Anda di halaman 1dari 1

Olahraga

Dening : Anisa Alfiana

Jam 07.00 WIB bel sekolahan muni. Tandha pawulangan wis arep dimulai. Aku lan
kanca-kanca banjur mlebu ana ing kelas. Bel muni meneh mrintahke murid-murid
supaya padha donga lan nyanyekke lagu Indonesia Raya. Sakwise nyanyi Aku karo
kanca-kanca nglaksanaake kegiatan literasi. Sakwise literasi pawulangan dimulai.Dina
iki Aku ana pawulangan olahraga. Gurune yaiku Pak Dedi. “Anak-anak hari ini kita
olaraganya yaitu jalan-jalan”. Ngendikane Pak Dedi. “Horeeeeee”. seneng para murid.
Sakwise ngandhani pawulangan olahragane, Pak Dedi banjur njelaske rute dalan sing
arep dilewati para murid sakdurenge mlaku-mlaku. Rute dalane yaiku saka SMA N 1
Pajangan munggah lurus nganti tekan Klayen. Jam 08.30 WIB olahragane dimulai. Aku
lan kanca-kancaku banjur metu saka kelas terus nglaksanaake perintahe Pak Dedi yaiku
olaharaga mlaku-mlaku.
Dalan ana ing dhuwur sekolahan pancen munggah-medhun lan nggronjal-
nggronjal. Kancaku nganti padha sambat kesel merga dalane munggah terus. “Wah jan
dalane kok kaya ngene munggah-medhun kesel aku nek kaya ngene”. Sambate kancaku.
Banjur Aku yamung njawab muni “Yakarang Pajangan ki derah nggunung mesti dalane
ya kaya ngene”. Sekitar jam 08.45 WIB Aku lan kanca-kancaku lagi tekan setengah
perjalanan. Sikilku rasane wis rakuat meneh nek dingo mlaku-mlaku, nanging tetep tak
peksakke nggo mlaku, mergo guruku Pak Dedi ya melu mlaku-mlaku. Dadi aku ya kudu
semangat wong guruku we kuat mlaku sing dalane munggah-medhun mosok aku ya
rakuat. Tak rasak-rasake ket mau kok ratekan-tekan, nganti aku sambat karo kancaku,
“Iki ki salah ora je dalane kok ket mau ratekan-tekan?”. Banjur kancaku tekon karo Pak
Dedi, “Pak ini itu jalannya benar enggak ya, kok dari tadi nggak sampai-sampai?”. Pak
Dedi njawab, “Benar kok jalannya, habis ini masih lurus lagi”.
Aku lan kanca-kancaku terus mlaku alon-alon ben ora tambah kesel. Akhire
sekitar jam songa kurang le mlaku-mlaku wes tekan Klayen. Neng kono
pemandhangane apik tenan. Aku lan kanca-kancaku banjur leren amerga kesel ket mau
mlaku munggah-medun. Nyambi leren lan ndelokke pemandangan sing apik tenan.
Kanca-kancaku padha nggumun merga agi ping pisan mlaku-mlaku tekan Klayen.
Sakwise leren-leren Pak Dedi mrintahke murid-murid supaya padha bali ana ing
sekolahan meneh. Aku lan kanca-kancaku langsung mlaku meneh bali ana ing
sekolahan. Nek mau pas mangkat dalane munggah terus saiki pas mulih walikane
dalane dadi medhun terus. Aku le mlaku dadi ngati-ati supaya ben ora kepleset amerga
dalane lunyu. Akhire Aku lan kanca-kanca tekan sekolahan. Aku langsung mlebu kelas
tenguk leren nyambi ngombe wedang. Bar kuwi aku langsung neng kantin tuku maem
lan nglanjutke leren neng kono. Sakwise Aku rampung le maem, Aku banjur ngganti
sragam olahragaku kanggo sragam abu-abu putih ana ing ing perpustakaan sekolah.
Rampung ngganti sragam aku banjur mlebu kelas lan nglaksanaake pawulangan
Metematika Peminatan.

Anda mungkin juga menyukai