Anda di halaman 1dari 3

1.

Puskesmas anggenipun nyaosaken peladosan kesehatan (kasarasan)


mengacu wonten ing paradigma sehat, inggih punika kados pundi
mencegah kersanipun masyarakat mboten ngantos dados gerah lewat
kegiyatan promotif lan preventif.

“Mencegah puniko langkung sae tinimbang mengobati”. Kegiyatan


upaya promotif lan preventif punika dipun lampahi kanthi upaya
kesehatan masyarakat wonten 5 (gangsal) program antawisipun
inggih punika KIA, Gizi, Imunisasi, Kesehatan lingkungan ugi Promosi
kesehatan.

Kajawi saking punika upaya promotif lan preventif, puskesmas


anggenipun nyaosi paladosan ugi tetep nglampahi upaya mandhapaken
angka kesakitan lewat kegiyatan kuratif lan rehabilitatif wonten ing
wadhah peningkatan kesehatan perorangan kaliyan fokus
ngutamaaken mutu ugi keselamatan pasien.

2. Kaliyan motto peladosan Puskesmas Karanggede inggih punika :


“UNTUKMU YANG TERBAIK” (kagem panjenengan ingkang paling
sae), Puskesmas Karanggede senantiasa berbenah kagem ngaturaken
peladosan paripurna dateng masyarakat inggih punika buktiaken
menawi indeks kepuasan peladosan masyarakat (IKM) Puskesmas
Karanggede = 85 %.

Punika nunjukaken bilih pasien saget nampi peladosan kawula, ugi


saget dipun pirsani saking animo masyarakat ingkang cekap signifikan
kaliyan program ingkang dipun wontenaken puskesmas, buktiaken
masyarakat antusias nderek kegiyatan-kegiyatan ingkang dipun
wontenakan piyambakipun kanthi mbentuk kampung germas kagem
nggayuh VISI KARANGGEDE SEHAT.
3. Ingkang dipun tindaaken Puskesmas anggenipun mangertosi
panandhangipun pasien inggih punika nyaosi terapi punapa tindakan
adhedhasar kaliyan Panduan Praktek Khusus utawi SOP ingkang
sampun distandarisasi, pangajab ngaturi obat lan tindakan kaleres
ngutamiaken mutu lan keselamatan pasien.

Kaliyan terus mengupdate kompetensi karyawan ugi nggenepi sarana


prasarana puskesmas, supados puskesmas saget nyaosi terapi kagem
pasien ingkang nandhang diagnosis 144 diagnosis dasar, ugi menawi
wonten kegawatan, puskesmas nggadhahi tugas stabilisasi rujukan
sakderengengipun dipun rujuk.

4. Kanthi wontenipun BPJS puskesmas anggenipun nyaosi peladosan


inggih punika tetep nyaosi peladosan ingkang paling sae, dipun
buktiaken Puskesmas Karanggede Tahun 2019 pikantuk penghargaan
Puskesmas kanthi dipun wastani “Puskesmas dengan kinerja
pelayanan terbaik kedua se Kabupaten Boyolali”
5. Kegiyatan ingkang dipun tindaaken ing sanglebet gedung inggih
punika : berfokus kesehatan perorangan, antawisipun;
- Peladosan Klinik pemeriksaan umum
- Peladosan batuk
- Peladosan kesehatan ibu lan anak
- Peladosan kesehatan gigi lan mulut
- Peladosan fisioterapi
- Laboratorium
- Rujukan pasien.
- Lan sak panunggalanipun

Kegiyatan ingkang dipun tindaaken sak njawinipun gedung, inggih


punika promotive ugi preventif, antawisipun :

- Penyuluhan kesehatan ibu lan anak


- Penyuluhan gizi keluarga
- Penyuluhan kesehatan lingkungan
- Penyuluhan kesehatan jiwa masyarakat
- Penyuluhan kesehatan lansia
- Lan sak panunggalanipun

Wondene kegiyatan ingkang dipun tindaaken werni-werni, wonten


ingkang penyuluhan, survei epidemiologi, pemberdayaan masyarakat
lewat kampung germas, penyehatan lingkungan lewat pelatihan tata
kelola sampah, lan sak panunggalanipun.

6. Ingkang dipun tindaaken Puskesmas kangge ngadhepi peralihan


musim inggih punika, nindakaken penyuluhan PHBS, gerakan
kesehatan lingkungan lewat PSN serentak amargi musin jawah
rentan kedadosan demam berdarah punapa dene penyakit-penyakit
sanesipun.

Anda mungkin juga menyukai