Anda di halaman 1dari 3

Tugas Laporan Mata Kuliah Seni Karawitan

Nama : Selvia Ariyanti Duriyah

Nim : 19205244018

Adicara menika kadadean dinten Jumat,06 Desember 2019, Kanthi judul "Salya
Mahawira" The Revival Of Wayang Wong Gadjah Mada. Adicara menika mengeti Ambal Warsa
UKJGS UGM ( Unit Kegiatan Jawa Gaya Surakarta) ingkang kaping 51,wonten bintang
tamunipun inggih menika Yati pesek kaliyan Marwoto.Kaping pisan kula sakanca mlebet
gedung,inggih menika Gedung PKKH (Pusat Kebudayaan koesnadi Hardjasoemantri) supados
tapak asma kaliyan dipunparingi kertas alit ingkang isinipun sinopsis.paraga wayang
wong,penari,vokal lan pengrawit,ugi crew. Sutradara lan Penata iringan dipun ayahi Bapak Drs.
Sukisno, M.Sn. selaku dosen karawitan kita,mboten tanggung-tanggung bapak sukisno inggih
tumut nabuh kendhang.

Adicara saklajengipun Uyon-uyon, perpaduan harmonis saking gamelan lan merdune


swanten sinden nyatu dados alunan ingkang endah.Lajeng Adicara menika dipun buka dening
pranatacara.Adicara menika dipun wiwiti sambutan saking ketua panitia inggih menika mbak
Niken Annafi' Kusuma.Lajeng sambutan saking Pembina UKM,Bapak Timbul Haryono.Lajeng
Sambutan saking Bapak dr.Widada selaku paniia Lustrum UGM. Ingkang pungkasan sambutan
saking Bapak Agus Hartono,ngaturaken sugeng ambal warsa kangge UKJGS UGM,umur
sampun setengah abad menika ugi kathah pengalaman,kathah berkontribusi.UKJGS tampil
nglipur kita sedaya menika ugi bentuk pengembangan non akademik dening mahasiswa
UGM,senadyan minggu menika minggu tenang,benjang senin sampun UAS,UKJGS tetep
nampilke sing apik.

Adicara saklajengipun inggih menika bagi-bagi hadiah,Pranatacara maringi pitakenan


kangge 3 tiyang,ingkang saget mangsuli angsal hadiah. Pitakenan ugi maneka warna salah
setunggalipun nyebutaken 5 anak kewan,ingkang pungkasan disebutaken anak munyuk "Kowe",
sedaya tiyang dhateng gedung geguyu.

Saklajengipun menika wonten tari-tarian, ingkang sepisan tari Domba Nini


banyumasan,tari menika nggambarake gadis-gadis tansaya tuwuh,gerakanipun ugi anggun.tari
menika ditampilke dening alumni UKJGS UGM,kolaborasi penari lintas angkatan.Ingkang
kaping kalih inggih menika tari Bedayan Kusuma Aruh,nyaritaaken ngenani toleransi lan
sesarengan kangge kita nggayuh tujuan,saengga urip menika sageta tentrem kayata arume
kembang ingkang sinten kemawon saget mambu.
Sak sampunipun tari-tarian,Adicara ingkang ditengga-tengga inggih menika wayang
wong kanti lakon Salya Mahawira. Pujawati menika Putri ayu saking pertapaan Hargailah,Putri
saking brahmana raksasa ingkang asmanipn Begawan Bagaspati. Pujawati tresna kaliyan pemuda
asmanipun Narasoma,Putra mahkota kerajaan Mandaraka.Narasoma ugi tresna dening pujawati
lan pengin palakrama.Narasoma nyuwun Pujawati gawe nemoni bapane,narasoma kaliyan
bagaspati kapethuk,Narasoma kaget lan kuciwa ndeleng pasuryane bapane pujawati ingkang
mboten padha kaliyan bayangane.Jebul,calon maratuwane yaiku Buta, lan Narasoma sengit
banget.

Rasa tresnane dening Pujawati ingkang gedhe ora isa nutupi rasa sengite dening bapane
Pujawati.rasa isine gadhah maratuwa buta disampekne kaliyan kias dening Begawan Bagaspati
liwat pepindhan. Minangka Brahmana wicaksana,Begawan bagaspati reti apa sing dikarepke
Narasoma,Begawan Bagaspati rela mati gawe seneng putrine.matine bagaspati diijolke kaliyan
sumpah Narasoma supados nresnani Pujawati kanthi tulus ati.

Namung, Begawan bagaspati mboten saget dipateni yen aji candrabirawa deeng medal
saking awakipun.Candrabirawa pindhah ing narasoma amerga utusane bagaspati,saengga
bagaspati saget dipateni kaliyan mantune piyambak.Pangorbanan ingkang dilakoni kaliyan
bagaspati dening putrine diraosaken ugi dening Narasoma ing masa tuwa. Nilai ingkang saget
kita sedaya pethik inggih menika "Ngunduh wohing pakerti" , artosipun kabeh wong bakal
nampa dampak apa sing wis ditindakake.

Saksampunipun paraga wayang wong pungkasan adicara saklajengipun yaitu,Maringi


Buket kaliyan piagam dening Bintang tamu,sutradara lan penata iringan,dhalang,penata tari putra
lan putri. Sak sampunipun menika panutupan adicara dening pranatacara ugi foto sesarengan
panitia,pemain, ugi pranatacara.

Adicara menika meriah sanget,uga mewah. Penataane panggung ugi latar belakange sae
sanget,katambahan lighting (pencahayaan) ingkang trep. Pengrawit ugi profesional.sedaya
panitia ramah ingkang utama dhateng panrima tamu.Ingkang berkesan saking kula inggih menika
swanten wayang wong paraganipun Pujawati,mrinding ugi endah,sae banget.

Anda mungkin juga menyukai