Anda di halaman 1dari 11

UKBM 3 BASA JAWA

SMAN 1 TUBAN
SEMESTER 4

BJW-3.6/4.6/4/3-3
BJW-3.6/4.6/4/3-3

NGLELURI AKSARA JAWA

A. Identitas ( )
1. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
2. Semester :4
3. Kompetensi Dasar :

3.6 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks aksara Jawa/carakan


Madhurâ sesuai kaidah
4.6 Membaca cepat teks wacana sastra atau nonsastra beraksara Jawa/carakan
Madhurâ.

4. Materi Pokok : Aksara Jawa (angka dan sengkalan)


5. Alokasi Waktu : 3 pertemuan (6 x 45 menit)
6. Tujuan Pembelajaran :

Melalui tanya jawab, penugasan, dan analisis, anda dapat


menjelaskan pengertian dan jenis-jenis sengkalan, mengubah
angka tahun menjadi sengkalan yang mengandung unsur
estetika, menafsirkan makna sengkalan dalam sebuah teks,
menerapkan penggunaan angka Jawa dalam menyusun sebuah
paragraf beraksara Jawa, dan membaca cepat teks beraksara
Jawa sehingga peserta didik dapat menghayati dan
mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan
sikap jujur, peduli, dan bertanggung jawab.

1| SEMESTER IV
B. Peta Konsep ( )

Tegesipun Sengkalan
Sengkalan

Jinisipun Sengkalan

Aksara Jawa
Caranipun negesi lan
ndamel Sengkalan

Angka

C. Proses Belajar ( )

1.

Printah-printah ing
Mangga Lumampahipun
dipunwaos lan UKBM kedah
pasinaon kedah
dipunngertosi kanthi urut lan dipunlampahi kanthi
UKBM menika runtut saestu.
kanthi jangkep

Menawi sampun rampung, Ginakaken buku


panjenengan saged PUNAKAWAN minangka
nyuwun formatif kanthi buku teks utami lan buku
cara piyambakan utawi sanesipun minangka
sesarengan. panyengkuyung.

2| SEMESTER IV
2.

Saderengipun miwiti pasinaon ing bab aksara angka lan sengkalan, Cobi dipun
emut-emut malih wujudipun aksara Jawi kanthi ngisi titik-titik ing tabel ngandhap
menika.

Lg Ps Lt Lg Ps Lt Lg Ps Lt
...... ...... ......
...... ha ...... sa ...... nya

...... ...... ......


...... ...... ......

...... ..... .....


...... ca ...... ...... ...... ......
.... ... ......
...... ...... ...... ...... ......

...... ...... ......


...... ...... dha ...... tha

...... ...... .....


...... da ...... ...... ......

...... ......
...... ...... ......

*Katrangan: Lg = aksara legena


Ps = pasangan
Lt = huruf latin

Sasanesipun aksara legena, ing aksara Jawi ugi wonten aksara angka. Cobi

wangsulana pitaken menika, menapa ginanipun angka?


..........................................................................................................
.....................................................................................................

3| SEMESTER IV
3.

Pasinaon 1

Aksara Jawi ingkang wujudipun angka cacahipun wonten 10. Wujudipun


wonten ingkang meh memper aksara legena, lan wonten ingkang benten sanget kalih
aksara legena. Langkung cethanipun, cobi waspadakaken wujudipun aksara angka ing
ngandhap menika.

Kados limrahipun nyerat aksara Jawi, nyerat aksara angka ugi wonten
paugeranipun. Supados panjenengan saged mangertos ngenani paugeranipun nyerat
aksara angka, mangga panjenengan waos BTP PUNAKAWAN kelas XI ing
Bab 6 aksara Jawi! Panjenengan waos ing perangan paugeran utawi tata caranipun
nyerat angka Jawa!

Menawi panjenengan sampun rampung maos lan saged mangertos paugeranipun


nyerat aksara angka, cobi panjenengan lampahi printah ing ngandhap menika.
1. Salinen paugeran nyerat aksara angka ingkang panjenengan waos saking buku
Punakawan!
2. Wenehana conto (conto nyerat aksara Jawanipun) ing saben paugeran, kanthi conto
ingkang jumbuh klawan paugeranipun!

Menapa panjenengan sampun saged mangertos lan saged nyerat aksara angka kanthi
leres lan pener???

4| SEMESTER IV
Gladhen 1
Kagem ngukur sesrepan panjenengan, cobi panjenengan ewahi ukara-ukara ing
ngandhap menika dados aksara Jawi ingkang leres lan pener!
1. Perang antarane Pangeran Dipanegara lan Walanda dumadi wiwit taun 1825 nganti
1830 masehi.
2. Bapak tuku pacul 4, arit 6, lan sapu 7 kanggo jagane gugur gunung ngresiki desa
sesuk esuk.
3. Mbakyuku laire dhik taun 1986, dene adhiku laire dhik taun 1997.
4. Mas Zaenal arep nikah karo Mbak Fais suk tanggal 23 April 2019
5. 45 taun kepungkur bapak ndhelikake Lik Misrin saka pangamuke warga.

Pasinaon 2

Salah setunggal ginanipun angka inggih menika kagem nyerat warsa. Sinaosa
adatipun dipunserat ngagem angka, nanging wonten ugi warsa ingkang dipunserat
ngagem tembung-tembung utawi gambar. Panyeratipun warsa ingkang ngginakaken
gambar utawi tembung-tembung menika dipunsebat sengkalan. Supados saged
langkung cetha, mangga panjenengan waos BTP Punakawan kelas XI bab 6,
ngengingi aksara Jawi. Mangga dipunwaos kanthi langkung permati ngengingi
SENGKALAN.

