Anda di halaman 1dari 5

“NASKAH RORO JONGGRANG”

(Ing sawijining zaman ana kerajaan sing diarani


kerajaan Prambanan. Rajane ndue putri sing ayu
jenenge Roro Jonggrang. Ing sisih liyane ana raja sing
sombong lan pengen ngrebut kerajaan Prambanan
yaiku Raja Pengging.)
Raja Pengging:“Hei anakku mreneo, aku arep ngekei
prentah, wkmu dadio pemimpin perang nglawan
Kerajaan Prambanan.”
Jaka Bandung: “siap rama, kulo mesti bakal
nglakonipun perintah panjenengan.”
(joko bandung karo bala tentarane teko ning Kerajaan
Prambanan.)
Tentara : “wonten napa panjenengan rawuh dhateng
mriki?”
Joko bandung : “adewe teko rene arep ketemu karo
rajamu, ndang celuken rene!”
Tentara : “Napa maksud panjenengan pengen ketemu
kaleh Prabu?
Joko Bandung : “omongo ning rajamu ,aku arep
ngumumake perang karo kerajaan prambanan!”
(Joko Bandung lan tentarane langsung mlebu ning
kerajaan kui.)
Prabu Baka : “heeeeeee sopo sing ngutus koe rene?”
Joko Bandung : “aku Jaka Bandung ning kene,
ngumumne perang kerajaan Pengging nglawan
Kerajaan Prambanan.”
(Jaka Bandung langsung nyerang Prabu Baka. Awake
Prabu Baka mental ning arah prajurite. Para prajurit
sing ketlindihan Prabu Baka saketiko mati lemes.)
Prajurit Prambanan: “ampun Prabu ,kulo lan sadaya
nyerah...!”
Jaka Bandung : “hahahaha…..yowis, saiki terno aku
nemoni anake”
(Ing sisih liya Roro Jonggrang kaget saknalika krungu
kabar lek Ramane mati amarga perang lawan Jaka
Bandung. Dee nangis sampek matane bendul. )
Roro Joggrang: Rama.....punapa panjenengan
ninggalaken kulo piyambak. Aku ora bakal ngampuni
sing jenenge Jaka Bandung kui.....
(Roro Jonggrang ora sengojo ketemu karo Jaka
Bandung, dee ujuk ujuk nyedeki Roro Jonggrang, cedek
ing kupinge ........)
Jaka Bandung : “ Ono yuyu keblekan watu
Watune sigar dadi pitu
Pancen sliramu sing paling ayu
Tambah ayu nek dadi bojoku”

Roro Jonggrang : ”Watu sigar dadi pitu


Disambung maneh dadi siji
Yen pancen kowe tresno aku
Gawekno sewu candi sakwengi.”
Roro Jonggrang : “Tenane sampean iso nuruti syaratku
kui?”
Jaka Bandung : “ya tenan lah .....”
Saknalika wajahe roro Jonggrang ketara pucet.
Roro Jonggrang : “ndang nggaeo lek ngono, mergo
dino wis arep surup!”.
Jaka Bandung : “iyo Roro sing paling ayu…..!”
(Jaka Bandung ngerahne kekuatane, nyeluk para jin....)
Jaka Bandung : “Para jin aku njaluk tulung , tulung teka
a”.
(saknalika ewonan jin teka lan nggae perjanjian.....)
Jin: “Wonten napa prabu?”
Jaka Bandung : “tulung gawekno aku sewu candi sak
wengi”
Jin : “ Kulo saged ngerewangi, tapi wonten
perjanjianipun. Lek srengeng sampun minggah
penggaweyanipun kula di anggep sampun rampung ?”
Jaka Bandung : “ iyo aku setuju perjanjiane kui”
(Para jin lekas mbangun candi, siji-siji candi sing di
jaluk Roro Jonggrang wis meh dadi. Roro Jonggrang
gupuh dee langsung nyeluk dayang dayang kerajaan.)
Roro Jonggrang : “Bibik Emban …bibik emban , kepriye
iki ?
Dayang : “Ana apa anak mas Roro Jonggrang?”
Roro Jonggrang : “Kui Bik, Bandung Bandawasa tibakno
meh bar lek mbangun candi !”
Roro Jonggrang : “ Pie carane adewe iso nggae suasana
esuk ? ben Bandung Bondowoso kapusan karo siasate
adewe.”
Dayang : “ Pie lek saumpomo adewe nggae suara
sangka lesung sing iso nggae pitik Jago kluruk mergo
ngirone wis esuk , karo mbakar kayu lan tumpukan
jerami ning nggon etan e prambanan.”
(Di kirone dino wis esuk apa maneh para jin
mangerteni yen langit wis werna abang kayata wis
esuk.)
Jin : “ampun...tuanku hamba mboten saged
ngrampungaken panggaweyan.”
(Bandung Bondowoso ngerteni lek kui mau siasat e
Roro Jonggrang.)
Jaka Bandung : Ohhh... dadi kabeh iki mergo sampeyan
to ?”
Dayang : “Ampun Raden hamba amung nglakonipun
perintah.”
Jaka Bandung : “Sapa sing merintah awakmu?”
Dayang : “Tuan Putri Roro Jonggrang.”
Jaka Bandung : “Dadi kabeh iki mek akal akalane Roro
Jonggrang?”
Dayang : “Inggih Raden.”
Jaka Bandung : “Kurang Ajar!!!”
(ing wektu sing pada Roro Jonggrang teka ning
ngarepane Bandung Bondowoso.)
Roro Jonggrang : “Pie Jaka Bandung ? sampeyan ora
bisa nggawekna aku sewu candi ing sakwengi!”
Jaka Bandung : “He Roro Jonggrang ! kowe kui mek
golek golek alesan, lek kowe ora gelem dadi bojoku
nyapo ora muni sing jujur ae ! nyapo kowe nggae tipu
muslihat dingge ngapusi aku.Kowe ki gedhi endas
kayak watu.”
(Omongane Jaka Bandung ora iso di tarik eneh.
Saknalika Rara Jonggrang dadi arca watu gedhi ing
Candi Prambanan. )

Anda mungkin juga menyukai