluwargané. Ing Jawa Tengah, bagong iku anak ragilé Semar. Déné ing
panggonan liya, paraga kaya Bagong iki dadi pambarepé. Ing panggonan liya
iku, Bagong sok diganti dadi Bawor, Carub, utawa Astrajingga.

Anda mungkin juga menyukai