Anda di halaman 1dari 1

PRANATA CARA

Assalamualaikum

Nuwun dhumateng ngarsanipun sagung para pepunden sepuh Pini sepuh aji sepuh ingkang pantes
kawula bekteni

Pangemban pangembating praja satriyanipun negari ingkang pantes tinulak dhumateng para kawula
Dasih ingkang mahambeg luhuring budi

Para alim ulama ingkang rintendalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning ilahi ingkang pinangka
panuntun kiblating panembah ingkang mahambeg luhuring dharma

Mradhapa inggih awit keparengipun bapak

Kula ingkang kapiji pinangka sulihsarira kinen ngaturaken urut reroncening tata upacara pahargyan
prasaja ing rikelenggahan puniki

Sakderengipunn sumangga derek ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT
ingkang sampun paring kanikmatan kawilujengan ingkang kajiwa dhumateng panjenengan sami
dalasan Kula saengga saget pinanggih sami rahayu wilujeng

Mila boten kesupen ngaturaken Sugeng rawuh menggah urut reruncening upacara

1. Sepindah pambukakan
2. Doa
3. Pasrah
4. Pambagya Hardja
5. Ngunduh mantu

Mekaten lampahing hadicara ingkang sampun rinantam dhumateng kulawarga

Kula ingkang piniji kinen ngaturaken urut reruncening hadicara mbok bilih wonten kirang trap sila
saja kirang subasita kawula mawantu wantu nyuwun agunging pangapunten

Wabilahitaufik wal hidayah, wa assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai