Anda di halaman 1dari 4

Tata Pangibadah Minggu Biasa VI – 16 Februari 2020

“Mbangun Pulihing Sesambetan”


Gedung Induk Papringan, jam 09.00 WIB

01. Liturgos : Pasamuwan ingkang kinasih ing patunggilanipun Gusti Yesus,


Pradhataning Pasamuwan ngaturaken sugeng enjang dhumateng warganing
pasamuwan tamu punapa dene pasamuwan GKJ Ambarrukma ing pangibadah punika
lan sumangga para warga pasamuwan saged sami jawat-asta dhumateng kiwa-
tengenipun. Sakderengipun pangibadah katindakaken, badhe kula kaaturaken
sawetawis pawartos pasamuwan dinten punika…………….. (pamaosing Pawartos
Pasamuwan).
Menawi wonten ingkang ngersakaken paladosan mirunggan, saged sesambetan
kalayan Pradhata punapa sesambetan dhateng kantor greja.
Sumangga kita memuji Gusti kanthi repening kidung “Pasamuwan Nyawiji”, kairing
dening Karawitan Kalvari Adi, pasamuwan kaaturan jumeneng…
1) Pasamuwan kang nyawiji, netepi sabdaning Gusti
Dadya paseksi sanyata, Yesus yeku Sang Pamarta
Sih-rahmating Allah tumrah, mring gung manungsa sumrambah
Saliring tyang kang pracaya, basuki gesangira.
2) Pindha badan mung sajuga, nging kathah peranganira
Pasamuwan kang manunggal, mbabarken gesang kang enggal
Sami dene mbiyantoni, wit sih sinihan sayekti
Tunggal ati tunggal Gusti, nengsemken mring sesami.
02. Votum lan Salam Karaharjan:
P : Pasamuwan kinasih sumangga pangibadah ing minggu punika kita sengker,
kanthi sesarengan mratelakaken pengaken makaten
Ps : Pitulungan kawula punika pinangkanipun saking Yehuwah ingkang
nitahaken langit lan bumi, ingkang tansah netepi prasetyanipun ngantos
ing salaminipun.
P : Sih Rahmat lan tentrem rahayu saking Gusti Yesus Kristus mugi tansah
rumentaha ing panjenengan sadaya.
Ps : Makaten ugi ing panjenengan.
Sadaya : . . 5 4 | . . 4 5 3 | . 3 4 3 1 7 |
A - min A - min A - min
03. Lektor : ngandharaken Introitus : Pangandharing Toret 30 : 15 - 20 (pasamuwan
lenggah - diiringi organis memainkan instrumen musik lembut)
Lektor : Mekaten sabdanipun Gusti.
Pasamuwan : Puji sokur konjuk Gusti.
04. Liturgos : Pasamuwan kinasih, sumangga kita sami ngluhuraken asmanipun Gusti
kanthi repening kidung “Binuka”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi
(1) Suka gembira ingkang wus pinanggya (2) Kula pasrahken mring Gusti Makwasa
Manah kula satuhu binuka Tansah nyuwun berkah lan pangreksa
Wonten ngarseng Allah ingkang Maha Tresna Amrih gesang kula lestari tumata
Dadya tentrem mring wong kang pracaya. Sembada anggen kula ngawula.

05. P : Sumangga kita sami mulad sarira, niti priksa diri pribadi, kanthi mirengaken
sabda katresnan ingkang sinerat ing 1 Yokanan 4 : 16 - 21.

06. Imam : Pasamuwan kinasih, nglenggana ing karingkihan lan dosa kita, sumangga kita
sami cecawis nelakaken pamratobat, kanthi langkung rumiyin sami ngrepenaken
kidung “Minta Suci”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi

(1) Ingkang najis datan kenging, ndherek dhateng swarga


Gusti tan sudi mirsani, sabarang kang nistha
Nyuwun suci, adhuh Gusti, adhuh Gusti, nyuwun suci.
(2) Ingkang najis tan tinrimah, ngarsane Sang Rama
Dhuh Gusti mugi ngluwari, mbirat dosa kula
Nyuwun suci, adhuh Gusti, adhuh Gusti, nyuwun suci.
Im. : Sumangga kita nelangsani dosa kita kanthi pandonga.

07. P : Pawartos Sih Rahmat : Rum 10 : 9 - 11


08. P : Pangatag-atag Gesang Anyar: Mateus 6 : 12

09. Liturgos : Pasamuwan kinasih, sumangga kita sami jumeneng nanggapi pawartos sih
rahmat lan pangatag-atag gesang anyar, minangka kasanggeman kanthi repening
kidung “Sedya Asih”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi (Pasamuwan kaaturan
jumeneng)

(1) Kinanthi sekar pangidung, kidung katur Hyang Mha Suci,


Dhawuh tresna rong prakara, tresna marang Allah yekti,
Tresna asih mring sesama, sedya asih den antepi.
(2) Kidung ingkang tuhu tulus, sungkem Gusti siang ratri,
Nuhoni dhawuh Sang Rama, datan bimbang jroning ati,
Sedya asih kidungannya, den lestari siang ratri.

