Anda di halaman 1dari 3

Kidung Pambuka

NYUWUN BERKAH GUSTI


Gusti ingkang mamirah, Rama ingkang mahatresna
Kawula munjuk sembah nuwun wit sadaya berkah Paduka
Ing dinten punika Gusti kawula munjuk mring Paduka
Ngaturaken niat kawula mbangun bebrayan suci
Reff:
Gusti karentahna berkah Paduka
sadaya niat amba karsa mangèstonana
Nyuwun lancar Gusti, wilujeng sadaya
namung ing Paduka mba pasrahken sami

Ordinarium Mis Semuwa

Mazmur Tanggapan
RAHAYU KANG WEDI ASIH ING PANGERAN
Rahayu kang wedi asih ing Pangéran,
kang ngambah margining Allah
Rahayu kabeh kang padha wedi asih ing Pangéran
kang ngambah margining Allah
Kowe bakal ngundhuh wohing pakaryanmu,
kabegjan lan karaharjan kang dadi pandumanmu
Sisihanmu pindha wit anggur kang subur,
ngrembaka ing kiwa tengening omahmu
Anak-anakmu pindha trubusing jaetun
padha ngrubung méja dhaharmu
Mangkono wujuding berkah sing nglubèri para wedi asih ing Allah
Muga kowe salawasé urip binerkahan déning Pangéran saka Sion
Muga kowe bisa nyawang gemah ripahing Yerusalèm
sarta menangi anak putumu

Sungkeman
RUNTUHING SIH
Keparenga Bapa Ibu kanthi trenyuh ponang ati
amba sujud ing ngarsanta
Angayahi dhawuh Gusti angrasuk busana wredha
arsa mandhireng pribadi
Amba estu maturnuwun wus kapyara kang premati
alit dumugi dewasa
Iya angger yoga mami pandonga tumuju sira kinanthenan sih Gusti
Tandatangan Surat Nikah
BEBRAYAN SUCI
Dhuh Gusti keparenga ulun manunggal ing tresna jati
andherek karsa Paduka ngayahi bebrayan suci
Kinanthen sagung sarana gesang lan boga cinawis
mba sami tinitah suci kinanthen citra Dalem di
Wujud jalu lan wanita mba badhe angebak bumi
nelukaken samudaya mina sato lawan peksi

Pisungsung
PISUNGSUNG SUCI
Hamarak ing sanggar Dalem di hanglarapken pisungsung
mba atur puji syukur mring Paduka kang sedya myang senggah
sinalib
Dhuh Gusti namung punika sadaya raja myang brana
Gya katampia pisungsung kawula kang dahat tulus jroning kalbu
Reff :
Katampia Gusti kurban Dalem di kawiyos telenging jiwangga
Hangajab Gusti suka ing galih myang ngluhurken Asma Dalem
Coda :
Myang ngluhuraken Asma Dalem

Komuni
DADOSNA MANAH MBA KRATONING TRESNANYA
Sinten ta amba ing ngarsanta Paduka tresna-Nya gya lumintu
Punapa liring kawulanta katresnan Paduka setya
Sarira Rah punapa pantes amanjing krana kawula dosa?
Amba cidra tresna Paduka lumampah mring gesang mba
Apuranta Gusti, apura sekeng kawula
Apuranta Gusti sakehing dosa kula
Supados kwagang wartosken tresna-Nya jroning gesang amba
Weningna kawula kanthi sucining tresna-Nya
Dadosna manah mba kratoning tresna-Nya
Sasana ingkang pantes karenggan Sarira Rah Dalem

Ave Maria

Penutup
Kabegjaning Brayat
Gusti Allah ingkang Ma’asih wit saking sih rahmatipun
sampun nimbaIi tyang kekalih gesang tansah atut rukun,
tan prayoga lamun ngantos pisah wit saking wangkoting ma nah
nging kekalihnya tunggal ati lung tinulung gesang suci,
Brayat begja wit tinunggil AIlah Sang Rama, Sang Putra wah Sang
Roh Suci.

Gusti wus nitahken manungsa nulad citra pasemonnya,


jalu wanita kekalihnya sesami rowang sembada,
kinen tansah sami memitran mrih mekar jatining gesang,
tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang
kathah,

Gusti mberkahi tyang ningkahan nimbali gung kulawarga,


dados sakaning pasamuwan temah tuwuh lan ngrembaka,
brayat tansah sinungan raharja wit misungsungken gesangnya,
mrih rawuhing kratoning Allah tentrem rahayu sumrambah,

Anda mungkin juga menyukai