Anda di halaman 1dari 1

ASAL MULANE DESA SUKOLILO

Jeneng desa Sukolilo kecamatan Sukolilo Kabupaten Pati, ana gegayutane karo
legenda Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan. Ceritane nalika kuwi Ki Ageng
Pemanahan lagi goleki kakang seperguruane yaiku Ki Ageng Giring sing manggon
ana ing Dukuh Garengan Wonokusuma. Nanging dina iku Ki Ageng Pemanahan
kurang beja, merga Ki Ageng Pemanahan ora langsung ketemu karo Ki Ageng Giring
ning omahe merga nembe wae macul ning tegalan. Nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan
ditemoni karo Nyai Ageng Giring.

Nyai Ageng Giring gumun merga wis suwe ora pethuk karo Ki Ageng Pemanahan,
dhewekke sok-sok ora percaya, kok kadingaren Ki Ageng Pemanahan dolan nyang
omahe.
Ki Ageng Pemanahan uwis suwe ra ketemu, merga kuwi dhewekke ora bakal bali yen
durung pethuk karo kakang seperguruane.

Ndilalah dina kuwi Nyai Ageng ora duwe opo-opo kanggo sugatan, dhewekke
kelingan yen isih duweni degan siji ning pawone, degan mau banjur dijipuk lan
diwenehna Ki Ageng Pemanahan, merga saking ngelakke Ki Ageng gelem nrima
degan mau banjur diombe.

Let sedela Ki Ageng teka saka tegalan, raine katon abang mbranang merga ngerti yen
degane diombe adhi seperguruane. Dhewekke nesu marang Nyai Ageng. Nyai Ageng
banjur sujud njaluk ngapura merga klalen apa sing wis dipesenke Ki Ageng Giring
yen degan kuwi mau ora oleh diombe sapa-sapa.

Ki Ageng pemanahan golek akal piye bisane amarah Ki Ageng Giring suda merga
perkara degan sing wis kebanjur diombe. Ki Ageng Pemanhan krasa salah banget lan
njaluk ngapura karo Ki Ageng Giring merga wis wani-wani ngombe degan mau.

Sawise amarahe Ki Ageng suda, Ki Ageng Paemanahan pamitan arep bali lan nalika
kuwi dhewekke diterke Ki Ageng Giring nganti tekan Talang Tumenggung merga Ki
Ageng Giring mung bisa ngaterke mnganti tekan kono.

Sedurunge pisah karo kakang seperguruane Ki Ageng Pemanahan njaluk ngapura yen
ana tingkahe sing bisa gawe lara ati Ki Ageng Giring, kabeh lelakon sing wis kebanjur
kedaden magepokan karo degan sing wis diombe banyune, dhewekke ya ora ngerti,
sak sukolilone Ki Ageng Giring dhewekke njaluk ngapura marang Ki Ageng Giring.
Lokasi Talang Tumenggung kuwi dadi saksi pangucape Ki Ageng Giring lan Ki
Ageng Pemanahan saenggo tembung sukolilo pungkasane dadi jeneng kademangan
Sukolilo, lan saya suwe merga anane perkembangan, jeneng Kademangan diganti dadi
Pemerintahan desa sing diwenehi jeneng desa Sukolilo nganti seprene.

Anda mungkin juga menyukai