10. P : Pandonga Atur Panuwun lan Syafaat (Pasamuwan lenggah)


11. Imam: Pasamuwan ingkang kinasih, ing wekdal pangibadah punika, kita badhe
ngaturaken pisungsung, arupi pisungsung minggu, wulanan, lan pisungsung
mirunggan. Pisungsung mawi Kantong I saha II katujokaken kagem pasamuwan,
lan Kantong III (Kuning) katujokaken kagem panyengkuyung pengadaan rumah
pendeta emeritus. Kempaling pisungsung punika kinanthen tetales sabda ingkang
sinerat Maleakhi 3 : 10.
Imam: Sumangga kempaling pisungsung kairing repening kidung “Asung
Pisungsung”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi

(1) Sumangga sung pisungsung, mring Allah Kang Maagung


Krana gung sih-rahmatNya, ingkang luber tan kendhat.
(2) Misungsung kanthi loma, nggih cihnaning panuwun
De gesang tansah begja, awit Allah kang nuntun.
(3) Bandha arta pethingan, kang katur maring Gusti
Mbludaging kabingahan, awit berkah tan sepi.

Imam: Pandonga Pisungsung (Pasamuwan jumeneng).

12. Sabdeng Allah winedhar : MATEUS 5 : 21 - 37


P : Rahayu saben tiyang ingkang mirengaken sabdaning Pangeran lan nindakaken
ing gesangipun. Haleluya
Ps : . . 7 1 7 5 7 1 . . 7 1 7 5 7 1
Ha-le - lu - ya A-min Ha-le - lu - ya A-min
. . 7 1 3 4 5 4 . . 3 5 4 3 4 3
Ha-le - lu - ya A-min Ha-le - lu - ya A-min
Tema : “Mbangun Pulihing Sesambetan”
Tujuan : Jemaat menyadari bahwa pemulihan kehidupan tidak hanya
tergantung pada pelaksanaan hukum, melainkan pada kesediaan
untuk terus membangun pemulihan relasi.
P : Paladosan Kotbah.

13. P : Wekdal Ening lan Pandonga Panutup

14. Liturgos : Pasamuwan kinasih, sumangga kita pungkasi pangibadah kita kanthi
repening kidung “Kinanthi Gusti”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi,
......pasamuwan kaaturan jumeneng
(1) Gusti Yesus Pangen mami, iba gunging sih Tuwan
Ing sapurug-purug kula, nyuwun panganthi Tuwan.
Kinanthi ing Gusti, kinanthi ing Gusti
Ing satitah kula nrimah, angger kinanthi Gusti.

(2) Kula mboten nyuwun bandha, tan nyuwun kadrajatan


Kang kawula suwun namung, kinanthia ing Tuwan.
Kinanthi ing Gusti, kinanthi ing Gusti
Ing satitah kula nrimah, angger kinanthi Gusti.
15. Liturgos : Pasamuwan kinasih sumangga kita sami sesarengan nelakaken
Pangakening Iman Rasuli
16. P : Ngrentahaken Berkah
17. Liturgos : Kidung Panutup kanthi repening kidung “Purnaning Pangabekti”,
kairing dening Karawitan Kalvari Adi
(1) Pinujia nggih Allah Sang Rama (2) Pangabekti sestu pangibadah
Wah Sang Putra lan Roh Suci Lamun Gusti kang den sembah
Purna pangabekti aneng greja Kraharjaning pepadha den udi
Ngrasuk gesang saben ari Jagad ramya tentrem yekti
Payo nindakna kang trusing ati Payo nindakna kang trusing ati
Sabdaning Gusti sung gesang yekti Sabdaning Gusti sung gesang yekti
Sinartan dening berkahing Gusti Sinartan dening berkahing Gusti
Sung sih rahmat mring sesami. Sung sih rahmat mring sesami.

KETERANGAN DALAM LITURGI/TATA IBADAH:


 Liturgos : petugas dari anggota Majelis Gereja
 Imam : petugas dari anggota Majelis Gereja
 Lektor : petugas dari salah satu Jemaat
 P : Pengkotbah/Pendeta.
 J / Ps. : Jemaat / Pasamuwan.
 Warna Liturgis : Hijau – Stola Hijau Lambang/Logo Bintang Segi Lima.

Anda mungkin juga menyukai