KI HADJAR DEWANTARA
Dina Pendidikan Nasional yaiku dina saka jati dirining bangsa yaiku dina pendidikan biso
nggambarke utawa ruh saka bangsa awake dewe, bangsa sing gedhe yaiku bangsa kang peduli
marang pendidikan, lan pendidikan yaiku modal awal saka perkembangan bangsa.
Ngomongke babagan pendidikan mesti awake dewe tepung dening tokoh Ki Hajar Dewantara,
awit saka kuwi aku arep ngupas sosok Ki Hajar Dewantara lan Dina Pendidikan Nasional Ngapa,
Geneya, lan Kepriye Pendidikan Nasional ing pandangan Ki Hajar Dewantara.
“Tanah air kita meminta korban. Dari di sinilah kita, siap sedia memberi korban yang
sesuci-sucinya, sungguh, korban dengan ragamu sendiri adalah korban yang paling ringan,
memang awan tebal dan hitam menggantung di atas kita. Akan tetapi percayalah di baliknya
masih ada matahari yang bersembunyi, kapan hujan turun dan udara menjadi bersih
karenanya?”
(Ki Hadjar Dewantara).
Sapa sing ora kenal sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar Dewantara, tokoh sing duwe jasa
bangun pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar kang duwe jeneng asli R.M. Suwardi Suryaningrat
yaiku tokoh pendidikan nasional. Kegiatane diwiwiti minangka jurnalis ing pirang-pirang layang
kabar karo EFE Douwes Dekker, ngelola De Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi
Oetomo lan Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan EFE Douwes Dekker
dijuluki ”Tiga Serangkai” Deweke ngedekke Indische Partij, organisasi politik kaping siji ing
Indonesia sing kanthi tegas nuntuk Indonesia mardika. Ing zaman Jepang, peran Ki Hadjar tetep
menonjol. Karo Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki “Empat Serangkai”, mimpin
organisasi Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar dadi Menteri Pengajaran Kapisan.
Ajaran kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing poluler ing kalangan masyarakat yaiku Ing
Ngarso Sun Tulodo, Ing Madyo Mbangun Karso, Tut Wuri Handayani. Sing intine pemimpin
kudu duwe sifat kasebut supaya iso dadi panutan kanggo bawahan utawa anak buahnya.
Ing Ngarso Sun Tulodo artine Ing ngarso kuwe didepan , Sun sekang kata Ingsun sing artine
saya, Tulodo berarti tauladan. Dadi makna Ing Ngarso Sun Tulodo kuwe dadi pemimpin kudu
bisa ngewei suri tauladan nggo anak buahe. Saiki akeh pemimpin sing sikap lan prilakune ora
kena dadi panutan nggo anak buaeh.
Ing Madyo Mbangun Karso, Ing Madyo artine neng tengah tengah. Mbangun berarti
membangkitan atau menggugah lan Karso berarti niat. Maknane, dadi pemimpin neng tengah
kesibukane kudu mampu mbangkitna semangat kerja bawahane.
Tut Wuri Handayani, Tut Wuri artine ngikuti sekang mburi lan handayani artine ngewei
dorongam moral. Maknane, komandan utawi pimpinan kudu bisa ngewei dorongan moral sekang
mburi ben bawahane nduweni semangat kerja.
Kanggo ngenang jasa suwargi, mula Pengetan Dina Pendidikan Nasional 2 Mei ora iso dipisahke
saka sosok Ki Hadjar Dewantara, tokoh kang jasa majuke pendidikan ing Indonesia. Mugo-mugo
awak dewe generasi enom bisa nglanjutke cita-cita beliau, lan iso ngamalke ajaran sing uwis di
babarke dening Ki Hajar Dewantara.
Ki Hadjar Dewantara lair ing Yogyakarta, 2 Mèi 1889 – pati ing Yogyakarta, 26
April 1959 ing yuswa 69 taun; iku pelopor pendhidhikan kanggo
kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.
Lair kanthi jeneng Raden Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké
perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh
pendhidhikan kaya déné para priyayi utawa wong-wong Walanda.
Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur ya iku "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als
ik eens Nederlander was), dipacak ing ariwarta de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker,
taun 1913. Artikel iki ditulis sajeroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké
sumbangan saka Hindia Walanda (Indonésia), sing wektu iku isih durung mardika, kanggo
prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.
Ki Hajar Dewantara séda tangggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa
Mlathi, Sléman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mèi, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan
Nasional ing Indonésia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonésia
lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.
Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan mawarni-warni
serat kabar. Minangka juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun sanget tanggap kaliyan
perkawis-perkawis sosial, terutami perkawis penjajahan Walanda.