Menapa panjenengan sampun nyinaoni bab sengkalan ing buku Punakawan? Kagem
ngukur sesrepan panjenengan sasampunipun maos, cobi panjenengan wangsuli
pitaken-pitaken ing ngandhap menika!
1. Menapa tegesipun sengkalan?
2. Menapa kemawon jinis-jinisipun sengkalan?
3. Kados pundi tata caranipun negesi salah setuggalipun sengkalan?
4. Andharaken tembung menapa mawon ingkang dados punjeripun watak wilangan 1
ngantos 9 lan 0!

Menapa panjenengan sampun saged mangsuli pitaken ing nginggil?menawi


dereng saged, cobi panjenengan wangsuli anggen panjenengan maos lan
nyinaoni buku Punakawan!
Dene menawi sampun saged mangsuli, lajengaken anggen panjenengan
nyinaoni UKBM.

5| SEMESTER IV
Gladhen 2
Kagem neter kawruh panjenengan ngenani sengkalan, cobi wangsulana kanthi permati
soal-soal ing ngandhap menika!
1. Salinen sengkalan ing ngandhap menika ngagem aksara Jawi, lajeng padosi teges
wilanganipun!

Conto:
Sirna ilang kertane bumi

(1400)

a. mega ing langit tanpa dijunjung


...............................................................................................................................

b. dewa mabur kelangan swiwi


...............................................................................................................................

c. asta pandhita trus manunggal


...............................................................................................................................

d. pandhawa catur nyembah ratu


...............................................................................................................................

e. liman mlebu gapurane sultan


...............................................................................................................................

2. Ewahana angka warsa ing ngandhap menika dados setunggalipun sengkalan,


jumbuh klawan kedadosan ingkang dipuntengeri.
a. 1901 (wonten kedadosan miyosipun Bung Karno)
b. 2014 (wonten kedadosan musibah tsunami ing Aceh)
c. 2017 (wonten kedadosan musibah tanah longsor ing Ponorogo)
d. 1825 (wonten kedadosan dumadosipun perang Dipanegara)
e. 1975 ( wonten perang antawisupun kalih negari)

Pasinaon 3

Sasampunipun panjenengan rampung nyinaoni bab aksara angka lan


sengkalan, tegesipun samenika panjenengan sampun saged mangertos kadospundi
ginanipun kawruh kasebut.

6| SEMESTER IV
Ing ngandhap menika wonten teks aksara Jawi. Mangga panjenengan waos saha
panjenengan salin ngginakaken aksara latin.

Gladhen 3

1. Salinen teks aksara Jawi ing nginggil ngagem aksara latin kanthi jangkep!
2. Menapa teges gramatikal lan teges wilangan saking sengkalan-sengkalan ing teks
kasebut?
3. Menapa teges sumirat ing saben gatra saking geguritan kasebut?

7| SEMESTER IV
D. Panutup ( )

Sasampunipun panjenengan nglampahi sedaya pasinaon, tamtu kemawon


wonten samubarang ingkang saged panjenengan pendhet minangka kaca pangilon
tumrap dhiri pribadi panjenengan. Cobi dipunwangsuli ugi dipunjangkepi ukara ing
ngandhap menika!

Sasampunipun nyinaoni bab aksara angka Jawa lan sengkalan


menika, kula...............................................................................................
.....................................................................................................................
.....................................................................................................................
.....................................................................................................................

Kaca Benggala
No. Kabisan Inggih mboten
1. Kula sampun saged ngandharaken tegesipun sengkalan
2. Kula sampun saged ngandharaken jinis-jinisipun
sengkalan
3. Kula sampun saged ngewahi angka taun dados sengkalan
ingkang ngandhut unsur estetik
4. Kula sampun saged nafsiraken tegesipun sengkalan
wonten salebetipun teks aksara Jawi
5. Kula sampun saged ngetrapaken panganggenipun aksara
angka salebetipun ngronce pada kanthi aksara Jawi
6. Kula sampun saged maos kanthi lancar teks aksara Jawi

Menawi wangsulan panjenengan “mboten” ing salah setunggalipun pitaken ing


nginggil, panjenengan kedah sinau malih materi kasebut ing Buku Teks Pelajaran
(BTP) . Ampun ngantos nglokro kagem mangsuli sinau malih. Upami wangsulan
panjenengan “inggih”, panjenengan saged nglajengaken pasinaon kanthi nyuwun
furmatif dhumateng guru.

8| SEMESTER IV
Mangga mbiji dhiri pribadi!
Ukur dhiri pribadi panjenengan. Sampun nguwasani materi aksara angka lan
sengkalan ing antawisipun 0 – 100, serat ing kothak ingkang sumadya!

Sasampunipun panjenengan nyerat anggen panjenengan nguwasani materi aksara


angka lan sengkalan, menika perangan pungkasan ing UKBM. Nyuwunna tes formatif
dhumateng guru saderengipun nglajengaken nyinaoni UKBM salajengipun.

Kondhiang cahhhh!!

MEMAYU HAYUNE BAWANA LUMANTAR


EDI ENDAHE BUDAYA JAWA
9| SEMESTER IV
DAFTAR PUSTAKA
Santosa, Rahmad., dkk. 2015. Sastri Basa kanggo SMA/SMA/MA/MAK kelas X.
Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Sukendro, Dhita Puspitasari dan Susanti, Triana Wahyu. 2014. Wiyata Basa kanggo
SMA/SMK/MA kelas X. Surabaya: Duta.

10 | SEMESTER IV

Anda mungkin juga menyukai