Anda di halaman 1dari 3

FALSAFAH RONGGO WARSITO

(Dalam bahasa asli dan terjemahannya)

Rejeki iku ora iså ditiru

(REJEKI ITU TIDAK BISA DITIRU)

Senajan pådå lakumu

(WALAU JALANMU SAMA)

Senajan pådå dodolan mu

(WALAU JUALANMU SAMA)

Senajan pådå nyambut gawemu

(WALAU PEKERJAANMU SAMA)

Kasil sing ditåmpå bakal bedå2

(HASIL YANG DITERIMA AKAN BERBEDA SATU SAMA LAIN)

Iså bedå nèng akèhé båndhå

(BISA BEDA DALAM BANYAKNYA HARTA)

Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati, yaiku sing jenengé bahagia

(BISA JUGA ADA DI DALAM RASA BAHAGIA DAN KETENTERAMAN HATI)

Kabèh iku såkå tresnané Gusti kang måhå kuwåså

(SEMUA ITU ATAS KASIH DARI TUHAN YANG MAHA KUASA)

Såpå temen bakal tinemu

(BARANG SIAPA BER-SUNGGUH2 AKAN MENEMUKAN)

Såpå wani rekåså bakal nggayuh mulyå

(BARANG SIAPA BERANI BERSUSAH PAYAH AKAN MENEMUKAN KEMULIAAN)

Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi


(BUKAN BANYAKNYA, MELAINKAN BERKAHNYA YANG MENJADIKAN CUKUP DAN MEN
CUKUPI)

Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuw
åså

(SUDAH DIGARISKAN OLEH TAKDIR BAHWA SEMUA YANG HIDUP ITU SUDAH DIBERI B
EKAL OLEH YANG MAHA KUASA)

Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané

(JALAN HIDUP DAN REJEKI SUDAH TERSEDIA, DEKAT, SEPERTI UDARA YANG KITA HIRU
P SETIAP HARINYA)

Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon
padhang cemlorot ngawé-awé, nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung j
awabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå

(TETAPI KADANG MANUSIA SILAU MATA DAN GELAP HATI, YANG JAUH KELIHATAN B
ERKILAU DAN MENARIK HATI.. TETAPI YANG DEKAT DIDEPANNYA DAN MENJADI TAN
GGUNG JAWABNYA DISIA-SIAKAN SEPERTI TAK ADA GUNA)

Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé me
nungså såkå lair tekané pati

(REJEKI ITU SUDAH DISEDIAKAN OLEH TUHAN, TIDAK BAKAL BERKURANG UNTUK MEN
CUKUPI KEBUTUHAN MANUSIA DARI LAHIR SAMPAI MATI)

Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet,
nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet

(TETAPI KALAU MENURUTI KEMAUAN MANUSIA YANG TIDAK ADA BATASNYA, SEMUA
DIRASA KURANG MEMBUAT RUWET DI HATI DAN PIKIRAN)

Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, se
mèlèhké lan yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ng
rebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekås
å lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestin
é
(PETUAH ORANG TUA, JALANILAH APA YANG ADA DIDEPAN MATA DAN JANGAN TER
LALU BERHARAP LEBIH UNTUK YANG BELUM ADA. KALAU MEMANG MILIKMU PASTI A
KAN KETEMU, KALAU BUKAN JATAHMU, APALAGI SAMPAI MEREBUT MILIK ORANG ME
MAKAI CÀRA TIDAK BAIK, ITU AKAN MEMBUAT HIDUPMU MERANA, SENGSARA DAN
ANGKARA MURKA. SEMUA ITU AKAN SIRNA KEMBALI KE ASALNYA)

Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi won
g sing ora duwé

(KALAU SAJA KETENTERAMAN ITU BISA DIBELI DENGAN HÀRTA, ALANGKAH SENGSARA
NYA ORANG YANG TIDAK PUNYÀ)

Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, s
eneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI KANG MURBENG DUM
ADI

(UNTUNGNYA, KETENTERAMAN BISA DIMILIKI OLEH SIAPA SAJA YANG TIDAK MENGAG
UNGKAN KEDUNIAWIAN, SUKA MENOLONG ORANG LAIN DAN MENSYUKURI HIDUPNY
A)

RAHAYU

Silahkan (Monggo)

Di Share Berbagi Kebaikan

Anda mungkin juga menyukai